Sie sind auf Seite 1von 1

PARIWARA

jaman saiki saya ngrembaka , kabeh pawarta bisa kagiyarake kanthi cepet .
eloke pawarta iki bisa awujud swara , bisa ditambahi gambar apadene amung swara bae .
sawijining sarana kanggo njlentrehake pawarta kasebut yaiku diarani pariwarara
Pariwara yaiku sawijining pesen barang / jasa digawe dening produsen kang diandharake
lumantar media ( cetak , audio , elektronik ) utawa papan panggonan umum kang ditujokake
marang babrayan agung.
Pariwara duwe piguna kaya ing nggisor iki :
1. Fungsi pemasaran , yaiku fungsi kanggo nyukupi pepenginane para pamiyarasa babagan
barang utawa jasa sarta gagasan kang diperlokake.
2. Fungsi komunikasi mratelakake gegayutan karo fungsi kaloro iki , pariwara isisne crita
utaw warta ngenani salah sawijining produk saengga kudu nyukupi syarat – syarat
pawarta.
3. Fungsi pendidikan sebenere perangane fungsi komunikasi , amrga sajrone komunikasi ,
ngandhut panjlentrehan kan ngutamakake pendhidhikan.
4. Fungsi ekonomi ngakibatake para pamiyarsa bisa mangerteni bab produk – produk
tartamtu , wujud pelayanan jasa apadene kebutuhan , sarta nambah wawasan idhe –
idhe kanggo ngaturake keuntungan sosial.
5. Fungsi sosial duweni piguna kanggo nggerakake perubahan standar urip kang
ditemtokake dening kebutuhan manungsa.

Wondene jinis pariwara kang kerep digiyarake ing radio , yaiku kaya ing nggisor iki :
1. Pawarta komersial
Pawrta komersiala yaiku pariwara kang nawakake barang lan jasa .
2. Pariwara Non Komersiala
Biasane diarani pariwara sosial utawa pariwara layanan masyarakat.
Pariwara layanan masyarakat iki ora duweni ancas kanggo nawakake barang lan jasa.
Biyasane pariwara iki nduweni ancas kanggo ngayuh kahanan panguripan kang luwih
apik ( miturut pemasangn pariwara ).
Tuladha pariwara non komersial antarane pariwara ngenani Narkoba, ngenani bahaya
rokok, covid 19 lsp.

Jinising Priwara yaiku :


1. Pariwara komersial yaiku pariwara kang tujuane nawarke barang utawa produk .
Tulodhane : pariwara ngenani sabun , ngenani sampho , sepatu lsp.
2. Pariwara leladi jasa yaiku pariwara kang nawarake babagan soaial , tujuane ngedol
gagasan kanggo leladi marang masyarakat.
3. Pariwara Kulawarga awujud ucapan wisuda , ucapan lahiran , palakrama , belasungkawa
lsp.
4. Pariwara kasarasan racake ngelingake bebrayan ing babagan kasarasan , umpamane
posyandu , 3M , KB lan sakpiturute.

Syarate panggunaan tembung sajroning pariwara yaiku :


1. Nggugah , tegese bisa nggatekake kanthi premati kebutuhan konsumen , menehi solusi ,
lan menehi kawigaten.
2. Informative , ateges tembung – tembung kang digunakake kudu cetha lan komunikatif ,
ora ngayawara apa meneh nganti nglalekake wektu panayangan .

Das könnte Ihnen auch gefallen