Sie sind auf Seite 1von 4

NAMA:FIRDHA AZZAHRA

KELAS:X IIS 1
ABSEN:17

Basa Rinengga

Basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa
kang endah (dalam bahasa indonesia "basa rinengga" adalah sastra
bahasa yang dirangkai dengan cara menggabungkan kata - kata yang
berbeda sehingga menjadi bahasa atau kalimat yang indah). Basa Rinega
biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara (sambutan
temanten, pengetan taun anyar lan sak liyane). Basa rinengga yaiku
karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing
karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta
basa kang edi peni.

Jenis-jenis basa Rinengga


 Tembung Saroja: yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha
tegese dianggo bebarengan
Conto:
1. adi luhung - Wayang iku minangka budaya kang adi luhung
2. akal budi - Supaya usaha bisa maju, para pengurus kudu
nggunakake akal budi
3. bagas waras - Masio wis banget sepuhe, simbah isih katon bagas
waras

 Tembung entar, yaiku tembung kang tegese ora kaya makna


salugune (kata kiasan)

Conto

1. lara owah - Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah
2. tipis lambene - Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng
amarga tipis lambene.
3. dawa tangane - Bocah iki lugu, nanging dawa tangane.

 Wangsalan, yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean


utawa cangkriman nanging dibatang (dibedhek) dhewe.
Ukarane ora persis nanging memper wae.

Conto:

1. Sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung (abot = klobot)


2. Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (pindhang lulang = Krecek)
3. Balung klapa, ethok-ethok ora ngertI (balung klapa = bathok)

 Paribasan, unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges


tartentu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning
tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora
owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar.
Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan
(saemper pasemon).

Conto:

1. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale
ketara
2. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal
kecandhake
3. Anak polah bapa kepradah = Tingkah polahe anak dadi tanggungane
wong tuwa.

 Bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar,


ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane
wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang
luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduk.

Conto:
1. Kocak tandha luka = wong kang sugih omong pratandha durung akeh
kawruhe.
2. Sedhakep ngawe-awe = wis mareni marang tumindak ala  nanging ing
bathin isih kepingin nindakake maneh.
3. Ngubak-ngubak banyu bening = gawe kerusuhan ing papan kang
tentrem.

 Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar,


ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge

1. Conto: Gajah ngidak rapah = wong kang nglanggar wewalere dhewe


2. Sumur lumaku tinimba  = wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
3. Lahan karoban mani = wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene

 Purwakanthi, yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung


kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.

Conto:

1. Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.


2. Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
3. Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula

 Parikan, yaiku unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara
sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi.

Conto:

1. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi


2. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing  prasaja.
3. Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.

 Pepindhan, yaiku unen-unen jroning kang mindhakake barang,


kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo
tembung panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah.
Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra
jroning adicara penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan
sastra.

Conto:

1. Ayune kaya dewi Ratih


2. Dedege ngringin sungsang
3. Lembeyane mblarak sempal

Das könnte Ihnen auch gefallen