Sie sind auf Seite 1von 1

Nama:Dewangga Muhammad Kaysa Andanu_VIIA_10

Wage Rudolf Soepratman (Jatinegara, 1903 – Makassar, 1938) iku


pengarang lagu kabangsan nagara Indonésia: Indonesia Raya. Laire ing Jatinegara
kala taun 1903. Bapake jenenge Soepardjo, nalika iku dadi sersan ing Batalyon
VIII. Soepratman seduluré ana enem, lanang siji, liyané wadon kabèh. Salah sijiné
jenenge Roekijem (Rukiyem).
Nalika taun 1914 Soepratman mèlu Roekijem menyang Makassar. Ing kono
disekolahake lan diragadi karo bojone Roekijem, sawijining bala Walanda sing
ajeneng Van Eldijk.
Soepratman sinau basa Landa ing kursus bengi, 3 taun, banjur nerusaké ing
pamulangan Normal. Nalika umur 20 taun di didadèkaké guru ing sekolahan angka
2. Rong taun sabanjuré olèh dhiplomah (ijazah) Klein Ambtenaar. Soepratman
banjur dipindah menyang kutha Singkang. Ing kono ora suwé, banjur njaluk
mandheg lan pindah menyang Makassar manèh.
Roekijem iku seneng banget karo sandiwara lan musik. Akèh karangane
lelakonan sandiwara sing kerep dipitontonake ing mes militèr. Kajaba iku
Roekijem uga pinter nabuh piyul (piyul). Kasenengane mau iku jebule nular ing
adhine. Soepratman mèlu seneng maca-maca buku musik lan men musik.

Das könnte Ihnen auch gefallen