Sie sind auf Seite 1von 7

KEAJAIBAN DRIJI

‫ور‬ِ ‫ست َ ْغ ِف ُرهُ َونَعُوذُ ِباهللِ ِم ْن ش ُُر‬ ْ َ‫ست َ ِعينُهُ َون‬ ْ َ‫ِإ َّن ا ْل َح ْم َد ِ َّّلِلِ نَ ْح َم ُدهُ َون‬
ْ ُ‫َّللاُ فَالَ ُم ِض َّل لَهُ َو َم ْن ي‬
‫ض ِل ْل‬ َّ ‫ت أ َ ْع َما ِلنَا َم ْن يَ ْه ِد‬ِ ‫س ِيئَا‬َ ‫سنَا َو ِم ْن‬ ِ ُ‫أ َ ْنف‬
‫ش َه ُد أ َ َّن‬ْ َ ‫َّللاُ َو ْح َدهُ الَ ش َِر ْي َك لَهُ َوأ‬ َّ َّ‫ش َه ُد أ َ ْن الَ ِإلَهَ ِإال‬ْ َ ‫ى لَهُ َوأ‬ َ ‫فَالَ َها ِد‬
‫علَى آ ِل ِه َو َم ْن‬ َ ‫علَى نَ ِب ِينَا ُم َح َّم ٍد َو‬ َ ‫ص ِل‬ َ ‫سولُهُ الل ُه َّم‬ ُ ‫ع ْب ُدهُ َو َر‬ َ ‫ُم َح َّمدًا‬
‫ َوا ْنفَعَنَا ِب َما‬،‫الد ْي ِن الل ُه َّم ع َِل ْمنَا َما يَ ْنفَعُنَا‬ ِ ‫ان ِإلَى يَ ْو ِم‬ ٍ ‫س‬ َ ‫ت َ ِبعَ ُه ْم ِب ِإ ْح‬
‫ َوأ َ َرنَا‬،ُ‫عه‬
َ ‫ار ُز ْقنَا ِاتبَا‬ْ ‫ق َحقا ً َو‬ َّ ‫ َوأ َ َرنَا ال َح‬،ً‫ َو ِز ْدنَا ِع ْلما‬،‫علَّ ْمتَنَا‬ َ
ْ ‫ار ُز ْقنَا‬
ُ‫اج ِتنَا َبه‬ ْ ‫اطالً َو‬ ِ َ‫اط َل ب‬ ِ َ‫الب‬
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wa
Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang
nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang
Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki
dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang
(wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang
tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita
dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing
sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa
kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan
karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken
dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul
pungkasan; Muhammad ‫ﷺ‬., sumrambah dhumateng para
kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut
lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Kita ing sajroning sasi Rabi’ul Awal, sasi ingkang dipengeti
dening saperangan kaum muslimin minangka sasi
miyosipun Rasulullah ‫ ﷺ‬, ugi kita saksikaken boten sekedhik
saking kaum muslimin ingkang bergegap gempita mengeti
dinten miyosipun Rasulullah ‫ﷺ‬. Mugiyo kanti emut meniko
nambahi tresnanipun kulo panjenegan sami dumateng
Rosululah ‫ﷺ‬.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Kulo ing mriki mboten mbahas kaitannipun kalihan
miyosipun Rasulullah ‫ﷺ‬. Ing mriki bade bahas “keajaiban
driji”. Meniko kaitanipun kaleh zaman modern zaman
ingkang kawestenan zaman canggih.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah
Sadaya ingkang dipuntitahaken déning Allah Subhanahu wa
Ta’ala punika wonten gina lan manfa’atipun. Malah wonten
ingkang ajaib. Sadaya punika dados tandha ka-Agungan-
Ipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang Maha Nyipta.
Boten wonten makhluq ingkang saged ngimbangi, sanajan
para makluq sesarengan budidaya ndamel kados ingkang
dipuntitahaken Allah Subhanahu wa Ta’ala, kalebet Allah
Subhanahu wa Ta’ala nitahaken driji-driji tanganipun para
manungsa.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Driji tangan punika ageng gina lan manfa’atipun,
gumantung ingkang ginakaken. Kanthi driji tangan saged
dipundamel njiwit, nyetot, mlintir, ngremes, nyengkerem,
wiridan, lan sapanunggalanipun. Driji ingkang dipun-
ginakaken kesahénan umpaminipun dipun-ginanakeken
damel nulis khutbah kagem sinten kemawon ingkang saget,
Ndamel peraturan ingkang sae, meniko kagem tiyang tiyang
pemerintahan_ Alhamdulillah meniko pemerintah desa
ketitang ajeng damel Perdes pembuangan sampah, mugio
saget nertibaken sampah ing lingkungan desa ketitang_,
nulis kitab ingkang tulisan kasebat saged dipunwaos lan
dipunamalaken tiyang, kanthi punika panulisanipun In sya
Allah para tiyang ingkang nulis saged pikantuk
manfa’atipun, ugi kapara dados ngamal Jariyahipun.
Driji ingkang dipun-ginakaken kanggé perkawis awon saged
drawasi dhateng tiyang ingkang gadhahi driji, lan ugi
drawasi dhateng tiyang sanѐs. Kanthi driji penuding kanggé
narik picu pistol, lajeng pistol kasebat ngedalaken peluru
nemahi tiyang sanѐs, lan ugi saged nemahi badanipun
piyambak.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Driji-driji punika tiyang satunggal lan satunggalipun boten
sami bathikanipun utawi gambar geretan pucuk drijinipun.
Kanthi driji Jempol saged damel gantos tapak asta minangka
tandha sarujuk lan ngiyataken satunggalipun perkawis.
Umpami kita ngemataken, driji jenthik minongko alif, driji
manis, tengah lan penunjuk minongko lam kaleh, jempol
minongko ha’, meniko sampun dados lafal ‘Allah”
Prayogi driji-driji punika kaginakaken kanggé ngamal
kesahénan lan ngibadah dhumateng Allah Subhanahu wa
Ta’ala. Kanthi driji dipun-ginakaken kanggé tetulung
dhateng tiyang sanѐs, kanthi driji saged ngendaliakken
pamerintahan ingkang sae, kanthi driji kanggé ngétang
gunggungipun tiyang maos istighfar, shalawat lan puji-
pujian sanѐsipun dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Poma-dipoma driji punika dipunjagi kanthi sahé, nyegah
tumindak awon, jalaran driji punika dados seksi sadaya
ngamal ingkang dipuntindakaken déning tiyang ingkang
kagungan driji. Driji ingkang sampun ajur mumur wonten
ing alam kubur punika bénjang dinten Qiyamat
dipunkempalaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala malih
lan dados seksi tumindakipun para kawula. Allah
Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
َُ‫ى بَنَان ۥه‬ ُّ َ َ َ ٰ
َ ‫بَلَ ٰى ق ِد ِر‬
َ ‫س ِو‬
َ ‫عل ٰ ٰٓى أن ن‬َ ‫ين‬
Tegesipun: “Ora kaya ngono, setuhuné Ingsun kuwasa
banget nggathukaké (manѐh) driji-drijiné kanthi
sempurna”. (QS. Qiyamah [75]:4).
Ayat sanѐs ingkang nunggal makna Allah Subhanahu wa
Ta’ala ugi dhawuh:

ِ ‫علَ ٰى أ َ ْف َوا ِه ِه ْم َوتُك َِل ُمنَا أ َ ْي ِد‬


ْ َ ‫يه ْم َوت‬
‫ش َه ُد‬ َ ‫ا ْليَ ْو َم نَ ْخ ِت ُم‬
َ ُ‫سب‬
‫ون‬ ِ ‫أ َ ْر ُجلُ ُه ْم ِب َما كَانُوا يَ ْك‬
Tegesipun: “Ing dina iki Ingsun bumpeti tutuké dhѐwѐké
kabѐh (wong-wong) kafir lan padha matur marang
Penjenenganingsun tangan-tangan lan padha nyeksѐni sikil-
sikilé, (nyeksѐni) lelakon kang wus padha dilakoni déning
dhѐwѐké kabѐh”. (QS. Yaasin [36]:65).
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Ing zaman majeng kados ing wekdal sapunika, ayat Al-
Qur’an lan ayat Kauniyah punika saged nambah lan
kiyatipun iman tumrap tiyang mukmin.
Ing zaman majeng samangké tiyang ngginakaken Anjungan
Tunai Mandiri (ATM) boten perlu malih ngginakaken kode
PIN, mbok bilih cekap nyѐlѐhaken ѐpѐk-ѐpѐk tangan
wonten ing sanginggilipun mesin ngindentifikasi dhiri,
lajeng ngucap gunggungipun arta, boten perlu mijet tombol
angka, mesin arta sampun nerjemahaken angka ingkang
dipunkersakaken. Wonten malih mangkih bilih badhe
nindaken pedamelan “nopo kemawon” namung ndudul alat,
lan dipun ganthos kalian robot pedamelanipun. Sakniki
meniko sampun katingal bilih driji dipun gunakaken
nguwasai dunyo kanti Smarthphone utawi hp pinter.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Kanthi katerangan ingkang sarwa ringkes punika paring
pitedah bilih sadaya ingkang dipuntitahaken déning Allah
Subhanahu wa Ta’ala mesthi wonten gina lan manfa’atipun,
lan malah wonten kaajaiban utawi kaistiméwaanipun.
Sadaya dados bukti lan beneraken dhawuhipun Allah
Subhanahu wa Ta’ala, bilih sadaya punapa kémawon punika
wonten labetipun, lan Allah Subhanahu wa Ta’ala boten
badhé nyia-nyiaaken pakertinipun kawula, saha badhé
‫‪dipunsuwuni tanggeljawabipun wonten ing dinten‬‬
‫‪akhir utawi yaumil Qiyamah.‬‬
‫‪Mugi-mugi kita tansah waspada, dipunparingi kekiyatan‬‬
‫‪ngginakaken driji kathi sahé, tumuju dhateng perkawis‬‬
‫‪ingkang dipun ridhai déning Allah Subhanahu wa Ta’ala.‬‬
‫‪Kita dipunparingi rahmat mungkasi gesang kita kanthi‬‬
‫‪husnul khatimah.‬‬
‫‪Amin Yaa Rabbal ‘Alamin‬‬
‫أَقُ ْو ُل قَ ْو ِل ْي َهذَا َوأ َ ْ‬
‫ست َ ْغ ِف ُر هللاَ ا ْلعَ ِظ ْي َم‪ِ ,‬ل ْي َولَ ُك ْم‬
‫ت ِم ْن ك ُِل ذَ ْن ٍ‬
‫ب‬ ‫س ِل َما ِ‬‫س ِل ِم ْي َن َوا ْل ُم ْ‬
‫سائِ ِر ا ْل ُم ْ‬
‫َو ِل َ‬
‫فَا ْ‬
‫ست َ ْغ ِف ُر ْوهُ‪ِ ,‬إنَّهُ ُه َو ا ْلغَفُ ْو ُر َّ‬
‫الر ِح ْي ُم‪.‬‬
‫‪Kedua‬‬
‫ست َ ْغ ِف ُرهُ‪َ ,‬ونَعُ ْوذُ‬ ‫ست َ ِع ْينُهُ َونَ ْ‬ ‫ا َ ْل َح ْم ُد ِ َّّلِلِ الَّ ِذ ْي نَ ْح َم ُدهُ َونَ ْ‬
‫ت أ َ ْع َما ِلنَا‪َ ,‬م ْن يَ ْه ِد‬ ‫س ِيئَا ِ‬ ‫سنَا َو َ‬ ‫ش ُر ْو ِر ا َ ْنفُ ِ‬
‫ِباهللِ ِم ْن ُ‬
‫ش َه ُد أ َ ْن‬ ‫ي لَهُ‪ .‬أ َ ْ‬ ‫ض ِل ْل فَالَ َها ِد َ‬ ‫هللاُ فَالَ ُم ِض َّل لَهُ‪َ ,‬و َم ْن يُ ْ‬
‫ش َه ُد َأ َ َّن ُم َح َّمدًا‬ ‫ق ا ْل ُم ِب ْي ُن‪َ ,‬وأ َ ْ‬ ‫الَ ِإلَهَ ِإالَّ هللاُ ا ْل َم ِلكُ ا ْل َح َّ‬
‫ث َر ْح َمةً ِل ْلعَالَ ِم ْي َن‪ .‬اَللَّ ُه َّم‬ ‫س ْولُهُ‪ ,‬ا ْل َم ْبعُ ْو ُ‬ ‫ع ْب ُدهُ َو َر ُ‬ ‫َ‬
‫علَى ا َ ِل ِه‬
‫علَى نَ ِب ِينَا ُم َح َّم ٍد َو َ‬ ‫س ِل ْم َوبا َ ِر ْك َ‬ ‫ص ِل َو َ‬ ‫َ‬
‫ص ْحا ِب ِه أ َ ْج َم ِع ْي َن‪ .‬أ َ َّما بَ ْعدُ‪ :‬فَيَا ِعبَا َد هللاِ أ ُ ِص ْي ُك ْم‬ ‫َوأ َ َ‬
‫از ا ْل ُمتَّقُ ْو َن‪.‬‬ ‫س ْي ِبت َ ْق َوى هللاِ فَقَ ْد فَ َ‬ ‫َونَ ْف ِ‬
‫س ِل ِم ْي َن‬ ‫ت َوا ْل ُم ْ‬ ‫اللَّ ُه َّم ا ْغ ِف ْر ِل ْل ُم ْؤ ِم ِن ْي َن َوا ْل ُم ْؤ ِمنَا ِ‬
‫س ِم ْي ٌع‬ ‫ت اِنَّ َك َ‬ ‫اء ِم ْن ُه ْم َواْالَ ْم َوا ِ‬ ‫ت اْالَ ْحيَ ِ‬ ‫َوا ْل ُم ْ‬
‫س ِل َما ِ‬
‫ت‪.‬‬‫ب ال َّدع َْوا ِ‬ ‫ب ُم ِج ْي ُ‬ ‫قَ ِر ْي ٌ‬
‫ان‪َ ,‬والَ‬ ‫اِل ْي َم ِ‬ ‫سبَقُ ْونَا ِب ْ ِ‬ ‫أَللَّ ُه َّم ا ْغ ِف ْرلَنَا َو ِ ِِل ْخ َوانِنَا الَّ ِذ ْي َن َ‬
‫ف‬ ‫ت َ ْجعَ ْل فِ ْي قُلُ ْو ِبنَا ِغالً ِللَ ِذ ْي َن آ َمنُ ْوا‪َ ,‬ربَّنَا ِإنَّ َك َر ُء ْو ٌ‬
‫َر ِح ْي ٌم‪.‬‬
‫س َرافَنَا فِ ْي ا َ ْم ِرنَا‪َ ,‬وث َ ِبتْ‬ ‫أَللَّ ُه َّم ا ْغ ِف ْرلَنَا ذُنُ ْوبَنَا َواِ ْ‬
‫علَى ا ْلقَ ْو ِم ا ْلكَافِ ِر ْي َن‪.‬‬ ‫س ْرنَا َ‬‫أ َ ْقدا َمنَا‪َ ,‬وا ْن ُ‬
‫ض ِل َك َو َر ْح َم ِت َك‪ ,‬فَ ِإنَّهُ الَيَ ْم ِلكُ‬ ‫سأَلُ ْو َك ِم ْن فَ ْ‬ ‫الَّل ُه َّم ِإنَّا نَ ْ‬
‫اج ِد ْي َن‬ ‫س ِ‬ ‫الرا ِك ِع ْينَا ال َّ‬ ‫َّ‬ ‫اجعَ ْلنَا ِم َن‬ ‫ِإالَّ ا َ ْنتْ ‪.‬الَّل ُه َّم ْ‬
‫صالَ ِة‬ ‫اجعَ ْلنَا ُم ِق ْي ِمي ال َّ‬ ‫اج ِد‪ .‬اَلَّل ُه َّم ْ‬ ‫س ِ‬ ‫س ِع ْي َن ِفى ا ْل َم َ‬‫ا ْل َخا ِ‬
‫َو ِم ْن ذُ ِريَّ ِتنَا‪َ ,‬ربَّنَا َوتَقَبَّ ْل ُدعَا َءنَا‪َ .‬ربَّنَا َءاتِنَا فِي‬
‫اب النَّ ِار‪.‬‬ ‫عذ َ َ‬ ‫سنَةً َوقِنَا َ‬ ‫سنَةً َوفِي اْآل َخ َر ِة َح َ‬ ‫ال ُّد ْنيَا َح َ‬
‫ائ ِذى‬ ‫ِ‬ ‫َ‬ ‫ت‬‫ي‬‫ْ‬ ‫ِ‬ ‫ا‬‫و‬ ‫َ‬ ‫ان‬
‫ِ‬ ‫س‬
‫َ‬ ‫ح‬‫ْ‬ ‫ال‬
‫ِ‬ ‫ْ‬ ‫ا‬ ‫و‬
‫َ‬ ‫ل‬‫ِ‬ ‫ْ‬
‫د‬ ‫َ‬ ‫ع‬ ‫ل‬‫ْ‬ ‫ا‬‫ب‬ ‫ر‬
‫ُ‬ ‫م‬
‫ُ‬ ‫ْ‬
‫ِعبَا َد هللاِ ا َِّن هللاَ يَأ ِ‬
‫ظ ُك ْم‬‫َاء َوا ْل ُم ْنك َِر َوا ْلبَ ْغي ِ يَ ِع ُ‬ ‫ا ْلقُ ْربَى َويَ ْن َهى ع َِن ا ْلفَ ْخش ِ‬
‫لَعَلَّ ُك ْم تَذك َُر ْو َن‪َ ...‬ولَ ِذ ْك ُر هللاِ ا َ ْكبَ ُر‪.‬‬

Das könnte Ihnen auch gefallen