Sie sind auf Seite 1von 5

Upacara Adat

Kabupaten Trenggalek
TIBAN
(Desa Kerjo)

Kasusun dening :
1. Anas Rafitiya (04)
2. Aryaputra Rezeki (06)
3. Enggar Mayka Tamaramiarti (09)
4. Faizal Gustian Zaky (10)
5. Nabila Anggraeni (24)
6. Zhico Putra Hery Prianto (35)

SMAN 1 TRENGGALEK
Semester 1
Tahun Ajaran 2019/2020
BEBUKANING ATUR

Puji syukur ingkang tanpa upami katur wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang
Maha Kuasa, amargi rahmatipun saengga kita saged ngrampungaken makalah niki ing
wekdal kang ditentukake. Mboten kesupen kula sakanca aturaken matur sembah nuwun
dhumateng narasumber kesenian tiban, Pak Jahdi, ingkang sampun mangertosi menapa-
menapa ngenani kesenian tiban. Mugi-mugi patulunganipun panjenengan niku saget angsal
limpahan rahmat saking Gusti Allah. Amiin.

Makalah kanthi irah-irahan “UPACARA ADAT KABUPATEN TRENGGALEK TIBAN”


puniki, mugi-mugi saget mbantu nambah kawruh lan pengalaman kagem para pamaos.
Mugi-mugi makalah niki saget dipundamel minangka referensi kagem pamaos.

Mbok bilih wonten kakirangan, kula sakanca ngaturaken nyuwun pangapunten. Kula
sakanca nggih rumaos menawi makalah niki kathah kekirangan. Mula, mugi-mugi para
pamaos bakal menehi saran lan kritik ingkang ngebangun kagem mbenahi makalah niki.
Mugi-mugi makalah niki saged migunani kagem pamaos sedaya.

Trenggalek, 15 September 2019

panyerat
DAFTAR ISI

BEBUKANING ATUR……………………………………………………………….
DAFTAR ISI…………………………………………………………………………..
A. SEJARAH “TIBAN”………………………………………………………....
B. SUSUNAN ACARA………………………………………………………….
C. SYARAT-SYARATIPUN ACARA………………………………………….
D. FOTO UPACARA ADAT……………………………………………………
PENUTUP……………………………………………………………………………..
A. SEJARAH “TIBAN”
Ing jaman rumiyin, wonten salah sawijining dusun sing nduweni telaga. Ing mangsa
ketiga, telaga iku asat. Akibate, sapi-sapi sing diangon padha rebutan banyu ing telaga iku.
Tukang angon sing sapine ora oleh ombe banjur tukaran karo tukang angon sitoke. Amarga beda
dedeg lan kakuwatan, salah siji tukang angon kalah, banjur bapake nesu ngerti anake babak
bundas. Kanggo ngrampungake masalah, bocah kuwi mau diluluh ning omah. Amarga bapake
ora iso nyadarne akhire padha tukaran wong tuwa karo wong tuwa, sabet-sabetan. Ora ana sing
bisa misah tukaran kuwi mau. Ndilalah pas awake padha ajur, udan. Udan kuwi mau lagek bisa
misahake wong kang tukaran. Mulane, kesenian kang isine wong sabet-sabetan iku dijenengi
“tiban” kang asale saka tembung “ketiban banyu”.
Sakjane, kesenian tiban dingge ngundang udan iku salah. Nanging kadung ana persepsi
ing masyarakat menawa tiban iku kanggo ngundang udan. Yen bubar tiban banjur udan, niku
namung ketepakan. Udan iku sing nurunake Gusti Allah.
Ing jaman penjajahan londo sakdurunge Indonesia medeka, cah cilik niku dilatih tiban
supaya bisa kendel nglawan penjajah. Supaya mbesuk yen wis gedhe wani melu perang kanggo
ngusir londo lan bisa merdekakake bangsa Indonesia.
Tiyang sing melu tiban mboten terbatas. Nanging ing daerah Kerjo, Karangan, biasane 45
tiyang. Gaman kanggo tiban iku arane ujung. Ujung yaiku sada aren kang diplintir kanthi seru,
banjur ditaleni supaya plintirane ora udhar. Setunggal ujung yen ageng mbutuhake aren 19.
Nanging, ingkang alit mbutuhake 20/25. Yen ing Trenggalek nggae sada aren kang diplintir, ing
Blitar ndamel pecut rafia. Kediri ndamel pecut sing gedhi, nanging ora lara. Sing paling lara
pecute tiban Trenggalek. Sakjane ing tiban iku ora ana sing ora tedhas sabetan. Yen ora tedhas
iku berarti ujunge ora kenekan awak, tapi kenekan sarung.
Tiyang jaman mbiyen, sakdurungipun wonten dokter gadhah cara ingkang ora biasa
kanggo nambani tatu. Carane yaiku pupuse lamtoro dipitili lan dikemah. Menawi sampun
lembut dilepeh lajeng ditemplokake ing tatune. Yen wonten alang-alang sing digae oyote.
Mboten butuh wektu sing dangu, sesuke langsung mari.
Tiban diadakake menawi wonten sing ngundang. Kayata ing acara besih desa, karnapal,
lan liya-liyane. Tiban mboten saget diadakake mbendino amarga tukang tiban padha nyambut
gawe. Tukang tiban mboten gadhah perjanjian lan mboten gadhah anggaran. Padahal, tiban
mbutuhake ragat kanggo golek sada aren, nyewa kendaraan lan sound.
Tiyang kang nglakoni tiban iku amarga demen lan seneng. Tiban iku dilakokake mboten
amarga mungsuhan. Kabeh iku konconan. Kadhang wong iku tiban karo dulure dhewe, karo
anake, utawa karo kancane dhewe. Bubar tiban ora ana sing nyimpen lelara marang liane. Iku
salah sawijining kang bisa ditiru dening masyarakat sakniki.

B. SUSUNAN ACARA
Tiban diwiwiti tiyang kalih ingkang maju ing tengahing kalangan. Pemain giliran
nyabetake nggunakake ujung ingkang dijupuk saka sada aren kang diplintir. Target pecut
mboten angsal kena suku lan sirah. Sing main uga kudu melu unine gamelan ingkang ngiringi
acara. Kesenian tiban iku kairingan nganggo kendhang, saron, lan kenthongan.

C. SYARAT-SYARAT UPACARA
Tiyang ingkang nglakoni tiban mboten pareng nganggo ageman, amarga awak ingkang
tatu digae ndudohake menawi deweke wani. Sejene, tiyang ingkang ndelok tiban malih cegeh.

D. FOTO UPACARA

PENUTUP

Mekaten ingkang saget kita terangake ngenani tiban. Kita sadar makalah iki wonten
kekurangan amarga kurangipun kawruh lan kurang referensi ingkang wonten hubunganipun kalih judul
makalah iki. Kita ngarep-arep kathah pamaca menehi kritik lan saran marang penulis supaya bisa
ngrampungake makalah ingkang luwih becik. Muga-muga makalah iki migunani kanggo panulis uga para
pamaos.

Das könnte Ihnen auch gefallen