Sie sind auf Seite 1von 3

GEGURITAN

1. Teges Geguritan

Geguritan utawa puisi basa Jawa yaiku salah sawijining karya sastra Jawa kang
awujud syair. Geguritan asale saka tembung gurit kang tegese: 1) kidung utawa tembang, 2)
tulisan utawa tatanan kanthi paugeran tartamtu. Geguritan uga kalebu golongane sastra kang
edi (cengkok anyar), wedharing rasa edi, basa kang laras runtut karo edining rasa, nanging
ora kecancang dening pathokan-pathokan, wilangan, dhong-dhing kang tetep tinamtu.

Geguritan kawujud saka apa kang dirasakake penganggite lan diungkapake nganggo
basa kang endah. Geguritan iku ana rong jinis, yaiku geguritan tradhisional lan geguritan
modern. Geguritan tradhisional iku ditandhani karo tembung “sun gegurit” ing wiwitan
syaire. Dene, geguritan modern iku luwih luwes lan bebas, ora kudu diwiwiti nganggo
tembung “sun gegurit”. Ing Basa Indonesia, geguritan diarani puisi.

2. Titikan Geguritan

Geguritan iku kalebu karya sastra Jawa gagrag anyar. Saben karya sastra iku duweni
titikan utawa ciri-ciri tartamtu. Titikane geguritan, yaiku kaya ing ngisor iki:

1. Isine mentes, tegese isine nduweni makna.

2. Lumrahe nganggo purwakanthi ing ukara-ukarane.

3. Ora kaiket dening guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.

4. Cacahe larik ora katemtokake.

5. Arang migunakake tembung pangiket utawa tembung-tembung kang baku.

6. Sawetara migunakake tembung-tembung kawi (Jawa kuna) utawa dasanama.

1. Unsur-unsur Intrinsik

Unsur-Unsur Intrinsik Geguritan

1. Tema, yaiku gagasan pokok ing sajroning gegurita. Tuladha: tema pahlawan,
keresikkan, gotong royong, lan sapanunggale.
1. Citraan, yaiku angen-angen utawa imajinasi panganggit sing ana gegayutane karo
indra kayata indra pangrung (kuping), pangecap (ilat/rasa), lan pangganda (irung),
pandeleng (mripat).
Tuladha: wengi peteng ndhedhet tanpa cahyaning rembulan (nuduhake indra
pandeleng). Arum gandane mlathi kang nengsemake ati (nuduhake indra pangganda)

2. Latar, kanggo nggambarake panggonan, wektu, lan kahanan kang bisa narik
kawigaten pamaca. Tuladhane: latar papan geguritan ing gunung, latar wektu ing
jaman perang, lan latar kahanan sing nyenengake.
3. Amanat, yaiku pesen kang pengen disampekake panganggit marang sapa wae sing
maca utawa mirengake
4. Pamilihan tembung/diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep panganggit mesthi
mikirake pamilihan tembung kang mathuk. Tetembungan kang digunakake ana sing
duweni teges lugu utawa apa anane (denotatif) lan tembung kang duweni teges entar
utawa ora sebener e (konotatif). Tembung-tembung konotatif digunakake kanggo
menehi gambaran utawa pralambang.
5. Purwakanthi, tembung purwa tegese wiwitan, ngarep dene tembung kanthi tegese
kanca, gandheng, karo, nganggo. Purwakanthi tegese gandheng karo ngarep. Kang
dikarepake “purwakanthi” yaiku tetembungan kang runtut karo tembung mburine,
ngenani bab swarane, utawa tembunge.
4. Pitutur Luhur lan Isi Geguritan

Saben geguritan mesti nduweni pitutur luhur kang bisa dijupuk kanggo piwulange
urip ing saben dinane. Semana uga kang kang ana ing geguritan kanthi irah-irahan “Gusti”.

Gusti

Dening Intan Nukhi Adhiya

Gusti…
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti…
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti…
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Duh Gusti…

Das könnte Ihnen auch gefallen