Sie sind auf Seite 1von 2

KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA

TAWAKKAL PADA ALLAH

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬


َ‫ أ َ ْش َهد أ َ ْن لَ ّإلَهَ إّل‬.‫ي لَ ْولَ أ َ ْن َهدَانَا هللا‬ َ َ‫ّي َهدَانَا ّلـ َهذَا َو َما كــنَا ّلنَ ْهـتَد‬ ْ ‫ا َ ْل َح ْمد ّ َلِلّ الَذ‬
‫س ّل ْم‬
َ ‫ص ّل َو‬َ ‫ ا َللَه َم‬.‫ي َب َعدَه‬ َ ‫عبْده َو َرس ْوله لَنَ ّب‬ َ ‫ َوأ َ ْش َهد أ َ َن م َح َمدًا‬,‫شري َْك لَه‬ َ َ‫هللا َو ْحدَه ل‬
‫سان ّإلَى َي ْو ّم‬ َ ‫َوبا َ ّر ْك َعلَى نَبّ ّينَا م َح َمد َو َعلَى ا َ ّل ّه َو‬
َ ‫ َو َم ْن ت َ ّب َعه ْم ّبإ ّ ْح‬,‫ص ْح ّب ّه َو َم ْن َوالَه‬
‫ يَآَيُّ َها‬: َ‫ّي بّت َ ْق َوى هللاّ فَقَ ْد فَازَ ا ْلمتَق ْون‬ ْ ‫صيْك ْم َونَ ْفس‬ ّ ‫ فَيَا ّعبَادَ هللاّ أ‬:‫ أ َ َما بَ ْعد‬.‫ْال ّقيَا َم ّة‬
‫ قَا َل هللا تَعَالَى فّ ْي‬.‫الَ ّذيْنَ أ َ َمن ْوا اتَق ْوا هللاَ َح َق تقَاتّ ّه َولَ تَم ْوت َن إّلَ َوأ َ ْنت ْم م ْس ّلم ْون‬
‫ْالق ْرأ َ ّن ْال َك ّري ّْم‬
Ma’asyitolmuslimin rohimakumulloh.
Sadaya puji namung kagunganipun Allah. Dzat ingkang nguwaosi sadaya
alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih.
Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring
sandhang lan boga dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.

Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan


kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad saw. sumrambah
dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah
manut mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin

Ma’asyitolmuslimin rohimakumulloh.
Tawakkal punika pasrah dhumateng ngarsanipun Allah Swt.
sasampunipun usahalan mbudidaya. Boten kawastanan tawakkal manawi
tiyang namung pasrah tanpa usaha lan mbudidaya, lan boten kawastanan
tawakkal manawi tiyang namung usaha lan mbudidaya kemawon. Tawakkal
punika namung dhumateng ngarsanipun Allah Swt.

‫ت َعلَيْـ ّه ْم ٰا ٰيـــته زَ ادَتْه‬


ْ َ‫ت قــل ْوبـه ْم َوإّذَا تــ ّلــي‬ ْ َ‫ّإنَــ َما ا ْلـمؤْ ّمن ْونَ الَ ّذيْنَ ّإذَا ذ ّك َر هللا َو ّجل‬
َ‫إْ ْي َمانًــا َو َعلَى َر ّبــ ّه ْم يَـت َ َو َكــل ْون‬

“Satemene wong-wong kang iman hiya iku wong-wong kang nalikane


disebut Asma Allah dheweke padha gemeter atine, lan nalikane diwacakake
marang dheweke ayat-ayate Allah, imane dheweke malah sangsaya tambah,
lan namung marang Pangeran dheweke padha tawakal.” (QS. Al-Anfaal [8]:2).
KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA
TAWAKKAL PADA ALLAH

Ma’asyitolmuslimin rohimakumulloh.
Allah Swt. badhe nyarengi tiyang-tiyang ingkang iman lan tawakkal. Allah
Swt. badhe njamin kamenangan lan maringi pitulungan dhumateng tiyang-
tiyang ingkang iman. Allah Swt. badhe nyekapi sadaya kabetahanipun
tiyang-tiyang ingkang tawakkal dhumateng Allah ‫ﷻ‬

Allah Swt. paring dhawuh ing surat al-Anfal ayat 64 bilih Allah ‫ ﷻ‬dhawuh
supados kita tawakkal dhumateng Panjenenganipun manawi kita punika
estu-estu iman dhumateng Allah Swt. lan Rasulullah saw. Makaten
dhawuhipun:

َ‫َيـــااَيُّـــ َها النَ ّبى َح ْسب َك هللا َو َم ّن اتَــ َب َع َك ّمنَ ْالـمؤْ ّمــنّـــيْن‬

“He Nabi, kang nyukupi sira iku Allah Ta’ala lan wong-wong mukmin kang
padha ndherek marang sira (hiya kuwi pitulunge).”

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Tawakkal dados kewajibanipun tiyang ingkang nggadhahi iman. Tawakkal
punika kalebet syarat-syaratipun iman. Tawakkal punika mujudaken sifat
lan karakteripun tiyang iman. Allah Swt. badhe nyarengi tiyang ingkang
tawakkal dhumateng Panjenengnipun. Allah Swt. badhe nyekapi sadya
kabetahanipun tiyang ingkang tawakkal kanthi sampurna. Awit saking
punika sumangga kula dherekaken sami ningkataken anggen kita sami
tawakkal dhumateng ngarsanipun Allah swt. Mugi-mugi gesang kita tansah
pinaringan begja mulya wiwit ing donya punika ngantos benjang wonten ing
akhirat benjang.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

ّ ‫سا ّئ ّر ْالم ْس ّل ّميْنَ َو ْالم ْس ّل َما‬


‫ت ّم ْن ك ّل‬ َ ‫ ّل ْي َولَك ْم َو ّل‬,‫أَق ْول قَ ْو ّل ْي َهذَا َوأ َ ْست َ ْغ ّفر هللاَ ْال َع ّظي َْم‬
‫الر ّحيْم‬ َ ‫ إّنَه ه َو ْالغَف ْور‬,‫ذَ ْنب فَا ْست َ ْغ ّفر ْوه‬

Das könnte Ihnen auch gefallen