Sie sind auf Seite 1von 2

TEKS SAMBUTAN TUAN RUMAH

BAHASA JAWA

Alhamdulillah Alhamdulilahirrobil’Alamin Asollatu wassalammu’ala Asrofil ambyai walmursalin syaidina


Muhammadin wangala Alihi wasohbihi aje’mangin Amaba’dhu.

Langkung rumiyin mangga panjenengan sedaya lan kulo tansah ngraosaken puji syukur wonten ngarsa
dalem Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan, injih punika kesehatan,
keslametan sarto keimanan sehingga ing wekdal ndalu menika panjenengan sedaya lan kula saged
nindaki pakempalan trah kanthi wilujeng mboten manggihi alangan satunggal punapa. Mugi-mugi tindak
kula panjenengan sami saking dalem dumugi menika papan pikantuk karidhaning Allah SWT.

Mboten kesupen ugi shalawat lan salam mugi katetepna dateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW, keluarga, putra, sahabat, lan ugi panjenengan sedaya lan kulo ingkang sami derek sunah-
sunahipun.

Dumateng para para lenggah sedaya.

Kepareng matur kula ing mriki matur makili sohibul bait utawi tuan rumah injih punika
Sdr/sdri/bpk……………….

Sepindah ngaturaken sugeng lenggah lan sugeng pambagya sak cekapipun awit kerawuhan panjenengan
sedaya. Kaping kalihipun ing mbokbilih anggem kawula nanggapi saha caos papan palenggahan kirang
nuju prana dumateng para lenggah sami, saestu kula sak keluarga namun nyuwun agunging samudra
pangak sami.

Wonten ing pungkasaning atur mugi-mugi adicoro ndalu puniko pikantuk ridho saking Gusti Allah lan
paring lancar dumugi mangkih pungkasan.

Cekap semanten atur kula kathah keklentuanipun anggen kula matur kula nyuwun sewu agunging
pangapunten.

Wabillahitaufik wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Salam, muqodimah (Bahasa Arab)


Katentreman, kabagyan, saha kabagaswarasan mugi kajiwa kasarira panjenengan lan kula waradin
sagung dumadi. Nuwun dumateng ingkang kinurmat Bapak K.H. Rois. Bapak K.H. Yasin minangka
pangarso Jam’iyyatul Hujjaj al-Mabrur wal-Murtadho. Ugi bapak ibu haji para lenggah sedaya ingkang
satuhu bagya mulya.

Langkung rumiyin mangga sesarengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang
tansah paring mapinten-pinten kenikmatan arupi nikmat sehat, nikmat iman, lan nikmat Islam. Sholawat
saha salam mugi tansah kunjuk dateng Nabi Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafa’atipun
benjang wonten ing yaumul qiyamah.

Para lenggah ingkang minulya, kulo Muhammad Khoirur Rozikin minangka Suluhipun Bapak kula, Bapak
H. Sutrimo ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lelenggahan wonten ing gubuk ingkang sederhana menika.

Salajengipun sahibul bait ngaturaken matur nuwun awit saking rawuhipun panjenengan. Ugi nyuwun
pangaksami mbok bilih kirang gupuh anggenipun nampi rawuhipun panjenengan. Lan mbok bilih sak
mangke anggenipun nyaosaken pasugatan kirang mranani ing penggalih, nyuwun agunging pangaksami.

Mekaten cekap atur kula. Nyuwun pangaksami mbok bilih kulo minangka suluhipun sahibul bait kirang
subaseta. Matur nuwun.

salam.

Das könnte Ihnen auch gefallen