Raden Sadewa (Sahadewa) putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya wuragile
Pandhawa. Kembarane Raden Sadewa asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa
kembar, kembar rupa, swara, lan busana.
Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane Sadewa ing Baweratalun
(Bumiretawu).
Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden
Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka
tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.
Raden Sadewa titising bhatara Aswin, dewa tabib. Wiwit cilik digulawenthah dening Dewi
Kunthi. Wujude Raden Sadewa satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti
marang sedulur tuwa.
Ing lakon Babad Alas Mretani, Raden Tangsen bisa ngasorake yudane Jim Sadewa (riwayat
liya sinebut Ditya Sapulebu), satemah Jim Sadewa mau masrahake kasatriyane, yaiku
Baweratalun lan paring Aji Pramanajati kang dayane bisa ngerti sadurunge winarah.
Kanthi dayane Aji Pramanajati, Raden Sadewa bisa mbatang sayembara cangkriman
sejatining lanang, sejatining wadon. Banjur didhaupake klawan Dewi Srengginiwati,
putrane Prabu Bhadawanganala, ratu ing gisik samudra. Sabanjure peputra Sidapeksa.
Ing lakon Sudamala, Raden Sadewa sing ragane kapanjingan Bathara Guru, bisa ngruwat
Bathari Durga. Sang Bathari banget panarimane marang Raden Sadewa. Dening Sang Bethari
Raden Sadewa pinaringan asma Sudamala tegese ngresikake rereged. Sarta kadhawuhan
nggarwa Dewi Padapa, anake Begawan Tambrapetra ing padhepokan Prangalas.
WERKUDARA
Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing angka kalih.
Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro, mula Werkudara uga sinebut
putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi,
Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul Pamenang.
Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu. Karo Dewi Nagagini,
'peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra Raden Gathutkaca: Karo Dewi
Urangayu, peputra Raden Antasena.
Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Ian Gada
Lambitamuka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol, Bayu
Bajra.
Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama.
Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale,
digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane
nyawiji karo Bratasena.
Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen micara tansah
ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci. Sanajan mangkono
Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji, bela
bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya
marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh banyu
Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang sajatine Werkudara dialap patine,
dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti marang guru. Werkudara malah antuk nugraha,
bisa ketemu marang guru sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa
guru maneh.
Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe kanggo jamas
rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi. Tresna marang kadang, kabeh
kadange tansah dibela lamun nuhoni bebener. Nanging yen luput, sanadyanta anake dhewe
bakal diajar, kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca mung dipaeka sebab
sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane nulungi Ratu Wiratha (Prabu
Matswapati).
Ing perang Bratayuda Werkudara dadi agul-aguling Pandhawa. Werkudara kang bisa mateni
Dursasana, Sengkuni lan Duryudana. Sawise perang Bharatayuda, Parikesit wis jumeneng
nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur
Pandhawa liyane, ninggalake praja. Werkudara tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan Harjuna.
Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe seneng mangan, rada kasar, lan ora bisa
basa.
Wosing budi pekerti:
1. Duwea watak satriyatama: luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing bebener,
mbrastha angkara murka!
2. Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih marang ibu!
3. Dektia marang guru!
4. Tresna asih marang sedulur.
5. Darbea jiwa satriya kang dadi bentenging negara!