Sie sind auf Seite 1von 3

GURU KUNCI KESUKSESAN BANGSA LAN PPPK 2019

Guru mono patriot tanpa tandha jasa. Jalaran saka guru minangka patriot tanpa

tandha jasa, awak dhewe ngregani guru ya liwat lagu hymne guru sing dinyanyiakake

saben-saben upacara bendera ing dina senin. Guru dipuji lan disanjung jalaran dharma

baktine marang bangsa lan negara. Manungsa bisa pinter lumantar kawruh saka guru.

Guru mulangake perkara-perkara sing durung diweruhi bisa dadi weruh. Sasuwene iki,

durung ana manugsa sing bisa weruh perkara kawruh tanpa guru. Ibarate bayi sing lair

ora usah diwulang ora bakal bisa weruh tekan gedhe. Guru mulangake perkara-perkara

kawruh anyar sing durung diweruhi murid mulane murid bisa weruh kawruh saka guru.

Murid malah bisa luwih pinter saka guru apa malah bisa luwih kasil tinimbang guru. Ana

murid alumni sing dadi politikus, ilmuwan, dhosen, polisi, apa malah dadi presiden.

Ngadhepi kemajuan jaman lan kemajuan teknologi, guru dituntut supaya bisa

nduweni kabisan ngenani teknologi lan informasi sing diibaratake “melek teknologi”. Ing

kurikulum sing anyar wis diselarasake karo kemajuan teknologi lan informasi. Guru-guru

kang migunakna teknik metode mengajar isih ceramah saiki bisa manpaatake metode

sing variatif ing pembelajaran mligine migunakake metode saka internet. Guru uga bisa

utak-atik komputer kanggo nyisir perkara-perkara anyar saka internet. Nanging guru-guru

sing lagi ngadhepi tes uji kompetensi guru nyatane isih akeh sing isih grogi ngadhepi

komputer. Bola-bali diadakake tes kompetensi guru nanging asile akeh sing ora lolos.

Malah akeh sing isih wegah-wigih ngadhepi soal-soal ing komputer. Nanging guru sing

wis pengalaman akeh ing lapangan lan nduwe masa kerja sing suwe tetp diitung guru

kompeten.
Ing taun 2019, pemerintah ngadakake tes pppk pppk 2019 kanggo guru-guru sing

wis nduwe masa kerja limalas taun mendhuwur. Guru sing nduwe masa kerja limalas

taun mendhuwur diwenehi kesempatan melu tes pppk tahap I ing taun 2019. Guru-guru

bakal direkrut dadi ASN. Perkara iki, njalari semangat para guru sing kawitane semangat

olehe ngajar murid dadi luwih semangat ngajar murid-murid.

Perlara iki dadi haru jalaran pemerintah weneh perhatian marang nasib guru-guru

sing isih honorer lan ngabdi belasan taun. Saka tes pppk 2019, pemerintah dhewe sing

ngawal proses pelaksanaan seleksi penerimaan guru honorer kanthi runtut lan ing tempo

sing ora rowa pelaksanaane ing dhaerah. Bisa dibayangna jeda waktu tes pppk 2019

tumuju ing pengumuman mung mbutuhake waktu itungan jam lan itungan dina wae.

Sateruse pengumuman asil tes pppk 2019.

Proses pendaftaran pppk 2019 migunakna sistim online, nanging durung kabeh

guru bisa nglaksanakake pendaftaran. Akeh guru sing isih bingung ndhaftar cara online.

Ping siji guru mbutuhake kartu berkas-berkas kanggo di upload minangka syarat nduwe

kartu akun tes, sateruse guru mbutuhake nyetak kartu tes ujian pppk 2019. Salah siji

berkas sing dibutuhake yaiku transkrip nilai sing wis di ubah saka jpg nyang pdf. Ing

proses iki, isih akeh guru sing ora lolos.

Kanthi prihatin kene ngakoni, menawa guru-guru sing wis pengalaman ing

lapangan ya isih durung bisa ndhaftar liwat online. Kena diarani isih gaptek utawa gagap

teknologi. Kanggone guru-guru sing wis lolos seleksi pppk tahap I durung telat ngucapake

selamat wis berhasil ndhaftar cara online. Kanggone guru-guru sing durung kasil ndhaftar

sacara online ujian pppk 2019 tahap l tamtu durung bisa dadi ASN.
Pengirim :
Nama : Anike Prarista Putri
No.Hp : 085735915920
Alamat : Jl.Nusa Indah, Dusun mlaten rt 06/rw 03, Kecamatan Krembung,
Sidoarjo, 61275 (Kode Pos).
E-mail : tentangdiri543@gmail.com
No.Rek : 315901024139536 BRI

Das könnte Ihnen auch gefallen