Sie sind auf Seite 1von 14

Pilihan salah siji wangsulan sing paling bener kanthi menehi tandha ping (X) ana ing salah

sawijine pilihan wangsulan ing aksara A, B, C, D, utawa E ing Lembar Jawab USBN !

1. Coba wacanen kanthi premathi teks wara-wara ing ngisor!

WARA-WARA

Katujokake kanggo siswa kelas XII SMK lan para alumni SMK ing tlatah Jawa Tengah lan
sakiwatengene! Dinas Tenaga Kerja dan Trasmigrasi Provinsi Jawa Tengah makarya bebarengan
klawan Forum BKK SMK se-Jawa Tengah bakal nganakake kagiyatan rekrutmen tanaga kerja. Sing
kepengin melu daftar golek gaweyan bisa teka ing acara:
“Job Fair SMK Provinsi Jawa Tengah tahun 2019”
Kang bakal ditindakne wiwit tanggal 5-8 April 2019 mapaning Gedung Wanita
Jl. Sriwijaya No.29, Kota Semarang.
Bakal ana atusan luwih perusahaan daerah lan nasional kang melu ngregengake acara. Daftar bisa
langsung tes lan wawancara! Aja nganti kelewatan!
Matur nuwun

Ketua Panitia,
Joko Raharjo, S.Sos.

Miturut wara-wara ing dhuwur, sapa kang bakal nganakake acara Job Fair warsa 2019?
A. Siswa SMK ing tlatah Jawa Tengah lan sakiwa tengene.
B. Joko Raharjo, S.Sos.
C. Dinas Tenaga Kerja dan Transmigrasi Provinsi Jawa Tengah lan Forum BKK SMK se-Jawa
Tengah.
D. Alumni SMK ing Kutha tlatahJawa Tengah.
E. Forum BKK se-Jawa Tengah.
2. Wacanen kanthi premati pethilan crita pengalaman ing ngisor iki !
Gula Rasa Uyah
Pengalaman iki dak alami nalika sepisanan aku prakerin, jan pokoke peteng banget, ora nduwe
stok lilin. Merga ora ana pemberitahuan saka PLN. Awan iku aku lagi kumpul-kumpul bareng
kanca ing bengkel panggonanku prakerin, arep ngrembug babagan montor sing arep mudhun
mesin. Lha kok dumadakan mati lampu, kamangka nembe wae kanca-kanca padha teka banjur
mati lampu. Senajan mati lampu, sing duwe bengkel terus wae menyang mburi gawe wedang
kanggo aku lan kanca-kancaku.
Lagi padha kepenak ngobrol nyambi mangan mendhoan, dumadakan kancaku Joko nyembur
karo mendhelik.
“Lha apa iki, mentang-mentang juragan uyah, lha kok kopine asin ta?”
“Lha iya ta?” takonku bingung karo njajal nyicip kopine.
Lha pancen iya, kopine asin banget. Lha jebul mau sing dijupuk juragane bengkel wadhah uyah
ta? Dudu gula.
Crita ing dhuwur kalebu crita pengalaman kang.......
A. nengsemake
B. nyedhihake
C. medeni
D. lucu
E. nyenengake
Wacan ing ngisor iki kangge soal nomer 3 lan 4 !
“Prakerin”
Wis 1,5 taun aku sekolah ing SMK Negeri Maju Taruna . Sekolah sing dakimpi-impi awit aku
isih SMP. Sekolah sing gawe aku gelem bukak buku, sinau merga saking kepengine dadi salah
sijine murid SMK Negeri Maju Taruna. Ing kono aku ketampa ing jurusan TKJ.
Ora krasa aku saiki wis kelas XI lan wulan ngarep wis wancine prakerin. Aku seneng banget
kanthi anane prakerin bisa nambahi ilmu, kanca lan wawasan babagan jurusan sing dakjupuk
yaiku TKJ.
3. Watak paraga “Aku” ing punggelan cerkak ing dhuwur yaiku …
A. lumuh
B. dremba
C. kesed
D. mituhu
E. sregep
4. Latar panggonan saka cerkak “Prakerin” yaiku … .
A. lapangan
B. kelas
C. ruang guru
D. SMK Negeri Maju Taruna
E. SMK Negeri Maju
5. ?akup]kerinHn[b=[klMjukrzv/.si=fu[w[b=[klHsM[npkM|ki
fi.a=[gonÑ|p]kerinHufkr;3;wuln\,
Sing duwe bengkel Maju asmane yaiku....
A. Tukidi
B. Mukidi
C. Walidi
D. Sukidi
E. Mukini
6. Teks Geguritan ing ngisor iki coba setitekna!
PITENAH
(AntologiGeguritan; Herry Abdi Gusti/CANDRAMAWA)
Dawa pancen dawa
Yen kapunggel moka lbisane cuthel
Wis akeh kang dadi bebanten
: wisa!
Getere lemah lindhune swara,
Kupinge sapa kon gang nadhahi?
Poncot lor tumeka kidul,
Iring wetan nganti kulon
: cumpleng!

Aja ngayawara kababar ing klasa pandhan


Kala nganumyeg, sigra nenggak saur-manuk
Keluk mbako udutan adoh kabuncang
: sindhu ngriwut!

Citraan kang ngebaki ing sajroning teks geguritan ing dhuwur yaiku …
A. Citraan panyawang (penglihatan)
B. Citraan pangrungu (pendengaran)
C. Citraan pangganda (penciuman)
D. Citraan pangecap (pengecapan)
E. Citraan pangrasa (taktil/indraperaba)
7. Wacanen kanthi premathi teks pawarta ing ngisor iki!
JEPARA- Sekolah Menengah Kejuruan (SMK) ing Jateng kaajab bisa age-age mbukak Kelas
Industri. Anane kelas industri tumrap sekolah kejuruan kajaba kanggo ngundhakake kuwalitas
pendhidhikan lan menehi sangu kang luwih becik tumrap para lulusan, uga kanggo srana
ngraketake Dunia Usaha lan Dunia Industri (Dudi).
Bab iku mau dingendikakake dening Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan (Disdikbud)
Provinsi Jateng, Gatot Bambang Hastowo kanthi srana sambutan tinulis, kang diwaosake dening
Kasi Kurikulum SMK Hari Wulyanto, nalika mbukak Kelas Industri SMK 1 Kalinyamatan,
Kabupaten Jepara, Rebu (7/2/2018). Ngendikane, Kadisdikbud nyengkuyung kanthi becik anane
inovasi lan kreativitas SMK 1 Kalinyamat angayut klawan kelas industri.
(sumber; kasadursakahttp://psmk.kemdikbud.go.id/)
Miturut wacan pawarta ing dhuwur, apa paedahe SMK mbukak Kelas Industri?
A. Kanggo srana ngraketake Dunia Usaha lan Dunia Industri (Dudi) klawan SMK.
B. Kanggo srana ngundhakaken inovasi lan kreativitas siswa SMK.
C. Kanggo ngundhakake kuwalitas lan kaprigelan guru ing SMK.
D. Kanggo ngundhakakeke untungan tumrap Dunia Usaha lan Dunia Industri (Dudi).
E. Kanggo menehisangu siswa SMK menyang persiapan rekrutmen perusahaan.
8. Setitekna wacan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakone!
Mitos Dewi Sri
Sawijining tradisi lesan kang isih urip lan dijaga nganti saiki yaiku ngenani mitos Dewi Sri
minangka Dewi Pari utawa Dewi Kasuburan. Wiwit jaman biyen, para leluhur kita mlingine suku
Jawa wus tepung lan nduweni cara kanggo ngajeni pangan, kaya sing kababar ing mitos Dewi Sri.
Mitos ngenani dewi pangan iki kondhang jroning maneka sastra nuswantara kang siji lan sijine
caos pakurmatan marang Dewi Pari kanthi sesebutan rena-rena. Sesebutan Dewi Sri kondhang ing
tanah Jawa, Bali, lan Madura. Nyi Pohaci Sang Hyang Dewi Sri ing dhaerah Sunda, Dewi Sri Ine
Mbu ing daerah Flores, lan sesebutan Sanghiang Sri utawa Sangiangseri ing Bugis.
Ing Serat Babad Ila-Ila, Dewi Sri disebutake minangka lambang kasuburan. Mitos Dewi
Sriraket banget karo urip padinane masarakat Jawa kang ajeg kepengin nggayuh kasuburan.
KangjejulukDewi Pangan ing masyarakat Jawa, yaiku …
A. Dewi Seri
B. Sang Hyang Dewi
C. Dewi Sri
D. Dewi Sri Ine Mbu
E. Sang Hyang Seri
9. Prakerin yaiku bageyan saka pawiyatan sistem ganda (PSG), dados program antarane SMK lan
industri kang dilakoni ana ing dunia industri utawa usaha. Tujuane prakerin yaiku bisa nyiptakake
tenaga sing profesional yaiku duweni pengetahuan, ketrampilan, lan etos kerja sing trep karo
tuntunan lapangan kerja.
Wacan ing dhuwur kalebu jenise wacan....
A. Argumentasi
B. Persuasi
C. Narasi
D. Deskripsi
E. Eksposisi
10. Wonten ing jaman kemajuan puniki kathah ingkang mbetahaken pedamelan ingkang cekap kangge
kulawarganipun. Kurangipun keahlian lan gladhen saking sekolahan utawi riyen nalika sekolah
boten nggatekaken wigatinipun. Pramila saking punika sumangga para siswa gladhen babagan
keahlian wonten tataran SMK, tuladhanipun kados dipunwontenaken prakerin utawi PKL.
Supados para siswa saged ngadhepi kemajengan teknologi ingkang saben taunipun samsaya
canggih.
Pratelan ing dhuwur nuduhake sesorah perangan bageyan....
A. surasa basa
B. salam pambuka
C. pambuka
D. panutup
E. salam panutup
11. Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan .... kula dherekaken atur
puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah Ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah
barkah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula .... saged kempal
manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambikala.
Tembung kang trepkanggo njangkepi pratelan teks pambagyaharjo kasebut yaiku …
A. sadaya, satemah
B. sami, satemah
C. sedaya, saengga
D. sadayana, satemah
E. sadayana, sahengga
12. Setitekna pacelathon ing ngisor iki!
Pakdhe Sular : “Lho le, njanur gunung dolan mrene ana prelu apa?”
Dimas : “Pangapunten Pakdhe, kula sowan wonten griyanipun Pakdhe, badhe
nyuwun priksa, pabrik Konimex mapanipun Pakdhe nyambut damel
punika betahaken lowongan pagaweyan punapa boten?”
Pakdhe Sular : “Lha jurusanmu apa le?”
Dimas : “Kula desain grafis Pakdhe?”
Pakdhe Sular : “Ya coba mengko dak tekokake menyang HRD ne dhisik le, entenana ya..”
Tembung ingkang kacetak kandel, manut unggah ungguh basa Jawi ingkang trep yaiku …
A. daleme, nuwun sewu
B. dalemipun, nyuwun pirsa
C. dalemipun, nyuwun priksa
D. dalem, nyuwun priksa
E. griyanipun, nyuwun pirsa
13. Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung ingkang sampun ngluberaken
rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMK Nusa
Bangsa kangge ngawontenaken pepisahan.
Surasa perangan tanggap wacana ing dhuwur yaiku...
A. atur pakurmatan
B. atur matur nuwun
C. atur puji syukur
D. nyuwun panyekuyung
E. nyuwun donga pangestu
14. Gatekna kumpulan ukara ing ngisor kanggo mangsuli pitakonan!
(1)Dene Jurusan kang akeh disenengi dening para siswa putra ing antarane; Jurusan Teknik
Pemesinan, JurusanTeknik Kendaraan Ringan, Teknik Konstruksi Batu Beton, lan sapiturute.
(2)Ing jaman saiki sekolah SMK pancen luwih akeh disenengi lan dipilih dening para siswa.
(3)Jurusan ing SMK kang akeh disenengi dening para siswa mligine siswi putri ing antarane;
Jurusan Akomodasi Perhotelan, Jurusan Tata Kecantikan, Jurusan Akutansi lan sapiturute.
(4)Bab iki mau jalaran para siswa kang lulus saka SMK bisa langsung nyambut gawe merga
duweni sawijining kompetensi keahlian tartamtu.
(5)Kajaba kuwi, pilihan jurusan ing SMK uga akeh wernane.
Miturut kumpulan ukara ing dhuwur, menawa bakal digawe paragraf, tuduhna endi kang bakal
dadi ukara baku (kalimat utama) saka paragraf kasebut …
A. Ukara nomer 5
B. Ukara nomer 4
C. Ukara nomer 3
D. Ukara nomer 2
E. Ukara nomer 1
15. Setitekna pratelan tembang ing ngisor iki!
Kasusu arsa weruh
Cahyaning Hyang kinira yen karuh
...
Tan wruh kang mangkono iku
Akale keliru enggon
Genepana cakepan tembang ingkang ilang kasebut !
A. Kadaluwarsa katutuh
B. Ngarep-arep urup arsa den kurebi
C. Kapatuh pan dadi awon
D. Sira prabu gunawan manembah nuwun
E. Yaiku bageyanipun
16. Yen ing tawang ana lintang cah ayu, aku ngenteni tekamu
Marang mega ing akasa nimas, sun takoke pawartamu
Janji janji aku eling cah ayu, sumedhot rasaning ati
Lintang- lintang ngiwi-ngiwi nimas, tresnaku sundhul wiyati
Dhek semana janjiku disekseni
Mega kartika kairing rasa tresna asih
Yen ing tawang ana lintang cah ayu, rungokna tangising ati
Binarung swaraning ati nimas, ngenteni mbulan ndadari
Surasane tembang campursari ing dhuwur yaiku …
A. nggoleki pasangane tekan ngendi – ngendi
B. ngenteni pasangane sing lunga ora bali-bali
C. ngandhakake swasana kang ana ing pagunungan
D. aja ninggalake adat lan tata susila kang ana ing tanah Jawa
E. nggoleki apa kang dadi prasetyaning urip
17. ?I[koamBen[kKgg=g]jisi=tugel\,
Latine kang trep yaiku...
A. Iko mbenake graji sing tugel.
B. Ike mbenake gagang graji sing tugel.
C. Iko mbenake gagang graji sing tugel.
D. Ike mbenake gagang sing tugel.
E. Iko mbenake gagang graji sing tugel neng bengkel
18. Tutugna parikan ing ngisor iki!
Sepet-sepet, sawone mentah
Diempet-empet,…………….
A. saya betah
B. ora betah
C. selak ra betah
D. dadi betah
E. malah betah
19. Pramila rama ibu den bekteni
kinarya jalaran
anane badanireki
kinawruhan padhang hawa
(Wulangreh, Yasan PB IV)
Surasane tembang kasebut yaiku …
A. sregep sinau bisa dadi pinter
B. anak kudu bekti karo wong tua
C. siswa kudu bekti karo guru
D. samubarang kang ala bakal cilaka
E. sasmita urip ing ngalam donya
20. Setitekna pacelathon ing ngisor iki!
Agung : “… , menawi pareng kula badhe nyuwun katrangan babagan paedahipun …
Prakerin menika”
Pak Taufik : “ Iya, kowe arep takon apa?”
Agung : “Ingkang badhe … tangletaken ngaten, Pak. Prakerin menika menapa wajib,
dipunagendakaken wonten SMK?”
Pak Taufik : “Wo, lha ya genah. Kuwi kena dinggo sangu bakalmu mbesuk yen wis lulus saka
SMK”
Agung : “O, ngoten nggih, Pak. Menawi mekaten matur nuwun.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-ceceg ing nginggil nggih punika ...
A. Nuwun sewu, ndherek, kula
B. Nyuwun sewu, tumut, abdi
C. Nuwun sewu, ndherek, kawula
D. Kula nuwun, ndherek, kula
E. Kula nuwun, tumut, kula
21. Kanthi asmaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung, mugi kasarasan, kawilujengan miwah
kamulyan tansah kasarira dhumateng kula saha panjenengan sedaya. Matur nuwun dhumateng
kadang pranata cara ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula saperlu matur wonten
ngarsa panjenengan sedaya.
Pethikan pidhato ing dhuwur kalebu....
A. salam pambuka
B. surasa basa
C. wasana basa
D. purwaka basa
E. panutup
22. Ingkang sepisan Bapak /Ibu Hadi Lukita ngaturaken salam taklim mugi konjuk ngarsanipun Bapak
Agung Adityawarman, kanthi pepuji mugi-mugi,lampahing dhauping temanten saged lumampah
kanthi lulus raharja kalis ing rubeda.
Salam taklim katujokake marang...
A. Bapak/ Ibu
B. Bapak/ Ibu Hadi
C. Bapak/ Ibu Hadi Lukita
D. Bapak Agung
E. Bapak Agung Adityawarman
Wacan ing ngisor iki kangge soal nomer 23 lan 24 !
“Dewa Ruci”
Duryudana : “Dhuh bapa guru Durna, saben dina aku klawan adhi-adhiku melu
sinau olah kaprajuritan lan kanuragan ing Padhepokan Sokalima.
Saben dina aku klawan adhi-adhiku padha tenanan anggone sinau.
Nanging, ya gene Pandawa mesthi kang luwih unggul?”
Resi : “Anakku, Ngger Duryudana. Pun bapa guru boten nate mbeda-
Durna mbedakake klawan murid kang padha sinau ing Sokalima. Kabeh
ngelmu wus dakwulangake marang sakabehing siswa.”
Duryudana : “Nanging, nyatane Pandawa mesthi menang yen adu tandhing klawan
Kurawa.”
Resi : “Nuwun sewu, Ngger anak Duryudana. Bab ngelmu sampun kula
Durna wulang sedaya. Dene bab asil, menika gumantung pribadhine
piyambak-piyambak. Sok sapa sing setiti, tekun ngangge teken mesthi
bakal katekan ing sedyane, Ngger!”
Sengkuni : “Nyuwun pangapunten, Ngger anakku Duryudana. Yen dak sawang
kanthi premathi, pancen Resi Durna iku emban cindhe emban siladan.
Pilih-pilih kasih marang murid. Resi Durna luwih cedhak lan tresna
klawan Pandawa tinimbang Kurawa. Iku dadi bukti yen Resi Durna iku
pancen mbeda-mbedakake marang murid.”
Resi : “Adhi Sengkuni. Sira yen darbe atur kudune bisa luwih dingati-ati.
Durna Coba tuduhna kapan lan kepiye anggonku mbeda-mbedakake antarane
Pandawa klawan Kurawa?”
Sengkuni : “Halah, ngono isih kumbi ora gelem ngakoni kaluputan. Kapan lan
kepiye carane ya embuh, wong sing nglakoni Kakang Resi Durna.
Mesthine aku ya ora reti.”
Resi : “Lha rak tenan ta. Anggonmu duwe pandakwa marang aku ora
Durna nganggo dhasar kang cetha. Mula dak kon nuduhke ing ngendi papan
kaluputanku adhi Sengkuni ora bisa mangsuli.”
(Sumber; Kumpulan critawayangBanjaranBima/HeriPurnomo)
23. Saka paragraf ing dhuwur bisa dimangerteni menawa watake Sengkuni yaiku...
A. setiti lan sabar
B. seneng pandakwa
C. nrima lan tekun
D. sabar lan nrima
E. gampang nesu
24. Ing ngisor iki kang ora kalebu amanat/pesan moral kang bisa kajupuk saka wacan ing dhuwur
yaiku …
A. Dadi guru ora oleh mbeda-mbedakake klawan murid.
B. Yen arep matur kudu ngati-ngati supaya ora ndadekake panyakra bawa.
C. Aja seneng nudhuh lan aweh pandakwa marang liyan tanpa ana dhasar.
D. Sapa wonge kang gelemsetiti lan tekun mesthi bakal kalaksanan gegayuhane.
E. Yen kepengin pinter, becike nyedhaki lan gawe senenge guru kang aweh ngelmu.
25. Kula ugi tinanggenah hanampi sri penganten kakung, ingkang peparap Bagus Agus Wiguna putra
kakungipun Bapak Hadi Susilo ingkang badhe kadaupaken kaliyan Rr. Dewi Ariska putra
putrinipun Bapak Yudhistira, hanyarengi dinten Radite Kasih surya kaping 20 Januari 2018.
Ingkang punika Bapak Hendro Susilo kekalih, ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi
ageman penganten putri sapengadeg arupi; sangsangan rinonce, kundhala kruncing, kalpika, ugi
rasukan kangge pinanganten putri ingkang sedaya kalawau arupi beburoning wana. Menggah
sedaya kalawau kula tampi kanthi suka renaning panggalih, nadyan ta boten wonten ajinipun,
pramila sampun kaukur kanthi bobot lan bebeting barang, mugi katampia minangka talining
katresnan kangge ngraketaken anggenipun bebesanan.
Sesorah ing ndhuwur mau isine babagan ....
A. pasrah temanten kakung
B. lamaran temanten kakung
C. lamaran temanten putri
D. panampi pasrah temanten
E. atur pambagyaharjo
26. Ingkang punika Bapak Hendro Susilo kekalih, ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi
sandhangan penganten putri sapenggadeg arupi; sangsangan rinonce, kundhala kruncing, kalpika,
ugi rasukan kangge pinanganten putri ingkang sedaya kalawau arupi beburoning wana
Tembung rasukan iku tegese ....
A. busana
B. ali-ali
C. gelang
D. kalung
E. anting-anting
27. ?nlik p]kerinHkufiajriEp+I..
Ukara ing ndhuwur menawa katulis ing aksara latin unine ...
A. Nalika praktek aku sunau mesin EFI.
B. Nalika prakerin aku diajari EFI.
C. Nalika magang aku sinau EPHI.
D. Nalika praktek aku diajari EFI.
E. Nalika PKL aku diajari EVI.
28. Wacan aksara Jawa ing ngisor iki coba setitekna kanthi premathi!
ai++=taun\;2018;aikilulusS[nH[smKai=jwtezhaufkr;15000;sisW.skcchm
au,wetr;11530;[bochpdvmB|tG[wai=pb]ik\,bvJ|/cch;520;[bochpdanDp+T
/kuliyh.[f[nwetrcch;350;[bochpdg[wausa[d[w.sis[naisihpd[go[lkG[wy
n\,
Saka wacan ing dhuwur, cacahe bocah lulusan SMK ing Jawa Tengah kang durung oleh
pagaweyan yaiku …
A. 12.600 bocah
B. 11.530 bocah
C. 350 bocah
D. 520 bocah
E. 2018 bocah
29. Artikel ilmiah populer kaya kang kapacak ing ariwarti utawa kalawarti yakuwi salah sijining jinis
karya ilmiah sing ngrembug babagan kang ...
A. bakale kedadeyan
B. lagi dadi pirembugan
C. jaman biyen wis tau
D. wis suwe anane
E. ora tau dirembug
30. Menawa pamaos durung kober maca artikel kanthi rampung, pamaos wis antuk gambaran isine
artikel kanthi maca …
A. dudutan utawa pangajab artikel
B. subjudul lan teras artikel
C. pengarep-arep artikel
D. irah-irahan lan teras artikel
E. isine artikel
31. Gatekna naskah sandiwara ing ngisor iki !
Esuk iki Afi mangkat PKL ing kantor PMI Karanganyar, ing kana ana Ibu Isna nyawang Afi karo
bingung.
Ibu Isna : Nduk Afi, kok taksih budal PKL?
Afi : La kados pundi, Bu?
Ibu Isna : La apa ora wis rampung ndek wingi Senin to Nduk?
Afi : Wah, inggih Bu, kesupen kula!
Ibu Isna : Alah Nduk, kana gelis mangkat, selak telat sekolah
Afi : Nggih Bu …
Tema ing pethilan drama ing ndhuwur babagan .…
A. PKL
B. Kisinan
C. Sekolah
D. PMI
E. Alfi
32. Ing parkiran Amat ketemu karo Pri sing lagi piket sajak males lan ngantuk banget.
Yupinah : Lha iki uwonge….!
Pri : Ya ampun… ngaget-ngageti ae..
Mbak..Mbak.. ana apa iki kok rombongan?
Zaenab : Mas Pri.. aku tak takon….
Pri : Ee.. ana Mas Amat barang ta iki…emm nggawa laporan PKL ora, Mas?
Amat : Ora! laporan PKLku buyar diborong pocong!
Pri : Zaenab arep takon apa,mau?
Latar ing prathelan drama ing dhuwur manggon ana ing ….
A. dalan
B. lapangan
C. parkiran
D. kelas
E. kantor
33. Gatekna sempalan sarasehan ngenani budaya Jawa iki!
Posisi budaya Jawa minangka warisan leluhur kang adiluhung dina iki kaya ora ana ajine,
malahan tumrape wong Jawa dhewe. Generasi Jawa asring ora duweni kawruh kabudayan Jawa,
utamané nerapake nilai-nilai budaya Jawa ing saben dinane. Mula ana istilah "wong Jawa wis ora
nJawani, wong Jawa wis ilang Jawane". Iki bisa dideleng saka fénoména sing dumadi ing wektu
iki. Masyarakat umum wis kesilep marang cemloroting donya. Saengga uripe luwih digunakake
kanggo golek pangkat lan banda.
Kang luwih mrihatinake, budaya Jawa saiki saya luntur lan mingsed. Kabehmau bisa katon
saka wong Jawa saiki, saka busanane, omongane, andhap asor lan budi pekertine saya ora
digatekake utawa malah saiki ora bisa dikontrol maneh. Wong Jawa saiki luwih katon kaya ora
wong Jawa.
Panyaruwe kang trep saka sempalan sarasehan ngenani budaya Jawa mau yaiku ....
A. Generasi ing jaman saiki dijarke wae meh ngiblat budaya ngendi wae sing dipengeni.
B. Generasi ing jaman saiki kudune nyinaoni budaya manca amarga mlebu era globalisasi.
C. Generasi ing jaman saikisupaya semangat golek pangkat klawan bandha kangge masa depane.
D. Generasi ing jaman saikibecike nyinaoni kawruh budaya Jawa supaya ora ilang Jawane.
E. Generasi ing jaman saiki kudu nggunakake basa manca amarga mlebu era globalisasi.
34. Cobasetiteknapacelathoningngisoriki!
Aji : “Sugeng siyang, BapakSodiq.”
Pak Sodiq : “Sugeng siyang. Piye Nang, ana apa?”
Aji : “Kula badhe nyuwun pirsa, Pak.”
Pak Sodiq : “Takon apa?”
Aji : “Kula badhe ndherek recruitment PT. PAMA Persada Nusantara. Kados pundi,
nggih?”
Pak Sodiq : “Yen ngono cepakake fotocopy raport lan KTP.”
Aji : “…………………………………………………….”
Pak Sodiq : “Kumpulke nang Tim BKK Sekolah.”
Ukara kang trep miturut unggah-ungguhing basa kanggo nggenepi pacelathon ing ngisor iki kang
isih kothong yaiku …
A. “Benjang kula paringke sinten, Pak?”
B. “Sesuk tak aturke sapa, Pak?”
C. “Benjang kula aturaken sinten, Pak?”
D. “Benjang tak wenehke sinten Pak?”
E. “Benjang kula wenehke sapa, Pak?”
35. Nalika nindakake sandiwara, ing sawijining pacelathon Wulan ora sreg karo dialog-e Lintang, amarga
anggone nyethakake lan nyuwarakake tembung sing duwe makna nesu ora ketok, mung nggunake setengahe
antebe swara. Miturut andharan iku Lintang kurang nguwasani kaprigelan ing babagan ...
A. cethane ucapan
B. serune ucapan
C. aweh tekanan kang pas marang pacelathon kang dikandhakake
D. jumbuhe pamacane naskah karo ngrembakane konflik
E. larang murahe busana
36. Endah edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra ical sipating
jalma sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.
Saking panyandra mijilipun temanten putri ing dhuwur, tembung sipating jalma tegese yaiku...
A. sipate kekancan
B. sipate sedulur
C. sipate kaluwarga
D. sipate manungsa
E. sipate ibu
37. Satitikna pratelan panyandra ing ngisor iki !
Para tamu kakung ingkang pantes sinudarsana, laksitaning tata adicara ingkang sampun rinakit
dening kulawarga kados sampun kalaksanakaken kanthi pinayungan karaharjan tebih ing
sambekala.
Pratelan panyandra ing ndhuwur klebu panyandra …
A. panyandra perangane awak
B. panyandra solah bawa
C. panyandra wong nesu
D. panyandra mangsa
E. panyandra temanten
38. Setitikna pratelan naskah sandiwara ing ngisor iki!
Sawijining dina Dika karo Deni mangkat sekolah mampir bengkel.
Deni : “Mas, iki motorku mogok. Kena apa ya?”
Joni : “Kene tak delok dhisik.”
Dika : “Aduh iso telat sekolah iki.”
Joni : “Sekolah ngendi, Mas? Kok kayane tau ngerti.”
Dika : “SMK Muhammadiyah 3, Mas.”
Joni : “Woalah sasekolahanta, aku ya sekolah kana. Aku lagi PKL nang kene.”
Piwulang kang kamot ing sajroning prathelan naskah sandiwara ing dhuwur yaiku …
A. seneng tetulung
B. seneng nabung
C. seneng srawung
D. seneng aweh-aweh
E. seneng aruh-aruh
39. Wacana kang mbudi daya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane
tumindak jumbuh karo kang dikarepake panulis utawa kang omong iku diarani wacana ...
A. wacana diskripsi
B. wacana eksposisi
C. wacana narasi
D. wacana persuasi
E. wacana argumentasi
40. Ing panulise argumentasi mbutuhake fakta-fakta utawa data-data kang ancase dadi dhasar anggone
gawe argumen. Bab iki tinulis ing …
A. pendahuluan
B. surasane
C. dudutan
D. metode penelitian
E. daftar pustaka

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener !


1. Gatekna wacan ngisor iki!
“Melu Pak Pur”
Dina iku Senen, tanggal 6 Maret 2017. Kaya biyasane, aku menyang PKL neng Dinas Kominfo
Sleman. Aku menyang jam 07.10 saka omah. Ing dalan aku mikirne akeh bab. Salah sijine, “Kira
– kira aku mengko oleh gaweyan apa ya?” “Angel apa ora ya?”. Aku mikirke bab iku terus
sadawane dalan tumuju olehku PKL. Bab iku lumrah jalaran sasuwene aku PKL neng Kominfo,
aku oleh akeh gaweyan. Saliyane gaweyan sing jumbuh karo Kompetensi Dasar Kejuruan, aku
karo Rifka (kancaku PKL) ngrewangi karyawan liyane sing kerja neng Kominfo.
Golekana latar ana ing pratelan cerkak kang duweni irah-irahan “Melu Pak Pur”ing dhuwur!
2. Nulada laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wong Agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudanen hawa lan nepsu
Penesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangunkaryanaktyasingsasama
Miturut tembang ing dhuwur coba golekana:
a. Jinise tembang
b. Guru gatra
c. Guru lagu
d. Guru wilangane
3. ?an[lo[w=oznHi=%usKesMs-,amB|tuha[kk/ywnHv/cch:13:.
Tulisen nganggo huruf latin!
4. Setitikna pratelan naskah sandiwara ing ngisor iki!
Nalika Wisma arep mangkat prakerin, Wisma ketemu Joni lanSorang mancing ning pinggir kali.
Wisma : “Heee... Jon Rang lagi ngapa kowe?”
Joni : “Ngapa ya iki hehehehe...”
Sorang : “Nggenah mancing noo!”
Wisma : “Mancing! Hla pora pkl, yahmene kok malah mancing ki?”
Sorang : “Ora wis lagi males pkl aku.”
Joni : “Iyo wis aku yo lagi males pkl terus aku mancing karo Sorang. Kowerasah mangkat
pkl wae ayo melu mancing sisan!”
Wisma : “Wegah yo aku ora mancing. Mancing suk nek wis rampung pkl. Yawis nek ngono
aku tak mangkat pkl sik yo.”
Sorang : “Yo yo yo...ati-ati yo.”
Wisma : “Yo..”
Joni : “Iyo wis ngati-ati yo.”
Sebutna paraga lan watak paraga ing pratelan naskah sandiwara iku!
5. Urutna wacana argumentasi ing ngisor iki kanthi trep !
a. Peran tiyang sepuh kaliyan guru dipunbetahaken kangge ngenalake budaya Jawi marang lare-
lare.
b. Bahasa Jawi kedah dipuntepangaken kalih lare-lare wiwit alit.
c. Ing jaman puniki bahasa Jawi sampun kathah dipuntilaraken generasi penerus.
d. Dados budaya Jawi boten ical.
e. Dadosipun lare-lare boten ngrasa aneh marang bahasa Jawi.

Das könnte Ihnen auch gefallen