Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulis utawa
njlentrehake sakwijining bab/perkara.
Wacana deskripsi yaiku wacana kang nggambarake objek kanthi tujuan supaya wong
kang maca ngrasa kaya nyawang dhewek objek kang digambarake.
Dadi, tegese teks deskripsi yaiku wacan kang nggambarake sawijining bab kang
adhedhasar kasunyatan, nggunakake tetembungan cetha lan kaprinci. Ancase saka teks
deskripsi yaiku menehi penerangan utawa peprincen sawijining obyek saengga pamaca kaya-
kaya melu weruh, ngrungokake, ngrasakake, utawa ngalami apa kang dijlentrehake ing teks
kasebut. Tuladhane, arep nggawe teks deskripsi babagan panganan tradisonal, mesti kang
digambarake yaiku, wujude panganan, gedhene panganan, kagawe saka apa panganane lan bab
liyane kang bisa nggambarake panganan kasebut. kanthi cara mangkono, pamaca bisa
mangerteni panganan tradisional lumantar teks kang ana.
Deskripsi uga duwe teges perincian utawa gambaran. Mrinci tegese gambarake perkara
tartamtu. Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati kanthi premati) objek kang
didadekake sumber tulisan. Objek sing dirinci/digambarake bisa samubarang; prastawa,
pawongan, kawanan, tanduran, lingkungan, alam, lsp.
Miturut wujud carane njlentrehake, deskripsi kaperang dadi telung jenis, yaiku:
1. Deskripsi wong utawa barang utawa kewan, yaiku deskripsi kang nerangake babagan ciri
fisik utawa melok mata utawa tingkah lakune.
2. Deskripsi panggonan utawa papan, yaiku deskripsi kang nerangake babagan panggonan
utawa papan.
3. Deskripsi kadadeyan, yaiku deskripsi kang nerangake babagan kadadeyan.
Deskripsi kang adhedhasar pengamatan kalebu rincian/gambaran kasunyatan. Gambaran
kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang, lsp Bisa
digambarake/dirinci kanthi trep kaya kahanan sing saknyatane.
Tuladha deskripsi:
a. Deskripsi barang umpamane bisa njlentrhake warna, model, wujude lsp
b. Deskripsi pawongan umpamane bisa njlentrehake praupane, dedege, wateke lsp.
c. Wacan deskripsi tumrap barang bisa ditulis kanthi landhesan ngamati utawa ngrungokake.
Tuladhane saka ngrungokake siaran langsung pertandhingan bal-balan lewat radhio siswa
bisa nulis wacan deskripsi kang nggambarake kahanane pertandhingan.
Kaya dene jenis teks liyane, teks deskripsi nduweni struktur. Teks deskripsi iku nduweni rong
struktur, yaiku deskripsi umum lan deskripsi bagean, titikane deskripsi umum yaiku awujud
pranyatan umum obyek kang digambarake. Dene deskripsi bagean yaiku bagean-bagean
obyek kang digambarake.
Kajaba nduweni struktur, teks deskripsi bisa dititeni saka perangan-perangan ing ngisor iki:
1. Nggabarake sawijining bab.
2. Anggone nggambarake sawijining bab dilakoni kanthi cara ngrangsang kabeh indera
manungsa.
3. Bisa nggawe pamaca utawa wong sing krungu bisa ngrasakake lan weruh dhewe bab kang
digambarake.
4. Menehi panjlentrehan ngenani obyek kang dideskripsikake, bisa awujud warna, ukuran,
sipat lan liya-liyane.
5. Pola pengembangane awujud spesial lan obyektif.
a. Pola pengembangan spesial yaiku pola pengembangan teks deskripsi kang adhedhasar
urutane wektu.
b. Pola pengembangan sudhut pandang utawa objektif yaiku pola pengembangan teks
deskripsi kang adhedhasar papan lan posisi penulis sajroning nyawang sawijining bab.