Sie sind auf Seite 1von 4

AKIBATE SOMBONG Sawijining dina ana bocah sing sombong banget, bocah kuwi jenenge Mita.

Saben dinane dheweke sekolah mung mamerake barang-barange sing larang-larang lan uga belanja barang-barang sing ora penting. Wektu dina Kamis, Mita budhal sekolah gowo barang sing dituku wingi sore, terus dipamerake karo kanca kancane. Nanging beda karo sifate Tini, dheweke meneng, pintar lan ora seneng mamerake barang-barange karo kancakancane. Dheweke urip sederhana karo wong tuane lan adike. Tini neng sekolahan akeh kancane amarga bocahe ora sombong. Dheweke ora niru sifate Mita sing sombong kuwi. Kancane sekelas Mita jarang sing seneng konconan karo Mita. Dina iki Senin, kabeh murid neng halaman sekolah, nanging Mita ora melu upacara, amarga dheweke wedi yen kulite dadi ireng. Ing tengah upacara eneng pengumuman yen Senin ngarep ana ulangan Tengah Semester 1. Mita ora ngerti pengumumane sing diumumke mau. Kepala Sekolahe ngomong yen kudu sinau aja mung isane nurun wae. Sakwise upacara rampung kabeh murid mlebu ing njero kelase dhewe-dhewe. Wektu kuwi pelajarane Bu Wita. Bu Wita takon marang murid-murid, "Yen sopo wae sing urung ngerjakne pr bakal Bu Wita hukum ing tengah halaman sekolah!". Kabeh murid kayake podo ngerjakne kabeh amergane ditakoni Bu Wita jarene wis garap pr. Nanging Mita ora garap pr amarga dheweke ora sinau. Akhire Mita jupuk bukune Rini, lan diganti jenenge dadi Mita. Rini nggoleki buku neng mejane sing lagek wae ditokne saka rase. Dheweke wedi nek diukum, akhire Rini lapor yen bukune ilang neng Bu Wita. "Sopo sing gowo bukune Rini?" pitakone Bu Wita marang bocahbocah. Sakwise kuwi Bu Wita neliti bukune bocah-bocah. Mita wedi banget, amargane wedi nek dihukum neng halaman sekolah. Akhire Bu Wita ngerti yen sing nggowo bukune Rini iku Mita. Mita diseneni karo Bu Wita lan akhire Mita dihukum Bu Wita. Mita dihukum hormat neng bendera merah putih nganti akhir pelajaran sekolah. Yen Mita ora gelem mengko ditokne soko sekolahane. Kiro-kiro jam 10.00 dheweke luwe lan ngelak. Kancane padha mamerke jajane marang Mita. Dheweke pengen banget jajane lan ombene iku. Nanging gak iso tuku amerga sik dihukum Bu Wita. Tini ngesakne Mita sing dihukum nganti mulih sekolah. Dheweke menehi Mita jajan karo ombe sing dituku ono kantin mau kanthi ikhlas. Mita isa kuat tekan mulih sekolah amarga uwis mangan karo ngombe.

Dina sesuke Mita durung insab, dheweke isih seneng mamerake barang-barange. Mita durung kapok sing dek wingi dihukum karo Bu Wita nganti mulih sekolah. Dheweke mamerne barang sing lagi wae dituku wingi sore. "Teng... Teng... Teng... !! " unine bel sekolah tandane mlebu. Kabeh murid-murid padha mlebu ing njero kelase dewe-dewe. Mita durung rampung nek mamerke barange marang kanca-kancane, dheweke kudu mlebu kelas amarga uwis ono tanda bel mlebu. Dina iki pelajarane Bu Nuri. Pelajarane Bu Nuri kali iki tentang Bab 5. Bu Nuri nerangake marang muridmurid. Nanging Mita ora nggatekne pelajarane Bu Nuri. Kabeh murid sak kelas paling wedi kayo pelajarane Bu Nuri, nanging beda karo Mita, wani-wanine dheweke ora nggatekne pelajarane Bu Nuri. "Mita... Coba sebutna opo wae isine Bab 5 sing tak terangne lagi wae?" pitakone Bu Nuri marang Mita. "Mboten ngertos, Bu!" wangsulane Mita. Bu Nuri nesu banget, akhire Mita dikon ngadep Kepala Sekolah. Mita entuk peringatan saka Kepala Sekolahe. Mita gak oleh nindakake maneh perbuatane sing mau. Mita mung meneng wae. Akhire Mita sadar, nek biasane dheweke iku sombong. Tuku barang sing ora ana gunane. Yen kowe dadi wong, ojo seneng sombong, mengko bakal nemu cilaka.

PENGORBANE SANG IBU Ana satengah-tengahing desa, urip randha kang jenenge Bu Mariyam. Kagungan putra lanang siji jenenge Asep. Asep iku anak tunggal, mulane ora mokal yen Asep iku bocah sing manja. Apa sing dadi panjaluke mesthi wae dituruti marang wong tuwane. Saiki Asep wis umur pitulas taun. Dheweke wis ora sekolah. Sawise saka SMP ora nerusake maneh menyang sekolahan sing luwih dhuwur, amarga ora duwe ragad. Bapake wis seda nalika Asep isih umur sepuluh taun lan ibune mung buruh tani. Wiwit ora sekolah, Asep wis mulai nudhuhake tandha-tandha tumindhak sing ora becik. Dheweke wis kenal rokok, ngombe malah saiki wis gelem mbrandhal, mbegal Ian ngrampok. Tumindhak sing kaya mangkono mau wis ndadhekake atine Bu Mariyam kuciwa. Panalangsane Bu Mariyam, "Pak, Pakne aku wis ndadhekake kuciwamu, aku ora bisa ndhidhik anak, Asep saiki dadi bocah brandhal, iki piye Pakne." Kaya mangkono pisambate Bu Mariyam. Sejatine Asep iku bocah apik, amarga lingkungane sing ora sehat alias rusak mula dheweke ketut. Marang ibune tansah nudhuhake tumindhak sing apik, sopan Ian yen matur marang ibune nganggo basa krama sing alus tansah ngajeni. Semono uga ibune, nudhuhake sosok ibu kang tanggung jawab Ian kebak katresnan marang anak sanajan mangerteni tumindhake anake. Bu Mariyam ora waleh saben dina mesthi nuturi Asep, amarga iku kabeh wis tanggung jawabe wong tuwa marang anak. Meh saben dina Asep dituturi, "Le anakku Asep, kowe aja nglakoni tumindhak sing nglanggar aturane agama, kaya ngombe, mbegal Ian sapiturute iku kabeh bakal ana piwalese." Asep sabensaben ibune nuturi mung meneng kayo mesem wae. Nanging Bu Mariyam tetep nuturi kanthi sabar. Bu Mariyam dadi wong tuwa wajib menehi pituturl ndedonga marang gusti kang Maha Welas Ian Asih, supaya anake dibukak atine pinuju dalan kang bener. Asep bakal sadar apa ora iku urusane sing Kuwasa. "Lha... wong anake Nabi wae ana sing mbalela, apa maneh kaya aku wong biasa iki." Guneme Bu Mariyam. Kang bisa mbolak-balik aline manungsa iku ya mung Gusti Kang Maha Agung. Ana sawijining dina ana pejabat istana kerajaan teka menyang omahe Bu Mariyam nakokake si Asep. "Bu. Kula saking kerajaan dipun utus sang Raja kapurih ngrangket si Asep, badhe dipun D pidana amargi sampun ndamel kisruh wonten karang

padesan. Sedaya kalawau atas palapuranipun warga desa." Ndilalah Asep teka, langsung wae si pejabat mau ngrangket Asep lan digawa menyang kerajaan. Dening Raja diwenehi ukuman Pancung. Ana pengumuman menawa Asep arep dipancung sesuk jam sepuluh esuk, mula masyarakat diundhang nyekseni paukuman mau. Asep digawa menyang alun-alun Ian wis siap kabeh. Mengko yen wis ana tandha lonceng, ukuman pancung bisa ditindhakake. Wis tekan titi wancine Asep dipancung, saiki wis jam sepuluh esuk. Algojo siap, tukang lonceng uga siap Ian ora keri masyarakat kabeh wis kumpul. Sing tukang lonceng mulai mbateg taline lonceng, nanging bola-bali ora kena mula lonceng ora muni. Kabeh sing ana gumun ana apa kok lonceng ora bisa muni, malah getih sing ndhlewer ana ngisor. Mula tukang lonceng mau menek munggah ana panggonane lonceng sing ana dhuwur. Kaya apa kagete, weruh wong wadon ngekep lonceng, sahingga kepenet sirahe, getih dhleweran. Tujuane supaya lonceng ora bisa muni. Mangerti kaya mangkono, Asep njerit "lbuuuuuu!", pranyata pawongan mau Bu Mariyam. "ibu, Asep salah sepuranen ibu, aku iku anak sing ora manut marang wong tuwa." Getun banget, sajake Asep. Kabeh wong sing ana alun-alun padha welas Ian kasengsem marang kahanan iku. Bu Mariyam wis seda, Asep lagi sadar lan kebukak atine menawa apa sing ditindhakake iku kabeh salah Ian ndhadhekake kuciwa ibune. "Gedhe banget pangorbananmu ibu, mugs-mugs panjenengan langgeng ana ing camping Gusti Kang Maha Asih. Amin.

Das könnte Ihnen auch gefallen