Als docx, pdf oder txt herunterladen
Als docx, pdf oder txt herunterladen
Sie sind auf Seite 1von 139

Copyright@DFjogja-2009

PARIKAN ALA DF JOGJA


tuku Wedhus, oleh asu
Aku Bagus, Kowe Ayu
Golek Tikus, Entuk aSU
Yen tak Elus, Ojo nesu
Numpak gethek karo mlayu
simbah elek ora payu-payu
Anak tekek mangan gandum
Simbah elek harap maklum
Ono sapi senenge abang
Ojo lali ngambungi kembang
Uler kambang dipangan terwelu
Nek ngambung kembang aku melu
jenang gulo warnane abang
najan rondho sing penting kembang
Abang abang gendero londho
Wetan sithik kuburan mayit
Klambi abang nggo tondo moto
Wedak pupur nggo golek dhuwit
Mlaku mlaku tuku ketan
Ayu ayu kok brengosan
dolan mengetan, dioyak macan
najan brengosan, tapi menawan
jare dhingklik jebule cethok
jare ndhelik jambule kethok
eyang Durno, asli sokolimo
kembang teko, ojo podho lungo
nang tengah alas sangu bakso
ana bakso kok di cucuki paku
Wis jam rolas, wayahe padha ngaso
ayo ngaso mangan bareng karo aku
tindak ngetan bali ngulon
numpak sedhan nganggo blangkon
angkutan umum dadi becax
mbiyen premium saiki pertamax
wong luwe ora kongang ngadeg
Wis suwe ora mangan gudheg
wani mbanting oleh dedeg
ayo mancing golek dheleg
ngadeg jejeg nyungggi klapa
ora kaya ewuhe nyunggi duren
ora bisa ngadeg bukane apa-apa
ning merga lemes saking olehe keluwen
Tuku gabah ning Semarang
Gabah garing sekepelan
Ra Masalah wedhok lanang
Sing penting duwe bolongan
Nyolong waja tekan balongan
olehe ngedol adoh tekan SUMUT
Bolongan aja sembarang bolongan
bolongan kudu sing iso ngemut
Saka balongan nganti tekan sumut
mung saderma golek kuthuk
Bolongan apa tah sing isa ngemut
ya kuwi sing di arani tutuk
jare Durno, bojone jaran

dede kulo, anakke setan


Awan-awan mangan gethuk
bubar mangan kok ngantuk
saben dina sangu rantangan
isine rantang katon methuthuk
Aku pancen bubar mangan
ning ora mangan gethuk
Ono Teklek kejegur kalen...
Tinimbang nggolek mendingan balen...
Pit Abang
Pite mas Mantri
Nek ngesun Kembang
aku ya ngantri
Bude teko nggowo bolu...
Ngakune joko anake telu
mangan jadah, enteke telu
najan simbah, adhi kelasmu
Nang medan ana terminal Amplas
yen udan kebanjiran nggo susuh kodok
lha mosok ora nduwe ide babar blas
apa ide kuwi di monopoli kaum ortodoks
siji loro telu papat
lima enem pitu wolu
biji loro tetep hebat
angger kembang melu ngguyu
Siji loro telu
astane sedheku
mirengake simbah mu
menawa di dangu
mangan bakwan anget-anget
dipangan karo lombok abang
awan-awan kok adus kringet
luwih penak yen di dus i kembang
kembang mlati kembang kenongo
ojo ganti, mengko gelo
dondong opo salak
duku cilik cilik
ngandong opo mbecak
mlaku timik timik
Bekicot nempel katok
Nyocot thok
Ndelok Monas seko Tugu
Ben ra panas jejer aku
Wit Gedang Awoh Pakel
Omong Gampang Nglakoni Angel
wit Pakel kesrempet bis kota
najan angel tetep usaha
Jajah deso milangkori
Gadjahbengko cen ngangeni
Nyangking Ember Kiwo-Tengen
Lungguh Jejer Tombo Kangen
Esuk Nyuling Sore Nyuling, Sulinge Arek Surabaya
Esuk eling Sore eling, sing dieling ra rumangsa
Pithik walik mangan peyek
isih cilik betah melek (hi hi hi... ciblek)
Pithik Walik Saba Kebon
isih cilik seneng kelon

Mlayu-mlayu neng plataran


Snajan ayu ning geleman
tuku sate, lali mbayar
ajar nggawe kanthi sabar
jenang gulali gulane jowo
aja lali basane Jowo
endog bosok aja di untal
aja di buwang nang plataran
Lha mosok iya tak pancal
padhakna aku iki jaran
Malem Jum'at tuku cambah
Urip mlarat ojo susah
Malem Setu mangan rujak
ngguya ngguyu kroso penak
Malem Minggu mung dewekan
.... Mesakno tenan yen iki.... jomblo yo jomblo... ning ojo
banget
Dino Iki, Hari raya
Djogja Kami Istimewa
mangan Pizza campur Roti
Istimewa Harga Mati..
Pak Slamet nandur wit kecipir
bubar nandur tumuli adus
sirah mumet mergo kakehan pikir
dudu amargo mangan wedhus
nabuh kendang ojo waton
tiwas nggadang, kok ra klakon
Nabuh kendang nganti jebol
pengin gedhang, kleru jengkol
Nabuh kendhang ngundang garong
Njupuk gedhag lha kok kleru terong
Mangan gethuk nganggo garpu
yen sampiyan ngantuk yo sumonggo turu...
Iwak lele iwak mas
Iwak'e tibo dirubung laler
Turu yo turu mass
Mung Ojo disambi ngiler
mripat merem disampluk sikil
ngombe asem disambi ngupil
bocah edan golek welud
udan-udan enake di udud
Jaka edan saka ujung kulon
Udan-udan penake ya kelon
jare micek nganggo ngorok
lambe sepet pengin ngrokok
golek sugihan tekan gunung kelud
direwangi ora mangan ora ngombe
bar mangan kok malah udud
kudune bar mangan kuwi ngombe
Lungo Ujung Kulon
Sangune Bolu
Kelon yo kelon
Eling anake wes wolu
Ngudak Wedus
Nabrak watu
Ngaku ngaku Bagus
Mung ra payu payu.....

Ngudhak wedus nginjek tletong


Percuma bagus, yen dompete kosong
Gajah di Blangkoni
Isone ngejah ra iso Ngelakoni
Becik ketitik olo dipolo
Banyu setitik marahi lego
driji tengah driji jempol
paklil gajah bijine ngompol
kapal keruk,taline kenceng....
moto ngantuk,peline ngaceng...
endhog gemak lorek-lorek
kroso penak merem melek
midak telek nganti kesemuten
merem melek merga klilipen
thimik thimik sing mlaku
nggowo lilin cedhak pengilon
sithik sithik kok nesu
jarene pengin awet enom
Kendal kaline wungu
Ajar kenal karo aku
neng semarang tuku gelang opo anting anting
ojo sumelang najan rondho dijamin kempling
Masak ketupat nganggo santen
yen kulo lepat yo nyuwun pangapunten
Gresik suroboyo,
kalah disik ojok ngresulo
Telek bungkus klaras
betah melek waras
suket dientul2 kapas diawul2
kriwul semprul koyo tuyul
lemah teles..
gusti Allah sing mbales
nyangking tales nyunggi klopo
Gusti ra bales seng olo2
mangan awan karo iwak tahu
legowo sok tau
wajik klethik gulo jowo
luwih becik kang prasojo
gulo jowo kembang dupo
legowo pancen ganteng sak donyo
pitik jambul nek oro-oro kijang mati dituku blantik
senadyan kriwul rupane olo nangen atine apik
numpak sedan alon alon
mumpung udan ayo kelon
kepang dieneng eneng
tiwas nengkrang ora keneng keneng
numpak sedan ora kanginan
mumpung udan, sisan sabunan
wedang bubuk gulo jawa
yen kepethuk ati lego
sego liwet lawuo lele
ono dawet kok raono cendole??
Nyunggi kerangang isine gedhang
liwat kroya arep nang singaparna
Sugeng enjang sedaya para kadang
sugeng makarya ngantos paripurna
ubo rampe dienggo sajen

nyambut gawe nyambi online kapan nyambut gawene ?


nganggo blangkon koyo soni josss
rapopo waton ra reti bos
kaligawe menggok nengen
golek sego karo janganan
mbut gawe kudu sing temen
senajan ra ketunggonan juragan]
wader lemu dimasak semur
bener kandamu sedulur
Dina iki nggone pak camat
padha kumpul dodolan tomat
Dina iki dina Jum'at
aku pamit budhal sholat jumat
Awan-awan tuku wedang
hai salam kenal kembang
mbang manggis mbang kenongo
kembang manis ra ono liyo
dahar tiwul ojo di ongso
dasar kriwul anake limo
kembang manggis kembang dondong
kembang manis kenalan dong
laris manis tanjung kimpul
dagangan habis uang kumpul
Udan-udan benak'ake genteng
Senajan anak 5 sih ganteng
dendeng dipangan ulo
ganteng opo ?
Magelang Jogjakarta
Daerah Gombel nang semarang
Susah tenan urip nang Jakarta
dalane macet uripe larang........hiks hiks ...hiks
tuku gulo karo tuku bayem
urip nang Yogjo adem ayem
awan-awan mungga talang
jaman edan angel golejk utangan
Udan-udan mbakar telo
uwong edan golek bolo
Ngombe banyu wadhahi kendi
Jeng kembang dalem'e pundi??
jarit biru nggo tondo moto
duwit sewu nggo tombo gelo
Menyang kutha
lha kok trima mung nitih unta
Sing cetha
daleme kembang mboten di beta
Tuku peti gawene seko kayu sengon
Sajak wes ngerti etok2 tek
Ana cah wadon keli nang slokan
nganti tekan mburi kaputren
Takon ora mbutuhake jawaban
ning mbutuhake kawigaten
Jual obeng beli pisau
jeng kembang dimana dikau
Tuku getuk menyang bandung
esuk-esuk kok wes mendung
Ana menjangan mangan gethuk
Bubar mangan kok krasa ngantuk

Nang blumbang ana iwak teri


Jeng kembang lagi prei
iwak pindang iwak teri
gak ono kembang rasane sepi
Mangan gedhang karo ngadeg
Ora ana kembang isih ana gudheg
dodol gedheg nang samirono
yu gudheg pek-en kono
kembang pacar kembange pak manteb
kuarng ajar padhak-ke ban serep
Lungguh aja jegang
mundhak ngalangi wong mlaku
Ya ora ilok ta kang
Yu Gudheg wis ana sing mengku
Wong mlaku kok sajak kesusu
ora ngerti apa tah wigatine
Walah mbakyu kok malah nesu
Nek nesu marahi ilang ayune
ana maling rame-rame di gawakna penthung
dipenthungi warga nganti mati kaku
Dab, Ru,,,,aku arep nyuwun tulung
apa njenengan kersa nulung aku
Tekan Madiun mung saderma golek sukun
wetenge mules di tambani nganggo entrostop
Matur nuwun sanget kawigatosanipun
Nyata tuhu njenengan menika top marketop
Lik Sugi tuku kasur pramodani
kasure abot rekasa olehe nggawa
Mugi-mugi saged ngusadani
kangen kula kaliyan ringgit purwa
marut klapa arep digawe santen
klapane akeh olehe nggawa kanthi di pikul
Gandheng wekdalipun sampun sonten
Nyuwun pamit rumiyin kula badhe wangsul
Rambut abang digawe jambul
najan dowo, tetep ora nyekli
Ngrungokke Wayang dalange ki Timbul
Lakon kresno Duto, gawe mrebes mili
mangan telo karo paijo
ojo lali di campur santen...
kangen marang kabar yugjo
teng ngriki katah sedenten
Mangan Burjo Panas-panas
kabar kulo bagas waras
Mangan bubur ketan ireng
wayah libur pancen sepen
Gedung agung hawane sumilir
Tuku duku wadahi goni
Ojo bingung ojo kuatir
ono aku sik ngancani
Mas karjo turunan Kumpeni
Kutho Yugjo pancen ngangeni
Lungo ndesa golek lalapan
sugeng warsa enggal dua ribu delapan
Roti Bolu dipangan adik
Rong ewu wolu kudu luwih apik
Roti Bolu dicampur madu

rong ewu wolu kudu luwih maju


mangan bolu enak rasane
rong ewu wolu. nasib jogja kepiye?]
Tali Kenur nggo ngukur watu
ora nduwe gubernur isih nduwe Ratu
Nanggap wayang ora nganggo sindhen
kanggo sawetara di gateni mbak Jujuk
Yen Kanjeng Sultan madeg Presiden
Apa panjenengan sami sarujuk
wengi wengi nggoreng kentang
Sing nggoreng jenenge Wirta
Kapan aku iso nyambangi yu Kembang
Yen kembang neng Jogja akune ning Jakarta
ngidam roti olehe apem
rego seket oleh limo
wayah bengi pancen adem
Pengin anget ngemut mowo
Ono gulo di rubung semut
gulo iku digowo seko lampung
Ono mowo kok di emut
opo ra wedi lambene grumpung
semut limo nempel neng kathok
ngemut mowo, maksudte ngrokok
Lungo pasar karo ponakan
Ponakan nangis njaluk tukoke robot
Sirah mumet mak nyut nyutan
Ngambus Gajah ngrokok klobot
mangan suket, sapine ora gelem mlaku
sirah mumet, kok sing disalahne aku
Gremat gremet lakune macan
Sirah mumet kakehan kencan
tuku emas larang regane
tuku bebek nggo makani boyo
digoleki mrono mrene
jebul kesasar tekan suroboyo
lungguh kursi, kursi peyot
tibo jekangkang boyok rasane koyo cepot
wes gak usah repot
diluk engkas lak di moved karo momot
weruh soto neng prempatan
sing dodol jenenge paijo
kawruh boso kok pindahan
si TS nggolek-i gak yo???
Gak kurang sego gak kurang ketan
piring ijo kok dikurepno.........
Gak kurang rondo gank kurang perawan
sing duwe bojo kok dikurepno... eh dikarepno
tahu tempe sayure lodeh
ayo gawe parikan maneh
mangan gedang karo tahu
jeng kembang i miss you
mangan tahu enak rasane
bocah ayu larang regane
Mangan tahu mangan rambutan
Bocah ayu gawe rebutan
mangan tahu nganggo cabe
bocah ayu angel goleke

thekleg nyandung watu


nek elek ra payu
tuku dele nang pasar sore
ala rupane ning apik atine
Mangan tahu suwe-suwe bosen
seko mburi ayu jebule brengosen
Ono tahu ono tempe
Prawan ayu akeh modale
Mlaku mlaku nang pasar Minggu
Muleh muleh langsung turu....
Nek Yu kembang dereng payu
sumonggo nderek aku
isuk isuk golek panganan
neng warung tuku gedhang
awale do nggawe parikan
suwe-suwe kok rebutan "kembang"
weteng ngeleh kudu mangan
mangan sego mangan jajanan
mula mulane gak ono lawan
kok saiki akeh saingan
wit pari di rubung konang
ana bajing mangani rambutan
ya ngene iki polahe cah lanang
ketok wadon siji nggi gawe rebutan
Jangan kentang campurane godong so
Yu kembang, aku ora melu-melu lho !!
tuku jenang cacahe telu
kanggo mangan mengko sore
dab gadjahbengko ra melu melu
mergo wedi karo bojone
wit jati godonge ijo
godong jati dinggo wungkusan
ora wedi karo bojo
mung jogo kesetiaan
kertas koran bekas arep dibuang
mergo wis diwoco beritane
aq yo ra melu rebutan kembang
mergo wis duwe kembang liane
wis tenanan ajar nembang
tetep bae ora biso nyambung
wis tenanan rebutan kembang
jebule kok kembang kecubung
Rino wengi wayahe turu
Nganggo klambi nek arep metu
Ojo gelem diajak mlaku
sing jenenge gudheg awake mambu
simbah tuo nyoba nembang
nembang pocung dhandhanggulo
ayo coba takon kembang
sejatine kecubung opo liyo
ajar nembang karo ngguyu
tembang pucung opo kinanthi
ayo kembang enggal ngaku
jare kecubung opo melati
dino setu neng pasar ngasem
maen gitar lan tetembangan
mbak yu Kembang mesam-mesem

jenenge tenar dinggo parikan


Iki kembang dudu sembarang kembang
nanging kembange wong sak jogja
saben dina padha ngucap rasani kembang
direwangi nganti lali anggone kerja
Ono kembang pangane gudheg
Klambine abang didelok semrawang
Dirasani meneng wae padahal budheg
Le ngrasani dho nang ngarep lawang
Arang -arang wonge sing nonton
padha ngadeg wanita lan priya
pirang-pirang ndina iki ra nate katon
mbakyu gudheg tindak endi, ya
tuku lumpia isi rebung
kanggo mangan mengko sore
sanajan mung kembang kecubung
tapi apik warnane
kembang mawar, kembang sepatu
kembang kertasan, kembang setaman
kembang telon kembang sembojo
yo kuwi jeneng kembang-kembang (uoopo iki)
mlaku-mlaku kecemplung blumbang
arep muggah ora ana sing nggo gocekan
ket mau kok mung nyritakake kembang
mbok pisan-pisan genti woh-wohan
Mlaku ngadeg timik timik
Mbakyu gudeg lagi di politik
Ngomong lakang koq disambi ngangkang
kringete podho metu ora keroso
Lha wong lanang koq lambene abang
ndhuwure koyo ratu ngisor koq rojo
Jare degan jebule klopo
tak kiro prawan jebule rondo
Neng Semarang lewat Secang
Ora Lali Tuku Lumpia
nyuwun sewu kawulo lancang
nopo saged ganti tema?
Ngakune gajah jebule tengu
Nek ngaku prawan biasane rondo
Mawi ganti tema kulo setuju
Temane menopo sumonggo kerso
tumbar merica kanggo bumbu
yen wis mateng tambahno madu
dasar trapsila tur pancen ayu
diajeng, aku tresno sliramu
motong sayur pake pisau
buat suguhan para tamu
jeng kembang dimana dikau
diriku menunggu dirimu
mangan sego lawuhe nongko
jebul kleru buah rambutan
ora ngiro ora nyongko
jebul aku dinggo rerasan
wit pelem nang halaman
wohe tibo nang gendeng
atine kembang seneng dadi rerasan
tondone ake seng seneng

aq ra kerjo
ing dina sebtu
kembang-e yogjo
akhire metu
Nyunggi rinjing isine peyek kacang
mlaku aras-arasen merga ora niat
Sugeng enjing sedaya para kadang
mugi sedaya tansah sehat wal afiat
tuku gudeg iso pesen
pesene nang wijilan
aq iki cen wis kangen
mulih nang lempuyangan
sandang teles enggal dipepe
mepe klambi neng mburi wismo
pancen apes entuk BRP
gek ra ngerti luputku opo
tuku kweni, neng Karangdowo
ojo wani, karo wong tuwo
iwak ati dibungkus godhong jati
cacah seket digondhol manuk sriti
gemi ngati-ati lan duwe pakarti
mesthi slamet saking Kanjeng Gusti
baladewa godhonge randu
kembang jambe aran mayang
ora selak pancene rindu
saben dino eling kembang
Lunga pasar arep tuku sesotya
olehe nyelengi saka adol woh jambe
Pancen dhasare wong ayu sulistya
kapan wae tansah dadi kembang lambe
isi asem arane klungsu
godhong asem jenenge sinom
saben dino tansah rindu
wajar wae Kembang isih enom
lampu senthir lengane potro
tiwas naksir ra biso nggowo
dikon turu lha kok malah penekan wit jambe
bareng keplorot malah di uyak 4su
kawit mau tansah dadi tembang lambe
kok saiki sajake jeng kembang malah nesu
Ana kebo gaweane ndherum
sing angon padha leyeh-leyeh
ya biasa jenenge nang forum
wadon siji dadi royokan wong akeh
wayah bengi ngombe kopi
kopi lampung pahit rasane
saben dino tansah ngimpi
ngimpi basah susah esuke
Angon wedhus ora ono taline
Nginjen wong adus ketok rambute
Nggolek bathok mlaku ngidul
kathoke mlotrok apane nggandhul
Bengi udan ngombe kopi susu
Awak anget mergo bar madang
Mau kudanan gawe sirah ngelu
Ngguyu wae mergo ngrasani kembang
numpak kapal aran perahu

alon mlakuke ing laut biru


yen to kenal putri sing ayu
tulung dikenalke karo aku
numpak kapal nyang Maluku
prahu karam ganti sekoci
seko adoh katon ayu
bareng cerak jebule banci
Tuku pithik nang Kalasan
Lebare tuku ditinggal mblayang
Sanes yu Kembang dinggo rerasan
Mergo kabeh podho sayang
Aja mangan beling lho Mbah
nek ngenangi untu lara ne tekan sirah
Mbok ya sing eling Mbah
putune wae durung kok moh ngalah
panen pari olehe gabah
ora perlu tuku beras
pancen iku dasare siMbah
wis tuo ning isih nggragas
nggowo lele diwadahi grabah
lele dowo rupane ireng
ngertio le hebate simbah
tambah tuwo tambah mekengkeng
Sayur terong rupane dowo
Terong dikethok diwadahi kuali
Tuwo ora sembarang tuwo
Otote kawat balunge wesi
pisan lungo nang tengah alas
adoh omah turu neng tenda
najan tuwo neng ora tuwas
wong siMbah terbukti perkasa
Mancing iwak nang pinggir kali
Kaline banjir iwake dho ilang
Jarene otot kawat balunge wesi
Jebulane ra mampu le ngandang
mlumpat pager suwek kathoke
kathoke mlorot mung dipeniti
pancen bener paribasane
simbah tuo, tuo keladi
ana tela ana talas
bar dikumbah diwadahi kandi
iki tuwo dudu tuwas
jare siMbah sing ngrejekeni
numpak becak gowo baskom
luwih penak sing rodo enom
gawe santen kok dicemplungke kolah
sugeng sonten, Mbah !!
Rejeki paringane Gusti
Nek diparingi kudu disukuri
Sampun sepuh iku ugo rejeki
Ampun dados sepuh ning tuo keladi
mangan rawis lalapan pete
kurang legi tambahi gulo
Pancen wis dadi adate
malem Suro "ngumbah pusoko
Menyang Galur lewat Dekso
Ora lali tuku semongko

aku ngajak para konco


nguri-uri budoyo jowo
Ranggalawe Adipati Tuban
Amarga pitenah kasoran Yudo
Mulo Pakdhe gawe Parikan
Nyenengke manah sinau Boso
angon sapi neng tegalan
tali pedhot sapine mlayu
pancene bener maca parikan
ati seneng iso ngguyu
timun suri di pangan ula sawa
weruh blacan kok di arani macan
ayo padha nguri-uri budaya jawa
gawa parikan ngrakektake kekancan
manuk manyar neng pantai glagah
mabur mlencok neng nduwor omah
mr. sedenk memang wong gagah
rupo ganteng prilakune ramah.....
otot kawat balung wesi
wesi dipande dadio palu
wong wedok pancen gemesi
dijiwel gelem didemok nesu
Mangan tahu nyeplus lombok
Nggak kuku deh Boookkkk!!
Jambu alas warnane Ijo
sing digagas wis duwe bojo
mangan bubur, bubur kajang ijo
wayahe libur, eh malah mlebu kerjo
ono gulo ono semut
durung rondo ojo di rebut
Menyang pasar golek klopo
Ojo lali tukuo pecel
Ra ngerti ngomongke sopo
Ra perlu rondo penting kecekel
mangan telo nganggo klopo
rondo po ora seng penting ono
numpak kereto jejer masinis
najan rondho isih kinyis kinyis
Sepur, sepure Argo Lawu
Mlakune neng Ngayogyokarto
Ancur, ancure atiku
tiwas tresno jebule rondo
mangan timus kr bakwan
ngombe teh kr teko
bapakne doyan prawan
anake iseh cilik wae wes ra joko
burung platuk notoli kayu
woh pelem dipangan kalong
mr sedenk nggandeng wong ayu
tapi sayange gegere bolong
tuku tahu dicampur Roti
Bojo Ayu tur yo nduwiti
Tangi turu nyawang wong ayu
Rampung adus menyang megawe
Rodo susah duwe bojo ayu
Ra nde duit bojone didol wae
tuku bumbu neng pasar legi

nembung kunir nggo gawe gule


dino setu-minggu forum sepi
yen dino senen biasane rame
Menyang pasar golek bakwan
Sido menyang penake nge-bis
Sajake lagi dho cekak pikiran
Biasane patang baris saiki dho rong baris
Jambu kluthuk dipangan mentah
angger pethuk kudu muntah...:hoeek:
kerupuk terung diwadahi tampah
wis cumawis kanthi rapi
durung durung kok wis muntah
mengko gek wis telung sasi
banyu mili tibo neng kolah
kolah keramik diangkat abot
rung dikumpuli kok wis muntah
jebul bener pacare mbobot
bebek nglangi nututi sabun keli
sing ati-ati, Sandale ojo lali !!
kawat bendrat dinggo naleni
ora berbuat, kok kon nikahi
lara mata sakit netra
durung rondho kok wis sisa
neng Semarang numpak kereto
ojo lali tuku iwak bandeng
kuwi pitondo dudu rudapekso
yen bocahe podo-podo seneng
nonton angguk nang pinggir progo
yen wis mathuk nggih monggo kerso
Saka Beijing tumuju Padang
Sugeng enjing sedaya para kadang
tuku kanji ing tegal boto
meres klopo ninggal ampas
Doa puji kagem Pak Harto,
Mugi enggal kaparingan waras
mangan sate ojo kakehan
mundak sirahe ngelu
saiki wayahe mangan
sopo sing arep melu ?
dereng menang ampun sesumbar
sampun siyang sumonggo dhahar
Jajan pasar dipangan bareng
Tuku iwak jenise bandeng
Mulo sedereke monggo dahar bareng
Sakmeniko wayahipun dahar siang
jaran kore narik kereto kencono
mubeng kutho ngirit para priyayi
aduh koyo ngene sepining donyo
saben bengi ora ono sing ngancani
walang kekek, walange kadung
walang kayu menclok neng pari
snajan tuek, wis kadung wuyung
rupo ayu, nentremke ati
mlaku-mlaku menyang sleman
tuku payung warnane ijo
isuk-isuk kok wes kudanan
marai ngantuk tur males kerjo

seko ngomah wis sarapan


bar sarapan ojo lali ngombe
isuk isuk ra ono gawean
akhire ngepost neng DF wae
sandal jepit dirubung angkrang
barang gejepit regane ralang
wetan Pathuk kulon Ndekso
yen ra pethuk kok yo neleongso
tuku bakpia neng pathuk
parkire kebak nganti kiwo tengen
nek wis suwe ra kepethuk
kuwi njuk marai kangen
isi asem jenenge klungsu
godong randu arane bolodewo
udan-udan ojo kesusu
dalan lunyu mengko ndak tibo
Pethuk simbah tuku gedhang
Isuk-isuk kok wis kudanan
Mugo-mugo dino iki padang
Pasrah wae marang kahanan
Saka Njedhing nyangking dandang
arep dienggo ngadang tela
Sugeng enjing sedaya para kadang
Mugi sami kalis ing sambekala
Esuk udan sore udan
lungo kerjo nggowo payung
ojo dianggep wonge edan
piye maneh yen lagi wuyung
esuk mendung sore yo mendung
malah ra sidolungo dadi kur meneng
nek wong sing lagi nandang wuyung
nglakoni opo wae dadi seneng
Polahe koyo kitiran mubeng
dikon meneng ora gelem
atine wong sing lagi seneng
lungguh dewe mesam-mesem
lambene mingkem, nek netro merem
kakehan mesem, sido nang Pakem.
mangan getuk seko telo
kurang legi tambahi gulo
Ora ngiro ora nyono
Jebul alumni Lali Jiwo
Mlaku mlaku nang jalan Magelang
Ojo lali tuku rambutan.
Mesakke men nasibe yu Kembang.
Nang thread iki dadi rebutan
Menyang dokter ndandani untu
Sopo wae oleh rebutan kembang
Nek ra mampu ra sah melu-melu
Jeng kembang mending tok sawang
Nembang dondong apa salak
Duku cilik-cilik
Kembang pengin di gendhong apa di pundhak
karo mlaku thimik-thimik
dodol jenang tekan Pengasih Kono
Jeng Kembang jane pilih Sopo?
Teka juwana tekan rembang

mung saderma golek theklek


Sida ana perang kembang
yen bojone arep dipek
Lunga angon cempe nganti tekan sampang
bareng mulih kok awake ditempeli salonpas
Nek milih kanggone dhewe, iku gampang
lha kanggo wong liya durung karuan pas
Tuku roti bolu neng Semarang
aku ora melu-melu lho yu Kembang !!
Nggawa bolu kok di kerek
Ora melu namung ndherek
Tiyang rabi ngagem ali-ali
Temantene nyandang melati
Haart njedul nglegake ati
Ning suarane nglarake ati
Mantene wis dandan koyo dewo-dewi
Dewaning Asmoro kang mudun bumi
Yu Kembang lan mas Haart koyo selebriti
dadi guneman neng ngendi-ngendi
sepeda kumbang gawean Londo
tetep pinilih senajan tuwo
pasangan HaarT kembang yen kacondro
Koyo Dewi Ratih lan Bathoro Kolo
adem-adem ngombe kopi
kopi Lampung pahit rasane
ayo kabeh podo memuji
mugo kito enteng jodone
golek omben esuk esuk
wit gek emben ra entuk entuk
Kucing andora anake telu
lucu-lucu warnane ireng semu
Simbah pancen sampun layu
kathahi amal sakdurunge dadi lelayu
Ojo nganti padu karo bos
soale mesti ra iso menang
ditinggal sedino ora nge-post
sing dibahas kur Haart karo jeng Kembang
Lik Suki lunga nggaone pak camat
Karo Taslim ngeterna tomat
Dina iki dina jum'at
sing muslim ayo padha sholat jum'at
sumuk ra kringeten
susu didumuk ora keri gebangeten
numpak andong mubeng kutho
kroso luwe tuku sate
simbah ompong ra duwe wojo
paling lucu ndelok guyune
nggowo banyu ojo nganti wutah
ati sing tentrem kudu sareh
wingi wis Haart Kembang Simbah
saiki ganti sopo maneh?
gardu pandang bukit pathuk
mata abang tandha ngantuk
Bengawan solo kaline banjir
numpak prahu sinambi ngerokok
Lungguh sedelo mergo mung mampir
sing diparani malah isih ngorok

mangan krupuk campur cambah


opo isih ngantuk,Mbah ??
tutup sirah arane kupluk
kambil cilik jenenge bluluk
melek bengi tekan esuk
kurang turu rasane ngantuk
Sesuk dina Kemis
enake mangan apem
isuk2 wis grimis
hawane njuk dadi adem
isuk isuk wayahe kerja
ojo lali karo garapane
ngepost nang reg jogja
iso nyenengke ati kancane
Lendhe-lendhe ngombi kopi
Kopi tubruk gulane legi
Sore-sore bukak kompi..
Ngirim DF ra ditanggapi..
awan awan mangan rujak
Pasar Kuncen tuku sapi
ngepost neng region Jogja
ojo gelo yen ra di tanggapi
Omahe bu Titin katon sepi
arep nyilih loyang dandang sak pinunggalane
Nek pengin di tanggepi
nggawa wayang sak dhalang lan wiyagane
Menek wit gedhang, gedhang rojo
Kareben dinggo mangan suk sore
Mung rep kekancan neng DF Yoja
Pancen abot tenan iki syarate
rasane Rebo jebul Kemis
lekase longgar dino setu
dadi wong tuo kudu lamis
wenehi sesorah anak putu
Angel menek wit klopo
Nek ra ono pancikane
Dalu-Dalu SiMbahe teko
Ayo podho dirungoake
kanan kereng latare jembar
yen ketigo nyegoro lebu
wong tuwo kudune sabar
kanggo momong anak putu
klopo diparut go gawe santen
santen dicemplung nang jangane
wayah nyuwun pangapunten
menawi teksih kathah lepate
numpak jaran tanpa kereta
Jarane lugo mlaku baline
nyenengke tenan regional Jogja
pinter boso akeh ilmune
Lha kok ngawa rinjing tah Mbah
tak sawang isine mung klaras
NGaturaken sugeng enjing Mbah
mugi tansah pinaringan waras
setu minggu dino libur
dino jemuah mulihe gasik
tinimbang kesasar susur

luwih becik sinau dhisik


Papat ro telu dadine pitu
Siji ro loro dadine telu
seneng atiku malem setu
mugo gajiku uwis metu
Esuk esuk penake dede
yen kademen yo kemulan
menowo aku isih suwe
gajiane neng awal bulan
Mangan semongko katutan isi
Untung metu pas neng mburi
Mepet-mepet akhir sasi
Irit-irit nganti tanggal siji
Kewaregen mangan dadi begah
dadi penake njuk gek turu
mesakne temen ki pakde Gadjah
ngenteni awal bulan nganti kuru
nganggo Hem lan celono
katon rapi nganggo dasi
diarep-arep ora teko
jebule wis telat rong sasi
Ngalor ngidul golek rejeki
Njaluk mangan ra tau dike'i
Ngudari sampah entuk sego teri
Sambat kerjo ning koyo kerjo rodi
Biyen indo dijajah karo londho
Wis merdeka kabeh do bungah
Jemuah-jemuah kang gadjah poso
Demi anak bojo nang omah
abang-abang warnane tomat
buah gurun arane kurmo
wong urip gampang sambat
sithik-sithik ora trimo
Menyang kaligawe arep tuku klasa
tukune janjian karo marmaya
Wayahe megawe direwangi rekasa
wayahe gajian mung di gaji semaya
Lungo neng pasar kanggo blonjo
Pasare tutup ora sido
Pancen kuwi resiko kerjo
Gaji disemoyo trus mangane opo
gawe karyo tali gantangan
tali tambang opo tali kawat
podho kerjo sing tenanan
ojo gampang anggone sambat
Awan-awan buka detik
Ra iso moco mergo macet
Angger awan kok mesti rusak
Ning mergo gratis dho rasah sambat
neng kutho wayah esuk
numpak jaran, jarane kore
awan sumuk bengi sumuk
mung rodo bedo jalarane
awan-awan ngobrol neng DF
atine seneng ketemu kanca-kanca
bocah saiki tontonane BF
pengen takon, ono seng anyar ra?

cen sedenk tenan iki


lungo nang brebes
lewat muntilan
yen udan deres
penake kemulan
menyang sidoarjo lewat gempol
kota malang kota buah apel
adem-adem kumpul sinambi ngobrol
tambah seger ngombe nasgitel
jambu kluthuk dirubung laler
jambu alas marahi mumet
esuk esuk kroso sing seger
kopine panas gorengane anget
ngombe wedang, karo pak kliwon
sugeng enjang, sedoyo kemawon
-i'm a new comerwayah
isuk sarapan burjo
mangan sego goreng ngko nek awan
monggo mlebet teng reg Yogjo
ampun kesupen absen lan kenalan
gudeg yojo, lawuh bakwan
males kerjo, malah parikan
prei dowo penake mudik nang yogjo
ojo lali nggowo oleh2 sing kathah
nek sampean kroso males kerjo
ben semangat, diniatke nggo ibadah
klambi brokat, ukurane guuueeedheee
sepakat pakdhee!!!
duwur mejo
ono taplake
reg'e yogjo
pancen gayengke
Gadjahmada patih Mojopahit
duwe janji sumpah palapa
pancen wis bener iki trit
iso nguri-uri budoyo jawa
kathok dowo, dipangan tekek
tanggal tuo, udude entek
mlaku2 bareng lek heru
ketemu prapti digonceng sumadi
rasane suwi tenan ngenteni jam telu
awake ra tenang, wes kepengen bali
opo tumon duitku arep disilih
soale arep tuku peso karo wungkal
aku reti kok mr sedenk pengen mulih
soale bojone arep di brengkal
mlaku mlaku lewat galengan
pethuk cah ayu lali kenalan..
nasib nasib
mangan glali, nganggo rok mini
dasar lali, opo rawani?
mangan telo
karo dab jape
nek wis tuo
akeh laline
mangan glali, nganggo rok mini
dasar lali, opo rawani?

mangan telo
karo dab jape
nek wis tuo
akeh laline
karep ati ngadeg bale griyo
mbangun pondasi nganggo watu
laline kuwi ora mergo wis tuo
nanging seko kerep mangan brutu
angele golek gawean, mubeng koming koyo gasing
sarapane kokean, tekan kantor malah kepising
mangan gudheg nang wijilan
lawuhe ndog karo ayam disuwir
jakarta ket wingi udan
saiki nangdi2 keno banjir
abon daging sapi disuwir-suwir
adang ketan nggo gawe lemper
ojo nyalahke udan lan banjir
ning tata ruang sing ora bener
mas nyoto iseng nyedaki perawan
mas parto kepising cedak kuburan
mangan telo entuk bongkotane
lha kok midak *** kebo
sing salah dudu mung tata kotane
tur menungsone do crobo...
sering dipakani sapine dadi lemu
pas lebaran haji tinggal dibeleh
ojo ndadekke gelo neng atimu
nek postingan nang DF ilang kabeh
ronce kembang
kembang cempoko
opo sing ilang,
opo sing sirno ?
arep lungo nang semarang
penake numpak bis wae
postingan sing wis do ilang
jarene kon ngikhlaske wae
neng kali akeh wong golek ulo
ati2 ojo nganti keno racune
saiki akeh sing podho nggresulo
mergo preinan dowo dibatalne
lungo neng padang
numpake prau layar
jeng keita ro kembang
lagi golek pasangan anyar
simbah tuo nggoleki tekene
dasar lalen soale wong tuo
asyem tenan preine dibatalne
rasido mulih ning nggone morotuo
neng toko bangunan tuku kawat
sekalian karo tuku wesi 12 mili
dadi uwong ojo kakehan sambat
opo anane prayogane disyukuri
tuku kambil lali ra disrumbat
arep dinggo santen mangut lele
ora ateges aku sambat
pemrentah sing mencla-mencle
rakalaaap!!

mangan gedhang
gedhang rojo
sugeng siang
kawulo yogjo
numpak mobil, mobil merci
numpak motor, motor pitung
ono seng ngerti bis arah kediri?
mbok kawulo nyuwun pitulung
mangkat kantor duite keri
terus utang ning lek kasiran
umpono arep ning kediri
luwih penak numpak jaran
*tur dudu jaran kepang
esuk-esuk sarapan bubur
sorry... aku ora ngerti, Lur !!
esuk-esuk golek emping so
di campur srundeng lan ketan
menawi gajah mboten perso
coba taken nain wan wan...
lungo nang palur
melu rombongan
poro sedulur
ayo jum'atan
Wayah bengi weruh lintang
Yen didelok kok mbayang
Cah wedok klambine semrawang
Marai mulyo anggere nyawang
Weruh cah wedhok klambine semrawang
Nggawe mripat dadi jelalatan
Ojo suwe suwe anggonmu nyawang
Nang njabamu ana blumbangan.... ( mekso banget ik... )
dolanan dakon karo ngadep wedang
wedangan legi senengane pak kaum
weruh cah wadon klambine semrawang
sayang wis dilabeli bukan milik umum
numpang nguyuuuyuu
kagem simbah
lungo nang pawon nganggo teklek
nang pawon mergo arep mangan
karo simbah ojo wani ngenyek
mengko ndak diuncali ban
masak sinambi umbah-umbah
goreng tempe dadine gosong
aku ora wedi karo simbah
amergo untune wis ompong
wedang bajigur
jagung bakar
poro sedulur
ayo Kopdar
gagak mangan telor dadar
di urap titik mbek rawon
mboten saget nderek kopdar
kulo titip salam ke mawon....
numpak pesawat
iso mabur
tiap jum'at
mesti lembur

mbah rondo pancen nyeleneh


golek susuk jare nggo tombo
rak popo lembur oleh duit okeh
ben sesuk lebaran beleh kebo
kurang manis tambahi gulo
kroso legi rasane bubur
ojo tamak golek bondo donyo
luwih utomo nambah sedulur
jenang abang gulo jowo
sing takgadang malah lungo
dolanan dakon karo ngedep wedang
terus mangan sotone mbak siti
weruh cah wedok klambine semrawang
wasyem tenan, ono stempele "simbah properti"
wkwkwkwk
ndelok kethek, kleru cucut
udud entek, cangkeme kecut
siji loro, mangan duwet
wahing sero, monitore bruwet
*njijiki
rawo rowo okeh boy0
njer0 weteng ono bayii
konco kabeh sikek y0
aku meh arep bali...........
jenang abang
tuku nang pakem
nasibe bujang
bengi2 kademen
*tenan iki
trasi bakaran
bocah dadi urikan
bar kemis setu
bar nangis ngguyu
manuk podhang manuk kutut
bubar madhang enake udud
blekok panjang kakinya
minta rokok sama apinya
mbak siti lungguh mekokok
karo ngopi enake ngrokok
tuku batik neng pekalongan
mulihe mampir Temanggung
ati susah rodo kelangan
jebule lagi loro wuyung
adoh hiyunh, sikilku loro
loro wuyung, loro bronto
mobil banter nabrak truk tronton
akhire mobil dadi mental
aq menang hadiah tiket nonton
tapi kok malah ra iso budal
semedi topo, ning kali jangkang
nonton opo to kang???
sambel kecap malah gawe regete jaket
nonton layar tancap kok nganggo tiket ??
sory OOT diluk,
wingi bar menang tiket Gala Premire "LOVE"
di Plasa Senayan ...
Awan-awan mangan sega rawon

ngumbene susu ben dadi sampurna


Sugeng siang sedaya mawon
sugeng makarya ngantos paripurna
nggopek janur, kleru godhong sinom
kang iwanoor, rumangsane ijik cah enom
awan-awan golek panganan
penake lawuh nggo tempe karo tahu
nadyan aku angkatan pitungpuluhan
tapi semangat ijik rongewu pitu
madhang=marai padhang
mangan=marai ngantuk
PERMEN = RA MEMPER YO MEN
golek jimat kangge tondo moto
nonton layar neng nduwure kereto
mertamu ning nggone kang parno
disuguh tempe kripik
ojo doseneng ndelok film porno
kui ora becik
nek dolan dewe
aku dadi sedih
gandeng wis sore
njuk pamit mulih
nggowo paket di sunggi tengen
ketok-ketok ananeng pintu
ono siji seng nggarai kangen
ngombe kopi joss station tugu
nyang sawah nggowo palu
aku melu.......
angon sapi neng tegalan
sukete lemu ijo royo-royo
pancen sepi lungguh dewekan
ra ono pacar ra ono bojo
Adang jadah diwadahi tampah
kasinen ditambahi uyah.
bocah ayu pamite kuliah.
muleh2 nggembol bocah
jenenge tesy asline kabul
sajake iki pengalamane mas kriwull...
jenenge tesy asline kabul
tapi dudu pengalamane Mas Timbul
gawe gule tambahi uyah
goblog tenan malah dinei awu
tathun saiki regane murah
sewengi mung satus seket ewu
Tuku beras diwadahi kandi
Susuk satus diwenehi permen
iki dudu pengalaman lho dhi..
mung nyonto nyanyiane pengamen
nguras kolah, nemu cething
pamite sekolah, jebule chatting
cah cilik dolanane gunting
bar chetting kok malah bunting
Nggodok banyu diwadahne kendi
yo ngunu iku kelakuane cah saiki
nang yogyo tuku klambi
trit iki saiki koq malih sepi...?
mangan nganggo piring

tapi ojo karo mlayu


senajan dadi bunting
tapi malah tambah ayu
rasah isin mampir wae ono kene
rasah ngebut banter-banter
senadyan indonesia koyongene
tur sakjane ora kalah pinter
*karo negoro liyo
sego liwet jangane jangan terong
teronge bunder-bunder lan ijo-ijo
ono wanito ayu moblong-moblong
jebul deweke wis kagungan bojo
Mlaku-mlaku nang yogjo
karo ngisep mbako lan cengkeh
Ojo ganggu sing wis kagungan bojo
Sing kinyis2 sik wuakeh..
mangan bubur ojo karo mlayu
bubure diciduk nganggo enthong
seko ngarep ketoke ayu
seko mburi gegere bolong
rak lali moso ku le nyembah
iki tho bocah titipane siMbah...
jalan neng kute' njur medang jae
vote ra vote tak kudang kriwull wae....
*berjuang terus wull sampe gak ono titik darah'e
jambu alas warnane ijo
sing digagas wis duwe bojo
*malah nyampursari
nyampur sari lagune kempot
arep sisri katoke mlorot
omah reyot yo di benerke
kathok mlorot ojo dipamerke
es lumer duwe'e toto
ora pamer mung crito...
-------awan-awan mangan gedang pinggir kali
ngawang-awang simbah mbujang sopo sing di golek'i...
gulo jowo legi rasane
yeng mung crito angel mbayangke
kayu glugu dikiro meranti
aku nunggu krenteking ati...
sing di peneki galahe kayu
sing di krenteki malah mlayu
kewan sing reged arane ****
eh ****ne dilebokke mesin cuci
nek pancen ora do niat rabi
paling2 "anune" arep nggo gantungan kunci
endog pitik digoreng endang
jarene meh dinggo lawuh
eling-eling to kang
koyongunu kui ora mung dinggo nguyuh
kayu mranti bahan omahe
mlayu siji akeh tunggale
kue sisir bekjone nganti turah
ojo naksir bojone pak lurah yo Mbah
kue sisir dudu roti kismis
aku naksir sing isih kinyis kinyis

ono kethek, diobong gosong


duit entek, atm-e kosong
rakalap tenan
ana kethek jenege anoman
duwit entek yo golek silihan..
ra gelem diwenehi
opo kowe emoh
sing gelem nyilihi
wis lungo adoh
esuk-esuk ambune wangi
mbasan sore dadi koyo kluwu
mbah, nyuwun tulung aku diutangi
mengko tak cicil sesasi sewu
ono roti sisir ora ono bakpau'ne
ono ne naksir wani ora karo bapak'ne???
ojo nambah nek ra iso makani ye
opo simbah trimo kreditan panci ye
roti sisir kanggo sarapan
sing naksir akeh lewat YMan
monitore disawang moto
lagi chating lewat YMan
simbah wanine kur lewat foto
jebul ra wani ketemuan
majang poto keren tenanan
mbarang ketemu kok ancur pisanan
jaran kore yap2 ban
seng kece larang tenan
kain cuwilan dinggo kenangan
niat YMan wani dibuktikan...
awan-awan kok kudanan
padahal lagi musim paceklik
niate Simbah arep membuktikan
bulno tekan nggone malah ndelik
simmbok jamu abot nyunggine
tiwas ketemu copot untune
paklik dolanan klungsu karo cepot
ndelik weruh untu copot
menyang kantin goleh jajanan
dino valentin akeh diskonan
jare turu kok ora merem
ketemu aku mesthi kesengsem
jare turu kok malah melek
arep ketemu, rupane malek
arep njahit celono
ojo lali nganggo dom
nadyan Simbah wis tuo
aurane ngalahi sing enom
mbah sijem okeh bandote
kesengsem karo dompete
anak gajah dikiro menjangan
sebelah endi mbah ono diskonan?
yen satrio tahan banting
najan tuwo tahan banting
iwak lele jaran kore
yo dompete yo esemme
awan2 tuku roti
golek diskonan nang matahari

pakde samijan lungo sawah


maksute diskonan kenyo mbah
ngisor wit kresem lho ya
nunggu paklik nutu parine
pantes kesengsem lho ya
eseme ndelik untu kuninganne
jaran kore ilang buntute
manis esemme, lembut budine
tukang parkir nang tuku lotere,
Lurahe mangir manis eseme,
nyunggi lemah awake loro
ati2 simbah anake limo
goreng telor mata sapi
opo goreng telor dadar
bengi iki reg yogjo sepi
mergo kawulone do Kopdar
jamur barat, digoreng sangan
kopi darat, nambah paseduluran
ngati-ati, karo bendho
sopo ngeti, ono sing jodho
arep latihan judo
ben dadi Kamra
nadyan ora jodo
sing penting mesra
tuku serabi, ning kota semarang
nik ono sing rabi, aku diundang
jalan-jalan neng pangandaran
setia nunggu upload kopdaran ki
dino minggu numpak jaran
mubeng kutho mumet sirahe
tiwas nunggu upload kopdaran
jebul ora ono gambare
Nandur kacang bungah atine
kacang ngono manut lanjaran
Sing do sumringah atine
Mergo wingi melu kopdaran
tawes,cetul,wader cakalan
wes kriwull pinter temenan
seko gaplek digawe tiwul
bareng mateng enak rasane
ojo lali karo mas Kriwull
dadi kandidat MoM jarene
seko gaplek digawe tiwul
bareng mateng enak rasane
ojo lali karo mas Kriwull
dadi kandidat MoM jarene
Sega Gaplek saka gunungkidul
Ketambahan salak saka sleman
Kampanye dhewek si Mas Kriwul
Moga tambah banyak dukungan
nek bar tangi
jo lali ngolet
pendak bengi
reg yogjo nyenyet
Sambel colek Pedes rasane
Kepedesen rokok'ane rokok bentul
Matur nuhun dongane...

jo lali vote kriwull


mangan sawi, marai kuru
bengi kuwi, wayahe turu
Dalan Turonggo akeh wit waru
wonten kalen lan tambak biru
Sumonggo meh menawi turu
Boten kesupen doa bapak ibu
uwong elek, njaluk dithuthuk
beni melek, saiki ngantuk
tuku gethuk
nang yogjo
wayah isuk
ayo kerjo
lambene sariawan
rasane loro tenan
saiki wis awan
wayahe rolasan
numpak kendaraan
ban-e nggembos
bar rolasan
njuk ngepost
si ije leh bokong tepos
nggo kain mlayu-mlayu
iki piye leh ku ngepost
DF-e lelet koyo yuyu
neng pasar tuku tempe koro
sabar sawetoro
tuku barang apik ben awet
ning ojo lali mbayar
nadyan DF saiki lelet
DF'ers Yogjo tetep sabar
lingguh isuk nunggu layang kabar
wis diwoco nggo mbuntel janggel
najan pisanan isih iso sabar
tur suwe-suwe terus mangkel
mbuntel janggel ning pinggir kali
keno dadak manuk pipit
rasa mangkel ojo dipendem ning ati
mengko mundak dadi penyakit
awak pegel penake nglekar
karo ngombe jamu tambah joss
mumpung DF lagi lancar
monggo dilanjut leh ngepost
benjut ndase
lanjut pakdhe!!
ono boyo buntute dhowo
lagi ngombe duduh klopo
neng Jogja ono kabar opo
wis suwe aku ra mrono
manuk manyar, diwadahi tas
sing anyar, ono bis patas
*mubeng2 mung mbayar sewu tur bise ono ac-ne
ngonceki salak kenthose loro
penak no
pasar kembang pesanggrahan
jare nembang malah parikan
paling enak jambu mente

luwih enak buahe duku


roso sesak ananing gawe
moto ngantuk kepengen turu
lungo neng bandung tuku gereh
lung neng suroboyo liwat pathi
bingung bar leyeh-leyeh
ora kerjo tekno listrike mati
tuku marning neng tempat budeh
gut morning every badeh....
tuku gethuk ning pasar pathuk
isuk-isuk kok wis ngantuk
isuk ngantuk durung sarapan
weteng krucuk-krucuk wesss gak tahan
gulo jowo kanggo lalapan
tanggal tuwo prei sarapan
numpak jaran balapan karo mobil
durung sarapan ning wis libil
warnane abang lomboke rawit
arep nggo bumbu wis kadung wayu
naliko lintang ambyor ing langit
pertanda aku ngenteni sliramu
duduh klopo diombe pangeran
tuku jadah dipangan jaran
ngguyune sopo sing ra ger-geran
weruh simbah nandang kasmaran
ono manuk jenenge ab4bil
opo iku libil???
mangan sayur wet dino sloso
sing dinteni jebul ra kroso
ana tobil kecemplung segara
ra ngerti libil ngaku wong jogja
maap aku bukan wong jogja mas
jadi gak ngerti opo iku libil mas....
mangan kikil campur sup
libil means pup
joko kendil mangan klopo
nopo libil boso kromo?
marut kambil dinggo njangan
nek "libil" kui boso walikan
numpak bis menyang solo
nek pipis walikane opo?
nuthuk alu, njangan kluwih
wis jam telu, wayahe mulih
mangan lopis ben ra lengip
ora weruh jebul wis surup
nek pipis dadi hihib
nek nguyuh dadi lurup
omah penuwun jati kayune
matur nuwun kagem infone....
adem mergo udan
mangkane njuk jaketan
iki gawe parikan
opo parikan walikan
ngawe kendhang soko boto
sugeng enjang wargo djogja
mangan tahu neng warteg paijo
salam sejahtera kulo nderek posting teng yugjo

woh asem rasane kecut


isi salak jenenge kenthos
mumpung DF durung semaput
dilanjut maneh leh ngeposs
nyang pasar tuku jeruk purut
pancen wajar nek DF semaput
ono semut lagi rapat
DF semaput donya kiamat
nyang sarean siti jenar
DF error kerjaan kelar
tuku kolor ning pasar klithikan
DF error ra ono penyaluran
olehe disilih ning ra oleh dituku
ngelih tenan aku
untu gingsul manis esem'e
arep wangsul deres udane
ketok ayu mergo gingsul
tambah gek apik atine
kulo dereng saged wangsul
amargi dereng wayahe
kembange wis do mekar
disirami ben tambah akeh
mumpung DF wis lancar
ayo do ngepost maneh
iwak banyu opo iwak laut
iwak laut jenenge gereh
mumpung df ora semaput
ayo gawe parikan maneh
kalung manik-manik
kalung dinehke atine rasido gelo
wasyem tenanik
df le tangi mung sedhelo
*bar kui semaput meneh endlap-endlup
menyang sawah nyangking jadah
wayah sore dolan layangan
ati bungah esem sumringah
mengko sore arep bayaran
leren nyambut gawe disambi madhang
tanggal selawe pancen dino sing padhang
cah-e ngekost
nang lor sleman
ndisiki ngepost
neng tret parikan
seko Sleman
langsung nang Turi
Gawe parikan
nggo nglipur ati
neng cakruk nggowo gethuk
cacahe selawe dinggo barengan
moto ngantuk deklak-dekluk
dinggo nyambut gawe ra penak tenan
ngulon ngetan nggowo senthir
dhuwit gajian ya mung mampir
mulih nang Yogjo
arep niliki kahanan
duit mampir mergo bojo
opo mergo utangan ?

ono boyo numpak montor


goro-goro debt kolektor
arep lungo
neng pantirapih
wis jam limo
wayahe mulih
bengi-bengi motone ngantok
turu mlumah wetengi ngelih
konco-konco kok do ra ketok
jam sepuluh wayahe mulih
sego liwet uyah-uyahan
andom slamet perpisahan
Awan bengi mangan sego rawon
Sugeng dalu sedoyo kemawon
nang omah mangan sego bakul...
ngliwet sego nganggo dandang...
eee enek mas kriwul...
kulo dongakke MOM'e menang...
*cendole..
nang kuto nggalek jajane kripik
alen alen lan manggise...
Amin mas kripik..
matur nuhun doangane
blimbing wuluh
ojo dipangan
wis jam sepuluh
lagi iso parikan
tuitt tuittt
kereta api
suitt suittt
iso posting lagi
eman-eman
ojo dipecah
wingi udan
saiki cerah
tuku apem
mung separo
howo adem
kelingan bojo
esuk-sore wayahe kerjo
ben akeh rejekine
parikan neng "DF Yogjo"
tambah nyenengke
ono kethek, njaluk dipecut
udud entek, lambene kecut
dolanan
ojo mandeg
bar mangan
mesti wareg
golek mina
nyemplung nang kedhung
wis kadung tresna
ra wani nembung
sugeng dalu... den.. nderek tepang + parikan
abang abang ora legi
tiwas magang ora dadi
sodo dilincipi

durung sido ning wis ngicipi


nuwun
klambi abang slendange biru
sing digadang malah mlayu..
mlayu mlayu nang bunderan
awak pengen turu ning mripatku jik celelek'an..
ncen pedes sambel plelek
Moto rembes senajan melek...
lombok abang sambel uleg
mripat abang mergo keculek..
Sambel ulek lombok abang
Moto keculek mergo nglirikkembang
di wolak-walik wae
kembang setaman kembang sepatu
ojo kedanan nek ndelok cah ayu
awan udan bengi ugo udan
jiannn, angel men gawe parikan
Manuk manyar jumlahe pitu
Tuku lombok nang kepanjen
Manten anyar nang kamar gak metu-metu
Ndelalah bengok2 kecepit amben
Adang punten diwadahke timbo
Cekap semanten parikan kulo
Mlayu-mlayu nang tengah segoro
Mbok bilih lepat nyuwun ngapuro
segoro lor pating njenggirat
segoro kidul adem ayem
ra sah molor
ayok podo posting nang forum..
glali gulane
paitan jamune
lali rupane
kelingan rasane
wak pitik dhodho menthok
lingguh dingklik ndondomi kathok
kayane kerep krungu parikan iki gek SD
nguri2 karo ngangsu kawruh
ben ilmune tambah akeh
deg-degan nunggu jam sepuluh
mergo DF arep semaput maneh
wayah bengi
nonton indovision
df mota-mati
ayo ngajukke class action
bener dab. aku entuk parikan kui mambengi ning
angkringan
karo iki
pring mentul pucuk
kolojengking ngentup bathuk
dijak lungo mangan karo boss
lungone karo ngguya-ngguyu
mumpung isih iso ngepost
diluk ngkas DF-e arep turu
mangan mangan nang mbak dyah
ngombe es teh tawar rasane
iki DF sido njepat opo ora
aku ra sabar ndeleng hasil'e

iwak cucut
awake teles
DF semaput
awak teng greges
tuku dipan neng semaki
arep tekan kapan DF-e ngeneki
temanggung udan deres
nduwur ngambung ngisor teles
ban-e nggembos, numpak andong
lanjut ngepost doonk ...
Luweh ora sah digagas ...
DF wis sehat tur waras ...
tuku karpet karo keloso
timbang nang kuto trimo nang ndeso
sopo doyan telo
aku yo doyan
sopo sing due duit
kene silihke aku ...
siiip
tuku jahe neng pasar jero
mantun gawe pelipur lara...
Ronggolawe punggawa Majapahit
bali gawe enake wedangan teh pahit
Tuku Sego Lawu Lele
Paling Enak Mangan Pecel Lele
asem kecut gulo legi
mbokne ngentut anake wedi
dadi manten nang bekasi
cekap semanten dan terima kasih..
pitik cilik mlebu omah mabur-mabur
omah gedhe, omah gedhe pinggir tegalan
isih cilk, isih cilik gampang diatur
mbasan gedhe, mbasan gedhe ugal-ugalan
karung tipis bungkuse klopo
bingung arep nulis opo..??
ono sawo dipangan uler
wonge bodho ngakune pinter
ojo nesu
yen dikandani
dino minggu
DF-e sepi
mangan duren
sing akeh
dino senen
rame maneh
mangan duren
di iles-iles
dino senen
awake lemes
weteng mules
kakehan kentaki
awake lemes
kakehan.......kerjo
OOT diluk...
ki goro2 ngomong duren,
awan2 ono sing ngeteri duren akeh bgt,
akhire seruangan mabok duren kabeh

Lanjut parikane ...


jare kembang bar kudanan
njuk saiki nganggo jaketan
wis wayahe rolasan
ayo konco do mangan
turu ijen, isuke kok mati
mangan duren, kene do dibagei
tuku gelas neng pasar johar
ora lali tuku dolanan
jam rolas wayahe ndahar
bar ndahar terus kelonan
lengo wijen nggo nggoreng saren
ambune koyo peceren ning rasane koyo duren
klopo di untal karo gedang
oppooo iku jenenge ndang???
anak kadal jare tobil.
kembang jambu jare karuk
cagak awak jare sikil
piring godhong jare pincuk
nek arep golek konco
neng DF reg Yogjo
saiki wis meh jam limo
wayahe nemoni bojo
tuku gori neng pasar kidul
bengi iki kok ra ono sing njedul??
lungguh nyenuk
nganti awan
weteng kluruk
ayo gek sarapan
nganggo kemben
gek cepet diuculi
aku kangen
karo sing taktresnani
mlebu DF Yogjo
karo lesehan
dino seloso
ayo gawe parikan
neng pasar kok tuku cipir
ojo samar nek ra tak pikir
*manthous banget
kain sutro kelire biru
digawe busono kok malah bolong
ati gelo kelingan pacarku
kadung tresno disamber uwong
dino seloso tuku jamu
sisan mampir tuku gereh
nelongso tenan atimu
rasah khawatir, golek meneh isih okeh
jati tuo digawe panggung
temu lawak dipangan jaran
biyen gelo sakiki bingung
mikir awak dadi rebutan
jaran kencono nganggo gelung
timbang loro ojo bingung
tuku boto kleru watu
loro bronto dudu loro untu
awak kuru

kurang mangan
bar turu
gawe parikan
ngantuk banget turu ra tangi-tangi
ben lek tangi digugah karo di pecut
isih isuk ambune isih wangi
mbasan sore wis dadi kecut
wis sarapan
nganggo tempe
gawe parikan
cen nyenengake
mangan bakso lha kok kurang uyah
nek kurang enak yo dipyuri awu
jaman saiki pancen ora ono sing murah
sego endog esteh we wis nemewu
tuku lemper di bungkus godhong waru
jarum super sebungkus wes wolung ewu hiiikkks.........
wis mangan kripik isih nyekeli bakwan
udud kui ora apik dinggo kesehatan
mangane nganggo soto kaki
kepanasen nganti ilate melet
jare wingi wis diperbaiki
neng DF kok tetep lelet
njaluk sega diplastiki
durung randha ojo digodhani
nek reged dikumbah
enake ngumbahi dewe
ternyata siMbah
selerane sing STW
seko berbah bonceng onto
oooo simbah seneng ro rondo
stang-e disetel kendo
ben gampang ngubengke
dudu seneng mergo rondo
tapi mergo wis pengalamane
pisss Mbah ...
gajah luwe ndang pakanono
simbah sajak tebar pesona
mangan kebab ono iwake
pengalaman bab opo kiye???????
panganane
gedang karo telo
pengalamane
sakdurunge dadi rondo
karepe wae kurang toto
tetep wae kurang ceto
lungo neng warung boto
golek dalan sing alus
nek isih kurang ceto
nganggo kocomoto minus
rokok kretek minak jinggo
kok sepi ngene yoooo???
mangan pepes karo ngilo
kan wes sampeyan enggo
mangan nganti kewaregen
ben mengko ora ngelih
kulo nyuwun pangapunten

ajeng pamit mulih


telo limo borek kabeh
legowo ugo nderek muleh
gulo manis
dinggo es teh
dino Kamis
parikan maneh
kuto sleman, sleman sembodo
kulon progo, iku binangun
ono prawan ayu nggolek bojo
mr.sedenk seng paling wangun
nek ra ayu ojo di untet
prawane ayu jebule buntet
jam papat setengah limo
gerobah mangkat sapine lungo
gulo pasir gulo batu
sing ditaksir malah aku
pancen arum sekar melati
detik forum bukan untuk promosi
lungguh kursi ketiban lemari
ra promosi akeh sing ngantri
ketiban kursi, nganti kejengkang
okeh sing ngantri, tur nagih utang
ono kirik mlaku-mlaku
ojo serik karo aku
ono rondho nganggo gelang
dikancani manuk jalak
kondo sopo nagih utang
tak esemi towo awak
jam papat setengah limo
bos minggat anak buah lungo
kebo adus ono eng rowo
legowo bagus ra ono liyo
kerep adus jare kulite alus
legowo bagus...koyo kenthus
jangan lumbu dicampur koro
kang tantooo ayu ra ono liyooo
Ono woh jenenge cengkir
Nek wes janji ojo dho mangkir
Ndeleh pit nang nggon parkir
Pit'e ilang sing duwe kenthir
numpak dokar mlakune ngulon
wong sabar mesthi kelakon
buto cakil methakil, ngemut penthung
jowal jawil, jebule njaluk ambung
nini pelet
rondo sugih
DF lelet
tinggal mulih
peresan klopo njenenge santen
arep ngopo-ngopo kok aras-arasen
sesuk ojo lali Jumatan
dinggo sangu neng suargo
aku arep pamitan
sesuk prei telung dino
mlaku mlaku nang ratu boko
tumbas banyu klopo ojo lali tambah gulo

sesuk prei telung dino


iso ngaso sing dowo
iwak paus nek tengah segoro
awak bagus rak ono liyo
mbuang sampah neng ngisor waru
awak lungkrah kepingin turu
kabeh manuk due cucuk
ket seko esuk hawane marai ngantuk
mlaku-mlaku karo mangan iwak gereh
wes meh jam telu, wektune sedenk muleh
*parikan paling wagu
jaran kore mlayu mlayu
posting sore nunggu tamu
nganggo teklek kecempulng kalen..
timbang golek mending balen...
senthir lengo potro
sing dipikir ora rumongso
tangi turu, njuk kekemu
awak kuru, mikir sliramu
njajan brongkos nang lempuyangan
najan repost asal parikan
mlaku2 neng nggunung..
saiki aku lagi bingung..,
numpak sedan alon alon
bar kudanan pengin kelon
ora payu bakulan jenang
ketok ayu jebule lanang
kembang jati
dudu kembang koro
nampik siji
teko maneh limo
nek arep kekancan
ojo nggo nggolek bathi
wis suwe ra parikan
dadi kangen ning ati
nek arep kekancan
ojo nggo nggolek bathi
wis suwe ra parikan
dadi kangen ning ati
nek arep kekancan
ojo nggo nggolek bathi
wis suwe ra parikan
dadi kangen ning ati
lha kok postinganku parikan
dadi akeh banget, dobel2 ...
mangan tales, kok isih ngelih
udan deres, raiso mulih
tuku wedus cacahe limo
aku bagus ra ono liyo
awak nggreges rasane mriang
udan deres kangen yu kembang..
*mugo2 ora moco
arep lungo nang brebes
malah menggok semarang
yogjo saiki udan deres
jakarta panas ngenthang2
bubar adus

nuli lungo
bocah bagus
uwis teko
krikil anak watu
buto cakil untune metu
jarene mak nyus
dadi akeh sing podo mangan
nek pancen bagus
mesti wis duwe gandengan
nahan luwe nganti gering
pancen nyata kurang pangan
rame rame melu gathering
mugo mugo entuk gandengan
gandengan piye to mbah..lha df ki isine lanang thok
mangan bubur neng nduwur sangan
bubar gath siMbah nyebar undangan
bocah mbambung golek gandengan
dianya gabung aku sukuran
arep dolanan
karo tanggane
siMbah sukuran
melu ndongakne
ora iso dibaleni nek wis kebacut
opo maneh nek masalahe penting
nadyan DF Yogjo kerep semaput
kudu pantang menyerah ngeposting
sate kirik
ambune tengik
gampang dilirik
angel dimilik
iwak hiu
iwak mas koki
bojo ayu
tansah ngangeni
iwak wader dioyak yuyu
bener kandhamu
duit akeh
ojo sembrono
anak sholeh
nyenengke wong tuo
jarang kepang ala jaran kore
wong lanang menangan dhewe
nganggo kathok benike dhedhel
wong wedok kakean rewel
golek suket ngisor panggung
cilik cagake mung kegeden empyake
sirah mumet ati bingung
naksir adine sing kedanan mbakyune
Ajining diri songko lathi,
ajining rogo songko busono
jambu alas kulite ijo
sing digagas wis due bojo
jambu alas dipangan sriti
najan bekas tur tak tresnani
iki parikan model opo yo ?
sakdurunge mangan
siapke piring lan gelas

urip bebojoan
kudu sabar lan ikhlas
ono tlogo tengahe alas
golek kayu akeh rayape
piye arep sabar lan ikhlas
lha sing ayu malah tanggane
mangan akeh lawuhe
ono tempe lan soto sapi
nek nyawang bojone dewe
iso nyegerke moto lan ati
dino Jumat
nganggo bathik
pengin selamat
tumindako becik
ono gulo ono semut
durung rondo ojo direbut
tangan tengen
opo tangan kiwo
aku kangen
karo kuto yogjo
peksi gede warnane abang
dereng ngertos dikiro parkit
selamat kangge jeng kembang
sampun dados member favorit
kembang setaman
kembang pacen top tenan
*parikan dudu kie?
nduwur mejo
ono amplop
"Kembang"-e Yogjo
pancen nge-top
cagak ting yen ditutuk mak ting...
yen ora mak ting, dudu cagak ting...
cagak gendero berarti...
cagak ting yen ditutuk mak ting...
yen ora mak ting, dudu cagak ting...
cagak gendero berarti...
welah???
iki karepe kepiye??
nyencang pedhet nang pandengan
pdhet mlayu nggoleki sapi
ora kaget ora heran
dino minggu mesthi sepi
tuku sapi neng pasar legi
yen kene sepi ayo tak kancani
jambu alas enak rasane
najan tilas, penek tumpakane
(ngomongke montor seken)
anak cicak buntute dhowo
melu numpak yo kang parto ....
ono wewe ra due isin
oleh wae tur nukokke bensin
batako diuntal wewe
yen ngono, ra sido wae
boto diuntal wewe
kok ra sido ki pie
tengahe alas, akeh uwit jatine

wis barang tilas, akeh panjalukane


njaluk perawan ngisor gunung sindoro
nyeluk perawan sing noleh buto ijo....
tuku benang di doli borjo
opo lintang kui buto ijo??
welah njajal geplak+wingko nduwur bantal
welah asal njeplak mengko tak untal....
*wah kaco tenan ki parikane
mepe bantal, karo numpak pit
ojo diuntal, rasane pait
mulih sik caaahh
jam papat setengah limo
juragan rapat anak buahe lungo
klopo sak janjang, hayo raiso nek di bungkus klaras
sugeng enjang, mugi tansah wilujeng waras
golek pandan
cedhak wit pring
nek wis sarapan
ayo do posting
bolu kukus gulone pasir
nadyan bagus akeh sing naksir
tuku wedus cacahe limo
legowo bagus pancen nyoto
tahu ampas ndadeke lambe ngiler
najan tilas isih 0 kilometer
tuku tahu nang pasar delanggu..
ono cah ayu ngucapno i lope u..
kapal keruk taline kenceng
moto ngantuk gulune cengeng
kapal keruk ono krikile
moto ngantuk pegel sikile
lambe meneng
durung mangan sego
atiku seneng
arep mulih Yogjo
wis oleh sego
gek ndang mangan
melu Gath Yogjo
tambah paseduluran
weh jan, tret iki kok ra ono sik ngisi maneh ?
wiwiti ah ...
nek ditakoni ojo kur meneng
ndak sik nakoni dadi gething
mulih Yogjo atiku seneng
mergo wingi melu gathering
melu gathering nang Boko
saiki kancaku tambah akeh
wingi bar preinan dowo
njuk saiki wis kerjo maneh
mangan ora ono sego
akhire mangan arem-arem
nonton foto gath "Boko"
dadi melu mesam-mesem
mangan tahu isine gulo
gulo jowo wernone ireng
yen kelingan neng candi boko
mas iwanoor teko, dadi gayeng

kaos DF Yogjo wernone ireng


nek nganggo marai nambah PeDe
acara gath dadi tambah gayeng
mergo MC-ne sik nggemeske
gunung kendeng ing tengahe pulo jowo
bukit plawangan ijo royo royo
ati seneng iso ketemu df yogja
meski ra kumanan olehe poto-poto
godong telo
digawe jangan
melu gath Yogjo
akeh kenangan
walang kekek walange wadung
simbah tuek radoyan balung
mangan sego
sego aking
siMbah-e yogjo
doyan-e posting
ono kadhal mangani roti
wis tak budhal ojo digendholi
*wis wayahe sangi dab
ngasah susuk rep dinggo ngarit
wayah isuk uwis gawe trit
ono manuk
mencok pager
hawa isuk
pancen seger
ono tikus ngisor amben
digusah tikuse mlayu
dino iki kok tumben
tret parikan kurang payu
ono banci mlayu- mlayu
kacian deh loe
jalan kapas ono banci
ketoke kok podo sumringah
TS-e parikan nangdi
ayo parikan maneh Mbah
sepur truthuk gerbonge pitu
manthuk-manthuk karo ngguyu
sing sregep nyambut gawe
ben cepet sugih
gandeng saiki wis sore
aku pamit mulih
ono udan
ono petir
yen bhar nguyuh
ojo lali di ghebyurrrr
blekok mangan petis watu
kok parikane es eny wagu
mendung-mendung tandane udan
siapke payung ben ra kudanan
ketmau jane aku yo wes heran
ojo2 kang es eny ra reti parikan
senengane kok mung dolanan
nganti ali ora makaryo
rame rame ayo parikan
nglipur ati, nglestareke boso

Awan2 tuku ghambas Ana prawan Klambin abang


Wedang kopi, gula jawa, Yen Kepethuk atin lega
Buah dada buah kedhondhong, jangan begitu dong
mangan roti ngombene es teler
ngene iki parikan kontemporer
paling penak piknik nang Yogjo
akeh nggon wisata lan panganan
enake nek wis duwe keluargo
arep kerjo wis disiapke sarapan
tuku pot nggo nandur kembang
supoyo urip yo diopeni
paling repot dadi bujang
arep nyuci ora ono sing ngrewangi
tuku pitik nanggone mbok Sabar
ojo lali njaluk sambele
dadi bujang kudu sing sabar
mugo cepet ketemu jodone
ono kewan, lha kok galak tenan
setuju kang iwan, klambine yo wis setlikanan
awak kuru nguntal plintheng
tangi turu kok gulune cengeng
kambil diparut dadi santen
kudu urut ojo mlumpat
sugeng ndalu sedanten
mugio sami sehat
iwak sepat
iwak hiu
saiki dino Jumat
sesuk dino Sebtu
keren perikane
mangan kupat dientup tawon
saiki jumat jumat kliwon
mangan abon campur lalapan
nek dino kliwon lungo neng cebongan
lambe meneng
mergo mangan akeh
atiku seneng
sesuk prei maneh
Nggelar sprei ono ing ratan...
sesuk prei iso jalan-jalan..
panganan
seko telo
arep jalan-jalan
kok tanggal tuo
nggodhog telo digeneni nggo blarak...
walau tanggal tuwo khan iso nyebrak ...
mori bolong nggo gawe kompos...kain jarik nggo gawe rujak
sorry polong multiple post..tadi detik forum rusak
golek banyu
arep umbah-umbah
ojo sorry karo aku
sory karo TS-e siMbah
kulon progo binangun
karo konco mbokyo sing rukun
gunung kidul handayani
bacut ucul angel nggoleki

*malah dadi geng kobro*


dom dicubles, kaen amoh
kok teles, jebul trocoh
wis-wis munggah gendeng ki
pasar Kuncen
ono ing Yogjo
dino Senen
ayo do kerjo
yahene ora udan
jamane wis jaman edan
gulo jowo rasane legi
arep mulyo kudu marsudi
simbah loro watuk
esuk jadah awane gethuk
mangan jeruk campur susu
moto ngantuk ayo turu
sekoteng jahe, nggo wedangan
weteng luwe, wayahe mangan
panganan
jenenge gethuk
bar mangan
mesti ngantuk
mangan coto tekan makassar
adoh jew....njuk kesasar...
OOT diluk...
wah, dadi kangen mangan coto makassar ki ...
opo maneh karo sop Konro-ne ...
pancen penak turu nglekar
opo meneh karo mancing
pancen enak soto makasar
luwih enak sego kucing
sate kambing
neng pakualaman
sego kucing
nang angkringan
wekekeke ... iki parikan po dudu yo ?
pas kabeh je ...
arep njilih kok ora entuk
ayo mulih ayo mantuk
wetenge ngelih
yo dipakani sego
rung iso mulih
ngenteni jam limo
tempe koro, rupane ireng
ayo makaryo, kanthi seneng
biyen ono basiyo
sik seneng dagelan
kembang seneng makaryo
mergo wis gajian
tuku susuk, gandulke geger
wayah esuk, awake seger
*arep bayaran
bal-balan
ojo kerah
bar bayaran
mesti sumringah
dadi uwong anyaran

malah diunekke kethek


tanggal siji bayaran
tanggal limo wis entek
dinei kapur barus ben wangi ambune
lha terus pie bare
tuku obat
obat watuk
melu rapat
mesti ngantuk
jam papat punjul pitu
nek melu rapat ojo turu
jangan kare
opo jangan lodeh
wayah sore
enake ngeteh
saiki jeleh...
nek ndelok tipi
mas iwan nggawe teh
aku nggawe kopi
yooo.. kopi kopi... ting ting ting....dadi eling nek numpak
sepur senja
moto merem
ra weruh opo2
ora gelem
ojo dipekso
godhong gedang jenenge klaras
ayo madhang, marai bergas
mbayar banyu pam kok ra bali-bali
goro-goro turu sak jam dadi ra iso turu sewengi
tuku gethuk
neng pinggir kali
moto ngantuk
ayo ngombe kopi
mangan gethuk, manthuk manthuk
esok esok kok awake sumuk
metheti manuk
karo angon wedhus
awake sumuk
mergo rung adus
ngombeni wedhus, nganggo banyu wantah
aku wes adus, entek banyu sak kolah
jangan lodeh, jangan kare
ya deh, aku manut wae
ngingu munyuk malah do ucul
kembang sumuk mergo bar macul
obat jerawat obat kukul
jebule pancen manjur tenan
macul ora sembarang macul
begitu macul oleh gandengan
awan awan ngombe es degan
penake karo lingih neng dingklik
jebule kembang oleh gandengan
pantesan aku ratau dilirik
nandur pari sawahe loh
wes meh panen pangani pithik
si tantocool omahe adoh
mikir pie anggone nglirik

ono roti mari


neng nduwur mejo
bocah loro kui
ketoke jodo
*saran ahli : aku wis weruh cah loro kui kabeh, koyone cocok
pitik cilik kecemplung kalen
mancal-mancal terus kemampul
mengko bengi ojo do lali
ndelok arsenal lawan liperpul
golek lawe tekan manyaran
mlaku mlaku tekan ngasinan
ojo gawe gosip anyaran
mengko aku dadi kisinan
nggawe bangunan
nganggo semen
tantocool kisinan
kembang no comment
ono wong bodho, ayo do diklekarke
nek pancen jodho, ayo gek disengkakke
nggowo karung isine pasir
nek abot yo podho dipikul
jeng kembang ora angel mikir
tapi yo kisinan podo tantocool
sego kucing campur sego kuning
dilarung ono ing kali bengawan
gawe parikan ora gawe pening
mung dinggo nambah kesibukan
numpak bis tekan purwodadi
diute kurang mbayare patungan
samsoyo suwe samsoyo ndadi
mergo mas iwan pinter parikan
endog semut jenenge kroto
ladinge rampok jenenge glati
aku seneng parikane mas parto
amargo nggawe senenge ati
numpak kebo nyang lapangan
tekan lapangan banjur klekaran
ora isin mergo mas iwan
ananging bingung kakehan pikiran
sesajen nganggo dupo
nyumete dicampur wijen
wong ra berbuat opo opo
lha ngopo nganggo isen
bar minggu dino senin
tapi dino senin ora prei
nek kembang ora isin
ngopo kok tangane nutupi rai
awan awan simbok nggoreng intip
nganti kesel minyakan telon
mas iwan seneng gawe gosip
mergo seneng nonton sinetron
montor tuo diisi bensin
nabrak pager ndodos ndodos
nutupi rai ora mergo isin
tur mergo bocahe due brengos
nang bioskop arep nonton
ra nggowo popcron tapi intip

seneng ora mergo sinetron


tapi seko sinden gosip
(extravaganza)
simbok ngliwet dadi intip
terus dibuang neng njogangan
aku ora mikirke gosip
lagi blajar gawe parikan
cah loro kae pancen kembar
senengane podho nggambar
amargo Kembang seneng belajar
pantesan Jogja dadi kota Pelajar
dino rebo tuku cempe
sesuk dibeleh no dino kemis
brengos ono nduwur lambe
nek nduwur moto jenenge alis
nonton tipi karo ngemil
disambi klekaran gelaran kloso
ojo nesu nek dijawil
mergo rasane ora loro
moro tamu awan awan
suguhane kue putu
sinau parikan karo mas iwan
dijamin dadi parikan bermutu
nek pengin bakso gek ndang tuku
ning ojo mlayu ndak bakso-ne wutah
arep sinau parikan ojo karo aku
tapi karo guru besar-e dab siMbah
nyang cawas tuku kayu
kayu dinggo nggawe gethek
tiwas aku mloya mlayu
jebule baksone bacut entek
ngelak ngombene gulo aren
kelegen ditambah banyune
kang iwan kok malah iren
dadi sopo ki gurune?
gawe layangan karo mas bejo
jebul kleru le nggawe ragangane
amargo simbah rung balik yogjo
kang iwan dadi asistene
neng jakarta numpak sepur
ojo lali nggowo karcise
kethoke simbah wes kondur (tulisane bener ra yo)
tur rung tekan oleh-olehe
bocah gi turu digondhol wewe
arep meguru karo aku wae
nek kowe mangan duren
ojo lali kancane dibagi
kui jenenge dudu iren
tapi awake dewe saling ngajeni
mergo ono uwong ra ngambah lemah
bocah2 podho wedi ndelokne
walopun ra dibayar karo siMbah
tapi aku ikhlas dadi asistene
mas iwan lagi mangan timun
mas parto mangan blimbing wuluh
simbah dipapag neng setasiun
dimesakne mergo wis sepuh

mangan sego ojo lali nganggo lawuh


nek lali jenenge kui pikun
siMbah ki pancen wis sepuh
tapi semangat pitulas taun
gawe gulo dadi glali
le getun ra uwes uwes
wes sore wayahe bali
neng kok malah udan grimis
udan grimis nggowo payung
weteng luwih...aduh biyung
tandur pari kelepan banyu
weteng keri mergo kakehan mangan tahu
mangan tahu neng pinggir kali
weteng keri gawean lali...
lungo solo numpak komidi puter
jare ra iso jebule pinter
(gawe parikan)
simbok dodol kloso
isuk wes menyang pasar
mbiyen cen ra iso
saiki ijeh ajar
tuku gulali
neng sekatenan
minggu iki
sinau parikan
gadho-gadho, dirubung laler
ngakune bodho, jebule pinter
anak kebo
mangan lemper
biyen bodo
saiki pinter
sinten ingkang bade nderek
minggah gunung ereng-ereng
sugeng enjang poro sederek
sampun siram nopo dereng
Weteng luwe apa tambane
sega gudheg nggone Pak Sugeng
Suwe ora mlebu mrene
Redional Jogja sansaya regeng...
gulo klopo gulo jowo
madhang lemper kanggo cemilan
ora nyono ora ngiro
kembang pinter gawe parikan
godong nggo mbuntel lemper
le opek neng dul njaratan
kulo niki mboten pinter
nanging nembe mawon ajaran
golek panganan
tukuo roti
gawe parikan
nentremke ati
mangan tahu karo bakwan
setuju kang iwan
blarak sempal wayah sore
godong garing dinggo bakaran
saben aku sobo mrene
tambah rame le gawe parikan

ngombe kopi
mangan tahu
ojo lali
karo aku
sego kuning sego wuduk
jangan mbayem ndok asin
awan awan kroso sumuk
mergo ra nganggo kipas angin
anak boyo lagi sarasehan
anakan wewe nuju dolanan
ora percoyo yen lagi ajaran
parikane wae pancen top tenan
tuku pithik ono pasar
bali ngomah terus dicolke
kulo niki nembe ajar
nek salah yo dibenerke
lagi mangan ojo karo mlaku
mengko piringe iso numplak
ora ono parikan salah yu
nek nyalahke mengko tak keplak
neng Yogjo tuku omah
dinggo leyeh2 pas pensiunan
kang tantocool pancen gagah
jeng kembang dibelani mati-matian
awan awan arep mangan
wegah mlaku mending titip
aku gumun karo kang iwan
neng endi endi oleh bahan gossip
biting klopo
dadi balunge layangan
witing tresno
jalaran soko parikan
biting klopo
dadi balunge layangan
witing tresno
jalaran soko parikan
ngombe es jeruk wetenge kembung
jeruk purut campuran pecel
kakehan gosip dadi bingung
olehku mangsuli nganti kesel
isuk2 tuku brambang
ojo lali gulo jowone
yen kan iwan naksir jeng kembang
digebugi karo bojone
bengi-bengi tontonane kang tukul
ojo lali karo disambi panganane
mergo wis weruh kembang ro tantocool
dadi aku kur pengin nyambungke wae
tilik konco neng jakarta
tekan jakarta dijak mlaku-mlaku
sakbare nonton ayat2 cinta
bojone mas iwan gelem dimadu
cah pecinta alam seneng munggah gunung
tapi ojo nganti ilang seko rombongan
amargo atine wis kisinan lan bingung
kang tantocool mbelokne omongan
witing uwi

ho-o kui
panganan telo
dadi tenan po yo?
sawah ombo jenenge bulak
wit kecipir tukul ing galengan
pantes kang tantocool selak
sing di taksir malah kang iwan
bar kudanan, klambine digaringke
nek tananan, ayo ndang di kepyakke
ketemu konco lawas jenenge bambang
dadi kelingan gek jaman sma
aku wingi wis ngomong jeng kembang
nek aku ra pengin mendua
mbakar sate
nganggo tusuk
wayah sore
mesti ngantuk
gandem marem suarane,
arep merem rung wayahe
nguleg bawang
nggo bumbu jangan
jeng kembang
pinter parikan
numpak motor nganggo helem
ojo lali disi bensin
lha nek nganti aku dialem
mesti aku dadi isin
ketekan turis soko londo
dijak mlaku tekan palembang
saiki mas iwan rodo bedo
sajake naksir karo jeng kembang
paimin
karo painem
nek isin
mesam-mesem
lungo nang semarang
tuku jamu sak bakul
aku lagi dadi nngrayu kembang
ben sido dadi karo tantocool
sore sore golek kayu
oleh sak kranjang banjur mulih
rasah perlu dirayu rayu
wis dewasa iso milih
sedelok maneh arep mulih
ojo kesusu, ati2 nang dalan
kui ora mergo ra iso milih
tapi mergo isin karo sampeyan
rasah kesusu nek arep milih
isih akeh kesempatan
ngati ati nek arep mulih
ojo nganti keno alangan
sahabat karib
pancen apikan
wis arep maghrib
wayahe pamitan
pitik ireng ngendok siji
nggawe tarangan cedak kali

ditunggoni nganti sewengi


ora ono le ngiseni trit iki
tuku buku bakule kuru
bengi iku wayahe turu
selo rebo kemis jum at
setu minggu senin seloso
ayo konco podo semangat
makaryo mbangun negoro
awak loro pating plenthing
mbangun negoro sinambi posting
nyang gembiroloko nganggo topi
topine jiglok neng kandang boyo
nek posting esuk rodo sepi
mergo membere sih podo makaryo
ora sinting
ora keduman
ora posting
ora bayaran
sego wadang dinggo pakan pitik
pitik wareg njur klekaran
dino iki kok mung sithik
le ngiseni trit parikan
srengenge cemlorot wayah awan
mripat ndeleng marai perih
ooo jebule kok wes awan
mulane weteng wes ngelih
mangap untune garing
mingkemo ben rodo resik
sakdurunge posting
tak mbagi2 cendol sik
le omongan nganti juweh
le diomongi malah bingung
awan awan leyeh-leyeh
kakehan cendol nganti kembung
montor mabur
ono pilote
monggo sadulur
dicek kulkase
arep dandan, kalmbine mambu kapur barus
udan-udan, karepe arep nguyuh terus
lingguh nyenuk
pinggir kali
moto ngantuk
ganjele kopi
mangan tempe
ngombe kopi
wayah sore
mesti sepi
melu rapat
entuk roti
nek dino jumat
mulih rodo bengi
arep plorotan nganggo wit jambe
memperingati pitulasan
rasah mikir mangan mengko sore
soale wes oleh gratisan
nyang sawah numpak jaran

jaran ngelak terus ngombe


tak enteni neng prapatan
mbok menowo dibungkuske
sinau nggawe parikan
karo moho guru siMbah
tantocool ngajak ketemuan
tak dongakne dadi berkah
nek lucu ngguyu
ning ojo kebablasan
dino sebtu minggu
kok ra ono parikan?
wayah bengi joget ndangndutan
ndangndutan ono tengah lapangan
gandeng df rodo ndut-ndutan
mulane raono le ngisi parikan
ngisor amben
ono klosone
dino senen
pancen nyenengke
tumpakane Jaran
ingonane Sapi
Sepi Parikan
Mergo DF mati
awan-awan
neng sor wet gede
arep aprikan
kok ra nde ide
sego kucing
campur santen
kakehan posting
amargo kangen
mangan awan sing akeh
ono sego lan lawuh
reg yogjo rame maneh
mergo siMbah wis rawuh
nyang pasar tuku cempe
kliwat sesasi terus disate
kok kabar oleh olehe
ora nganti tekan kene
biyen cilik angon cempe
wis gede kerja nang kantor
yan takon oleh oplehe
isine mung pakean kotor
sore-sore adol tempe
kudanan munggah mbale
sek penting keslametane
dudu entuk oleh-olehe
tempe digawe soko dele
tempe dibungkus ditaleni
siMbah lagi kesel awake
ayo gek ndang dipijeti
neng lembah
dodolan kathok
mijeti simbah
mung balung thok
nek mung balung
le mijeti lirih-lirih

nek niat arep nulung


rasah nganggo pamrih
tuku kalung
dinggo bojone
siMbah lagi bingung
nentokke calon pendampinge
udan udan mangan tape..
ra lali karo ngombe..
jo bingung simbah nggolek pendampinge..
amargo mesti wes dijatahke
dolan neng Yogjo
nek suwe nginep
nentokke bojo
kudu sing manteb
mesam mesem mergo isin
mergo rung tau dikenalke
kudu manteb lair batin
lan bener budi perketine
nandur kluwih neng ngarepan
weteng ngelih njaluk mangan
nyang kali mangan bakwan
bakwan entek terus ngombe
nek lali takon mas iwan
mergo mas iwan le jogo kene
tuku awu nggo asahan
uwis tau raurusan
kayu diobong dadi awu
dinggo campuran ngresiki kendi
postinganku meh limang ewu
penake ditibakne ono ngendi
telu papat
limo enem
bar sholat
ati tentrem
klamben ono ing latar.....
tumben iwanoor sadar...
awan awan munggah gunung lawu
ketutup mendung pas lagi mlaku
neng postingan limang ewu
ngapurane nek ono salahku
asah-asah nganggo awu
ojo dinggo nek durung atus
nek postingamu wis mangewu
aku diutangi sewu mangatus
pithik cilik rupane klawu
dicolke melbu neng wajan
bareng wes limang ewu
ra wani nambah postingan
nek turu sikile ojo nylothang
nek postingan raiso diutang
nggoreng wedhi neng njero wajan
cedhak karo klopo parutan
dudu ra wani nambah postingan
lagi mikir nggawe parikan
mbah darmo
mancing iwak
meh jam limo

wayahe cepak2
wengi2 padang bulan
ben ra wedi pasang sajen
ngene iki nasibe bujangan
wayah bengi turu ijen
mampir warung tuku mangan
mlaku-mlaku neng malioboro
ojo sedih dadi bujangan
rabi pisanan langsung loro (2)
mangan gethuk ro wedangan
esok-esok ayo sarapan
bocah cilik digondol wewe
ditemokke ning pipo ledeng
wedangan oleh-oleh wae
sing penting ojo banyu gendeng
wit mlinjo
wit klopo
dino seloso
penake ngopo
pasar kuncen
dodolan sapi
kok tumben
parikan sepi
prambanan cerak soko trunu
parikan sepi sing nunggu lagi turu
Nggawa rinjing isine wedang
Nang kutha Bengkalis pada golek tela
Sugeng enjing sedaya para kadang
Mugi tansah raharja kalis ing sambekala
dodolan sapi
sing payu mejo
parikan sepi
mergo jam kerjo
sugeng enjing lelampahan dumateng pendopo
enjing jinjing rinjing badhe tumbas nopo??...
diseseli kapas, irunge lintang
ora arep tumbas, kur arep utang
Ana bajing nedhak mangani gambas
gambase entek sing duwe mangu-mangu
Njinjing rinjing boten badhe tetumbas
nanging namung saderma mbeta sangu
tonggoku jenenge mas joko
senengane mangan iwak gurame
jam sakmene aku teko
jebule trit parikan wis rame
buah apel buah duku
dileboke ono kranjang
pie le arep iso tuku
wong reregan podo larang
ono degan gupak gemuk
reregan larang negarane remuk
neng pasar nggo klambi abang
blonjone blonjo telo
ora mung trimo rego larang
nanging malah ganti rego
hal. 101-110 clear.!!!

elok temenan si kembang jati


isuk isuk gondo arum melati
wong wadon ngendi sing kuat ati
njolak njaluk ra tau dituruti
yen panjenegan sami gerah
ndang tetombo obat obatan
panjen saiki lagi bungah
jeng kembang wis iso parikan
mas bambang gawe layangan
ono ciblek jejer nyanding
jeng kembang pinter parikan
mergo efek global warming
mbuang limbah, marai ngecember
blajar kalih simbah, lan sedoyo member
untel-untelan woh wit asem
dicelupke nang banyu degan
hawane marahi aras arasen
pdhl ijih ngoyak setoran
nunut mangan neng omahe Pak Haji
wayah mulih disangoni tape
le parikan ora mung siji
sak halaman kebak isine
halo budhe, ngaturi sugeng
kareben rame, lan ugo regeng
angon sapi karo nyanyi
wis sore gek dilebokne kandange
nek sepi gek ndang diseni
nek rame ayo gek diteruske
gawe teh arep diombe
ojo lali tambahi gulo
jare DF Yogjo rame
mergo pas jam kerjo
kecemplung kolah
klambine teles
arep kuliah
kok males
Banyu kali mendekke ning segoro
Yen dibendung amber dadi ciloko
Ati iku wis kadung tresno
Yen ora dek'e luwih becik ra sido
neng pasar dodol panganan
cedakke wong dodol jagung
awakku kok kesel tenan
mergo kerjo angkat junjung
tuku sedan warnane abang
asli dibuat neng Itali
eman eman teman jeng kembang
mudun pangkat dadi kuli
mangan gethuk dicampur klopo
arerp watuk tambane opo??
wis mangan
nganggo tempe
urip kekancan
pancen nyenengke
mangan tahu neng nggone Lik Sabar
dicampur sambel enak rasane
ket mau nunggu warto kopdar

lha kok durung ono kabare


bibir dikulum
manis senyumnya
assalamu'alaikum
warga jogjaaa ...
kungkum di waktu malam
dingin rasanyaaaaaa
wa'alaikumussalam
kang iwanoor semuaaa
mambu bangke
neng lor njaratan
mendah nyenengke
esok-esok salam salaman
ono prawan lagi nembang
nembange lagu tembang kenangan
salam salaman karo jeng kembang
bar salaman terus kenalan
wit ditegor, nggo gawe peti
DF eror, forume sepi
simbah buyut
lagi watuk
DF semaput
marai ngantuk
dadi wong ojo dumeh
mengko mundak ora diuwongke
yen DF eror maneh
garapan iso dirampungke
anak bojo
kui amanah
DF Reg Yogjo
momode siMbah
kang iwan ingak inguk
lagi dolanan delikan
lagi thenguk thenguk
ono le nggowo panganan
durung pener klambi dowo
pancen bener pancen ho-o
lembur akeh gawean
tekan omah njuk turu gasik
sakdurunge mangan
ojo lali mangap disik
melu kopdar neng kafe cendelo
jebule suguhane bakwan
nek mangap ra iso ombo
mergo lambene sariawan
wit klopo
wit blimbing
jare kerjo
malah posting
ibuku lagi nggawe lemper
adiku dolanan lempung
ndilalah pas df wis bener
garapan yo wis rampung
awak cilik
koyo biting
kerjo sithik
akeh posting

Gawe santen nggo mbumboni bubur kacang


dipangan kanggo ngancani mangan tela
Sugeng sonten sedaya para rencang
mugi tansah rahayu nir ing sambekala
timik timik sing mlaku
nggowo lilin cedhak pengilon
sithik sithik kok nesu
jarene pengin awet enom
awak lungkrah mangan ager-ager
jogjane cerah, awake seger buger
awak sehat
ketok sumringah
dino jumat
kanggo ngibadah
joko, lagi mangan uwi
ho-o, pancen bener kui
awak kuat
manggul blanjan
dino jum'at
mangan gratisan
Ana *** mangan gabah
sing nesu sapa , mbah..???
nganggo klambi
karo kathok kolor
df saiki sepi
mergo kerep error
lombok ijo, kok disirami
golek bojo, sing apik ati
klapa degan warnane ijo
klapa tuwa warnane kuning
yen pengin tenan golek bojo
mantep lan tresna iku penting
Bandung kota paris van java
Tempat orang bersenang senang
Suwe ra ketemu karo jeng ilova
rasane koyo ono sing ilang
ndog bebek, endog pithik
koq wis mundak kabeh yo regane
Klapa degan wernane ijo
klapa tuwa nggo kanca gethuk
Yahmene kok isih golek bojo
Apa siMbah durung entuk...???
Ndhok bebek ndhok pitik
diuntal kanggo tambahan jamu
Golek bojo kok nang kandhang pitik
nganti bongko ya ora bakal nemu...
ning pasar tuku klambi
tekan ngomah ambegane sesek
yen kowe pengen rabi
ojo nunggu nganti di grebeg
nganggo gombale mukiyo
lha kok malah melu kumat
kudu cepet cepet yo
mundak selak kiamat
klambi ijo
ilang benikke
pengin mbojo

rung ngreti carane


noto boto ...
kuwalik iso mlumah
rung di coba to ...
ojo mutung mbah ..
Emping asale saka mlinjo
arep dipangan dicelupna bubur kacang ijo
Nek njenengan pengin mbojo
mreneo tak daupake karo anake buto ijo
tumis acar, enake nggo sarapan
golek pacar, ojo mung nggo dolanan
yen arep sarapan, sego kucing wae
yen arep dolanan, tonggone wae
sego kucing enggo sarapan
dari pada dolanan, mending di garap sisan(rabi maksud te)
numpak biskota
ojo pangkon
Kopdar jogJAKARTA
wis kelakon
tekan pasar
tuku gorengan
melu Kopdar
tambah paseduluran
lengo wojen kecampuran teh
dino senin hadir neh
ngetan bali ngulon
numpak sedan nganggo blangkon
ngulon bali ngetan
numpak blangkon nganggo sedan
mangan awan nganggo gethuk
nek wes awan kok terus ngantuk
nganggo gethuk mangan awan
terus ngatuk nek wis awan
ojo gumede, mundak kewirangan
nek ra duwe ide, rasah parikan
awake gedhi;nyekeli sulak
aku wedi, jeng kembang galak
Awan-awan hawane panas kok mangan gethuk
Gethuk kuwi cocoge dipangan kanggo sarapan
Bara mangan lenger-lenger kok malah ngantuk
tinimbang lenger-lenger dak coba gawe parikan...
mangan lanting
karo gojekan
ket mau arep posting
kok terhalang gawean
sore ngungokne dangdutan
disambi karo klekaran
nek DF ndut ndutan
le posting ra karuan
wetan prambanan kulon godean
tengahe nang Monjali
ket mo awan ora parikan
mergo wedi DFe mati
seko pathuk langsung nang ndekso
yen wis mathuk enggal ditompo
Bocah gemblung mlayu ra kathokan
marai gilo wong sak ndeso

aku bingung gawe parikan


mergo sedino utekke lagi sepo
Plesetan, mbebaske pikir
Bar udan, Jakarta Banjir
Senenge, entuk rondo
Rendhenge, kok isih dhowo
mangan telo, neng ngarep luweng
rendheng ketigo, tetep ae seneng
nyimpen rendeng ning ngisor kloso..
urip ojo kokean duso...
arep rendeng,arep ketigo..
kuwi wes diatur karo sing kuoso..
watu karang, rabakalan iso nek kon nggo pancik-an wewe
lengone larang. bali mangan telo uwi mbili becicing wae
mangan jambu, sakkulite
yen ra payu, merdukun wae
jam papat
mangan tahu tek
awake sehat
ning duite ntek
Plawangan, ketutup pedhut
Ra parikan, kok malah udud
udud metu ngirung
nek didudut nggupaki sarung
wit jambu nggo omah rang-rang
tuku ketan nggo gawe rengginang
daripada udud mendingan nginang
untu kuat tur ora goyang..
ono kranjang bolong-bolong
tutul-tutul manuke gemak
numpak becak odong-odong
nek digoyang luwih penak
sate sunduk, soko ndok gemak
kali angke kotor banyune
nek di goyang pancen luwih penak
ayo digayang gek diidak-idak
kembang goyang, luwih enak
lungguh leyeh-leyeh pancen penak
masak iwak banyu koyo belanak
kembang goyang pancen luwih enak
ati seneng dadine luweh sumanak
togog karo mbilunk
tanggane pandowo limo
aku kok dadi bingung
kembang bar nggoyang sopo ?
simbah timpuh, mangan ampyang
mung kur lungguh, kursi goyang
nduwe semangat kerjo
kui sing paling apik
DF regional Yogjo
klebonan keluargane Kripik
pancen kripik rodo miring
bingung le arep golek ukoro
undlap undlup gantian le posting
marai regeng DF regional yogjo
wet jambe, disruduk sapi
wes sore, Df e sepi

sri widodo nganggo kopyah


padahal mung arep tuku uyah
df sepi di tinggal bali ngomah
amargo podo manthok ngobati sayah
blusuk blusuk nemu kluwih
isuk-isuk weteng ngelih
akeh sik podo makaryo
seko isuk nganti awan
keluargane Kripik wis lungo
DF reg yogjo dadi kelangan
sing pek jambe jenenge wiji
mangan iwak ning ngisor wit klengkeng
ra popo keluarga kripik lungo siji-siji
sing penting kripik jek ono aku wes seneng..
sing pek jambe jenenge wiji
mangan iwak ning ngisor wit klengkeng
ra popo keluarga kripik lungo siji-siji
sing penting kripik jek ono aku wes seneng..
jamu gendong le dodol lemu
le nukoni isih bocah cilik-cilik
bareng aku moco parikanmu
jebule sliramu tresno karo kripik
sego pelangan
dithotholi pithik
rumongso kelangan
opo iki demenane kripik??
golek sandang pangan
kanggo urip bebrayan
iki gosip anyaran
opo kedadean tenanan
potong gondrong pancen apik
ben wangi diobongi dupo
umpomo beruang karo kripik
njuk kripik rep dadi opo???
jo apel bengi-bengi mundak di grebek hansip
kokean mangan ndok marake cono
le parikan la yo karo nggosip
nek kripik karo aku bojone piye no???
hansip lan preman
akeh kancane
nggossip lan parikan
saiki ra ono bedane
antri lengo potro ning ke'entekan
sobo kebon nggo golek omah tawon
nek nggosip entuk ning trit parikan
aku yo mung hatur tapak asmo mawon
ngerti simbok pasang jaritan
arep tindak menyang godean
beruang nggosip liwat parikan
mergo wis ra kuat nahan godaan
ombak pecah nabrak karang
bali meneh nang tengah lautan
awak lungkrak ket mau siang
ketemu cewek seneng penekan
page 111-120 done
mangan awan nunggu gratisan
mung kur lawuh jantung pisang

cewek kok seneng penekan


ojo ojo jenenge siamang
Omah wewe ngisor wit gedhang
Omah pitik ngisor wit klopo
Piye kabare Jeng Kembang?
Kok mboten tilik trit boso kromo
arep mangan ra ono lawuh
onone meng kur upo sego
kulo nembe ngangsu kawruh
olah kanuragan toto kromo
sekar maskumambang
nggawe tentrem ati
ra ono jeng kembang
trit boso jowo sepi
biawak munggah mangan kenikir
awakku lungkrah kokean mikir.......
lungo mrono
mbalik mrene
aku tresno
karo kowe
senthir lengo patra
sing dipikir ora rumangsa
senthir lengo bimoli
sing dipikir malah lali
kang parto ngingu blanak
lungo warung,nggo nambani weteng ngelih
tangi isok pancen penak
awak seger tur pikiran jernih
beruangkutub imut mangani beling
koyo jathilan kurang sajene
awak sehat pikirane bening
tansah sabar, jembar segarane
siMbah ngantri golek lengo
sing di pikir lagi lungo....
mangan ronde isi kupat
mantun sek mumpung sehat
sego sak ler di rubung parto
yen madyang mbok sing toto tho kang parto....
ngombe banyu sak galon tang
kerjo golek rojo brono
nek omong ra waton tang
wis sue aku ra mangan menungso
langit cerah,tak selake mlaku sore-sore..
tiwas munpak pit,eh ban'e kecoblos paku..
loh kang parto sajake wes online je..
pantes iso mbalesi parikanku..
arep tuku klambi, malah nabrak pager
ono jeng febby, awakku dadi seger
dadi kelingan jaman cilkianku
ra nganggo katok eee..kok mlayu-mlayu
saja'e kang parto lagi ngerayu...
ojo ngono kang,aku kan jadi malu
lingguh jejer karo kang pariman
nunggoni sing liwat bakule jamu
nek bar ngrayu liwat parikan
ayo gek ndang podo ketemu
nyudet paku neng mangkuk soto

kaget aku jebul parto buyute sumanto


ayo noto boto, kareben temoto
udu turunan sumanto, neng turunan buto
isuk-isuk nyegat bakul jamu
pek jambe disambi pek pete
insya alloh iso ketemu
nek ono gath selanjute
coklat isine kacang mete
tambah mesra sik mangan wong loro
kayane durung ono gath selanjute
mergo rapat LPJ wae rung sido2
godhong kluwih, nggo lenggahan
weteng ngelih, apike mangan
milih ceban, opo sewu
bar mangan, penake turu
mangan tahu liyer liyer
nek turu ojo ngiler
wayah awan ngombor jaran
konco smp jenenge peni
koyok ngene rasane ning paran
awak lungkrah ra ono sing ngopeni
bakpia pathuk kakean susu
awak ngantuk kepingin turu
Pring Reketek... Gunung Gamping Ambrolll...
Utek Lagi BUnek... Butuh Konco Ngobrolllll
rojo brono jare nggawe wong mulyo..
esok sore ngewangi simbah nderes..
dino iki kok panas banget yo..
ojo-ojo engko bengi udan deres..
menek wit nanas pethakilan
nek ngisor sukete goyang
nek panas gek kipasan
nek perlu kene tak guyang
arep kondangan ra lali bedakan
setengah papat acarane petualangan si bolang
nek kipasan wedi kepenakan
daripada di guyang mending sampeyan tak jaran goyang
pitik blorok ngendok siji
pitik ireng ngendoke limo
ora ilok nganggo aji-aji
ora pareng tumrap agomo
pitik walik
sobo kelon
pamit disik
arep kebon
sri rejeki kepidak mati
kebaya niku ageman pawestri
wit esuk nggolek rejeki
wayah sore nggolek dem-deman ati
sri rejeki(neng kene jeneg tanaman hias)
semarang kaline banjir
jo sumelang ra dipikir
Nggawa alu nggo nutu gedhang
digawe panganan kena kanggo nyamikan
Sugeng ndalu sedaya para kadang
mangga dipun sekecakaken nggenipun parikan...
luwih penting nandur kembang

tinimbang pplataran dinggo pemean


mas koen posting tentang gedang
dadi kelingan awal2 thread parikan
gunung kelir gunung pandan
alase kobar ora kumanan
kadung mikir kadung tenanan
malah bubar ora karuan
gunung kelir gunung pandan
alase kobar ora kumanan
kadung mikir kadung di eman
malah bubar ora sidho bebojoan
alas roban
ono uwite
nek bubaran
golek liane
olah raga kareben kuat
iso ugo marai kuru
dino senin ra semangat
ketoke enake turu
tekan prambanan
arep ndelok candi
tumben tenanan
tret parikan sepi
nek abot tak gawakke
nggowo kencur arep nggo jamu
jeng kembang mesakake
tura-turu ra lemu-lemu
weteng loro,ngombe jamu
plesiran nang bleduk kuwu
kok podo njaluk lemu
kan penak awak kuru
ono tempe
karo gethuk
wayah sore
marai ngantuk
jarikan nganggo kloso
klosone gupak upo
parikan kok ra iso
isomu ki njuk opo?
numpak motor banter
iso nyalip lia-liane
jeng kembang pinter
saiki wis iso ngece
keno angin rambute orak arikan
jungkatan lali ra ndeleng koco
kang fun raiso parikan
isone muk ngece konco
sore sore adus karo nembang
le nembang karo nabuh kentongan
ngati ati ngece jeng kembang
ngerti ngerti nggowo pentungan
pikiran putek mlayu ning pantai
endhas mumet mergo nggolek setoran
wes sore penake dienggo santai
ngombe teh di sambi moco koran
mlaku mlaku neng pinggir kalii
kepleset byuur.... rasakno.

bengi ngene iki kok sepiii ....


sajake opo wis podo sare yo ...
ojo kewanen; karo pring gapuk
turu kewengen, isuke nguuuaaaannntuukk
sambel gereh
sambel gudeg
mangan akeh
dadi wareg
neng ngarepan
nandur kluwih
rung sarapan
iseh ngelih
nang ngarepan
nyegat bakul areng
Rung sarapan
hayuk sarapan bareng....
lungguh neng dipan
karo udud
menawi sarapan
kula tumut
blonjo sandang wonten pasar tanah abang
golek maneko warno sutro pilihan
dino-dinoku sajak ana sing kurang
jebul wis suwe ora gawe parikan
seneng gawe parikan
kareben iso gojekan
mau wis sarapan
saiki arep rolasan
kembang mlati di rubung kumbang
kumbange golek pangan amargo ngelih
pancene aneh jenenge kembang
senengane nandur wit kluwih
nek wes sore wayah mulih
tekan ngomah kesel ragane
kluwih udu sembarang kluwih
kluwih iki larang regane
gemak ora nduwe buntut
kroso penak ora didudut
obat watuk
obat flu
moto ngantuk
rung iso turu
obat watuk obat flu
moto ngantuk ndang guyuro nganggo banyu
jam papat
punjul telu
melu rapat
malah turu
ono wewe awake lemu
penekan wit karo nginang
katon suwe ra ketemu
opo kabare yu lintang?
peyek paru
peyek yuyu
Piye le ra turu
snack rung metu
godhong waru

tibo kanginan
arep turu
ono gawean
tahu kupat, campur bakwan
angger rapat, oleh gawean
empon-empon soko temu
wit cilik arane perdu
nek suwe ra ketemu
basan ketemu kok ngajak padu
madyang awan jam sewelasan
kabar apik mugi nganti kalawasan
ono blantik dodolan telo
ono itik goleki kang tanto
ono pitik mangan gedhang
itike jebule yu lintang
oleh kupat ngisor mejit
okeh rapat okeh duit...
weteng ngelih
wis ora kuat
arep mulih
kok ra niat
yen mangan nunggu weteng luwih
jam setengah enem wayahku mulih...
nek ayahwene mulih
jo ojo di potong gajih...
bali ngomah kok langsung sambat
awak lungkrah kakean rapat
rapat neng ngisor dipan
rapat dinggo masa depan nopo Mbah
kersane kenceng ditali kawat
salahe dewe seneng rapatt
Tuku Gethuk neng Beringharjo
Sopo Gelem Tak ben ati rodo Lego
tuku gethuk regane sewu
aku ngantuk penake turu
Nang beringharjo tuku gethuk
arep nonton tapi kok ngantuk
tuku gethuk
nang beringharjo
wayah isuk
wayahe kerjo
tali kenceng, praune layar
kerjo mempeng, rejekine lancar
ngokone weteng
aluse padharan
kerjone mempeng
dinggo urip bebrayan
bengi2 ono tukul
senengane gawe gojekan
ternyata kang tantocool
wis siap bebrayan ?
ono gawean kudu dicandhak
ora mung mlongo mangap
sopo ngerti umur cendhak
kabeh pancen kudu siap
due kukul, mbok ojo di penceti to...
kang tantocool, sido karo jeng kembang to??

simbok nyumet dian


ono ing plataran
mbok nek wes jadian
ayo podo syukuran
arep mangan
nang restoran
urip bebrayan
nentremke pikiran
senenge oleh undian
duite keno nggo madang
sopo sek wes jadian?
aq kok ra diundang
watuk pilek nek turu ngiler
diombeni wedang jahe
kabeh kuwi ora bener
mergo kui muk gosip wae
isuk-isuk podo mangkato nyambut gawe
tanggal tuwo,andelane ning pegadaian
weteng wareg,angob-angob wae
rep sarean eh..je ijik ning gawean
Saka semarang nganti tekan padang
mlaku turut dalan saderma ider tas
Sugeng siang sedaya para kadang
sugeng makarya mugi saged tuntas...
muter-muter jakal nggolek gudek barek..
ono wong padu ra sah cawe-cawe
sugeng enjang sedoyo sederek
monggo sami makaryo mrantasi gawe
ganjil genep
sinau aljabar
makaryo sregep
rejeki lancar
numpak prau
lungguh ning dingklik
yen wis payu
ra ono sing nglirik
jangkrik ngerik
marai turu
nek ono le nglirik
bojone le nesu nesu
pagupon omahe doro
soko kayu penuwune
yen pengen golek sing liyo
jo nganti ngerti bojone
tuku theklek cacahe limo
ilang loro kari telu
niate nggolek wedokan liyo
jebule bojone melu melu
mumete keno demam
critane balas dendam
nganggo jarik mangan mi ayam
ngombene teh nganggo sedotan
ora apik dadi wong dendam
ati panas, pikirane kelebon setan
ono limo driji
jempol paling gede
cukup bojo siji

nggo saklawase
page121 130 done
ngarepku bojone loro
sing mburiku kathah guneme
karepku kuwi yo ngono
ning sing ayu malah tanggane
adol gula ra payu-payu
ora payu merga ireng rupane
golek bojo aja sing ayu
nek sing ayu mesthi akeh saingane
sopo mayu, tak uyake
nek ayu, akeh ragate
akeh ragat
ora po po
sing penting Lego
wayang golek asale saka kayu
ora sembarang kayu mulakno angel olehe tuku
karepe arep golek sing ayu
ning jebule sing ayu wis ana sing mengku...
neng shoping tuku buku
mergo regane ora larang
nek wis ono sing mangku
yo golek liane wae kang
kangen omah,kangen simbah
luweh kangen omelane
awak lemu ati bungah
soale simbah ngekei blanjane
Kangen Omah, Kangen Simbah
Gaweane akeh, Ati dadi Susah
uwit jambe uwite duku
uwit ringin cedhak wit randhu
sansoyo suwe nggone nunggu
sansoyo pengin ndang ketemu
menyang pasar tuku lisah
baline karo tuku jahe
menowo ati lagi susah
ojo dipendem wae
wit klapa di arani glugu
wit pari garing di arani jerami
mengko bengi malem minggu
enake lek-lekan karo manggang gurami...
wit klapa diarani glugu
wit pari garing diarani jerami
saiki wes dino minggu
kok yo tetep wae ra ono sing marani
kembang jagung ono neng lumbung
timbang bingung reneo tak ambung
tuku kolak kolang-kaling
mengko diombe nang omah
telung dino ra posting
awak rasane lungkrah
parikan susah temenan
yen lali gelo ning ati
yen awan tansah kelingan
yen wengi kegowo ngimpi
ayo gegenen
gawe gethuk

dino senin
mesti ngantuk
moto pedes awak lungkrah
pengen pijet ra ngerti nggone
awak seneng ati bungah
le gajian arep tekan nggone(tanggal enom maksut'e)
lungo nang solo
liwat prambanan
senajan tanggal tuo
tetep kasmaran
ana wong ilang sakwise mlebu guwa
jarene kandha ilange di enggo tumbal
tanggal enom apa tanggal tuwa
kasmaran mono ora nyawang tanggal...
mangan gethuk
sinambi ngiyub nang gubug
Ya isih ngantuk
wong turune rung tutug....
esuk-esuk wetenge luwe
timbang luwe mangan gedang
tanggal tuo tambah suwe
mergo tanggal siji pas abang
budhal ngaji nyangking kembang
ketemu kyai nganggone surban
tanggal siji pancen abang
ning ora prei olehe kasmaran
tuku kanji nang tanah abang
kanjine apeg merga wis di rubung coro
Tanggal siji tanggal abang
wektune bayaran diundur tanggal loro....
obat watuk pancen cespleng
ning gejayan tuku pecel
senajyan awak lungkrah ati kesel
iso ketemu kowe aku wes seneng
bumbu pecel campuri ebi
jarene wong tuo kanggo obat
piye kabare mbak febi
mugo mugo tansah sehat
putus cinta gaweane curhat
ning warung ming tuku moto
alhamdulilah tansah sehat
nganti ra lali vote kang tanto
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
arep liwat ketiban kelopo
moto pede lsali ra nganggo kocomoto
ora sah mbales opo-opo..
cukup dungo aku wes lilo
ketiban klopo sirahe menyonyo
getihe tumetes tekan rai
balesane yo mung dongo
mugo2 Alloh tansah mberkahi
nyaur utang kok di ulur-ulur
apa ngenteni utange akeh
Sugeng sonten kabeh sedulur

moga-moga padha waras kabeh


ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
lunga pasar numpak kreta
mung saderma arep tuku kool
para kadang ngayogyakarta
ayo padha nyengkuyung dap tantocool.....
kangen yogjo
pengin bali
saiki kerjo
sesuk prei
tuku oleh2 ning gudek barek
awak kodanan banjur mriang
sugeng siang poro sederek
nopo sekalian mpun dahar siang
bar mangan
soto daging sapi
tret parikan
saiki kok sepi
nganggo obat kelek ben rodo PEDE
sambel tempe dikei terasi
mungkin sami dereng enten ide
monggo kang iwanoor sing menginspirasi..
tuku gethuk
lebokne amplop
moto ngantuk
kakehan angop
Lungo pasar tuku brambang
Dinggo masak jangan lodeh
Saiki tanggale abang
mlebu kerjo.. capek deeeh
mangan esok nganggo gudeg
ngombene seger karo teh poci
saiki utekku lagi buneg..
sopo gelem tak antemi...
awak sehat
ora lungkrah
dino jumat
ayo ngibadah
sandal jepit
sandal lili
dino kejepit
kok le sepi
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
munyuk turu kokehan mangan
prei rong dino jarang kepanggieh.
nyuwun sewu nek kurang berkenan
nyonya iwanoror sampun lahiran dereng nggeh??
nek awan biasane DF dadi lelet
njuk akeh member sik manyun
jeng beruang sampun tanglet
nopo sampun siap kadonipun ?

arep tuku kembang lan tuku dupo


sing dodol kembang jenenge yu suketi
mbonten saged maringi nopo-nopo
namung donga semoga dados anak sing berbakti
ono bandit
neng penjoro
nyuwun pamit
ra OL 2 di
ono sapi
neng kali
dino prei wingi
parikan dadi sepi
penak'e rung duwe bojo
isuk-isuk mangan roti karo wedang legi
kok rong dino iki aku males kerjo...
sajake ono opo yo??aku yo ra reti
mangan kebab karo iwak
opo sebab kabotan awak
awan-awan mangan biawak
sore-sore antre minyak
ra margo kabotan awak
tapi margo kabotan iwak
tuku jagung
neng pasar legi
aku bingung
milih sik endi
tuku kayu
neng pasar wage
milih ayu
kok ayu adine
tuku kismis
neng pasar gede
milih manis
kok manis mbakyune
kokehan ngumbahi loro boyok'e
ngguru dongeng nggawe cerita
dari pada bingung pek'en loro-lorone
ben koyo fahri ning ayat-ayat cinta
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
nyebar gabah ning tengah sawah
wayah isuk mancing ning tengahe kali
ati bungah esem sumringah
isuk-isuk ketemu pujaan hati
isuk2 arep ndandani omah
ben nyaman kanggo keluargane
lha yo bungah lan sumringah
wong ketemu bojone dewe
nyebar gabah bibit beras ketan
jebul parine ijo royo royo
aku mung arep takon kang iwan
piye rasane dhuwe bojo
melu balapan, nganti nggetih
rung sarapan, wetenge ngelih
neng kali ngguyang sapi

sapi diguyang resik kulite


lha piye arep ngerti
wong durung koyo fahri je
wis sangang sasi sedherek atun
uwis cepak anggone bayen
due bojo rasane banget le getun
amargo getun kok ora ket mbiyen
wong loro
podho gendhenge
yen ngono
tak nekat wae
awak lemes
biru erem
udan deres
howo adem
kupat santen
lawuh tiwul
nek kademen
ngnaggo kemul
ati judeg mikir gawean
nganti lali golek pasangan
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
goleh gudeg nang wijilan
goleh grabah nang kasongan
nganti judeg mikir gawean
kroso sayah pengin hiburan
neng pasar tuku jagung
jagung dibakar arep dipangan
siMbah kok ketok bingung
arep golek pasangan opo hiburan ?
Gapuro ngarep madhepe ngetan
cagake soko kayu
Sopo sing arep golek pasangan
Aku tak melu-melu
gondhol wewe
wewene gombel
nek wes duwe
ora oleh ndobel
moco buku lembarane kandel
bukune novel ayat ayat cinta
jane aku ra pengen ndobel
ning aku iki gampang jatuh cinta
klambi batik
dinggo wong lanang
opo kang D12K
arep ndobel kembang
mlaku ngati ati, ketabrak metromini
ora tau ngimpi, bakal dipoligami
momod nonton teletubis
tuku batik sakwirune
abot dadi selebritis
sithik-sithik digosipke
wayah esuk ngombe susu
nek wis bengi ngombene kopi

neng tret iki pancen lucu


seko parikan iso tekan poligami
menungso taat agama
bekti marang gusti
critane parikan bertema
iso tekan ngendi endi
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
Parikan pancen angel yen digawe
Ora parikan sing gelo malah atine
Kang Iwan pancen aneh-aneh wae
Opo sampeyan arep dadi penghulune?
mlaku-mlaku jaro yu sri
yu sri gilo dioyak kethek
mbok ora usah poligami
siji wae ora entek
driji keno tembak
doro pinter ndagel
siji wae penak
opo maneh ndobel
banyu laut rasane asin
banyu kali rasane tawar
kang D12K ngenteni oleh ijin
nek wis entuk arep nglamar
gunung merapi ngalirke lahar
watu lan pasir dadine ambyar
dudu masalah ijin lan mahar
nanging sopo sing arep dilamar
lungo nang perpustakaan
nggoleki kumpulan arsip
dino iki tret parikan
malah dadi ajang gosip
tuku terwelu, amargo ngelih
wis jam telu, wayahe mulih
pitik walik
sobo kebon
bocah cilik
seneng klepon
ngisor amben, ono sapi
tumben, parikan sepi
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
dandan nganggo peci
sajake arep nglamar
nek wis resmi
gek digowo ngamar
teng ngarep nembe dhahar
sego teri lawuh tahu
yen arep mlebu kamar
ojo lali nutup pintu
ngombe obat
karo kopi
dino Jumat

rodo sepi
bar mangan
nganggo roti
wong2 parikan
podo nangdi ?
padang bulan podo dolanan
ngisor gitok jenenge pundak
ketoke gi podo merekap uang bulanan
maklum BBM arep mundak
akeh gawean
marai bete
ra parikan
ra duwe ide
mangan tahu
ngombe kopi
nek sabtu minggu
parikan sepi
cilik, dowo
kang D12K, nangdi yo ?
ono tawon lagi ngentup
ngentup dengkul abuh pupune
nek wis lawange ditutup
gek ndang dipateni lampune
bengi2 nontong wayang
dalange ki parto sentono
kayane kang D12K ngilang
opo lagi rembug tuo ?
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
suroboyo malang pandaan
jo lali podho wisata
aku ora ngilang kang iwan
ning lagi pinaring coba
Pemandanga sarwo indah
disawang nyenengke mripat
alhamdulillah wa syukurilah
kang D12K sampun sehat
tuku sarapan ning malang
jebul menu sarapane sambel gereh
pripun kabare jeng kembang?
opo arep ngosak asik aku maneh?
wong digoleki kok malah ndelik
jebul wedi mego utang duit
kulo mboten niat ngosak asik
namung ajeng ngramekke trit
weteng luwe ora ketung
mangan gedhang opo kapur barus
soyo suwe tambah bingung
iki kembang opo fenny rose?
esuk awan sore kerjo
nggo nambah penghasilan
mugiyo rencang Yogjo
pinaringan kesehatan
dondong opo salak
duku cilik cilik

ngandong nopo mbecak


mlaku timik timik
mangan sego lawohe tahu..
sugeng ndalu...
dondong opo duku
salak cilik cilik
ngandong opo mlaku
becak timik timik
mangan empling
seko mlinjo
sugeng enjing
cah yogjo
page 131-140 done
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
mata ngantuk
turu angler
esok esok
podo seger
mangan gethuk
karo manthuk-manthuk
isih isuk....
mripatku kok wis krasa ngantuk..
habislah gelap
terbitlah terang
diservice lengkap
hatipun senang
mangan tempe
ngome teh tubruk
angger sore
mesti ngantuk
kopi tubruk
tambah gorengan
esuk esuk
posting dewekan
Bal-balan dino Jumat
Yen Senen mesti upacara
Kang Iwan mundhak pangkat
Sakiki dadi suami siaga
kuda zebra
belang-belang
bar siaga
dadi penggalang
kuda zebra
rodo loro
bar siaga
terus poso
dikongkon blanja
malah ngundhuh kangsen
arep mangkat kerja
ning kok rasane aras-arasen
ono tikus mangn telo
legowo bagus bojone limo
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto

maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
yen kudanan marahi teles
tundhone uga bisa marahi watuk
wayahe ngelih awake lemes
bareng wareg kok malah ngantuk....
arep mangan
nang italy
saiki tret parikan
kok rodo sepi ?
dadi wong gede
satrio utomo pinileh
aq ra duwe ide
mergo weteng ngelih
ngiris bawang
bawang putih
jeng kembang
kok kerep ngelih ?
arep dolan dolan
neng tanggaku
ngelihan ro ngantukan
kuwi ciri khas ku
arep dolan dolan
nang candi prambanan
biasane ngelihan ro ngantukan
kui cirine cah bujangan
lagi panen
kacang kulit
dino senen
dino kejepit
sandal jepit
merk e melly
dino kejepit
suasana sepi
sandal jepit
nganggo tali
bar kejepit
sesuk prei
Angon Wedus Neng Kuburan
Durung adus kok wes kluyuran
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
tuku brambang
karo iwak pepes
jeng kembang
pancen mirip jeniper lopes
suwi mijet wohing ranti
kok saiki parikan sepi?
numpak kreto
ojo lali karcis
jare sopo
aku mirip artis
numpak kreto tuku karcis
gawane okeh bumbu bawang brambang
jeng kembang ora mirip artis

mung artise sing mirip jeng kembang


mlumpat pager kecantol wit eri
pancen bener parikan saiki sepi
seko wetan
golek gaweyan
trit parikan
koyo kuburan
nganggo klambi abang arep lungo
jeng " kembang " duko leh kulo
bar nonton karapan sapi
mampirt umbas godhong kenikir
parikan sepi
keno imbas budaya males mikir
barange iso dilukir
mergo ono garansi
ora mergo wegah mikir
tapi ra duwe inspirasi
adus getih
nganti ketekanan pati
weteng ngelih
iso dadi inspirasi
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
uler sawah wujude gede
wah suwi tenan ora ketemu pakdhe.
mangan pecel karo pare
awak pegel gara turu sore
isuk-isuk di suguhi kluban
delok tipi isine tawuran
mbok nah jualan sendal
minah wis dadi barang mahal
kewan landak
kewan berang2
bensin mundak
reregan larang
arep sarapan sambel gereh
trit parikan disundul maneh
sego gandul, jangan pare
disundul, kareben rame
bocahe mendem, mendem wedokan
hawane adem, penake kemulan
sarwo endah pemandangan gunung salak
kang parto lagi proyek nambah anak
anak banyak, anak meri
banyak anak, banyak rejeki
tuku pasir
nggo nggawe omah
anak lahir
rasane bungah
anak cecak jenenge sawiyah
anak jaran jenenge belo
mugo-mugo dadi anak sholihah
bekti marang wong tuo & negoro
esuk dele
sore tempe

yo mugo2 wae yo le
biso kepenak uripe
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
pitik cilik mabur-mabur
mlebu omah pinggir tegalan
isih cilik gampang diatur
bareng gedhe ugal-ugalan
kang parto
underscore sentono
golek ngelmu nang ngayojokarto
ben pinter kondang ing ndonyo
tumbas Kendhang
nggo nabuhi Bagong
sing digagas
malah ra dong
saiki wis wayah sore
penake dolan nang njobo
koyo ngene rasane
poso petangpuluh dino
es oyen di bumboni jengkol
yen ra kuat ngemuto jempol
duwe kewan jenenge singget
ngge kang iwan ngaturke selamet
SiMbah Parto klambine Polos
Nyangking Kembang kembange menur
Dolan nyang Yogyokarto kentekan ongkos
Ora sumelang wong akeh sedulur.
dolan2 neng alkid
tuku es puter
kang iwan sakit
bawa aja kedokter
bengi-bengi dolan nang warnet..
buka DF ketemu kripix..
moto ngantuk serentak kaget..
avatare kang guk kok koyo kripix..
esuk dele
sore tempe
yuk podo sare
wes wayah sore
numpak andong
neng beringharjo
sopo sik ngomong
yen aku lagi loro ?
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
neng nduwur sajadah
ngisore gelar kloso
kang iwan ora gerah
neng lagi mung poso
wong bingung
mergo ora iso
dadi ngitung2

posoku wis pirang dino


cagak pring petung
cak radio
gak eling le ngetung
wes oleh satus dino
lara watuk golekko tamba
tamba jamu biasane mandi
esuk esuk kepethuk kenya
dasar ayu tur merak ati
malem minggu wengine dowo
karo cah DF mblayang-mblayang
monggo sesami regional yojo
ganti avatar gambare wayang
sepur kluthuk kereta ai
kakean geni malah kobongan
esuk esuk ngombene kopi
ora lali nyanding nyamikan
dino minggu kerja bakti
rame-rame nandur kembang
yen ngono, aku yo melu ganti
avatar sik gambare wayang
golek panganan
entuk roti
tumben tenan
parikan sepi
weteng wareg
bar diwenei roti
iyo kih, kok sepi?
godhong gedhang kakean klaras
klaras dibabat supoyo kuat
wilujeng enjang mugi2 saras
tansah sehat ugi semangat
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
piring isi jenang
mangan jenang sak wayah-wayah
Prancis bakalan menang
italy, belanda, spanyol, jerman, bakalan kalah
buncis sawah neng ngisor munggur
perancis kalah domenech mundur
mangan jenang ngombene kopi
bubar adus karo nonton tipi
kalah menang penting Itali
dasar bagus tur merak ati
mangan bubur
neng lempuyangan
timbang nganggur
gawe parikan
kulit boyo, nggo gawe tali
itali loyo, kokean mangan spageti
ning prapatan ngamen, malah diopahi jenang
mundur yomen, sing penting menang
turu gadek, ra iso ngleses
weteng wareg, kok malah lemes
neng bugisan

ndelok sawah
rame2 mbelani bal-balan
ning ojo nganti kerah
ngombe bajigur wayah sahur
Prancis ajur kakean anggur...
jangan buncis, karo wedangan
jagoi prancis, pancen joss tenan
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
masak lapis ra melu mangan
mosok perancis iso menang
anak kembar
seneng dolanan
tuku tv anyar
nggo nonton bal-balan
lambe manis
ngisore mripat
saiki Kamis
sesuk Jumat
golek panganan
ono gethuk
nek rodo awan
mesti ngantuk
awan
opo bengi
parikan
kok sepi
iwak pitik
dodo mentok
linggug dinklik
ndondomi kathok
wong wedok senenge purikan..
mangan susu dicampur jae..
suwe ra mampir trit parikan
lah kok sing ngisi yo mung kuwi-kuwi wae,
sego kucing
ora popo
rego miring
monggokerso
awak sehat
tentrem ati
saiki jum'at
sesok prei
awak sehat
tentrem ati
saiki jumat
setu ora prei
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
sanga papat
punjul enem
menawi lepat
nyuwun ngapunten.....

songo telu
punjul enem
samang niku
lulusan pakem
mangan kupat
dipek dhewe
opo kumat?
terus kepriwe?
dino jumat
kanggo ngaji
menawi kumat
gek diobati
mangan kupat
diporo enem
menawi kumat
dibeto neng pakem
loro telu papat
njuk limo enem
menawi ajeng sunat
dibeto teng bogem
moto abang dienggo merem
ono magelang luwih marem
ra enak dilepeh
nek enak disikat
sedelok maneh
sholat jumat
sendok garpu
nggo mangan mi
dino sabtu
kok rodo sepi
jaran kore ngoyak wedhus
sampun sore ayo adus
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
kurang sajen
dadi kumat
dino senen
kudu semangat
iwak pitik
dodo mentok
lungguh dingklik
dondomi kathok
nyambut gawe rekoso
suwe ngenteni gaji
tekan dino seloso
parikan ijik sepi
mbah bayan kagem katok klowor
trit parikan isine kang inaworrrrr
pitik walik sono kebon
isih cilik senengane klepon
anak ulo sobo kebon
umah doro jenenge gupon
diajeng atik, lungo ning kuncen
kandhang pitik, jenenge pranjen
nonton bal2an wayah udan

kandang jaran jenenge gedokan


dino rebo, kathoke dhedhel
anak kebo, jenenge gudel
pak bagio dahar pare
anak boyo jenene krete
nasi uduk ikan tongkol
sambil duduk pegang botol
parto dolan neng alun2
lah iki parikan opo pantun
bocah pengung, dolanan kikir
aku bingung, raiso mikir
ijo sawi karik jangan
bosomu kuwi lo remuk ra karuan
kangen anake
bali neng omah
parikan rame
atine bungah
ono jadah
karo tempe
aku wegah
mangan pete
ijo-ijo wohe duren
bojo loro nyekleno amben
suket dientul-entul
kroso anget banjur nkrinkul
gethuk lindri
angger pethuk, malah geli
onde-onde ditabraks sepurrr
lambane domble ditabrak sepurrrrr
peyek kacang
nek elek, gek ndang dibuang
pitik mangan
nganggo katul
sik nggawe tret parikan
kok ra njedul-njedul ?
supoyo kepethuk
tunggu neng tengah dalan
aku kok ngantuk
mergo nonton bal-balan
tahu bacem enak rasane
tinimbang bakso lan kupat tahu
aku kangen karo kowe
kapan iso enggal ketemu
nyanking ember kiwo tengen
lungguh jejer nggo tombo kangen
jenang gulo
jenang sungsum
ojo gelo
nek tak cium
ono kewan
lagi gremet gremet
kang iwan
wis ra kuat ngempet
ono kebo
lagi gremet gremet
kurang 21 dino
ijik kuat ngampet

akeh gunane uwoh klapa


kla muda, kena nggo tamba
jian rasane pancen nelangsa
bacut tresna, jebulane cidra
pagupon omahe doro
ngetan ngulon okeh segoro
nyambut gae ojo sembrono
mengko mundak urip sengsoro
manuk doro po manuk galtik
moto ngantuk mending balik
ono manuk
neng wit waru
moto ngantuk
mending turu
ra iso nglangi
keplepek banyu
wis tengah wengi
rung iso turu
ngombe obat
ben cepet mari
dino Jumat
nggo senam pagi
mangan tempe
karo jadah
saiki wis wayahe
yo podo ngibadah
nandur gadhung rambatke ning wit pace
sawo kecik dicampur jambu mete
wong wis kadhung mengkene njur kepiye
luwih becik diatur di rampungke
rupo melas
matane merem
awan panas
bengi adem
polisi teko,prittt bubarrrr
reg.jogja udan trit anyarr
nawu kolah
lha kok entuk boyo
prancis kalah
ganti jago wae yo???
tuku permen
entuk gereh
suk dino senen
macet meneh
gincu abang nganggo bedak
iso nyawang ra wani nyedak
moto ngantuk dituroke
nak matuk ditakoke
manuk gagak mabur ngetan kecemplung leri
wetan kali wetan kali omahe wewe
arep alok arep alok ora wani
mergo wedi sing nggarap bolone dhewe
tuku kathok sing model nyetrit
sing nganyari kanthi rasa seneng
wani alok-alok lan suit-suit
mbasan diparani malah mung meneng
blimbing wuluh

tibo neng kedung


siMbah wis sepuh
ra wani nembung
bambu petung
disigar sisih
durung nganti nembung
wis ditembung disik
cagak omah podo gapuk
wes tuo mbok ora umuk
iwak sisik, wadahi kuali
ditembung dhisik, kon dadi kuli
adus kramas
saben sore
kok dho panas
aku wae nyante
bocah rupane melas
rekoso lahir lan batin
kae ora do panas
tapi mergo prihatin
rem becak ngiso lakang
mulih narik dimasakke
bener kui kang
prihatin lan mesakke
ngisor mejo
ono kapur barus
pancen siMbah yogjo
ijik enom lan bagus
dalan alus
dadi lunyu
bocah bagus
mesti payu
den bagus keno belek
ngaggo sendal we midak telek
ben bagus ben elek..
nek wes jodo mesti balek
iwak kebo digawe sate
urip lan jodo pasrah bae
wis kudanan tambah kanginan
lara badan tambah lara untu
mas Iwan pancen apikan
jujur tenan tentang prejenganku
walang sangit belalang sembah
arep di cekel diemplok bocahe
kui ora amargo jujur mbah
tur mergo saking mesakke
kepang dieneng-eneng
pancene simbah ngleleng
ono boyo mangan singo
parto sentono nandang bronto
parto sentono enake dibakarrr
monggo podo nganake makarrr
nduwur mejo
ono kecapi
DF reg Jogja
saiki kok sepi
golek sego wayah wengi
ora ono anane mung roti

mbuh ngopo saiki sepi


opo mergo listrike mati
neng kandang sapi
ngopyok arisane
DF Yogjo sepi
mergo ora rame
lagi wae tangi langsung numpak taksi
lungo neng suroboyo tuku sego rawon
mbiyen rodo sepi saiki malah tambah sepi
ateges ora bedo alias sami mawon
tuku sate neng cedak Tugu
kurang marem isih tambah bakso
wis suwe ora ketemu
aku kangen pakdhe gadjahbengko
wayah wengi
mulih neng omah
saiki rodo sepi
mergo ra ono gajah
esuk2 wis sikon rapat
mergo akeh sing kenal
turky kae pancen hebat
mugiyo iso tekan final
menyang kali
arep adus
kebab turky
mak nyusss
wayah bengi
wedangan kopi
tumben saiki
parikan sepi
cing tilipit tulang bawang
sopo kejepit tunggu lawang
lungo neng australia
arep ngangsu kawruh
demo mahasiswa
kok dadi rusuh ?
esuk bengi
ra ono lawuh
aku ra ngerti
mbuh ra weruh
Tuku jarik neng mboyolali
tiwas diintik jebule banci
ono sego liwet kanggo sarapan
bubar sarapan ngombene kopi
ngaturaken slamet kagem Jerman
ngaturaken syalut kagem Turki
jambu opo jeruk
arep melu ora entuk
mangan jeruk
lingguh neng dingklik
ora entuk
mergo ijik cilik
pring mentul pucuk
kolojengking ngentup bathuk
pring mentul tengah
kojojengking ngentup sirah
tuku madu neng kutha wates

cedhak rel sepur pinggir angkringan


tinimbang turu awakke lemes
mumpung libur ayo postingan
udan sedelo lemahe teles
adem kemulan turune dengkur
kroso pegel awake lemes
mergo sewengi jatahe nglembur
tengah sawah tandurane pari
parine lemu jenise genjah
tenan bungah dino iki
iso ketemu pakdhe gadjah
kalmbi reget keno lendut sawah
tekan ngomah dikumbah nggo sabun
oleh wae atine siMbah bungah
ning ora usah nganggo ngesun
pitik kalkun kakehan polah
rebutan ransum karo pitik cemani
nganti lali ngesun pakdhe gadjah
arep ngesun jeng kembang neng ra wani
kembang kanthi diencoki kumbang
ngisor janggut jenenge gulu
umpomo arep ngambung jeng kembang
mbok aku oleh melu
bathok bolu isi madu
tawon madu ngisep sekar
karo aku wis setuju
parto melu dadi bubar
bathok bolu isis madu
nawon kemit bangkeane
yen pancen wis setuju
ayo ndang disengkakne
jago kluruk rame suarane
mertandani yen wes rino
ra ngerti opo perkarane
jenengku digowo gowo
neng pasar tuku kentang
ojo lali tuku roti bolu
nek arep podo ngesun kembang
langkahi dulu mayatku
lungo pasar arep tuku roti
teko pasar ketemu bos
aku wegaj nek nglangkahi
mlipir wae luwih joss
driji jenthik kiwo tengen
ngesun sithik tamba kangen
luoorone pol yen dijiwit
opo meneh sing njiwit mbahne
lakangku rasane suuakit
sopo reti opo tambane
playune buanter kaya thathit
saking bantere nabrak lawang
Nek lakangane krasa suakit
ya ra sah nganggo lakang
manggon neng rumah susun
ojo lali nyapa tanggane
siMbah saiki wani ngesun
opo wis ngerti carane ?

iwak lele diangkut datsun


iwak tawes kui iwak sisik
umpomo simbah arep ngesun
paling mbukak manuale dhisik
lambene manyun
matane metoto
buku manual ngesun
mesti karangan Parto
lubering banyu
nganti garing atis
ora usah sinau
koyo ngunu kui otomatis
isuk-isuk sarapane lupis
awan-awan mangan rujak lotis
siMbah durung ngerti otomatis
tapi wonge mesti romantis
tuku bakso ning warung babar
nggolek ondo nggo panen cengkeh
EURO 2008 mau bengi wes bar
jadwal turu dadi teratur meneh
godong mlinjo nggo sayur manis
tanpa gula wis ra papa
jare mono aku romantis
mung sopo gelem tak coba
bayi bar nyusu, terus gumoh..
wis tak pikir ping sewu, yo tetep emoh!
Aik aik tuku sawo kecik
sinambi blanja neng tengah pasar
luwih becik dicoba disik
nek wis nyoba lagi komentar
lunga pasar adol batik
tuku beras entuk'e ketan
aku ra wani nyoba2 disik
wedi yen engko ketagihan
sore-sore jajane ketan
ketang diolah jenenge jadah
ora orane yang ketagian
paling pasrah pengin nambah
tuku jadah numpak'e gajah
salak sepet regane sewu
lawan siMbah wis aku nyerah
ayo gek cepet di-sun dulu..
pitik kalkun opo pitik kate
dipakani gabah malah podho lungo
iki tak sun neng sithik wae
nek pengin nambah enggal maturo
tukang batu dibalang boto
arep tibo kudu gocek-an
pansembah ora toto
uwis tuo tur pethakilan
tukang batu dibalang bata
ojo melu2 urusan wong tuwo
mangan klopo
cacahe limo
siMbah wis tuo
putune wis piro ?
enak banget rasane brutu

yen dipangan karo methentheng


simbah urung due putu
tur anake okeh ning sepiteng
gemah ripah loh jinawi
poro kadhang sami gadhah pakerti
rodo gerah manah iki
nyawang kutho sing tak tresnani
sore2 angine semilir
mlaku2 nang malioboro
wis suwe ra mampir
ono sik kangen pora yo ?
bocah cilik ajar mbrangkang
bapak ibune malah mangan bakso
kangen tenan aku kang
umpomo wedok wes tak pek bojo
bocah wudo ketok udel'e
arep lungo neng sekatenan
pirang2 dino ra dolan mrene
rasane koq yo kangen tenan..
wis suwe ora tuku jamu
jamu linu opo jamu godogan
wis suwe ora ketemu mbakyu
niat ketemu jian tak sun tenan
kertas diremet buang jogangan
ono wong dusun kelangan gelang
lagi mumet aku karo gawean
yo gek disun ben mumete ilang
dolan peceren katon jijik
musime ketigo larang banyu
umpomo arep ngesun aik aik
mbah...mbok aku melu
ndongan slamet lan ngati ati
ojo urik mengko ndak wirang
njenengan mumet kulo tambani
di sun sithik mumete ilang
ngisi gentong nganggo banyu kelopo
omong omong aik aik iku sopo?
dolan taman dibandem koral
dadi wedi lungo dewe'an
lah njenengan dereng kenal?
aku ki asli wedok tenanan..
Golek cetol ono kanal....
Entuk siji Koq nyolo wadi...
Ternyata ndi-ndi obral......
aku dadine wedi
aduss isuk rasane adem
nak aduss ojoh dikeburr
iki wayah temu kagen
njutt mbengine dilembur
mlaku2 neng pulau bali
ojo lali tuku rambutan
lha iki seng jenenge barli
wonge jireh tur stress sisan
jalan-jalan di magelang
banyak lubang di jalan-jalan
jalan-jalan di pasar kembang
banyak lubang berjalan-jalan

golek rosok
okeh duite
utek bosok
okeh singgate
Iwak asin kui Gereh.
Enak;e mangan bareng jangan lombok.
Jan;e ki aku gak jireh..
Nanging wedi mengko ono seng ngacungne golok.
wek wek wek unine kodok
weekk nguyu ngasik kepuyuh nang katok
katoks siji wae silihan
pancene barli jirih turrr stresan
Esok-esok sarapan ketan.
Tambah;ane mangan gulali.
Legowo,ayo kita selesaikan secara jantan.
Lo jual,guwa Beli.
mangan sego ro ndog meri
merine mplayuuu dioyak wong sak kampung
akuh ra wani nak ngangoo jual beli
wong dol tinuku ra tau untung
cakil menthil kluarga buto
butone buntung ra due kuku
iki ki karep do kepiye to?
parikan malah dadi dol tinuku
Wengi-wengi mangan kue semprong.
Mangan'e karo nonton opera.
Mbah Parto,sakniki jaman;e ngegarong.
Mbah Parto,putumu didol pora?
bajigurrr ro kue putu
enake dipangan ro serabi
jigur parto adol putu
jan wes kiamat wes carak ki
manuk sriti dicancang bolah
lampune mati bapake grayah grayah
senthir lengo patra
sing dipikir ora rumangsa
beras ketan tak tapeni, dadi wose dipangan pitik
isuk awan tak enteni, bareng wis gede kalah disik
iwak mujair masake digarang, nganggo lengo kecap lan tahu
nek tak pikir enak dadi wong lanag, jakane ilang ra gelem
ngaku
Iwak mujair iwak mas.
Nek mancing akeh ono Kedungombo.
Mbok ojo koyo ngono mas.
Jebul'e ndi-ndi wong lanang podho,ojo ditiru coro legowo.
isuk2 arep eek,eek ono neng rowo
nak seng elek mesti mplayune neng legowo
barlian bocah bagus seko solo
senajan olo nanging lumo
barlian bocah bagus seko solo
senajan olo pakanane kolonjono
Kalaupun kamu harus perang
Pantang bagi kita untuk mundur
Untuk Legowo seorang
Ent'e jangan membangunkan harimau tidur
barang larang ojo dituku
mengko mundak dompete nangis

seneng tenan saiki atiku


tret parikan wis laris manis
sinten remen simbah gerah
Yen eling yo podo ditiliki
ojo seneng gawe bubrah
ajining diri soko lathi
164
paling enak kripik undur2
di tuku seko pantai cibirit2
ngekek dulu,,hari mau tidur
daku takut ampe lari terbirit2
Tuku batik,batik purwodadi
Dituku ono pasar bangil
Sakbener'e aku karo pean ki yo wedi
Ngerti pean koyo buto cakil
sirah mumet ketimban krambil
krambil didol nggo tuku apem
welah sampeyan kuwi kakangne buto cakil
wes nyakil rah isoh mingkem
Mangan sego lawuh buntil
Bar mangan enak;e sar'e
Aku koyo kakang;e buto cakil
Seng penting akeh penggemar'e
esuk oseng-oseng pare
sego liwet wayah sore
penggemar piye??
kuwi moro arep nonton je
tuku jolo entuk polo
legowo olo njaluk dipolo
rowo jembar onone
bon polo magelang manggongne
bocahe cilek tur wis bayen
legowo elek wis ket mbiyen
Dadi wong mbok jo plola ploloh.
Koyo wong kurang pangan
maksudnya Fans gituloh
Moro arep njaluk tanda tangan
Mangan roti enak'e nganggo wijen
Legowo ki mbejajik tur ra kopen
muntu tuklek nggo nyambit jaran
untumu elek ra tau sikatan
iwak gajih ojoh dipangan
lah kuwi arep menehi tanda tangan
tandurr polo neng ngisorr wet aren
legowo kih andap asorr tur keren
soto babat soto kwali
legowo hebat hebat sekali
soto babat soto kwali
partoo lan barli dibabat tak bernyali
arene togog, persis karo kowe
kirik njegog, dinengke wae
Soto babat soto kwali
Sambil makan dipinggir kali
Orang koq menghebatkan diri sendiri
Lebih baik merendahkan diri
partoo mirip kuda lumping
kirik njegog, jegogi maling

sate usus ane beli


hora hurus lo jual ane beli
Legowo mangan kodok kongkang
Poko'e pean kang parto tenan sip kang
partoo metu sisik
mongoo maem disik
ono klaras kecemplung kolah
sing waras, apike ngalah
ibune lagi olah-olah
lagune wong ra isoh polah
martapura kota berlian
arep mrono malah katutan
pareng matur kang barlian
maklum mawon legowo ra keturutan
Mangan sego lawuh iwak kalen
jangan gudeg karo kates
Memang Legowo ki ket mbiyen.
Uwong seng paling stress
isuk2 kemul sarung
hurung2 kok mutung
manggul klopo nyanking tales
seng Kuoso seng mbales
lungo nang suraboyo
sangu godhong kates
wes ra sah suloyo
wong podho le stress
Gembiro loko isine lutung
Ojo cedak-cedak mudhak di brakot.
Halah...ngono wae terus nesu lan mutung
Bisane nek nesu lan mutung,legowo ki nggantung neng wit
krokot
wong sabar jembar atine
pengin urip mulya dadio wong sabar
ket mau iki piye caritane
seko parikan kok dadi koyo pasar
noto ati pikirane tentrem
orasah nggrantes ora perlu loyo
wis bengi hawane adem
selimute teles bojo ra duwe
kemol teles
yo mbok di pepe
you wes
ra popo nek ra due
sasi Juli kok isih Udan
ojo lali nggowo payung
rasane sampe koyo edan
ngene iki nen nandang wuyung
stasiun tugu
stasiun balapan
ono bocah ayu
mesti dinggo rebutan
Pasar pengging pasar kewan
Tuku wedus karo anak'e
Bocah ayu dudu jaminan
Seng penting tindak tanduk'e
parangkusumo
parangtritis

sing rodo tuo


mesti luwih manis
Parangkusumo....
Pantai aduhai.....
Makin tuo.....
Samsoyo Lihai
mertopo nang guo
ben entuk ilmune
ayo podo makaryo
ojo mung posting wae
parangkusumo
parangtritis
sing rodo tuo
mesti luwih amis
ireng meko, marai ambyar
legowo teko forume bubar!!
ireng meko
koyo areng
parto teko
forume gayeng
ireng meko tur ngawe awe
kan iwan teko biasa wae
sambel gereh
lawuh sego
nek bubar kabeh
njuk arep ngopo?
Gule kambing aduh enak'e
Ojo lali ak;ehi ketumbar
Piye ki parikan'e
Diterusk'e opo Bubar?
semarang kaline banjirrr
jo sumelang legowo hadirr
kepang dieenenk2
barli pancene gendenk
nyangking ember kiwo tengen
barli lagi cengeng
onde2 ketabrak sepurr
lambene barli ndomble kakean susur
Nek turu gawene udo
Kui Legowo terus ngompol
Do meneng yo
Kui ono kirik lagi ngomong
ujak cingur dibumbu legi
disuguhke wayah wengi
pagi2 kok wes mengata-ngatai
ga boleh lagiiiii
bubar kerjo awake sayah
barlian andake siMBah
ireng meko, ketok jantan
legowo teko, bubar tenanan
mowo panas ojoh dipangan
legowo hebat tak terkalahkan
ali2 sedulure gelang
barli mplayu tunggang langgang
ulo kobra keno clurit
partooo meneh ora cuit
jam sewelas

punjul seprapat
pengin waras
ngombe'o obat
mangan sate
ngombe kopi
angger sore
mesti sepi
mbacem tempe
diwadahi kwali
wes sore
wayahi bali
nggowo watu, buang kali
dino setu, koq sih suwi.
nggembol watu
cacah limo
nek wis setu
arep ngopo?
Dolan nang mah'e bulik
Ora lali mesti diweneh'i sangu
Lha mestin'e si Aik
Nek setu pengen ketemu aku
Esuk-esuk mangan gethuk.
Nglekar sek mesti mathuk.
nggawe jadah lha koq mambu
tuku bubur ra nganggo sledri
awak lungkrah pikiran buntu
rong minggu lembur blas ra prei
kapur barus
cemplungke lodeh
lembur terus
duite okeh
kulon progo dalane sepur
tuku jarik neng kuto sleman
dadi joko ojo takabur
ra duwe duwit di enyek prawan
gulo klopo ditutup bantal
wis telung dino dirubung semut
dadi kenyo ojo jual mahal
ditinggal priyo mengko semaput
kain biru wadahe peti
minak jinggo gadane kuning
bojone ayu ora gemati
nek di lirik tonggo ojo gulung koming
ono gunane
wong seneng main piano
bedo rupane
rasange mung koyo ngono
gulo jowo ombene wedang
wayah awan yo podo ngaso
dadi dudo ojo sumelang
akeh prawan sing isih jomblo
Delok maneh lebaran
Ojo lali maaf lahir batin
Ojo podho bubaran
Aku tak makaryo rumiyin
Awan-awan mangan pecel
Jo lali neng kukusan.

Aku iki lagi kesel


Internet lelet pisan
tahu tempe
ayo dipangan
njedul sore
sisan pamitan
Mangan Telo,
ojo dicampur ketan,
Lagi teko,
kok wes pamitan
omah tikus
arep disapu
simbah bagus
arep turu
gunung kemukus
dikebakki watu
sing luwih bagus
wis tangi turu
isuk-isuk penake ngopi
kopine panas mak kemebul
poro sederek aturaken selamat pagi
seng ganteng dewe iki wes njedul
kapur barus
diguyur banyu
kang D12K bagus
mergo wis payu
seneng ora seneng
pokokmen ngguyu
dab sendenk ganteng
opo wis payu ?
werno langit kwi biru
lewat pesawat nggowo ibukku
ora sah bingung karo nasibku
sandra dewi wes nunggu aku
yen durung adus
ojo diklambeni
kang d12k bagus
wis gawan bayi
gunung kendeng terjal berbatu
pagi hari elok pemandangan
kang sedenk ketokke wis payu
lha wingi majang foto ngantenan
lemper ketan disunduk biting
mangan lemper, mambu ababe
bagus ra bagus kui ora penting
luwih penting tanggung jawabe
turu amben
kok ora uwis biasa
ra bagus yoben
sing penting perkasa
Iwak bakar iwak gurame
Enak;e sego isih kemebul
Iki esok2 koq wes rame
Jebul;e wong stress podho kumpul
jathilan mangane beling
kesurupan memedi wewe
barlian..kowe kudu eling

ora kabeh uwong koyo kowe


nyumbang beras
nggo sedekah
paling waras
yo mung siMbah
mulih kantor numpak montor
wes tekan njuk nggelar kloso
pancen mesakke dadi moderator
pengine melu OOT tur ora iso
172
Kawruh Ilmu ono Bonoloyo.....
Tumrap ati ben ora blongkrah.....
Konco,ojo podho suloyo.....
Ayo kita nikahkan Simbah.
Rujak gendhis nganggo pelem....
Enak;e nganggo pelem mengkel....
Simbah ben bengi kademen.....
Mergo gak ono seng gelem.
tangi turu enake angop
dadi ngelih amargo mambu sego
ojo sok dlongap dlongop
ngko ndak kerasukan barlian le tiba2 moro
bocahe pancen ayu
pupuran nganggo moto
simbah ra payu
kegeden kocomoto
Kucing pakani gereh
Trus wareg nganti mlentreh
Iki parikan koq aneh.
mergo seng gawe yo wong nyleneh
hura usah ngguya ngguyu
ndak diarani lara jiwa
simbah nek gelem we wes payu
tapi oleh tante-tante Jakarta
Soyo suwe koq bubrah.....
Mergo posting podo ngejunk....
Kang parto,mbok ajari Simbah.....
Ben koyo kae lho anak Punk
isuk2 mangan ketan
neng sumberlawang karo ngenteni besan
koe ki dudu setan
tapi koe siluman
gendange ledhek munyuk, pak ketipang ketipung
e e e e barlian tiba2 morooooo
nek siMbah dadi anak punk
njut barlian dadi opo?
tuku batik no Bringharjo...
Pinter nawar mesti seneng....
Pean ojo seneng mbembedo....
Aku iki dadi wong ganteng .
sumberlawang jare akeh susune
amargo sehat dan gemuk2 sapine
barlian ki ngopo je?
kok nek krungu sumberlawang dadi sensitif wonge
kluwih terong mrico lan tumbar
weh wong strese wes podo bubar
tuku kluwak ning pasar telo

adoh awak enenge kok nggresulo


munggah medhun tergopoh-gopoh
tuku soto sisan stroberi
matur nuwun duh Gusti Alloh
akhire iso ngrasakke prei
Numpak dokar mlaku ngulon
Angger sabar mesti klakon
Iwak pitik dodo menthok
lingguh dingklik ndondomi kathok
ono mobil nang ngarepan
diparkir satpam nggowo sempritan
hayo podo ramekke parikan
seng apik dewe, entok tepuk tangan
Ngguyang Mobil nganggo Banyu
ojo lali nggowo dingklik
saiki malem minggu
kok malah ngapeli Detik
tuku klambi
dikumbah rinso
sing di tresnani
kok ora rumongso
Tuku Rinso
Tekan giwangan
Aku Nelongso
sampe ra doyan mangan
bocahe pancen gemblung
nyandange koyo kere
nek ora wani nembung
nyilih lambeku po piye?
Bengi2 mangan gethuk
gethuke dijaluk wewe
Sesuk nek aku pethuk
tak ngomong dewe
tengah alas okeh woh wohan
digawe jus, lebokke kempong
aku wani dijak totohan
mesti kowe klakep raiso omong
metu neng dalan
nyegat taxi
iki meh parikan
po meh do judi
Nutu beras neng lumpang
ojo nganti dirubung semut
tenane lho kang ?
tapi aku dudu wong pengecut
neng lapangan
dolanan layangan
wes jeng..
tenang...tenang....
nganggo sandal midak coro
njijiki tenan malah digawe jenang
wong yen lagi ketaman asmoro
opo iso dikon tenang?
ndondomi nganggo benang
kok malah kleru drei
aku wes tenang
kang parto sing marai

uget-uget ulo sowo


wernone kuning jan medeni
biuh... seng jenenge parto
pancen kudu ditutuki
wingi mangan sego
saiki mangan roti
kang parto
ayo ditutuki
isok2 njereng upo
sisone ndek mbengi le ra kepangan..
iki gek do ngopo?
kok do tutuk2an..
page 175
ndondomi kathok nganggo benang
kathoke cilik awake kuru
kepiye koyo ngunu kok tenang
saben bengi klisak klisik rasio turu
werno biru duite sewu
nggo tuku permen entok limo
wes pik ra sah melu-melu
monggo ngancani nutuki parto
dolan neng klitikan
ojo lali tuku sepatu
ngopo to njenengan ??
kok malah melu melu
weruh sedeng nggowo tumbu
digowo nang tegalan meh ngunduh pare
aku wegah melu2
nek ora ngerti alesane
untune parto wis di kawat
tapi wetenge iseh mbediding
aku yo mung numpang liwat
karo sinambi nambah posting...
untune kripik kawati bendrat
gek meneh pakanane ramban
ono kripik numpak liwat
kok mak slenthing mambu menyan
menyang sawah angon sapi
sapine dikencang deng wit rambutan
iki podo nandi yo kok iseh sepi
pengen parikan, ra ono lawan
ditunggu-tunggu
raono kancane
minggu-minggu
ojo mbot gawe
ulang taon digawekke kue
dipangan dewe jo nganti do weruh
wes dab..semangat wae!!!
yo ngene iki jenenge buruh
tuku kathok sampirke genteng
regane sewu, duit entuk arisan
mesakke tenan uripmu denk!!
wis rekoso gek jomblo sisan
paling ra iso menek wit klopo
mergo le bingung nggonku cekelan
lho koe ra reti to parto
sandra dewi karo aku kih wes jadian

mbili enthik ganyong lan uwi


enak dipangan karo ngombe dawet
sandra dewi sing endi kui?
bakule gorengan po bakule cawet?
hawane sumuk kipas kipas
kipase megar bahane bambu
wes dek sandra rasah dibahas
sek momong anakku ben iso turu
asembuh raurusan luweh!!
dengkulmu kui ketlindes tank
anake sedenk pancen okeh
tur do nglangi ning sepiteng
jenenge cah cilik senengane nangis
digendong mbokne njuk dineng-nengke
nengomahe parto jane meh numpang pipis
kok ono gambare ade ray neng kamar mandine
lemes sithik digawe kaku
lemes meneh...jebule wewe
sedenk ora crita bab aku
tur nyitakke awake dhewe
dodolan salak regane sewu
dodolan klengkeng regane limolas ewu
walah kok iso aku??
jelas-jelas kuwi kamar mandimu
jenenge kripik iku prasetyo
omahe adoh uripe nang dalan
walah jeng ilova nandi yo
wes selak kangen, pengen parikan
sikil papat arane b4bi
ojo dicampur karo lele dumbo
lha nyatane aku wis payu rabi
kowe kui sing isih jomblo
lungo nang bang dinane seloso
rasane anyel antrine dowo
wes ra sah ngapusi to parto
rabimu kuwi mung kamuflase to?
tempe dele tempene koro
panganan enak wargo jogja
kamuflase ketemu pirang perkoro
nyatane bojoku tentram bahagia
kepengen cukur
neng salon astuti
yo wes, syukur....
berarti koe wes mari
mbenakke genteng
sikile gemeter
cocotmu denk
njalok diplester
sworo banter
mekakke kupinge
seng diplester
sonyolmu wae
suoro banter
ombo cangkeme
sonyol diplester
libile njuk piye?
omahe echot iku nang bandung

panggone blank ono nang yogjo


walah kok malah bingung
lho libilmu mengkurep to?
mangan bolu
dinggo sarapan
awak ngilu
merga kasmaran
Monggo sami lenggah
ampun lali meniko camikan
kok podo mbah ??
Kulo nggih kasmaran
asembuh luweh
rangurus dheweke
kasmaran kabeh
ayo gek dirabekke
goreng tempe dele
karo masak Pare
Sopo sing di rabekne ?
aku wegah karo kowe
arep tuku buku
mangkat dhewe
sing wegah ro aku
ora mung kowe
ya iya lah,
masa' ya iya dong
ono bocah
wudele bodong
tahu tempe
ambune sangit
sampun sore
nyuwun pamit
bodong ditaleni
omah kobong dibendeni
lebar mangan kudu wisuh
ojo lali karo serbete
clingak-clinguk golek musuh
monggo parikan sak katekke
Omah doro kui susuh
tuku odol nggo sikatan
lha aku dudu mungsuh
mung ajar gawe parikan
isuk-isuk mbedholi suket teki
ben apik diganti suket pramodani
musuh mono ra sah ndadak digoleki
ning yen pethuk aja diendhani.
ngarep iku ngajeng
kiwo iku tengen
walah jeng...
kok serius temen.
menek pyan tekan gendeng
masak sego dadi intip
bukan begitu mas sedenk
maklum lagi sensitip
stadion maguwo ono paingan
paling cedak seko kos-kosan
iki musuh dudu tenanan
mung balbalan, gawe parikan

Beras di liwet matenge jeneng sega


kena kanggo sangu lunga matun
sing tak karepke ya mengkono uga
kanca parikan alias berbalas pantun
si ranjero jenenge arif
jarang njedul opo sek loro
waduh jeng..lg nggo sensitif?
kandani aku yo nek stripe loro
Pitulasan Menek Jambe
hadiahe olek Kalkun
wes menengo wae
isin karo Pakde Koen
Sore-sore ngobong uwuh
uwuhe wulu blekok
Ra sah isin ra sah pakewuh
wong aku ora ngisin-isini kok
Ngombe teh neng cawan
ojo lali nganggo gulo
sopo mau golek lawan
lha kok malah lungo
wengi peteng
nguripke lampu
sek dilit jeng
aku handle tamu
yen sinau astane sedeku
opo meneh timbali bu guru
oo... handle tamu
tak kiro nek wes turu
iwak hiu mangan badak
i love u mendadak
Kodok kui yo katak
aku lho malah ngakak
Ana trewelu nyunggi arit
sampun ndalu kula nyuwun pamit.
manuk podang manuk kutut
bubar madhang enake udud
manuk kutut manggunge mak "kung"
bubar diudud wajibe pakpung
Page 180
jangan kangkung rodo mblenyeh
bubar pakpung, baleni meneh
mangan kweni entek papat
arep mbaleni wis ra kuat
otot kawat balungane kere
yen ora kuat, ganti nggo pare
ngunekke gong, dino riyoyo
aku ra dong, do ngomong opo
wedus cempe wulune ketel
ganti ngo pare malah gatel
wulune ketel, wis arep manak
yen malah gatel, di curi kalpanak
mangan rujak cingur
nganggo kacang dele
nek kalpanak ra manjur
ganti nganggo odol wae
buto ijo
buto cakil

ndelok nganggo moto


nendang nganggo sikil
bocah ayu bakul tiwul
diwadahi nganggo bakul
terucap kata untuk mas timbul
sugeng sonten mbul!!!
isi sawo
jenenge kecik
monggo
mas kripik
ono jamu sido muncul
nggo nambani awake loro
kripik karo mas timbul
wes dadian po yo?
enak tenan
mangan bakso
adiku iwan
saiki lagi ngaso
sedenk mangan sate karo mangap2
karo disambi ngombe teh jahe
sorry denk aku tidak seperti yang kau anggap
kang timbul dinggo kowe wae.
awan2 ngombe wedang ape
cecepane sesetan daging kebo
penak tenan uripe
sore2 kok wis ngaso..
ono kebo
dipangan macan
sore2 wis ngaso
mergo kakehan mangan
ngulup gedhang di campuri santen
olehe mangan di campur kara
Para kadang ngaturaken sugeng sonten
sugeng nganggar-enggar sarira
kupat santen
dados bubur
wanci sonten
ajeng kondur
lunga kerja lali ora nganggo pupur
merga wis keri kok nyusul
Mangga menawi badhe kondur
kula ugi ajeng wangsul
metu omah sandalan jepit
wes, kulo nyuwun pamit
manuk doro
isuk-isuk, ono sopo ?
mangan bakwan aduh asine
ra dipangan kele-kele
Okeh prawan ilang isin-e
turut ndalan ngeler wudele
mlanding petel jarene
kanggo bothok enak rasane
ting pethethet pakaiane
nganti ketok bentuk awake
deleg-deleg
karo manthuk-manthuk
weteng wareg

njuk marai ngantuk


ora awan,
ora wengi
saiki parikan
kok rodo sepi ?
esuk sarapan
terus klekaran
akeh garapan
ra mikir parikan
bar mangan awan
rasane pengin sare
nek akeh garapan
yo ndang nyambut gawe
bacah prigel
opo opo di saut
awake kesel
boyone senut senut
bocah prigel
kudu ngati-ati
kang parto pegel
sopo kuat mijeti ?
mrono mrene nggowo belati
wis tekan kutho lali tuku sego
koq takonne sopo kuat mijeti?
lha kang parto ki segedhe opo???
awak kluwur kokean dosa
gedhe dhuwur gagah prakosa
page 183
Wong Mati mlebu Bandoso
sing jelas dudu kang Parto
ngguwang uwuh nemu watu
oooooohhhh... begituuuu...
tuku kertas ukuran kuarto
ketik manual dua spasi
piye tho iki kang parto?
dumeh aku anyaran trus diapusi
buaya naik jerapah
yaaa..begitulah
iwak lele ilang buntute
Ngapusi kowe raono bathine
wengi2 enake ngombe wedang jahe
aku yo mung iso ngguyu wae.. hehehehe..
Abangan ora ono ijone
Asale disate karo dilengoke
dagangan ora ono bathine..
Soale dipaske karo pabrike.
ikan lele, ikan sepat
Oooh my god..!!
iwak tombro iwak gabus
kang parto, mung ngedabus
mangan pelem, sopo sing arep??
hawane adhem, nguyuhe kerep
aik-aik mangan lele
kepanasen nganti ngowos
lagi ngerti po kowe
emang parto gaweane ndobos
mangan nasi tumpang

mugo2 diparingi gampang


parto uwonge rodo' ndoweh
nanging bocahe seneng kekancan
kok do meneng kabeh
opo kenthek'an bahan??
ono kuping ono moto
moto melek nganti amnesia
ojo sering ngenyek si parto
parto elek tapi juga manusia
ono pelem patang iji
arep dipangan karo kowe
nunjuk ki driji siji
sing papat bali awake dhewe
Kewane baya ijih ngrendem
Biawak padha olah raga
Hawane kaya ijih adem
Awak ayo padha dijaga
lungo suroboyo nggowo rumput teki
arep lungo jakarta ra duwe konco
kudu percoyo sing sopo iki
jeng ilova nopo kang parto?
tuku semen, di doli kayu
elek yomen, penting wis payu
parto mangan pelem
sak isine kathut dipangan
nunjuk ora mergo adem
emang jalarane kowe sing tengilan
ono wedokan bakul jamu
tapi uwonge kok rodho' royal
pancen kowe uwis payu
tapi mergo di obral
bocah elek ora kopen
bocahe ketemu konco lawas
tengilan hambok yomen
penting penak, sukses tur puas
iwake lele
kecemplung ning banyu
mbange kowe
wis di obral tetep rapayu
Numpak Prau
neng selokan
kok do Padu
neng Parikan ?
mabur mabur jebule kinjeng
mencok ning nggon uwuh
iki ora padu kok diajeng
tur namung ngangsu kawruh
nang toko besi tuku kuas
mbak'e le dodol malah ngedoli susu
percoyo nek kowe puas...
tapi lum tentu bojomu...
bocah kae pancen gudiken
tapi kok sering wae di gondhol
mergo le ngobral keduwuren
dadi mending ra sido didol
Ora ilok numpak prau
Ora ilok padha padu

Mending numpak motor mabur


Mending padha guyup akur
esok2 mangan intep
ojo lali ngombe susu
darepada nggosep
mending padu
ojo nesu pik, kabeh mun gojek
carane barang pabrik, kowe wis di reject
tuku buku
regane sewu
jo mergo aku
dadi do padu.
ono ulo ning wit pare
nyokot bocah jenenge upik
wis saiki di cethakke wae
kowe milih aku po kripik
ono bocah, senenge ngidu
nganggo clono awake kuru
wis bengi cah... ojo do padu
timbang ngono mbok yo o turu
kerjo ning kutho
marai kuru
nek urung cetho
raiso turu
pilih rendang opo pare
yowes kang, sugeng sare
bengi2 golek susu
ora ono malah enthok pupu
pancen bener kandamu
setuju aku
tuku wedus sing akeh wulu
duit e akeh simpen neng saku
waaahh, yo aku ra iso milih nu
kang parto ro kripik kabeh kancaku
entuk ora anggonku nyilih?
nek raoleh tak tuku wae
yen aik ra gelem milih
yowis tak golek liyane
bengi2 ngombe susu
karo disambi mangan lawoh ati
nek kowe arep turu ojo lali pesenku
cuci tangan dan kaki
ono gajah buntute telu
menyang kali ngresikki awakke
wis cah anggone padu
bengi-bengi mbrebegi tanggane
bodo podo mudik
numpak sepur nganti rebutan
halo kang didik!!
piye? isih ra keturutan?
deluk engkas enek wong mudik
transportasi bakalan lelet
dua kata terucap untuk mas didik
gud net..
moto aboh entop tawon
tawone meclok neng wet pare
sugeng enjing sedoyo mawon

pripun kabare?
tuku uyah, karo miwon
alhamdulillah, sae2 mawon
mlaku-mlaku nyang pasar ikan
ndelokke cumi kepengen tuku
niki mas timbul nopo mas iwan?
hayooo...ngaku....
sirahe gundul
ojo panasan
niki Mas Timbul
kembarane mas iwan
meneh ondo, ilang sandale
rupane bedo, podo rasane
seng elek dewe koncoku parto
oalah..ngono to...
cah cilik diundang thole
cah jogja kui japemethe
senajan podo rasane
tapi mesti bedo variasine
mlaku2 midak telek
ojo lali wisuh nang sumur
senajan parto elek
tapi awake parto subur
sasi ruwah ziarah kubur
nggowo kembang dienggo nabur
snajan Parto awake subur
nanging durung mesti manjur
doro bangkok pinter mbekur
dorone tonjo larang regane
pancen iyo awakku subur
tandane wong sing resik atine
omah gendeng tak saponane
bobotku enteng resik atine
arep turu
malah mlebu ning bandosa
awakmu kuru
isine mung balung karo dosa
bandosa kreto roda manungsa
timun wungkuk nggo kanca sega
snajan awakku okeh dosa
ojo gumun yen suk mlebu swarga
karepe piye to iki??
gawe kisruh gono gini
wah yen wis ngeneiki
aku tak melu ngamini
bojone kang partoo jenenge ngatemi
kulo njih nderek ngamini
ubuh-rubuh gedang le mlaku
duh..aduh...senang hatiku !!
Lungguh tengah ro mangan sego
Ojo lali lawuh mangut
Yen Gajah mlebu suwargo
Ojo lali... aku meh nunut
suwe ora jamu
jamu godong meniran
suwe ora ketemu (karo kang gajahbengko)
temu pisan ngajak gojekan ...

dibanting
kiwo tengen
suwe ora posting
marai kangen
Udan - Udan ra payungan
ngeyup ning ngisor wit Kapuk
Awake wes kliyengan
tapi kok mata rung ngantuk
bocahe pancen kuru
nganti iso mlebu pranjen
kowe kurang turu
amargo kurang sajen
ki timbul
dalang wayang
isuk njedul
awan ngilang
godong kambil arane janur
bluluk tua jenenge klopo
sugeng enjang kang iwanoor
putrane pun saget menopo??
uku kopi nyang banaran
awk kesel nggo klekaran
bocah anyar rep kenalan
nak wes kenal banjurr gojekan
manuk emprit manuk manyar
gawe susuh ono pandan
Aku yo bocah anyar
Aku yo melu kenalan
nonton pilem layar lebar
ono stdion kajuruhan
podo bocah anyar
ayuh podo salaman
salaman podo podo
t4i kucing dowo dowo
kang partoo nonton majalah parno
lah kucinge mangan opo?
numpak prahu layar
sembribit tenan angine
sing krasa bocah anyar
ojo lali traktir condole
arep mbayar
malah kejegluk nganti benjol
yen bocah anyar
urung iso carane ngenei cendol
ra kuat mbayar
rasah kakean alasane
snadyan anyar
ning ora podo karo koe
isuk2 sarapan tempe
ojo lali bar mangan ngombe banyu
putri kulo remenipun sami bapake
sami2 remen mesem lan ngguyu
tuku jadah
pasangane tempe
pakdhe gajah
pripun kabare ?
jaran kore jarane mbah rongge

ojo rame ono pakdhe sare


tangan busik mergo panasan
mangan ndisik mumpung liyane do jumatan
a due gawean dadi njegadul
le njegadung ning nggone mbah surip
weh lintang njedul
lha kok jebule isih urip
njegadul neng pinggire kali
parto mbergajul nggolek prawan keli
yang jogja numpak taksi
Awas.....Tawon alas bereaksi
iwak pitik dodho menthok
lingguh dingklik ndondomi kathok
iwak pithik dodo menthok
lhadalah bokonge kang parto kethok
manuk manyar
lebokke kurungan
iki cah anyar
ning wis trunyukan
manuk manyar
lebokke jaratan
id ne anyar
gek gek klonengan??
Ning jogja enake rungokne klenengan
Niki asli mas dudu klenengan
bar jumatan
enake mangan
seko parikan
nganti klonengan
Nyang jogja koq metu prigi
ora enak saling mencurigai
nyang jakarta, liwat semanggi
luwih penak, mencuri hati
Regional jogja jolali karo parikane...
Lha ndi ki gak ono wedokane..
lungo nang godean
tekan pasar godean tuku welut
sing pinter parikan
jeng kembang karo beruang imut
ngombe kopi
karo mangan tempe
siMbah nangdi ?
kok ra ono kabare ?
mbakar lombok
nganggo mowo
golek gembok
kanggo legowo
Rujak benTis.
sayur lomBok.
SimBah nangis.
kentekan geMbok.
jangan kare
diwadahi kwali
jumat sore
mulih rodo bengi
Roti betawi Roti buaya
Wah,Kang iwan memang gak ada matinya

roti betawi
dimakan di cilincing
nek sudah mati
aku ra isoh posting
kolor katok nggo lalapan
iwanoor kok dilawan
oono boyo diwadahi emberr
ben ra lungo tur ra medeni
wong tuo ko seh registered member
kalah ro barli anune wes dowi
numpak motor neng dalan
ojo melu kebut-kebutan
aku ra perlu dilawan,
kur golek kanca parikan
tape telo seko boyolali.
piye yo carane ben cepet dowi?
kluweh diwadah goni
weh kebeneran tak kancani
menungso butuh udara ben urip
dadi ojo lali marang sing kuoso
sory kang, mergo wis magrib
wayahe bali ketemu anak+bojo
ketupat santen
menawi lepat nyuwun pangapunten
iwak sepat iwak kerapu
anak kerah dijewer mbok'e
iki mripat rung gelem turu
pdhl sirah wis ngene abot'e
sasi rejeb okeh mantenan
undangan okeh marai kere
yen wis kabotan tenan
hambok di selehke wae
neng pasar kemis ra lali tuku lele
lha iki yo wis ro teturon je.
menawi pados ingkang badhe disayang
ampun remen tiyang temanggung
sinaosa jengkap taksih siang
sampun kangen kaliyan biyung
menyang ladang nggo sapi
sapi dikencang ben iso mangan
walah...df kok sepi
tiwas kesepian nang gawean
sego gurih
di gondol wewe
sepi ing pamrih
rame ing gawe
mangan sego
sego rames
tanggal tuo
rasane lemes
arep mangan
sayur lodeh
awan-awan
parikan maneh
enake ngrungoke lagu lagu
lagune entek ganti bal balan
kawet mau mung mlaku mlaku

nganti ra kroso nek wes awan


suwe ora jamu
jamu godong jambu
suwe ra ketemu
ketemu pisan malah mlayu
golek kayu kembange kacang
ben ra mlayu gek dicencang
ngisor wit jati mbeber kloso
lungguh watu kalung kawat
piye ati ra nelongso...
gaji metu ning mung liwat
nggelar kloso
dinggo ngaji
ati nelongso
nunggu tanggal siji
isuk-isuk kok wis jaritan
sarapan sek mumpung anget
karep ati gawe parikan
ning sing metu kok mung kringet
larei pagi nganti menggos-menggos..
mampir nang pasar tuku janganan...
kowe pancen gembrobyos..
tapi ambune ra karuan
mandeg neng prapatan
ono lanangan kemayu
njenengan ra sopan
malah ngguya ngguyu
Yu Painten rodo kemayu
gawe jangan diwenehi santen
Kebangeten yen ra ngguyu
gawe parikan wae kok sampe kringeten
jangan santen lali bumbune
bumbu larang merga do mundak
najan kringetku ki mambu
mambu enak akeh sing nyedak
neng bumiayu
numpak sekuter
wong gelem sinau
mesti iso pinter
anak cilik gawene ngiler
awake reget banjuur diadusi
pancen sinau agawe pinter
tapi ojoh digawe ngapusi
iwak koi
iwak benur
contonen kui
kang iwanoor
mrana mrene dolan neng tangga
anak dara lara swiwine
aku neng kene ya mung isa donga
mugo-mugo lancar sesuk baksos'
iwak pitik dodo menthok
jare ndelik jebule ketok
kayu dipepe nganti getas
nggowo buku njuk ditulisi
gandheng batre hape wis njaluk dicharge
yo aku kudu pamit saiki.

kurang cilik terus dikikir


keciliken malah ora bathi
sopo omong nganggo di pikir
salah nylekop, nglarakke ati
isuk-isuk nggoleki topi
topi ne Mbah maridjan
isuk-isuk wes disuguhi kopi
kopine uenak tenanan
tuku getuk nggo jajanan
moto ngantuk jian tenanan
isuk2 mambu bathang
wis njijiki tur mambu
wuuah ono jeng lintang
aku kangen padamu
nunut ngombe wedange pak dhe
parto sentono kabare piye?
telo soko kutoarjo
Bozz-ku wes teko wayahe kerj
iso ngaso nek wis awan
kroso penak karo dipijet
wis suwe ra parikan
pikirane kroso cupet
sego lawuhe uyah
piye kabare cah ?
tahu tempe enak rasane
anane neng warung angkringan
piye iki, wis wayah sore
kok ra ono kanca parikan ?
duwe bojo dandan menor
dolan minggu ning pemancingan
ojo sedih kang iwanoor
kulo teng ngeriki ngrencangi jenengan
bocah ayu ngowo tenggok
tapi uwonge kok wis rondho
kok koyo ono le bengak-bengok
jebul kang iwan le lagi golek konco
gurameh digoreng nganti kemripik
nggorenge neng pinggir kali
matur nuwun iwed lan kripik
kayane jodo cah loro iki
wong ngandut nek mangan jeleh
bar mangan njur leyeh-leyeh
wes ora mung payu meneh
tapi buntute wes semeleh
Jarik, dinggo sarung
Pik, wis adus rung ?
tuku keripik,ning pasar nyanbi tuke dawed
tekok keripik kok quote parikane iwed
adus nggowo anduk
ojo lali sabun, sikat lan odole
maklum wis sepuh nduk
wis akeh klera-klerune
arep ngupati tuku iwak blanak
gek mangan tepo di ganggu jampe mete
sampun sepuh niku penak
ibarate kelopo makin tuo makin okeh santene
gulo jowo

rasane legi
wis jam limo
wayahe bali
golek tumo
neng berasan
wes jam limo
ijeh koyo awan
Golek Tumo
alias Metani
Bar Jam Limo
Mesti Sepi
ireng-ireng
werno klambi
kene jeng
kulo kancani
parto dodolan lemah
regane sekitar telong jutaan
syukur alhamdulillah
koncoku wis seneng wedok'an
sarapan nganggo gereh
ayo parikan maneh
melu balapan
nganti ping limo
arep sarapan
enake opo yo??
arep lungo macak pupur
mangan tempe ganti blenger
sarapan bubur
rasane meklegender
awan-awan
ngombe es
nyedaki rolasan
wetenge mulai protes
mbakar sate
sate gajih
wayah sore
siap2 mulih
mbakar sate nganggu susuk
saiki wis esuk....kang...
nyangking susuk
nggone lek priyo
saiki wis isuk
ayo do makaryo
Nggone pak Karyo
omahe resik
Sakdurunge makaryo
sarapan ndhisik...
pathuk, neng wonosari
isuk-isuk, wis nyampursari
Tuku bakwan
campur gethuk
bubar mangan awan
mripate ngantuk
lebar maret mlebu may
iku sasi brahine badak
sial, rasido melu survey
mergo aku ngantor mendadak

ngantor mendadak nyang kuto


ra melu tindak ra rekoso tho
mejeng neng alun-alun tuku sawi
piye denk kabare sandra dewi
harum semerbak bunga melati
sandra dewi tetap dihati
bocah apik kudu anteng
dijaki bapake neng alun2 kidul
pripun kabare jeng?
kok pun dangu mboten jendul
gondal-gandul neng ngisor wit
ra iso njedul repot golek duit
wayah sore neng tengah kali
denk pamit arep bali
yen awakmu ditolak sandra dewi
golekken ganti sing koyo mpok ati.
minguk ngiwoo
nek nyebrang dalan
njih mongoo...
hati-hati dijalan..
mampir keputren
disuguh kopi
saben weekend
koq mesti sepi
mampir keputren
nggowo gulo + teh
wis dino senen
ayo parikan maneh
lungo neng kali
arep umbah-umbah
parikan rodo sepi
mergo ra ono siMbah
cah wedok pinter olah2
tapi kadang isih ngintip
ngucap syukur Alhamdulillah
bojone wes positip
golek setip entuk'e kerang
kayu gaharu dinggo jimat
sing positip bojomu po, kang?
yo nek ngunu...wah, selamat!!
ngombe madu mangan roti
sugeng ndalu wanci ratri
kembang klopo
sugeng siang, kawulo yogjo
pathuk, gunung kidul
isuk2, ayo macul
kewan ucul
pating klarah
arep macul
radue sawah
kewan ucul ngisore gong
rapopo macul sawahe wong
weteng luwih isuk-isuk
gur sarapan sego sepincuk
nandur kacang tengah alas
ayo cah wayahe kerjo golek beras
Akulah karyawan paling pantes dapet promosi,

Selalu paling depan ngisi daftar absensi,


Di antara rekan akulah yang paling rajin,
Temen yang nggak masuk pun aku absenin
Jam 8 kurang udah masuk kantor,
Tidak lupa membeli koran,
Di koran banyak berita koruptor,
Kenapa gua nggak kebagian ?
Tahun pertama ngantor masih tinggal di kost,
Tahun ketujuh ngantor udah pindah tempat kost,
Tahun pertama pergi-pulang nebeng tukang pos,
Di saat krismon pergi-pulang nebeng bos
Akulah karyawan yang paling setia,
Sedari peletakan batu pertama kantor, aku jadi kulinya,
Sampai kantor punya jaringan komputer, aku jadi net-adminnya,
Sampai kantor diledakin, aku jadi otaknya..
Direwangi mrana lan mrene
malah kelangan gucine
Suwe ora mlebu mrene
merga lali karo kata kuncine
tuku lawuh, neng alun2
sugeng rawuh, kakang koen
Yen arep turu awan
aja nang ngisor wit klapa
Maturnuwun dab iwan
putrane sampun saged menapa
mangan sego, lawuh gereh
putri kulo, sampun "ngoceh2"
nek sarapan ora kena okeh-okeh
nek kewargen marahi ra bisa kerja
Isuk-isuk ngungokake anak ngoceh
marahi aras-arasen budhal kerja
ngumbah klasa warna biru
kesel tenan ngentekke banyu
ora krasa karo mlaku
postingan parikan wis 2000
iwak pitik dodo menthok
jare ndelik jebule ketok
*senjata pamungkas nek ra due ide
mbuka toko dodolan emas
meh riyoyo sing tuku uakeh'e..
saben kang parto ngetokke jurus pamungkas
yo ayo thuthuki wae...
mama sayang, aku kangen ...
sugeng enjang, sedanten ...
Nyunggi rinjing nyangking dandang
pethuk pak karya ora diampirna
Sugeng enjing sadaya para kadang
sugeng makarya ngantos paripurna
kupat santen
dipangan pas riyoyo
sugeng sonten
kawulo yogjo
sego lawuh uyah
karo sambel gereh
Mbah, tangi Mbah
ayo parikan maneh
tuku kayu neng kudus,,,

wedok'e ayu lanange koyo wedhus,,,


tuku kayu
neng bumiayu
nadyan ayu
nanging rada mambu
wis ra kuat
macul neng sawah
dino Jumat
ayo ngibadah
gulo jowo
rasane legi
meh jam limo
wayahe bali ...
sentir lengane klopo
sawo kecik dironce ronce
ojo dipikir pacare konco
luwih becik golek liyane
segoro uyah ...
gatekno kui Mbah ... !!!
bocah kembar umbah-umbah
numpak pit jengki nggembos ban'ne
digowo sabar wae yo, Mbah
mergo kabeh ki ono wayahe..
pitik cilik mlebu omah mabur mabur
omahe gedhe omahe gedhe pinggir tegalan
isih cilik isih cilik gampang diatur
mbareng gedhe mbareng gedhe ugal ugalan
ela elo sawo dipangan uler
ela elo wong bodho ngaku pinter
kerjo kanggo keluargo
kareben tentrem uripe
lagu iki andalane kang parto
angger durung entuk ide
uler keket rupane ijo
ajeng kulo pelet pun gadah bojo
tuku duku, simpen neng lemari
lego atiku, rampung pe-er siji
numpang parkir ngowo cangkir
seneng mangkir digoleki bokir
mangan telo dicampur ragi
gud morning jarene selamat pagi
mbah djoyo ngelar kloso
mangan ketupat karo santen
sakmeniko mangke dinten puoso
gadah lepat nyuwun ngapunten
kolak pisang, nganggo santen
sugeng enjang, sedanten
senajan onten kembar siam
nanging mboten sami alias benten
sampun ajeng sasi siam
sami2 nyuwun pangapunten
Sleman Mlati Ngayogyokarto
Sing tak anti anti dipek wong liyo
rokok klobot teng njero kamar
kadung mbobot wurung di lamar
gunungkidul handayani
ben ra ucul yo digondeli

karung bagor nggo nutup kompor


biar tekor asal sohor
ngemplak sentul kanigoro
ndas gundul dikeplak loro
ndas gundul ditutuki
tiwas njedul DF'e mati
nyimpen giwang ngisor klasa
sing disayang ra rumangsa.
klasa digelar nggo mapan turu
krasa mak byar krungu sesambatmu
tuku sepatu durung mbayar
nyambut gawe dodolan tape
ora perlu krasa mak byar
sing tak omongke dudu kowe
aran kore, sikile wojo
opo mbake, wis tekan yojo?
masak kare, nganggo wojo
gi ngko sore, le mangkat yujo..
wojo ireng dudu lumut
punapa kepareng kula tumut
nganggone jas, lha kok mangane dondong
oleh wae mas, ning ra njaluk gendong
dondong opo salak duku gede-gede
ora bakal nyengklak nek ra nganggo moge
tuku semongko neng Kulon Progro
Mampir Godean tuku kripik welut
kanggo kabeh sedulur DF reg Yogja
nJaluk ngapuro aku akeh luput
masak mie, sonten sonten
kulo nggih sami, nyuwun ngapunten.
macul nang sawah njur golek kayu,
mripatku nggandul dadi melek weruh wong ayu.
tumbas kupat dinggo sarapan
dimamah alus anggone maem
sedaya lepat lan kekirangan
simbah bagus nyuwun ngapunten
nang sawah nandur blewah
ana tikus mangan pari
opo ora kleru kuwi mbah
bagus'e sebelah ngendi
nang sawah nandur dhele
kacang koro ora lali
pancen simbah bagus dhewe
ra percaya takono para putri
neng sawah angon boyo
boyone tas dipakani
lha simbah we wes tuwo...
rupane yo wes nggilani.
Yen lumaku aja dhewe-dhewe
sebab nang kene akeh bebaya
Yen ora bagus dhewe
mosok dibagusake wong liya
nyunggi rinjing isine gedhang
ora lali nyangking tas
Sugeng enjing para kadang
sugeng nindakake aktivitas
awan awan nggelar klasa

turu dhilut ben bisa tambah rosa


Gandeng ngarepake wulan pasa
nyuwun ngapura sakabehing dosa
nggelar klasa bar panen padi
met pasa everybody.
mbeber kloso bantale teles
angger puoso awake lemes
mlebu omah
nggelar kloso
rasa sumringah
wis arep buko
kloso digelar tamu disugat
poso lancar nyambut gawe tetep semangat
numpak sedan
sedan mewah
angger awan
kroso lungkrah
tuku gethuk, neng pathuk
nek isuk2, ijik ngantuk
baladewa godhonge randu
isi duren arane pongke
pancen wis suwe ra ketemu
temu pisan malah jengkelke
isi duren jenenge pongge
ojo dipangan, tapi dibuang
ketemuan kok njengkelke
opo kowe ditagih utang
mangan sate nganggo sarung
ra njengkelke piye ketemu we linglung
wedang legi campure glali
sing anget wedange jahe
di lali lali tan biso lali
amargo eling kabecikane
awan-awan
sirahe mumet
suwe ra parikan
pikiran rasa cupet
Cupet taline topi
sirah mumet ketagihan kopi
ngelus dada mergane watuk
weruh kenyo kesandung watu
iki mata wis rasa ngantuk
ayo ayo gek cepet turu..
suwe ora dolanan
dolanan anune sebeh
suwe ora parikan
rasane awak pegel kabeh
Kucing senengane mangan besek.............
Kui lho clonomu suwek.........
angka papat
aja diwalik
dino Jumat
nganggo batik
opo bedane
ketan karo jadah
wis meh wayahe
ayo siap2 ngibadah

ngajak balen
malah dipegat
dino senen
ayo semangat
iwak sepat
iwak hiu
bar sholat
njuk turu
wis tak sawang, asline kasar
jeng kembang pancen kawentar
onde-onde campur wijen
dipangen kelet neng untu
Weruh postinganku mbiyen
marai aku mesem ngguyu
roti wijen regane sewu
yen dipangan ja dicampur kolak
pancen mbiyen marai ngguyu
kelingan jeng kembang gek isih galak
buko nganggo kolak
kolake isi biji salak
kembang mbiyen galak
saiki yo tetep galak
resik-resik nganggo sulak
banjur diwehi hiasan
aku ketoke galak
ning asline apikan
resik-resik nganggo sulak
ben regetane ora ketok
dadi kembang ojo galak2
mundak ra ono tawon sik menclok
manuk podang manuk jalak
kodok pruntus kodok bangkong
jeng kembang kui ora galak
tur pancen mbangane raomong
mangan gethuk
awan2, matane ngantuk
mangan blewah
awan2, awake lungkrah
mangan duku
awan2, penake turu
mangan hamburger
awan2, kok njuk ngiler ?
mangan kolak
awan2, rasane ngelak
mangan apa maneh yo ?
mangan sego gudeg ndog karo suwiran ayam
karo ngombe es teh ...
enaaaak tenaaan
mangan gethuk, iwak pitik
moto ngantuk raup disik
mangan gethuk
campur karo tahu
mata ngantuk
mergo kurang turu
mangan gethuk, campur upo
mata ngantuk, tambane opo
bar mangan gethuk, mangan arem-arem

tamba ngantuk, ra liya yo mung merem


mangan gethuk rasane pahit
moto ngantuk tambane duwit
mangan gethuk, ngombe burjo
moto ngantuk, opo moto ijo
siji loro, telu papat
hayo sopo, durung sholat ?
enem papat pitu songo
sregep sholat mlebu swargo
telu papat
wolu songo
dino jumat
dino riyoyo
papat papat
dadi wolu
dino jum'at
jo dho turu
campour baur
kakung putri
wayah saur
ayo do tangi
mbagi ra roto marai meri
kudunu kabeh entuk siji-siji
dino setu ra sido prei
lha kudu nggowo gawean bali.
postingan ing dino setu
iso ngilangke roso mumet
dino setu ngene iki males metu
neng bogor ngendi-ngendi macet
ijo ijo godonge pandan
beras ketan digawe jadah
sepuluh dino akhir ramadhan
kudu luwih sregep le ngibadah
awan-awan ketekan tamu
tamune ayu marahi deg-degan..
yen wis tekan dinane setu
pengine turu malas-malasan
esuk2 mangan permen
awan2 mangan gurameh
bul sesuk wis dina senen
siap2 makaryo meneh
jagung enom digawe bakwan
ojo lali tambahi uyah
pancen enak yen dudu karyawan
nyambut gawe ra nganggo wayah
tuku bubur rega sewu
bar sahur bali turu
tuku duren
jumlahe papat
dino senin
ayo semangat
udan sakwayah wayah
kuwi sasi Desember
siMbah yogjo Ultah
ngko bengi bukber
iwak pitik dimasak tumis
bodinya cantik hatinya manis

cah sekolah ojo mung dolan


nek bengi kudu nggarap PR
sedelok maneh wis lebaran
cah2 opo wis entuk THR
dolanan bal bekel
bal bekele dicolong kethek
THR e wis kecekel
tur sayange wis entek
Tuku jenang ngombene kolak
Nyekel genter kok wes ceklek
Iki tenan opo ra wong koplak
entuk THR kok nggo tuku kethek
mangan ketan aja rebutan
jare mingkem lambene obah
yen wis tekan dina lebaran
ayo sungkem karo siMbah
kupat duduhe santen
sedoyo lepat nyuwun pangapunten
kupat janure dowo
sedoyo lepat nyuwun pangapuro
lungguh dingklik sirahe mumet
sing dho mudik mugo2 slamet
awak loro kudu dirawat
mangane ojo mung iwak gereh
dino riyaya uwis liwat
yok bali makaryo meneh.
pitik walik dinggoni kathok
jare ndelik jebulane ketok
mangani degan
aja karo kulite
wis mangsa udan
jaga kesehatane
bar mangan,
ngombe es dawet
suwe ra parikan
pikiran kroso cupet
ono ulo
ngroso ngeleh
lha nggih monggo
parikan maleh
kanker ganas
marai remuk
hawane panas
awake sumuk
krasa asin
njuk dilepeh
dina senin
kerja maneh
wetan kali kulon kali
tengah tengah nggo dalan meri
saiki mati sesuk mati
luwih becik podo ngaji
sandal selop warnane biru
krasa angop pengine turu
ning wates liwat semarang
udan deres ra terang terang
bisa nggambang ora bisa nyuling

bisa nyawang ora bisa nyandhing


bisa nyuling ora bisa ngenong
bisa nyandhing ora bisa mboyong
swe ora jamu
jamu godong gedang
swe ra ktemu
ktemu pisan tuman krasan
godong gedang digawe kloso
sing tak sawang kok ora kroso
iwak pitik goreng lengo
sing tak lirik ora kroso
iwak bandeng ilang banyune
yen tak pandeng tambah ayune
manuk sriti kecemplung banyu
bengine ngimpi awane... anu... hehe hee
siji loro, telu papat
urung jodo,ojo sambat
pak mamat dodolan tomat
pancene lagi kumat
tuku tomat
ditinggal bayen
ist kumat
pancen ket mbiyen
nggulung-nggulung
kecemplung jogangan
mendung-mendung
enake wedangan
wedang kopi rasane pahit
ngajak rabi ra duwe duit
wedang kopi ra no gulane
pingin rabi rung no calone.
paitan duwit selawe
nek parikan jo nyindir kancane
ibuk tuku lampu senthir
lengane jare seko pulau rote
blasss aku ra niat nyindir
wong kuwi ngomongke awakku dhewe
ono banyu ning njero lumpang
tonggoku ayu jenenge kembang
ana banyu nang njero lumpang
banyune akeh kena dinggo kungkum
ana pawongan sing ngesir jeng kembang
ning wanine gur nang detik forum
Saba alas bebedhag kidang
bareng wis oleh kok malah dadi rebutan
Sugeng siang sedaya pra kadang
sugeng makarya sugeng nindakake jejibahan
kapal keruk taline kenceng
moto ngantung gulune cengeng
tuku gethuk ditambah widaran
yen wis mathuk kapan sing lamaran
nyangking kendhi lunga matun
dicokot ula awake loyo
jojok neng padusan dolanan sabun
apa awakmu rung duwe bojo
ono bumbung koq isine beras ketan
gawean nggunung koyo dioyak2 setan

jambu alas kulite ijo


sing di gagas wis due bojo
bar tuku beras, gage2 simpen neng pawon
ati roso puas, sing dipingini wis kelakon.
Tanggal selawe tuku jamu
Ojo suwe, tak tunggu randhamu
mbeber kloso neng sanding lawang
senajan rondo regane larang
Nggawa kranjang menyang stasiun tugu
Senajan larang tetep wae di tuku...
ngoyak lawuh kelangan sega
sire gambuh malah cilaka
Pring petung digawe bumbung
Dienggo nderes neng wetan ratan
Tiwas sengkud anggonku nabung
Sing arep dituku ra sido pegatan
wiwit bayi nganti jaka
yen dandan pating slengkrah
Piye ora cilaka
wong salah olehe nglangkah
Nggelar klasa nang pinggir ratan
kanggo lesehan tur hawane isis
Yen sing arep di tuku ra sida pegatan
golek sing liya sing isih kinyis-kinyis
Numpak sepedha aja dipepet
Arep dolan neng prapatan mBlimbing
Sing kinyis-kinyis abot neng dhompet
Ngakune prawan jebul wis ra kempling
beli baju smp pekanbaru
mlangkahe maju po sih kleru?
mangan trasi
nganggo kuah
trimakasi
mwuah-mwuah
mlaku-mlaku nemu jalan buntu.....
seminggu iku dinone pitu.....
jare jeng ist tangi turu wes nesu-nesu.....
ojo-ojo njenengan ijik loro untu
mlaku-mlaku ng pasar baru
si adek titip terwelu
sariawan sing isih mengganggu
obate apa durung nemu
mangan awan nang pasar senen
malah kanca titip tuku buku
sariawan wis ket biyen
kon tuku melon koq ra nggugu
mangan awan karo ngeronde
mangan mie ayam saking pedese...
nek ijik benjol sariawane...
ditunggu wae kempese.
golek wader jo lali umpane
marakke kemecer delokke bakso ng dalan kae
mangan sop awan-awan
sop kikil rasane huenak tenan
Nek aku nandang sariawan
obate abothyl mandi tenan
Awan-awan lunga blanja ning pasar pahing

tuku klenthing sing ana sesotyane


Prawan randha kuwi ra patek penting
sing penting kuwi prasetyane
sarapan lawuh tempe ro jangan soon
kok tak rasake kakehan motone
maturnuwun om infone...
jeng ist mungkin luweh butuh obate om
tumindak ala aja di kulinakake
mumpung durung nemen-nemen ( alane )
iya mulakna kudu di biasakake
yen jumangkah ndhisikake sikil tengen
Lungguh jejer karo kenya
Kenya ayu ngagem jarik lan selendhang
Jaman saiki angel golek sing setya
Sesajene ilang kangmas ditendhang
Seto Kumitir kuwi jeneng wong lanang
wong lanang sing saben dina minangka mantri
Aja kuwatir lan aja was sumelang
yen di tendang, nang njaba isih akeh sing antri
Kuncen iku pasar sapi
Sapine lanang regane larang
Pancen akeh wong sing ngantri
Jebulane padha arep nagih utang
kulakan kembang saka banyu urip
numpak satang nyabarang kali tekan Bunut
Utang kuwi kembangane wong urip
merga utang olehe nyambut gawe dadi sengkut
Ayo dolan nang nang pesisir
Bareng-bareng numpak motor
Nganti judheg lehku mikir
Ben ra diuber debt collector
Mlaku-mlaku numpak pit montor
mlipir-mlipir wedi ndhak nabrak pitik
Ben slamet ra di uber debt collector
ya di cicil wae mbaka ngithik..
Mlayu-mlayu nganti ngos-ngosan
Dioyak a5u, mlayu pontang-panting, nganti tiba
Debt collector-e serem tur brengosan
Coba yen ayu, ra mung utang, bakal tak pasrahke jiwa lan
raga
saben dina kok jajane woh rambutan
mesakna sing dodolan liyane ra payu-payu
Mulakna liya dina nek golek kreditan
goleka sing debt collectore huayu-huayu
Tanggaku nanggap jathilan
Seni prajuritan nganggo jaran kepang
Tinimbang tansah dadi pikiran
Luwih becik ora sida utang
Lunga pasar tuku trasi
olehe nggawa dibungkus sapu tangan
Yen pancen isih bisa diatasi
geneya kumudu golek utangan
Neng pawon nutu pari nganggo alu
Banjur diinteri nganggo tampah
Wong-wong cilik kaya aku
Yen ora utang ora omah
Esuk-esuk ngumbe jamu

sinambi ngrungokake tragedi tali kutang


Aja kleru ing panemu
malah wong sugih sing akeh duwe utang
manuk kutut
opo manuk derkuku
kowe aja ngentut
neng ngarepku ...
Ayung - ayung bothok mlandingan
Durung tepung ngajak gandengan
Bocah ngoceh cebul mriyang
Mergo ditinggal Gawe pepes
Pengene ndang menyang
Tapi ban malah kempes
Ban kempes mlaku kudu alon
Jebule bapake isih pengin kelon
Gembiro loko kidul loji
Ketok cetho tanpo peniti
Nyangking dandang nyunggi rinjing
ngampiri lik Karya lagi udud sampurna
Para kadang sugeng enjing
sugeng makarya ngantos paripurna
Manuk kutut kudu dikerek
Aja lali kudu diwenehi pakan
Sugeng siang para sadherek
Sumangga dipun lajengaken wawan pangandikan
Tuku rinjing nggo wadhah srikaya
srikayane arep nggo lawuh roti gawe sarapan
Sugeng enjing sedherek sedaya
sugeng makarya sugeng ngayahi jejibahan
Ngethok pring arep digawe wuwu
dipasang nang kali ditindhihi watu
Sarehne postinganku wus genep sewu
tak leren ndhisik sawetara wektu
klambi biru sandale kuning
olih sewu posting maning
Ciu sakbotole
Simbah turu ketok kon dalan
Klambi kuning lorek abang
Di enggo simbok numpak jaran
Keno posting yo sembarang
Ning mbok do nganggo aturan
nang balikpapan tuku goni
kapokmu kapan didukani
eyang durna saking sokalima
paring piwaulang dumateng pandhawa
sampun dangu mboten ngunsum warta
mugi tansah manggih raharja
Sinau tekan mbengi
isin aku didukani
nggelar kloso mangan gurameh
nganti ra kroso wis week-end meneh
Week-end meneh neng rumah susun
sanadyan nyleneh tetep anggun
kacu biru angel golekke..
bocah ayu larang regane
mangan bakwan karo sego
awan awan mampir yugjo

midak telek angel resikane...


bocah elek ra no regane.
karo sego lawuh teri
Ngayogyokarto pancen ngangeni
lagi jam pitu kok wis gerimis
arep nyambut gawe marai ngelu
ana cah yu lagi nangis
jarene kangen karo aku
gulojowo rasane legi
jare wis tuwo lha kok soyo ndadi
Esuk tempe sore dhele
Jebule simbah kelewat pede
gulajawa rasane legi
sing tua malah ngrejekeni
gulajawa rasane legi
soyo tuo soyo medeni
gedhe duwur klambine anyar
ngaku dulur kok dadi pacar
gedhe duwur numpak sedan
najan dulur timbang keliyan
kue cucur beras ketan
nek dulur nggih kebangetan
kue cucur beras ketan
nek dulur yo pancen edan
nandur pari panen ketan
nek ora ngerti yo kebangetan
mangan ping telu weteng sih luwe
cah,... aja lali karo jirolu sing merak'ake ati lan bagus dewe
Bubar adus kok isih lendhutan
Pancen jirolu bagus yen didelok nganggo sedhotan
sego abang lawuh iwak asin
sayur bening nganggo mrico
wes kang, men ra isin
yen bar posting ndang tuku koco
buto cakil methakil ngemut penthung
jowal jawil jebule njaluk ambung
Bedhil dicekel mongso keno
mongso tibo digowo lungo
sikil kesel ora popo
ayo podo neng Malioboro
tuku kapur barus nang pasar ketan
welah njenengan ki piye to..., ndelok cah bagus ko nganggo
sedhotan?
Pakdhe Agus mundhut pelem
Ben ketok bagus, sing ndelok kudu merem
roso manis gulo jowo
diselehke neng nduwur pogo
sewengi nagis atine gelo
ora sido plesir neng ngyojo
tuku sate dipangan cemeng
wes gede kok sih gembeng
Soko telo dadi tape
ngayogyokarto ngawe awe
samsoyo bengi
samsoyo sepi
lagi nyapu ngresiki jogan
kenya ayu mangga kenalan.

mangsa udan ra iso umbah-umbah


wong udane kaya dikapyuk laut
jare wis tuwo jenenge wae simbah
senajan simbah ning lirikane .... maut
mumpung liburan nnumpak perahu
golek mina neng tengah laut
nganti kena lirikan mautku
kenya-kenya mesthi kepincut
iwak pitik iwak menthok
dibeleh isih ana wulune sing katut
nek gur modal lirikan thok
ngendi ana kenya sing kepincut
kurang asin wenehi uyah
kurang wangi wenehi mlati
ojo sok wani alok nyang simbah
simbah ngono raja gembok & pinalti
mangan tape rasane kecut
dhuwit sithik di itang-itung
hura sida ana sing kepincut
malah bathuk benjut oleh pentung
tombo teka lara lunga
golek welut dinggo setut
sanajan simbah putune sanga
lirikane maut marai kenya kepentut
Tuku telo sak tumbu neng kidul loji
Ora ono sing luwih ayu kejobo asrining MERAPI
Mbokne bocak lagi nggodhog wedang
sinambi nggendhong anak kiwa tengen ..( anake kembar )
Sugeng siang sedaya para kadang
dangu mboten mriki kok rumaos kangen
kidul lurung kembang mlati
kadung gandrung jebule wis rabi
Ngarak reco kembar nyebari apem
nabrak trotoar ngalamunke KALIADEM
reco kembar didokok nang tegalan
ditendhang malah awake dewe sing kontal
nek mlaku mbok ndelokke dalan
iso-iso bathuk menyonyo kejedhuk portal
iwak pitik digoreng lengo
lungguh disik ngenteni konco
mangut lele luwih enak timbang mangut kutuk
angger bar mangan lha kok mesthi ngantuk
tuku klapa langsung diparut
durung randha aja direbut
pengin sehat yo ngombe jamu
prinsipku "kutunggu jandamu"
Numpak Jaran neng ngisor munggur
nggowo semongko karo bayem
Rakyat SLEMAN podho makmur
kertorahardjo Toto Tentrem
Menyang sawah nyangking pacul
tekan ndadhah ketemu kadal
Raos bingah tindak BANTUL
Putrowayah sami kempal
pitik cilik sobo ngembong
pikir dhisik lagi omong
Gulo campur jadah enak dipangan mbengi

Kulo nyuwun pengestu Simbah badhe dateng Wonosari


yen ing tawang lintang
pengin takgegem siji wae
rasane kok koyo keperang
padal ket mw ming meneng wae
lintang abang nang langit wetan
ra perlu bimbang, aku ki tenanan
Gethuk asale seko tela
mata ngantuk iku tambane apa ??
gethuk asli wonosari
yen ngatuk tak sun neng pipi
awan awan lungo blonjo ning pasar pahing
prawan rondho kanggoku ra patek penting
pilih degan kambil gading
pilih prawan sing lencir kuning
tuku degan kambil gading
neng jalan parangtritis
timbang sing lencir kuning
aku pilih sing ireng manis
aku demen kembange mlati
dibungkus nganggo kacu biru
tansah lam lamen rino lan wengi
ireng manis marakne kuru
isi salak jenenge kentos
prawan galak kempole atos
lelungan kang ora ngentekke ragat
ora liya lelungan kanthi mlaku
pancen aku lelananging jagat
akeh prawan nyedhaki aku
Wadhah uwuh jenenge plengki
ana alat musik jenenge rebab
Pancen akeh prawan nyedhaki
padha arep njaluk tanggung jawab
nambal ban ndamel karet
ajeng sarapan duwite mepet
bajiguri rasane rada asemi
kacangi telu dipangan agusi
prawani ayu mesam mesemi
nyawangi jirolu sing paling bagusi
esuk-esuk wis ngidak telek
jare paling bagus jebul paling .
tiwas melek disruduk badak
jelas kui telek ko' malah dipidak
Ana macan mangan terwelu
aku ora rep melu-melu
mangan trewelu malah dijiwit
sing hura melu kudu nyangoni dhuwit
dhuwit didudut seka saku
dienggo tuku gorengan sukun
dab jirolu ayo jajan karo aku
iki oleh sangu seka mas kun
mangan bakwan aduh asine
bakwane aneh isine dele
okeh perawan ilang isine
turut ndalan ketok wudele
numpak unta ngoncek'i sukun
sahan sibuk nemoni mbah_kaum

pancen loma sing jenenge mas koen


lha... sidane disangoni pira um?
bakwan asin kakean uyah
aja keliru karo tempe
jaman saiki hura nggenah
ana wudel ko' dipepe
esuk-esuk sarapan roti
rotine le tuku nang toko tiga
ora kabeh awakmu kudu ngerti
lha emange awakmu kapeka ?
toko tiga cerak ngasem
wetan ndalan lor'e mba_nisa
nak dhuwit'e gambar wong_mesem
aku harep pesen pizza
mandhing petet jarene
kanggo bothok enak rasane
ting pethethet pakaiane
nganti ketok bentuk awake
Ana cah ayu kok malah dijiwit
merga kelaran njur malah lunga
Karepe arep nyangoni dhuwit
ning kok nduwene mung donga
itungan njlimet, marai males
uteke mumet, wetenge mules
itungan njlimet, kui malah asik
uteke mumet, yo dicopot disik
pipine kempot, mangane bathok
lha kok dicopot, padakke kathok
bocah ngeyel, digondol wewe
koq yo angel, mahami awake dhewe
bocah saiki ngeyel ngeyel
mundak isin do didukani
nak dhewe rada angel
ayo... kene dak kancani
pitik walik sobo kebon
isih cilik seneng kelon
lenggah dhingklik cedhak pawon
weteng luwe marai nesu
bocah cilik seneng kelon
sing gedhe njuk tiru-tiru
dibandem nganggo bosokan pelem
ati kesengsem lha kok kowe adem
menyang mbiroloka liwat semaki
mbuka sangu nganggo iwak tawes
mesakke temen bocah iki
nang ndi-ndi ra ana sing ngrewes
liwat semaki mampir stadion
bucah kemaki njaluk dijion
durung adus kok mesam mesem
simbah bagus akeh sing kesengsem
tuku rambutan gur sekilo
mbah ... mbah .... mbok njenengan ki ngilo
durung adus, malah mlaku2
siMbah bagus, tapi kok mambu ?
krasa mambu njur adus
dikon metu malah mlebu
pancen simbah kui bagus

adus ra adus tetep mambu


kewan bulus urip neng kali
siMbah bagus rasah dho iri
Papat tambah papat wolu
aku tak ora arep melu-melu
yen umah-umbah sekalian adus
wang awake glopot wedhi
siMbah pancen arupa bagus
lha yen ayu malah nyalawadi
udud metu irung
nek didudut marai murung
munggah gunung kepleset t*i
menek anda gocek'an sikil
nak padha kepingin rejeki
dadi uwong aja pokil
kewan bulus nang ngisor watu
Simbah bagus ning kok kemayu.
mangan salak wadahi tas
as* galak njaluk dipotas
Njero tas ana dompete
nek wis dipotas njur dikapakke
dompet suwek dicoblos peniti
suwek'e gedhe digawa bali
dienteni sik nganti mati
banjur diguwang ana kali
jambu alas kulite ijo
sing di gagas wis due bojo
senthir lenga patra
tiwas naksir ora bisa nggawa
sambel uleg campur lemper
rupo elek sek penting pinter
senthir lengo potro
ketoke kenthir jebule ho-o
luwih padang ting tinimbang senthir
dino iki sing posting kabeh kenthir
lampu senthir ngobong bandhosa
najan kenthis, gagah prakosa
ngobong bandhosa nganggo senthir
senajan prakosa tetep wae kenthir
senthir lengo potro
najan kenthir aku ra rumongso
bakul duren,awake lencir
rasah iren, kabeh kenthir
dudu salah mongso nek saiki grimis
ra rumongso yo uwis
senthir diseni gesik
kabeh kenthir so dhisik
awak lencir njaran teji
anggotane tambah siji
Suwe ora jamu
jamu godhong kecipir
suwe ora ketemu
ketemu pisan kok padha kenthir.
godhong kecipir ditandur mba_nisa
harep melu kenthir ko' hura isa
Ana terwelu mangani kecipir
Rasah melu ya wis kenthir.

kenthir lengo potro


sing dipikir ra rumongso
dhong kecipir disenggol mlintir
wong kenthir ko' ndadak dipikir
suwe ora jamu jamu godong kecipir
suwe ora ketemu temu pisan nggowo senthir
nggowo senthir kok neng njeron bis
kamangka ono wonge akeh
ngomongke wong kenthir ra uwis-uwis
malah dadi melu kenthir kabeh
nggowo senthir marai suloyo
kowe sing kenthir, aku ra patiyo
nggawe senthir nganggo godhong klaras
ra ono wong kenthir ra ngaku waras
jambu alas kulite ijo
sing digagas wis duwe boko
ada gula ada semut
durung randha aja direbut
jambu alas manis rasane
najan tilas takenteni randane
tempe gembus, dipangan panda
siMbah bagus, senengane randa
nyambut gawe, nggowo senthir
simbah podo wae, podo le kenthir
hawa panas rada sumuk
ucul klambi ketok wudel'e
nakwis krasa kepingin ndumuk
kari nembung ko' hurasah nglimpe
Ben ra sumuk ngiyup ngisor wit kelapa
disambi karo mangan tempe
Lha ndumuk ko ngarep ya ra papa
lha kok ndadak nglimpe...
tempe bacem rasane legi
banyu kelapa pancen seger
pengine ndumuk ko mburi
lhawong mung harep ndumuk geger
ana sapi dinggo karapan
karapan sapi anane nang madura
mau isuk aku ra sarapan
dadi saiki wetengku lara
mangan sego, sliliten dupo
ono rego, ono rupo
bar jum'atan rasane lega
hawa panas rasane sumuk
esuk mau hura mangan sega
amarga anane mung tempe benguk
lungguh ijen thengak-thenguk
olehe lungguh lemekan klasa
maca tulisan tempe benguk
dadi kelingan rikala nang ndesa
ana jungkat dinggo jungkatan
ana banyu dinggo adus
sesuk senen wisdo qurban
mbeleh sapi karo wedhus
Esuk-esuk bar adus njur dandan rapi
wis kari menyat kok ndadak kebelet ngising
Sesuk pancen dha mbeleh wedhus pa sapi

neng kuwi utamane kango sing rung tau mangan daging


masak lodeh kudu nganggo klopo
ben krasa enak lan dadi gurih
ra tau mangan daging rapopo
rasane ra bedo karo kluwih
gori abang jenenge gudeg
lawuh pitik kari nembung
lebar madang rasane wareg
ngombe sithik malah kembung
njangan kluweh, cemplungi kawat
mangane okeh, awake sehat
njangan gori dadi lodeh
kurang turu sirahe ngelu
percoyo nek manganmu okeh
pantes wae awake lemu
nek kekemu, ojo nganggo jarang
awake lemu, regane malah larang
iwak asin alias gereh
koe wes siap dibeleh
bocahe cen kebangeten
wes jam songo kok urung adus
aku cen jenggoten
tur aku dudu wedhus
ono kayu blepotan angus
sopo iku ambune prengus
oline oli top 1
delehke ning kamar mandi
halo mbokdhe no1
pakdhe no1 ning endi
segone diculik nganggo enthong gedhe
budhe isih cilik durung duwe pakdhe
pitik cilik, dikon blonjo
najan cilik, tur tonjo
mangan emping mlinjo karo emping telo
nek di tinggal minggat bojo ra sah gresulo
nek diuyak kirik yo menek tembok
wis dilamar pak carik ujare simbok
ono priyayi, mangani kodok
kowe kui, lanang po wedok?
pitik walik saba kebon
isih cilik seneng madon
ijo-ijo buahe duren
bojo loro, ngrubuhna amben
anak'e agus turu mengkureb
tongseng wedus pancen manteb
rok biru klambine ijo
sampun ndalu sumangga ngaso
ratu pengging, lungguh petanan
sliliten daging, sengsoro tenan
kucing manak ra biso obah
sing paling enak daging mentah
Golek getah tekan Giri Sarangan
mbalike nyasar tekan ndesa Plarangan
Walah daging mentah kok di pangan
Marakke Bethara Kala murka merga ana saingan
munggah gunung sandale pedot
simbah bingung banjur singsot

numpak dokar, mlakune ngulon


wong sing sabar, mesti kelakon
anake kunto jenenge bambang
anake parto nganggo klambi abang...
dikira sapi jebule wedhus
awake kudanan nganti klebus
daden geni nganggo lengo
ngangkat ceret nganggo tangan kiwo
sedelo maneh tahun rong ewu songo
ra kroso jebul aku ki tambah tuwo
iwak wedhus, wis do jelih
awak klebus, wetenge ngelih
yati pesek batuk'e nonong
cokot kethek wudele bodong
yen ing tawang isine getih
ndang diresiki jal
yen kerasa ngelih
enake mangan lawuh empal
kodok ngorek, nganggone jas
radue korek, nggo kompor gas
ono kadhal mangani roti
wis tak budhal ojo di gondheli
roti telung dina jamuren
tukang nggondeli = hura keren
ono wit rungkat wite pace
niate ncen minggat nengke wae
tuku tahu gosong pisan
malam minggu kesepian
angon wedus karo nglamun
weruh wong bagus aja da gumun
ono wedus mangan timun........
JIROLU bagus opo ra nggumun
dolan nang wates
nganggo sarung
udan deres
ra rampung2
tuku klambi kegedan
wis saben bengi sing kesepian
tuku bolah ndek toko sebelah
ati bungah dikancani simbah
wayah wengi mangsa bediding
ketemu kelly kok rodo mrinding
mlebu jeding karo nggowo duren
simbah merinding mergo ra klamben
gawe roti rasa duren
tambah legi gulane aren
kelly ngreti aku ra klamben
mesthi iki hobine ngintip
sandal jepit murah regane
hobby ngintip ga nok gunane
turu tangi rasane puyeng
mauw bengi sajak'e gayeng
wayah sore
lampune padang
pripun kabare
sanak kadang?
menyang sawah tandurane mbako

ati bungah ketemu Gadjahbengko


dondong opo salak
duku cilikcilik
ngandong opo mbecak
mlaku timiktimik
basane cangkem kui tutuk
bar mangan matane ngantuk
iwak pitik dodo menthok
yen lingguh dingklek ra pareng mekokok
gembok ilang kuncine
aduh simbok iki kepiye
ijo ijo godonge gedang
ki parto loyo mari begadang
ono kolah, dileboni ulo, kadal karo kodok
owalaaah, kowe ki lanang po wedok?
tuku teri nang pasar glodog
aku iki asli wedok
awan-awan liwat kreteg
bubar mangan wetenge wareg
weteng luwe ora iso ngadeg
iki udane kok ora mandeg-mandeg
ono upo dipangan kodok
tandane opo nek koe ki wedok
awan awan tuku gasing
bubar mangan, njuk kepising
kacu biru, digowo lelungan
pakean perlente, bodin semok
aku setuju, Pakdhe palagan
rung ana buktine, kelly ki wedok
maem soto ndek tengah sawah
tak kirim poto marang simbah
kirik cilik jenenge melly, pancen aneh pakane lanting
yen pancen wedok kui si kelly, mesti wae nganggo anting
anting
maem bakmi enak rasane
pancen wani endi potone
golek kepiting ndek pinggir segoro
aku gaw e anting dipundutne ki sentono
tuku gelang, neng salatiga
wilujeng enjang, sugeng makarya
kapal keruk ono krikile
moto ngantuk pegel sikile
kapal keruk taline kenceng
awak kesel sik ngisor kenceng
kapal keruk taline kenceng
mata ngantuk kok kon mentheleng
kapal keruk taline kenceng
moto ngantuk gulune cengeng
kapal keruk taline kenceng
diiris iris hura isa pedot
moto ngantuk; cekelan weteng
krasa ngelih pengine nyokot
mangsa udan akeh bekicot
nek wis ketigo omahe kosong
nek mung dicokot ra bakal pedhot
lha wong untune wis ompong
singo mbrangkang pamer untu

ayo guyaaa......ng duyu..... u-u-u-u......u-u


tuku pelem kabehe limo
aku seneng neng ngayogyokarto
Kapal keruk muatan kenthang
Adol Jeruk nggo nyaur utang
klambi ireng gupak lenga
Yen seneng ya wis rasah lunga-lunga
ayo ngangsu nganggo dandang
enak nyusu karo ngacang
tuku balung karo nongko
lokasi koen opo neng londo
tuku buku jejer wong edan
takon aku, aku nang Medan.
mba nisa guyon njaluk dipangku
ko hura ana sing takon lokasiku
bengi2 tuku tahu
jirolu no ndi lokasimu
pasar murah wetan kali
atiku bungah di takoni mba kelly.
esuk2 mangan tebu
yen kepetuk tak wenehi tahu
manuk blekok numpak prahu
halah ko' mung tahu
mangan gethuk ngombe ne susu
mataku ngantuk tak mapan turu
mangan kuluban sayur buncis
ket mau udan ra uwis-uwis
ning wates liwat semarang
udan deres ra terang terang
dalan rame budal mulih
lunga alun2 golek temon
pancen saiki rada aneh
ana teh ko' rasa lemon
tawon lebah mlebu nggenthong
taon baru dompet'e ko' kothong
Godhong waru nggo buntel nanas
tahun baru gajihe isih gaji lawas
Ana landhak mati merga kena cuka
pengin njaluk mundak, wedi di pe ha ka
Ada kerang satu tangkep
Kata orang aku cakep
wayah adus rada sore
bucah bagus pancen ndemenakeiwak pitik dodo mentho
lingguh dingklik ndondomi kathok
lingguh dingklik ndondomi kathok
jare ndelik jebulane ketok
Wong wedok snenge ndodok
Lha kae ketok kyo batok
Tuku klopo ng sinduadi
Ora popo sg pntg dadi
Kecipir geong2...bukak topi ono mlinjone...
ojo mikir anake wong...durung mesti dadi bojone
manuk perkutut nyucuki dele
ojo direbut wes onok sing ndue
jas bikak iket blangkon
sama juga sami mawon
tuku suket di entul entul

timbang ngampet yo bali ngumpul


tali kawat di untir untir
ora kuat rasane pikir
kawat diuntir nganti pedot
kakean mikir bathuke kejedot
ono kadal mangani roti
wes tak budhal ojo digondeli
bekicot dolanan pethel
ben ora kokean bacot
boikot wae israel
bar piyungan ngliwati kreteg
munggah sithik tekan pathuk
bubar mangan wetenge wareg
mbasan wareg krasa ngantuk
jajanan pasar jenenge utri
utri dipangan campuri sego
poro kadang kakung lan putri
ayo makaryo mbangun negoro
mangan sego ojo sing mambu
lawuhe babat sambel e trasi
supoyo negoro bisa maju
para pejabat ojo dho korupsi
kapur tulis
tuku neng sar wage
oleh nulis
mergo mesakke
gajah midak lendut
gagah randue udud
Kroso marem bar mangan duku
Saben merem kelingan esemmu
lombok rawit abang warnane
lali rupane eling rasane
Omah wewe nang wit-witan
wes suwe ora ana sing gawe parikan
wit gedang awoh pakel
rung dwe duwit kanggo OL
Wit pakel disenderi skuter
skuter tuwa unine pating cruwit
Pengin OL ya nganggo komputer
komputer rak ra tau njaluk dhuwit
muter-muter nggolek rawit
ngombe teh sepet mbok digulani
cen komputer ra njaluk dhuwit
sing jogo warnet sing wis ngenteni
rawit abang luwih pedes
lawuh tempe karo sosis
sing jogo warnet rupane judes
ning dimatke ko' yo soyo suwe soyo manis
menyang pasar klithikan golek barang bekas
ora entuk mergo barange pancen laris
wong nek lagi wae metu seko alas
saben wong wedok kabeh ketok manis
golek buncis dijangan lodeh
asin rasane ojo dilepeh
oleh wae nulis sing akeh
nanging aja OOT kabeh
Ana kethek nyakot klapa

bar nyakot kok njur pethakilan


Nang kene OOT rapapa
waton OOT ne wujud parikan
wit mandingan
dibolongi semut
trit PARIKAN
neng board OOT
bluntas lan kenikir neng tegalan
didol godhonge kecampur sembung
tiwas dipikir sing tenanan
jebul postingane ora dietung
mrana mrene nonton jathilan
Lha kene iki ya thread parikan
ono cowek, dibanting mendelik
nganti tumiba neng watu
ayo ngramekke forum detik
kanthi tulisan sing bermutu
dibanting tibo nganti seteb
mutu njobo po mutu mburi ki teb
rokokan lungguh dingklik
arep parikan dipikir disik
nyumet sentir wanci sore
mumet mikir marai luwe
tambane masuk angin ki kerikan
esuk-esuk ngene jik memeng arep parikan
esuk-esuk mangan rambutan
mata ngantuk tangine awan
rambutan bosok guwang nang jugangan
soyo ngantuk nek njur bar mangan
rambutan tibo neng pawuhan
ora kerjo sek penting mangan
rambutan .... rambutan .... rambutan ..
numpak bis nang kampung rambutan
mangan ..... mangan .... mangan ..
nek wis ngelih yo gek mangan
dino kiamat
meh wayahe
nikmat sehat
larang regane
siji loro
telu papat
nyuwun ngapura
sedaya lepat
ati gelo hurung marem
ugi kulo sing luwih enm
golek jingking
oleh gereh pethek
sugeng enjing
poro sederek
mangani degan
aja karo kulite
wis mangsa udan
jaga kesehatane
tahu tempe karo jadah
wis sore cah ...
siji loro telu papat
limo enem pitu wolu

menawi kulo mboten lepat


mbenjing niko dinten sebtu
Tuku santen wadhahi dandang
digawa lek Karya kanggo pasugatan punggahan
Sugeng sonten sedaya para kadang
sugeng makarya sugeng ngayahi jejibahan
udan deres
dalane lunyu
awak ngreges
rasane ngelu
yen dalane lunyu liwato pinggir
yen sirah ngelu jo kakehan mikir
munggah gunung nganggo teklek
midak walang dadi limo
singgah barang aja gemletek
mundak ilang ati gelo
teklek cemplung kalen
aluwung golek mending balen
loro untu kroso linu
mung sliramu kang mawantu-wantu
duit selawe dadi seket
golek siji we koq angel banget
bocah anteng jenenge ponijir
rasah sik ganteng sik penting tajir
unta manak tapir nyengir
gelempa nak sing tajir mirip jenate bokir
Ono theklek kegowo banjir
Watone ra elek lan ora fakir.
Bocah edan golek welud
Udan udan enake udud
Sunare peteng amarga pedhut
rebutan wedokan sinambi gelut
mbeleh kethek, arep di mangut
udude entek, cangkeme kecut
siwi menek parto ngekek
awak bokek hura udud
sing bener kuewi kethek apa tekek
masa' kethek ko dimangutd
nyumet udud
munggah bale
sing dimangut
kudune lele
mangan woh anggur
nggo kanca nyamikan
Tinimbang nganggur
tak melu gawe parikan
nyamikan kacange kara
gawe parikan nggo nglipur lara
Kacang kara santen klapa
Ati lara merga menapa.
Dewi sinta garwane prabu Rama
Ati lara merga ditinggal krama
Sinta ilang mlebu geni
Larane ilang mergo mung ngimpi
golek kroto nggo mancing kutuk
diwadahi bathok klapa
kang parto kok sambat sumuk

yen saiki merga kenapa


iwak pitik dodho menthok
lebar thungklik mbenakke kathok
Isuk-isuk sarapan sega jangan kangkung
entuk berkatan tangga sing anake khitanan
Dina minggu iki cacane rada mendung
arep lunga mancing kuwatir kudanan
wong khitanan kok suguhane kangkung
nek wedi kodanan yo nggowo payung
kongange tuku kangkung dudu pitik
kangkunge di urap di nggo lawuh berkat
anane payung mung payung cilik
ra ngayomi awakku nalika udan barat
kangkunge entek gantinen grontol
bungkusen godong gedang sak papah
yen payung kurang nganggoa mantol
sing penting ra gampang nyerah
di gondhol wewe
bareng dibalekake kok kaya wong ora waras
Mantol raduwe
anane mung bagor bekas wadah beras
lumbung wadhah pari calon beras
pari di tutu dadi beras
wong urip ojo gumantung fasilitas
sak anane anggere waras
nggawa beras disendheakake nang buh
merga kabotan krasa lara bangkekane
awak waras samubarang bisa direngkuh
nanging waras kuwi saiki larang regane
mbeleh wedhus di tongseng opo bakar
parikane teru arepo pertamina kebakar
mangan duren kulite buang nang tobong
parikane leren yen komputere kobong
sate ati jo nganggo uyah
luwih enak ra pati asin
ngati2 o cah
jo enak2 sesuk ngantri bensin
nabuh kendang karo nembang
nganti ora eling yen rung adus
sugeng enjang para kadang
salam saking siMbah bagus
mangan sega nganggo lawuh
tempe karo sambel gereh
siMbah bagus wis rawuh
ayo pada parikan maneh
Keruk - keruk ono krikile
njero jeruk ono isine
Kapal keruk taline kenceng
matane ngantuk .......tutukno dhewe ora tego nulise.
kodhok kalung kupat
lara boyok ora kuwat
Kapal keruk taline kenceng
matane ngantuk dijak nginceng
garan lading dinggo nuthuk
basan nginceng njur hura ngantuk
karepe arep nuthuk ning kok malah kethuthuk
Piye le arep ngantuk wong mripate di cucuk

tuku sepatu nang cibaduyut


bar mangan matane mbeyuyut
tuku sepatu cibaduyut
nggo blasakan nang alang-alang
ben ra mbeyuyut
disambi ngunjuk kopi sidikalang
tuku sepatu rasah nang cibaduyut
mendingu nangu jalanah mataram waeut
sarapan pagi pinginne bothok
lha koq anane mung sambel gereh
lha endi iki sing wedok2
lha koq isine lanangan kabeh.
sego wadhang enake nganggo sambel gereh
opo maneh ditambahi sayur
ra popo lanangan kabeh
sing penting podho akur
tuku mlanding ro sambel gereh
ojo lali tuku sisan kuwene
ra popo ding nek lanang kabeh
berarti aku sing ayu dhewe.
arep mantenan
merga wis jodo
wis wayah rolasan
ayo pada ngaso
wit jambe, neng pinggir kali
wis sore, yo gek dang bali
mangan undur undur
marai mumet
nderekke sugeng kondur
nyangoni slamet
bocah cilik wedi ro wewe
arep mulih njaluk kancani
Lha nek ora ayu dhewe
njur sapa sing nyayoni
mangan rujak jo nganggo duku
luwih enak nek nganggo jambu
aku kelingan mbokku ngudang adiku
anakku sing ayu koyo tumbu
rujak duku campur jambu
saking larise akeh le bathi
raketan ayu koyo tumbu
mesti sayange setengah mati..
tuku irus garane kayu
ora cendak yo ora dowo
sing diarani bagus utowo ayu
yo sing tansah bekti marang wong tuwo
urip neng ndeso urip neng ndusun
urip bareng neng omah dowo
nggih kulo nyuwun pengestunipun
mugi2 saget bekti marang wong tuwo...
ana racun
njero balung
kulo nuwun
nderek langkung
isuk-isuk cukup sarapan bubur
senajan ora nganggo lawuh
senenge urip neng tanah kang subur

samubarang ditancepke mesti tuwuh


awan awan tuku tiwul
salam kenal ugo mas kriwul
mangan bakwan
karo gethuk
soyo awan
soyo ngantuk
mangan sate
limang tusuk
soyo sore
soyo ngantuk
limang tusuk
sate dipangan
wayah esuk
wektune sarapan
ngulon ngetan
malah keblasuk
rampung sarapan
mesti ngantuk
pak demang klambi abang
nek disuduk manthuk-manthuk
sugeng siang mangga madyang
lungguh ngebuk karo ngantuk-ngantuk
Lunga nang Jogja arep tuku manuk
tekan ngomah diumpani walang
Nek dijak kerja mripate mesthi ngantuk
ning nek NDF, rasa ngantuke ilang
tuku ketan nggo pakan manuk
parine gabuk dipangan walang
jare nek NDF ora iso ngantuk
bareng antri bensin kabeh dho ngilang
tanduran pari pangani walang
mbasmi walang nganggo semprotan
Antri bensin pada ngilang
soale wegah nek kon empet-empetan
esuk-esuk kon angon sapi
mripate ngantuk dipeksa melek
dina iki wis rada sepi
merga ngarepake riyaya imlek
mlaku2 nang boyolali
ojo lali tuku susu sapi
dino setu pancen sepi
soale member df podho prei
anak munyuk jenenge kowe
tapi kowe kok koyo kere
saking sepine nang kene
aku dolanan parik'an dewe
anak munyuk jenenge kowe
nek ngelih ya ndang dipakani
Ben ora parikan dhewe
hayo kene tak kancani
kandhang pitik gupak telek
kamangka diresiki saben dina
suk senen dina riyaya imlek
lumayan nggonku prei telung ndina
ngukur panu
nganggu kreweng

syukur naknu
kula melu seneng
nyangking kreneng isine anggur
di selehke neng ngarep lawang
pancen susah dadi wong nganggur
wis ra nggatekke tanggalan abang
sarapan kok rujak cingur
olehe mangan nang pojok wetan
sak susah-susahe nganggur
isih bisa dolanan internetan
kirik pleki jenenge paijo
kulit reged boso mlayune daki
yo koyo ngeneki nak hurung dwe bojo
panggon reged ra ono sing ngresiki
nang latar okeh suket teki
dibedholi di wadhahi cowek
Nek ra ana sing ngresiki
ya kudu diresiki dhewek
godong mlinjo rupane ijo
disayur lodeh enak banget
penake wong wis duwe bojo
senajan udan tetep kroso anget
mendhung ra katon serngengene
saya peteng katone kok arep udan maneh
ati-ati nek mangsa udan ngene
kesuwen lehe angetan anak tambah maneh
ngliwet kudu sing tanak
luwih enak lalapan kecipir
ra kuwatir tambah anak
kabeh gumantung sing nyopir
mawa didumuk
kaya'e anget?
hawa sumuk
awake kemringet
mangan tebu numpak getek
malah njempalik entuk goni
para ibu bapak sederek
monggo isilah titik2 berikut ini
Sumuk ra keringeten
Klungsu di dumuk ora keri kebangeten
kreweng saktrek paitane simbah
weteng wareg rasane sebah
tumbas wedhus nggo disembelih
siMbah bagus posting malih
mripate abuh merga klilipen lemah
ditambakna nganti tekan Sidatapa
sugeng rawuh dhumateng siMbah
napa sampun babar anggenipun mertapa
menyang kali ngumbah kloso
kloso plastik suwek pinggire
maksud ati kepingin nyopo
trit Parikan sepi peminate
ngombe kopi aja kakehan gulo
gulo pasir legi rasane
mbok menowo kang gadjahbengko arep nyopo
monggo di sopo konco2 sing nang kene
dolan nok alun2 nonton banci

dijak kelon tapi aku lali......


timbang nganggur aluwung ndandani mejo
kursine rusak ditambal karung
isuk-isuk wis udan marai males kerjo
enake pancen kemulan sarung
mambu sate
marai ngelih
wayah sore
wektune mulih
esuk2 lungo neng janti
nggolek cempe entuke sapi
ono opo neng jroning ati
koq neng kene roso sepi.
gudel putih
dikira sapi
sundul meneh
men ra sepi
jangan pare rasane pait
arep udut ra ono sik nggo nyumet
jik tanggal sak mene wis ra nde duit
marakke ndhase kroso mumet
kraasa mumet hurung madang
ndang, golek duwit mumpung sih padang!!!
nyangking ember
kiwo tengen
lungguh jejer
nggo tombo kangen
jenang gula
kuwi gelali
tinimbang gela
kene dak sunduli
kembang sukun megar sore
ojo didokok nang ndhuwur meja
sing rukun karo kancane
podo-podo cah df yoja
isuk mau lali ra sarapan
saiki weteng roso luwe
wong df yojo gek kopdaran
ko kowe ra melu e!?
wayah ndalu
nyambi berdendang
malam minggu
saatnya begadang
begadang ojo begadang
nek ra ono artine
wengi iki ra begadang
gek ra penak atine
soyo panas
sumuk'e rakaruan
ayo kene mba/mas
gegawe parikan
mlaku-mlaku ning imogiri
soko tuba oleh-olehe terasi
DF yogya kok ketoke sepi..
oo ternyata akibat resesi
tugel ngluget teklek terasi
angel banget golek inspirasi

watu item kok di campur uyah


matane wis merem kok buntute obah
bubar adus njuk diklambeni
siMbah bagus tur ngangeni
tuku ciu sak botole
bapak turu ketok jempole
gentong gedhe okeh lemute
bokonge gedhe okeh semute
Orong-orong neng ngisor gentong...
Omah gedhek dirangkep kepang...
Dadi uwong ojo sombong...
Yen kepepet ojo utang
Kecipir geong-geong mbukak topi ono mlinjone...
Ojo mikir anake uwong durung mesti dadi bojone.
Mlaku-mlaku ning telogo puro..
Ora lali nggowo kloso
Aku rak rati opo sing kuroso
Tapi sing tak reti saiki aku nelongso
Sarapan isuk nganngo soto kadipro
Senin-kemis wayahe puoso
Opo kowe rak keroso
Aku ning kene ngenteni kowe rak kuwowo
sega liwet
lawuh ati
jeng iwed
pengin rabi
Ijo-ijo diunduhi
Sing abang-abang seh akeh
Wis duwe bojo dirusuhi
Sing sek bujang wae sek akeh
hitam-hitam kereta api
biarpun hitam banyak yang menanti
hitam-hitam manisan gulali
biarpun hitam banyak yang ndilatti
mangan kupat
lawuh tahu
saiki jumat
sesuk sabtu
tuku sepatu
numpak wit glugu
sesuk setu
sesuke minggu
wet klopo
awoh klopo
parto sentono
joko lelono
ana panganan
neng duwur meja
ayo sukseskan
baksos reg yogja
mubeng kampung
mandeg nggone simbah
weteng kembung
rasane sebah
gundul cilik ranggo katok
dak sundul sitik men ketok
Watu cilik jenenge krikil

Gede sitik jenenge krakal


Bocah cilik ojo sok usil
Mengko nek gede dadi cah nakal
Numpak becak ban-e songo
tiwas macak ra sido lungo
numpak dokar mlakune ngulon
wong sing sabar mesti kelakon
numpak becak malioboro
tiwas galak jebule kanca
arep blonjo, keri duite
jare konco, tegel atine
numpak prau no kulon progo...
tiwas njamuuu kok ora sido
Tholah-tholeh mrana mrene
weleh, wis suwe ra saba mrene
jola-joli semarangan
disini emang menawan
hawa panas do kipasan
tuku tape ning pasar wetan
isuk-isuk simbah wes petan
rak retine nggo ngenteni rapelan
mangan kates isine semebyar....
nek meh protes bayar
mangan tahu ning ngisor wet glugu
rak sah mbayar,aku ijik lugu wakakakak
neng tugu dolanan bel
wong lugu bayar dobel
ngombe jamu langsung kemepyar..
golek sing lugu, ben rasah mbayar wkwkwkwk
ning pasar dolanan togel...
karo wong wedok kok yo tegel
mlaku-mlaku ning taman lawang
entuk konco gagah perkasa
nek dadi wong lanang
kudu gelem nek rekasa
mangan kates isine semebyar....
nek kokehan protes kudu bayar....
mangan kates ro leyeh-leyeh
parikan lawas diulang meneh
tuku tahu no prambanan
awake kuru mikir parikan...
rokok kelobot
taline lawe
senajan abot
yo tak lakonane
papat telu songo papat
wes arep metu mertuwo lewat
kebaya biru marai kesengsem
mertua krungu paling mung mesem
kenalan takon jeneng
bar kenalan arep ngapa
awak rasane seneng
merga sesuk prei rong dina

Das könnte Ihnen auch gefallen