Sie sind auf Seite 1von 51

www.alangalangkumitir.wordpress.

com
AAK culture library

WIRID HIDAYAT JATI


Anggitanipun Pujangga
R. NG. RANGGAWARSITA
Kabangun dening
R. TANOJO
Penerbit TRIMURT Surabaya

Pambuka
Babon asline layang Wiri Hidayat Jati iki, karangane sang misuwur Raden
Ngabehi Ranggawarsita, Pujangga Karaton Surakarta, dikarang sampurnane
Nalika taun Jawa 1791, utawa Masehi 1862, kaiket ing basa Jawa Krama
gancaran kang alus lan endah, tulisan carik aksara Jawa.
Sang Pujangga iku lair ana ing Surakarta, nalika dina Senen Legi, tanggal
kaping 10 sasi Zulkaedah, taun Be, angkaning warsa 1728, churuf Alip
Kamsiyah Kliwon, utawa kaping 15 Maret 1802 Masehi. Wiwite dadi Pujangga
Karaton Surakarta nalika tau Jawa 1769, utawa Masehi 1841. sedane ing Rebo
Pon, tanggal kaping 5 sasi Zulkaedah, taun Jimachir, angkaning warsa 1802,
churuf Alip Arbaiyah Wage, utawa kaping 24 Desember 1873, kasarekake ing
makam Palar, sacedake Klaten, Surakarta.
Layang Wirid Hidayat Jati kang achir, iketane luwih singset, cekak aos lan
sampurna tinimbang karo Wirid Hidayang Jati kang dikarang ing wakti ing awal.
Samengko dicoba kaanyarake basane nganggo basa Jawa ngoko, kang ora
ngowahake basane, suprihe mung bisaa rada anggampangake panampane
sedulur-sedulur kang maca, kang pakulinane luwih gampang yen nampani
surasane basa Jawa Ngoko.
Bebukaning Wirid, amratelakake sangkepe patraping amejang ngelmu makrifat
kasampurnaning ngaurip, ing kuna wis katindakake dening para Wali kabeh.
Warahing Hidayat Jati, anuduhake dununge pangkating ngelmu makrifat,
wewejangan saka para wali ing tanah Jawa.
Panutuping Hidayat Jati, Sang Pujangga amedarake basa kang surasane
mangkene : Samono iku masa borong ing panganggo, aku drema amedarake
bae, sarehne durung bisa anglakoni dewe, dadi amung atur pepuji marang kang
kasdu amarsudi, muga-muga pada bisaa anglakoni saka oleh parmaning
Pangeran kang asifat murah ing dunya asih ing achirat.
Surakarta, 1 januari 1954.
R. TANOJO
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

WIRID
BEBUKANING WIRID
Bebukaning Wirid kang amratelakake ganepe patraping amejang ngelmu
makrifat kasampurnaning ngaurip, ing jaman semana wis katindakake dening
para Wali kabeh, urute sawiji-wiji ing ngisor iki.
Ingkang dingin, wiwitan patrap kang dadi kawajiban, iku guru karo bakal murid
pada amet banyu wudu, sarta niayat kang karepe mengkene : Nawaitu rafal
hadasi suharata walakabirata fardlanlillahi ta ala Allahu akbar (Niyatingsun
amet banyu kadas, angilangake kadas cilik lan gede perlu karana Allah).
Nuli pada dandan anganggo sandangan sarwa suci, ora kena anganggo kang
mawa emas, utamane manawa karsa anganggo kuluk, banjur ngliga sarira
kekonyo gando wida, sarta nganggo sumping kembang oncen-oncen
Surengpati ana ing kuping kiwa, karo nganggo kalung kembang oncen-oncen
Margasupana, wangun kaya oncen-oncen usus pitik karangkep telu, utawa
nganggo gombyok keris kaya pangaten anyar.
Nuli ing pamejangan katata dipasangi tetuwuhan maju papat,sarta kadodokan
lampit kang resik, banjur katumpangan klasa pasair kang tigas, ing duwur pisan
katumpangan mori putih saules lapis pitu, apese lapis telu, mawa kasebaran
kembang campur bawur.
Nuli sesaosan srikawin salaka putih bobot satail, kadokok ing wewadah tunggal
karo lengz sundul-langit, sarta menyan bobot saringgit, kasasaban mori putih
mawa pangiring sesanggan gedang agung suruh ayu, jambene tanganan,
kasasaban mori putih dadi rong wadah sarta kembar mayang sajodo pada
sumaji ana ing pamejangan.
Nuli ing antara manawa wis sirep wong utawa wayah tengah wengi, pada tindak
menyang enggon pamejangan, kang bakal kawejang linggih madep mangulon ,
sarta dedupa ratus kaasepake ing kuping kiwa, banjur ing irung, wekasan ing
dada, iku wiwit kawejang teka gurune. Dene kang kawejangake, anurut
pamejange para Wali wolu ing Tanah Jawa, kakumpulake dadi sawiji. Wijose
pada amet wijining ngelmu kekiyasan saka Dalil pangandikaning Allah, kang
kasebut ing dalem Hadis pangandikane Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah
marang Sayidina Ali kawisikake ing kuping kiwa, pepangkatane dadi wolung
wejangan, kapratelakake ing ngisor iki jarwane kabeh :
1. Wisikan Ananing Dzat
Wejangan punika dipun-wastani wisikan ananing Dzat, awit dening
pamejangipun kawisikaken ing talinga kiwa, wiyosipun kasebut ing dalem
daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukilan saking warahing kitab Hidayat khakaik,
amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi
Muhammad
Rasulullah,
makaten
jarwanipun
:
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Sejatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawijiwiji, kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran Nanging Ingsun, sajatining
Dzat Kang Maha Suci anglimput ing Sipatingsun, anartani ing asmaningsun
amratandhani ing afngalingsun.
2. Wedharan Wahananing Dzat
Wejangan punika dipun wastani Wedharan Wahananing Dzat, awit dene
pamejanganipun amarah urut-urutan dumadining Dzat, sipat, wahanipun
kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih, nukilan saking sarahing
kitab Dakaikalkaik.
Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi
Muhammad Rasulullah, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
Sajatine ingsung Dzat Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa anitahaken sawijiwiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodratingsun, ing kono wus
kanyatan
pratandhaning
afngalingsun
kang
minangka
bebukaning
IraDzatingsun, kang dhingin Ingsun anitahaken kayu aran Sajaratulyakin
tumuwuh ing sajroning alam Adamm akdum azali abadi, nuli cahya aran Nur
Muhammad, nuli kaca aran Mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh Idlapi, nuli damar
aran Kandhil, nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab kang
minangka warananing Kalaratingsun.
3. Gelaran Kahaning Dzat
Wejangan punika dipun wastani gelaran kahaning Dzat, awit dening
pamejanganipun ambabar dados kanyataan anasiring Dzat sipat, inggih punika
nalika Pangeran Kang Maha Suci karsa amujudaken sipatipun. Gumelar
kahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping tiga, nukilan
saking Kitab bayan Humirat mupakat kaliyan Kitab Bayan Alip, kitab Madinil
Asror, kitab Makdinil Maklum, inggih punika bangsaning kitab tasawup sadaya.
Sami amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng
Nabi Muhammad Rasulullah karaos ing dalem rahsa, makten jarwanipun ;
Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa,
karana Ingsun anitahake Adam, asal saking anasir patang prakara : 1. Bumi, 2.
Geni, 3. Angin, 4. banyu, Iku kang dadi kawujudaning Sipatingsun. Ing kono
ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5.
Budi, iya iku minangka warananing wajahingsun Kang Amaha Suci.
4. Pambuka Tata Malige Ing Dalem Bait-al-makmur
Wejangan punika dipun wastani, kayektening kahanan Kang Maha Luhur,
inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-makmur. Awit dening
pamejangipun ambuka kodrat iraDzating Pangeran Kang Maha suci,
anggenipun karsa anjenengaken maligening Dzat minangka Baitullah wonten
ing sarahipun manungsa, punika sajatosipun dados pitedhah kayektening
kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat Kang Maha Mulya
langgeng boten kenging ewah saking gingsir saking kahanan jati.
Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping sekawan nungkilan saking
sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha
Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kapisan
karaosaken ing dalem rahsa, makaten jarwanipun.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-makmur, iku omah
enggoneng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam, kang ana
sajroning sirah iku dimak, iya iku utek, kang ana antraning utek iku manik,
sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma,
sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran,
ananging Ingsun Dzat Kang anglimputi ing kahanan jati.
5. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Bait-al-muharram
Wejangan punika dipun wastani kayektening kahanan Kang Maha Agung.
Inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-muharram, awit
dening pamejanganipun pambuka kodrat iraDzating Pangeran kang Maha suci,
enggenipun karsa anjenengaken maligening Dzat, minangka Baitullah wonten
ing dhadhaning manungsa.
Kasebut ing dalem daliling dados pitedahan kayektening kahanan satunggaltunggal, anandhakaken kalarating Dzat kang Maha Mulya lenggah boten
kenging ewah ginsir saking kahanan jati.
Kasebut ing dalem daliling ngemi ingkang kaping gangsal, inggih ugi sami
nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun
Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, ayat
ingkang kaping kalih karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-muharram, iku omah
enggoning lelaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning Adam, kang ana
ing sajroning dhadha iku ati, kang ana ing antaraning ati iku jantung, sajroning
jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, iya iku angen-angen, sajroning
angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku
Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan
jati.
6. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Bait-al-mukaddas
Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang Maha Suci, inggih
punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas, awit dening
pamejangipun ambuka kodrat iraDzating Pangeran Kang Maha Suci angenipun
karsa anjenengaken maligening Dzat, minangka Baitulah katata wonten ing
kontholing manungsa. Punika sajatosipun ugi dados pitedhahan kayektening
kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat Kang Maha Mulya,
lenggah boten kenging ewah gingsir saking kahanan jati. Kasebut ing dalem
daliling ngelmi ingkang kaping enem, inggih ugi sami nukilan saking sarahing
Kitab Insan Kamil. Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha suci
dhateng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kaping tiga, karaos ing
dalem rahsa makaten jarwanipun :
Sajatine Ingsun nata malige sajroning Bait-al-mukkadas, iku omah enggoning
Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam, kang ana sajroning
konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku nutfah, iya iku mani
sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem,
sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran
angin Ingsun Dzat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat
gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam ahadiyat, alam
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
wahdat, alam wahidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil,
dadining manungsa sampurna yaiku sajtining sipat Ingsun.
7. Panetep Santosaning Iman
Wejangan punika dipun wastani panetep santosaning iman, abebuka sahadat
jati, awit dening pamejangipun amangsit ingkang dados pikekahing pangandel
kita, denira angestokaken dhateng kayektining gesang kita pribadi, manawi
sampun tetep minangka tajalining Pangeran Kang Maha Suci sajati. Kasebeut
ing dalem ijemak riwayating para wiliyullah, nukilan saking kadis makdus,
salebeting bab maklumatul uluhiyah. Wiyosipun anyariyosaken kakekating
taukid. Ingkang terus dhateng iktikad, wewiridan saking cipto sasmitanipun
Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsittaken dhateng sayidina
Ali, makaten jarwanipun :
Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni
Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun.
Menggah dunungipun makaten :
a. Ingkang dipun wastani Pangeran meniko Dzating gesang kita pribadi, sebab
sajatosipun sagung asya sami kukum napi sadaya, tegesipun asya ; sawiji-wiji,
tegesipun napi, boten wonten, mila kasebut boten wonten Pangeran isbatipun
inggih namung Dzating gesang kita pribadi. Tegesing isbat ; tetep, dados
teteping ingkang anyebut kaliyan ingkang sinebut Pangeran punika boten
wonten sanesipun, suraos tunggal tanpa wewangenan amung kaot lair batin
kemawon.
b. Ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita, mila dipun
basakaken utusan, amargi dados pangeran rahsaning Dzat, kawistara wonten
ing netya, kados ingkang kasebut wonten ing dalil salebeting Quran makaten
jarwanipun
:
Sayekti temen-temen teka ing sira kabeh, utusaning Dzat metu saka ing
awakira kang maha mulya, mungguhing utusan iku anembadani barang
saciptanira, yen angandel sayekti antuk sih pangapuraning Pangeran.
Manawi sampun anampeni dalil Quran pangandikanipun Pangeran Kang Maha
Suci makaten wau, dipun waskitha ing galih. Inggih gesangkita pribadi
wahananing nugraha, kahananing kanugrahan. Nugraha punika Dzating Gusti,
kanugrahan punika sipating kawula, tunggal tanpa wewangenan dumunung
wonten ing badan kita. Sampun uwas sumelang malih, sebab ingkang kasebut
ing Kitab Insan Kamil amarah manawi namaning Allah punika inggih namaning
Muhammad. Umpami sabet kaliyan warangkanipun. Ing mangke Allah
minangka warangka, Muhammad minangka sabet, ing tembe wewangsulan.
Wisiyating guru ingkang amedharaken ngelmi panetep santosaning iman,
kaprayogekaken sami anglampahana boten karsa dhahar ulam lembu. Kabar
angsal paedah manjing dados putra muridipun Kanjeng Susuhunan ing Kudus,
kaidenan ingkang dados saesthining galihipun.
Wonten riwayating guru manawi amedharaken ngelmi panetep santosaning
iman, ingatasipun amejang dhateng pawestri, wenang kawewahan makaten
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
jarwanipun.
Ingsu ankeseni, satuhune ora ana Pangeran anging ingsun, lan anekseni
Ingsun, satuhune Muhammad iku utusan Ingsun Fatimah iku umat Ingsun.
8. Sasahidan
Wejangan punika dipun wastani sasahidan, awit dening pamejanganipun kinen
asahida dhateng wahananing sanak kita. Inggih punika ananing dumadi
ingkang gumelar wonten ing alam dunya, kadosta, bumi, langit, wulan, lintang,
latu, angin, toya, sapanunggalipun sadaya. Sami aneksenana yen kita mangke
sampun purun angakeni Jumeneng Dzating Gusti Kang Maha Suci, dados
sipating Allah Kang sajati. Kasebut ing dalem kiyas wewarahing para pandhita,
anggenipun amencaraken nukilan saking kadis mahdus, salebeting bab
Maklumating Huluhiyah. Wosipun anartani ing panetep santosaning iman,
dados panuntuning tokid ingkang ambontos dhateng iktikad. Inggih ugi
pepiridan saking cipta sasmitaning Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah
ingkang kawangsitaken dhateng Sayidina Ali, makaten jarwanipun ;
Ingsun anekseni ing Dzatingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran, anging
Ingsun, lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun, iya
sajatine kang aran Allah iku badan Ingsun Rasul iku rahsaningsun, Muhammad
iku rahsaningsun, iya Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya Ingsun kang eling
tan kena ing lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena gingsir ing sawiji-wiji, iya
Ingsun kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana Ora kekurangan ing
pangerti, Byar sampurna padang tarawangan, Ora krasa apa-apa Ora ana
katon apa-apa, Amung Ingsun kang anglimuti ing alam kabeh kalawan
kodratingsun.
Menggah dunungipun makaten :
Ingkang dipun wastani Pangeran punika Dzating gesang kita pribadi, ingkang
dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita pribadi. Manawi ingkang
kasebut ing dalem dhikir La Illaha Ilullah, Muhammad Rasulullah tegesipun
boten wonten Pangeran anging Allah, Nabi Muhammad punika utusaning Allah
punika afngaling Rasul, dumunung ing badan kita. Rasul punika asmaning
Muhammad, dumunung ing rahsa kita. Muhammad tuwin sipating cahya,
dumunung ing gesang kita. Sajataning gesang kita punika, Dzating Pangeran
Kang Maha Suci. Kayektosanipun kasebat ing dalem daliling Al Quran, manawi
Pangeran Kang Mahasuci punika kawasa amijilaken gesang saking pejah,
wijiling pejah saking gesang, inggih gesang kita pribadi punika. Sayekti awit
saking pejah, ing wekasan boten kenging pejah. Dipun basakaken ; kayun
pidareni. Tegesipun : gesang ing kaanan keakalih, wonten ing alam sahir kita
gesang, wonten ing alam kabir inggih gesang. Sarta boten kasupen ing Dzat
kita kang agung, boten ewah gingsir ing sipat kita kang elok, boten kasamaran
ing sama kita kang wisesa, boten kekirangan ing afngal kita kang sampurna,
dados pepuntoning taukid ingkang ambontos dhateng iktikad. Sampurnaning
gesang kita punika boten wonten karaos utawi tanpa katinggal punapa-punapa.
Amung waluya sajati lajeng anglimputi ing alam sadaya ; sampun uwas
sumelang.
Wasiyating guru ingkang medharaken ngelmi sasahidan, kaprayogekaken sami
anglampahana sampun ngantos anyebut Allah, kaisbatna anyebut Pangeran,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
kadosta : ing bebasan saking karsaning Allah, isbatipun saking karsaning
Pangeran. Kabar pakantukipun ingkang sampul kalampahan asring
kadhawahan ilham. Dados amewahi teranging pambudi, ananing wasiyating
guru ingkang sami kawaleraken sadaya punika manawi kasupen boten dados
punapa, sebab sajatosipun ingkang dados awisaning ulah ngelmi kasampurnan
punika namung napsu. Manawi saged ambirat hawa napsu, saking aDzat
kadunungan manah awas tuwin emut. Manawi tansah awas emut saestu
manggih kamulyan ing sangkan paran sasaminipun kados riwayating para ahli
ngelmi ingkang kasebut ing ngandhap punika :
a. Taberi suci temen ; Minangka pambirating durgandana ing tembe, tegesipun
; ganda awon.
b. Angengirangi dhahar nginum ; Minangka paluluhaning raga ing tembe.
c. Angawisi sare shawat ; Minangka pangluyutaning jiwa ing tembe.
d. Nyenyuda napsu wuwus ; Minangka panglenyepaning rahsa ing tembe.
Manawi sampun lenyep rahsanipun, kabar dumugining delahan ing tembe
lajeng layat dados cahaya gum, ilang tanpa wewayangan ing kaanan kita kang
sejati. Punika sarehning kula dereng saged anglampahi piyambak, dados
namung anyumanggakaken ing pamanggihing galih kemawon. Bokmanawi
kalampahan makaten inggih wallahu alam katarimahipun.
Sawise ganep pamejange, nuli amarah patrape paraboting ngilmu dadi wolung
pangkat, kasebut ing ngisor iki :
1. Pamuja.
Ana pepujaningsun sawiji, Dzate iya Dzatingsung, sifate iya sifatingsun,
asmane iya asmaningsun, afngale iya afngalingsun, Ingsun puja ing patemon
tunggal sakahananingsun, sampurna kalawan kudratingsun.
2. Tobat utawa Panalangsa.
Ingsun analangsa maring Dzatingsun dewe, regeding jisimingsun gorohe ing
atiningsun, serenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun salawas-lawase ing
mengko Ingsun ruwat sampurna ing sadosaningsun kabeh saka ing
kudratingsun.
3. Pangruwat.
Ingsun angruwat kadangingsun papat kalmia pancer kang dumunung ana ing
badaningsun dewe, Mar Marti Kakang Kawah Adi Ari-ari Getih Puser, sakehing
kadang ingsun kang ora katon lang kang ora karawalan, utawa kadangingsun
kang metu saka marga ina, sarta kadangingsun kang metu bareng sadina
kabeh pada sampurnaa nirmala waluya kahanan jati dening kudratingsun.
4. Saksi ing Dzat Kita, kaya Sasahidan.
Ingsun anakseni ing Dzatingsun dewe, satuhune ora ana Pangeran, anging
Ingsun, lan anakseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusaningsun, iya
sajatine kang Allah iku badaningsun, Rasul iku rahsaningsun, Muhammad iku
cahyaningsun, iya Ingsun kang urip ora kena ing pati, iya Ingsun kang eling ora
kena lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir ing kahanan jati, iya
Ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun Kang Amurba
Amisesa Kang Kawasa Wicaksana ora kekurangan ing pangreti, byar sampurna

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
padang terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun
kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kudratingsun.

5. Anucekake Sakehing Anasir.


Ingsun anucenaken sakaliring anasiringsun kang abangsa jasmani, suci mulya
sampurna anunggal kalawan sakaliring anasiringsun kang abangsa Rochani,
nirmala walya ing kahanan jati dening kudratingsun.
6. Angawinake Badan Karo Nyawa.
Allah kang kinawin, winalenan dening Rasul, pangulune Muhammad, saksine
Malaekat papat, iya iku Insun kang angawin badaningsun, winalenan dening
rahsaningun, kaunggahake dening cahyaningsun, sinaksenan dening
Malaekatingsun
papat,
Jabarail,
iya
iku
pangucapingsun,
Mikail
pangambuningsun, Israfil paningalingsun, Idjrail pamiyarsaningsun, srikawine
sampurna saka ing kudratingsun.
7. Sangkan Paraning Tanazultarki.
Ingsun mancad saka ing alam Insan Kamil, tumeka ing alam Ajsam, nuli
tumeka ing alam Misal, nuli tumeka ing alam Arwah, nuli tumeka ing alam
Wachidiyat, nuli tumeka ing alam Wahdat, nuli tumeka maring alam Insan Kamil
maneh, sampurna padang tarawangan saka ing kudratingsun.
8. Pambirat Asaling Cahya.
Cahya ireng kadadeyaning napsu, Luwamah sumurup maring cahya kang
abang, cahya abang kadadeyaning napsu, Amarah sumurup maring cahya
kang kuning, cahya kuning kadadeyaning napsu, Sufiyah sumurup maring
cahya kang putih, cahya puti kadadeyaning napsu, Mutmainah sumurup maring
cahya kang amancawarna, cahya kang amancawarna kadadeyaning Pramana,
sumurup marang Dzating cahyaningsun kang awening mancur mancorong
gumilang tanpa wewayangan, byar sampurna padang terawangan, ora ana
katon apa-apa, kabeh-kabeh pada kalimputan dening Dzatingsun saka ing
kudratingsun.
Sawise mangkono, nuli amarah maneh praboting amatrapake panjenenganing
Dzat, dadi sangang pangkat, kasebut ing ngisor iki.
1. Angumpulake Kawula Gusti.
Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing kawulaningsun, tunggal
dadi sakahanan, sampurna saka ing kudratingsun.
2. Maha Sucekake Ing Dzat.
Ingsun Dzat Kang Amaha Suci Kang Sifat Langgeng, kang amurba amisesa
kang kawasa, kang sampurna nilmala waluya ing jatiningsun kalawan
kudratingsun.
3. Angrakit Karatoning Dzat.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumeneng Ratu Agung, kang amurba
amisesa kang kawasa, andadekake ing karatoningsun kanga gung kang amaha
mulya. Ingsun wengku sampurna sakapraboningsun, sangkep, saisen-isening
karatoningsun, pepak sabalaningsun, kabeh ora ana kang kekurangan, byar
gumelar dadi saciptaningsun kabeh saka ing kudratingsun.

4. Angracut Jisim.
Jisimingsun kang kari ana ing alam dunya, yen wis ana ing jaman karamating
maha mulya, waluya kulit daging getih balung sungsum sapanunggalane
kabeh, asala saka ing cahya muliha maring cahya, sampurna bali marang
ingsun maneh saka ing kudratingsun.
5. Anarik Sampurnaning Akrab.
Jaganingsun sapanduwur sapangisor kabeh, kang pada mulih ing jaman
karamating alame dewe-dewe, pada suci mulya sampurnaa kaya Ingsun saka
ing kudratingsun.
6. Angukud gumelaring Jagad.
Ingsun andadekake alam dunya saisen-isene kabeh iki, yen wis tutug ing
wewangene, Ingsun kukud mulih mulya sampurnaa dadi sawiji kalawan
kahananingsun maneh saka ing kudratingsun.
7. Ambabar Karaharjaning Turas.
Turasingsun kang maksih pada kari ana ing alam dunya kabeh pada nemuwa
suka bungah sugih singgih aja ana kang kekurangan, rahayu salameta
sapanduwure sapangisore saka ing kudratingsun.
8. Amasang Pangasihan.
Sakahe titahingsun kabeh, kang pada andulu kang pada karungu pada asih
welasa marang Ingsun, saka ing kudratingsun.
9. Amasang Kamayan.
Sakeha machlukingsun kabeh, kang ora angendahake maring Sun, pada
kaprabawa dening kamayan dening kudratingsun.
Ing wekasan kang kawejang dijantenana yen panggonaning patrap pratikele
sawiji-wiji, kapratelakake ana Babaring Wirid amawa murad maksud kasebut
dadi pituduhane dununging ngelmu makrifat kabeh mau iku.
Sawise mangkono, kang amejang maca dunga Istiqfar karo dunga Kabula,
sajeroning batin anuwun pangapura marang Kang Amurba Amisesa ing ngurip,
supaya aja nganti pleh wewalak anggone amerake rahsaning Dzat iku.
Nuli kang kawejang dijanjeni, Manawa isih urip gurune, ora kena mejang, kang
wis kalakon andadekake ora prayoga, dene Manawa kaburu ing perlu, ana
akrabe kang lara lara-banget, mangka during ngelmu, iku kena amisik Ananing
Dzat bae.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

Kajabone saka mangkono, saupama kang kawejang mau during anarima utawa
isih kurang padang ing panampane, Manawa arep anggeguru ing liyane maneh
ora dadi apa, angger anajaluk idening guru kang amejang ngelmu iku.
Sawise mangkono banjur pada sesalaman, utamane kang kawejang mau yen
karsa angabekti marang kang amejang.
Sawise luwar saka pamejangan, ing kono nuli pada angepung mabengan,
salamating jiwa raga, mungguh kehing ambengan dadi telung asahan, ing
ngisor iki pratikele :
1. Memule angaturi dahar Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, sega wuduk,
lembarang pitik, utawa endog, karupuk, lombok, terong.
2. Memule angaturi dahar para Sahabat Rasul karo para Waliyullah, sego
golong, pecel pitik, jangan menir, iwak kebo siji kagoreng.
3. Memule angaturi dahar marang leluhur kang pada amedarake rahsaning
ngelmu makrifat apa kang dadi dedaharane nalika isih urip, sarta nganggo
kinang, kembang konyoh, kabeh iku pada kadonganan onga Rasul, Majmuk
Kabula, Tulak-bilahi wekasan Salamet.
Dene pakolehing amejang iku, yeng amarengi sasi tanggale sapisa ing dina
Jumat, pamejange anuju purnama, anggere or sangar ora naas, sarta ora
taliwangke, Manawa sangaraning sasi anuju dina Jumat, pamejang ing dina
Anggara Kasih (seasa Kliwon), ora angetung purnama.
Mungguh pakolehing enggon pamejang iku, bumi sucikang becik arane, sarta
ora kauban wangon, utamane yen ana ing gunung, ing ara-ara, ing banyu,
angger becik jenege sarta sepen, prayoga kanggo panggonan amejang, kaya ta
: ing gunung Agung,ara-ara ing Purwadadi, ing Ngadipala, bangawan ing
Ngobol, luwih utama pisan Manawa amejang ana ing Sitinggil, utawa palataran
ing Masjid Gede, sapepadane kang sakira pakoleh ing jeneng karo
panggonane.

BAB GURU LAN MURID


I.

GURU

Iki pratelane wajibing wong kang pantes dadi guru, ana wolung prakara :
1. Bangsaning Awirya, tegese bangsa luhur, kang isih kadrajatan.
2. Bangsaning Agama, tegese bangsa ulama, kang alim ing kitab.
3. Bangsaning Atapa, tegese bangsa Pandita, kang tansah ulah laku.
4. Bangsaning Sujana, tegese bangsa linuwih, kang dadi wong becik.
5. Bangsaning Aguna, tegese bangsa pinter, kang ulah kabisa.
6. Bangsaning prawira, tegese bangsa prajurit, kang isih kasawur prawirane.
7. Bangsaning Supunya, tegese bangsa sugih, kang isih kabegjan.
8. Bangsaning Susatya, tegese bangsa tani, kang temen.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

10

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Dene panganggoning wong dadi guru ana wolung prakara :
1. Paramasastra, tegese limpad ing sastra.
2. Paramakawi, tegese putus ing kawi.
3. Mardibasa, tegese memantes tembung.
4. Mardawalagu, tegese bisa gawe lemesing lelagon.
5. Hawacarita, tegese sugih carita.
6. Mandraguna, tegese sugih kabisan.
7. Nawungkrida, tegese lantip ing panglepasan.
8. Sambegana, tegese engetan.
Uger-ugering wong dadi guru ana wolung prakara :
1. Asih ing murid, dianggep anak putu.
2. Tulaten pamulange, ora mawa wigah-wigih.
3. Lumuh ing pamrid, ora duwe pangarah apa-apa.
4. Tanggap ing sasmita, bisa anampani pasemoning murid.
5. Sepen ing pangrayangan, ora dadi kira-kiraning murid.
6. Ora ambalekake pitakon.
7. Ora angendak kagunan.
8. Ora amburu aleman, angunggul-unggulake kapinteran.
Utamane wong dadi guru ana wolung prakara :
1. Mulus ing sarira, ora ana cacade.
2. Alus ing wicara, ora sok memisuh lan supata.
3. Jatmika ing solah.
4. Antepan bebudene.
5. Paramarta lelabuhane.
6. Patitis nalare.
7. Becik labete.
8. Ora duwe pakareman.
II.

MURID

Iki pratikele wong kang wajib dadi murid, ana wolung prakara :
1. Tedak turun.
2. Tunggal bangsa.
3. Tunggal agama.
4. Tunggal basa.
5. Sumurup ing sastra.
6. Wis kaliwat tengah tuwuh.
7. Tanpa lelara.
8. Tanpa kuciwa.
Wenanging dadi murid, ana wolung prakara :
1. Nastiti.
2. Nastapa.
3. Kulina.
4. Santosa.
5. Diwasa.
6. Engetan.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

11

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
7.
8.

Santika.
Lana.

Mokaling dadi murid, ana wolung prakara :


1. Edan.
2. Ayan.
3. Wuta.
4. Tuli.
5. Bisu.
6. Bocah durung dewasa.
7. Wong tuwa kang wis lali.
8. Wong lara banget kang wis lali.
Panganggoning dadi murid, ana wolung prakara :
1. Angimanake, sirik yen maidowa.
2. Angatonake, sirik yen anapekena.
3. Anastitikake, sirik yen anglirwakna.
4. Anerangake, sirik yen anyuala.
5. Amusawaratake, sirik yen amiyagaha.
6. Anggelarake, sirik yen angumpeta.
7. Anglulusake, sirik yen ambatalena.
8. Anindakakake, sirik yen angenengena.
BABARING WIRID KANG AMAWA MURAD MAKSUD
Iki Babaring Wirid kang amawa murad saha maksude pisa, angiras minangka
bebukaning hidayat kang dadi pituduhe dununging ngelmu makrifat kabeh,
wiyose asal saka ing Dalil, Hadis, Ijmak lan Kiyas.
Tegese Dalil, anuduhake pangandikane Allah.
Tegese Hadis, anyaritakake wewulanging Rasulullah.
Tegese Ijmak, angumpulake wewejange para Wali.
Tegese Kiyas, amencarake wewarahing para Pandita/Ulama.
Kabeh iku dadi pambukaning kekeran kang amedarake rahsa gaib sajatining
ngaurip, supaya waskita ing uripe, lestariya urip ing awal akir, dene apesing
kawula manawa tumeka ing janji, amung bisaa, waskita ing sampurnaning
sangkan-paran, kamulyaning kahanan jati ana ing jaman kalangengan, aja
nganti korup marang panasaran.
Mungguh kang dadi wijining ngelmu makrifat anurut kekiyasan saka, Hadis
pangandikane Kanjeng Nabi Muhammad, kang kawejang marang Sayidina Ali,
kinen angestokake Ananing Dzat kang kasebut ing Dalil sapisan, saka
pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, kawisikake ing talingan kiwa,
kaya ing ngisor iki jarwane :
"Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawijiwiji, kang ana dingin iku Ingsun, ora ana Pangeran, ananging Ingsun Sajatining
Dzat Kang Amaha Suci, anglimputi ing sifatingsun, anartani ing asmaningsun,
amratandani ing afngalingsun".
Mungguh dununge mengkene :
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

12

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Kang angandika Sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku iya urip kita pribadi,
sayekti katitipan rahsaning Dzat Kang Agung. Anglimputi ing sifat iku iya rupa
kita pribadi, sayekti kawimbuhan warnaning Dzat Kang Elok. Anartani asma iku
iya nama kita pribadi, sayekti kaaku pasebutaning Dzat Kang Wisesa.
Amartandani afngal iku iya solah bawa kita pribadi, sayekti anelakake
pakartining Dzat kang Sampurna. Mula bebasane wahananing Dzat iku
anyamadi sifat, sifat iku anartani asma, asma iku amratandani afngal, afngal iku
dadi wahananing Dzat.
Dene Dzat, enggone anyamadi sifat iku upama kaya madu kalawan manise,
yekti ora kena kapisahena.
Dene sifat, enggone anartani asma iku upama kaya srengenge lawan sorote,
yekti ora kena yen kabedakena.
Dene asma, enggone amartandani afngal iku upama kaya paesan (kaca), kang
angilo lawan wewayangane, yekti saulah bawaning kang angilo, wewayangan
mau melu bae.
Dene afngal, enggone dadi wahananing Dzat iku upama kaya samudra lawan
ombake, yekti wahananing ombak anut saka rehing samudra.
Dadi sejatine, kang anama Dzat iku, tajalining Muhammad, sajatine kang
anama Muhammad iku, wahananing cahya kang anglimputi ing jasad,
dumunung ana ing urip kita, iya iku urip dewe ora ana kang anguripi, mula
kawasa aningali, amiyarsa, angganda, angandika, angrasakake saliring rahsa,
iku saka kudrad kita kabeh, tegese mengkene, Dzating Pangeran Kang Amaha
Suci iku enggone aningal saka angagem netra kita, enggone amiyarsa iya
angagem ing talingan kita, enggone angambet iya angagem ing grana kita,
enggone angandika iya anggagem ing lesam kita, enggone angrasakake
saliring rahsa iya angagem pangrasa kita, aja mawa uwas sumelang ing galih,
sabab wahananing wahya dyatmika iku wis kasarira, tegese, lair batining Allah
wis dumunung ana ing urip kita pribadi, manawa ing bebasane tuwa Dzating
Manungsa karo Sifating Allah, awit dadining Dzat iku kadim azali abadi, tegese
dingin dewe nalika isih awang-uwung salawase ing kahanan kita, dadining sifat
iku kudusul alam, tegese anyar ana kahananing alam dunya, ananging pada
tarik-tinarik tetep-tinetepan, samubarang kang anama Dzat iku yekti dumunung
ana ing sifat, sakaliring kang anama sifat iku sayekti kadunungan ing Dzat
kabeh.
Dene mungguh ing urut-urutane dumadining Dzat sifat iku ana wahanane,
kasebut ing Dalil kapindo, saka pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci,
mengkene jarwane.
Sajatine ingsung Dzat Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa anitahaken sawijiwiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodratingsun, ing kono wus
kanyatan
pratandhaning
afngalingsun
kang
minangka
bebukaning
IraDzatingsun, kang dhingin Ingsun anitahaken kayu aran Sajaratulyakin
tumuwuh ing sajroning alam Adamm akdum azali abadi, nuli cahya aran Nur
Muhammad, nuli kaca aran Mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh Idlapi, nuli damar
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

13

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
aran Kandhil, nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab kang
minangka warananing Kalaratingsun.
Mungguh dununge mangkene :
1. Sajaratuyakin, tumuwuh ing sajroning alam Adam makdum azali abadi,
tegese kayu sajati dumunung ing jagad sunyaruri, isih awang-uwung salawase
ing kahanan kita, iku hakekating Dzat mutlak kang kadim, tegese sajatining
Dzat kang amasti dingin dewe, iya iku Dzating atma, dadi wahananing alam
Ahadiyat.
2. Nur Muhammad, tegese cahya kang pinuji, kacarita ing Hadis, warnane kaya
manuk merak, dumunung arah-arahing Sajaratulyakin, iku hakekating cahya
kang ingaku tajalining Dzat, ana sajroning nukat gaib, minangka sifating atma,
dadi wahananing alam Wahdat.
3. Miratulkayai, tegese kaca wirangi, kacarita ing Hadis dumunung ana
sangareping Nur Muhammad, iku hakekating pramana, kang ingaku rahsaning
Dzat, minangka asmaning atma, dadi wahananing alam Wahidiyat.
4. Roh Idlafi, tegese nyawa kang wening, kacarita ing Hadis asal saka Nur
Muhammad, iku hakekating sukma, kang ingaku kahananing Dzat, minangka
afngaling atma, dadi wahananing alam Arwah.
5. Kandil, tegese diyan tanpa geni, kacarita ing Hadis awarna susetya kang
mancur mancorong gumantung tanpa cantelan, ing kono kahananing Nur
Muhammad, sarta enggon pakumpulaning roh kabeh, iku hakekating angenangen, kang ingaku wewayanganing Dzat, minangka embaning atma, dadi
wahananing alam Misal.
6. Darah, tegese susetya, kacarita ing Hadis adarbe sorot mancawarna, pada
kanggonan malaekat, iku hakekating budi, kang ingaku pepaesaning Dzat,
minangka wiwaraning atma, dadi wahananing alam Ajsam.
7. Kijab, ingaran dinding jalal, tegese warana kang agung, kacarita ing Hadis
metu saka susetya kang amanca warna, ing nalika mosik anganakake uruh,
kukus, banyu, iku hakekating jasad, kang ingaku warananing Dzat, minangka
sesandanganing atma, dadi wahananing alam Insan Kamil.
Mungguh pratelane saka Ijmak Kiyas, pepangkataning dinding jalal, kang
awarna uruh, kukus, banyu, mau pada dadi anelung warana, kasebut ing ngisor
iki.
Kang dingin, uruh, amatokake telung pangkat, 1. Kijab Kisma, dadi wahyaning
jasad ing jaba, kaya ta kulit, daging, lan sapanunggalane, 2. Kijab Rukmi, dadi
wahyaning jasad ing jero, kaya ta utek, manik, ati, jantung, lan
sapanunggalane, 3. Kijab Retna, dadi wahyaning jasad kang alembut, kaya ta
mani, getih, sungsum, lan sapanunggalane.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

14

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Kang kapindo, kukus, ametokake telung pangkat, 1. Kijab Pepeteng, dadi
wahananing napas lan sapanunggalane, 2. Kijab Guntur, dadi wahananing
pancadriya, 3. Kijab Geni, dadi wahananing napsu.
Kang kaping telu, banyu, ametokake telung pangkat, 1. Kijab Embun / Banyu
Urip, dadi kahananing sukma, 2. Kijab Nur Rasa, dadi kahananing rahsa, 3.
Kijab Nur Cahya kang luwih padang, dadi kahananing atma.
Kabeh iku warananing Dzat pada dumunung ana Insan Kamil, tegese
kasampurnaning manungsa, uja tuwas sumelang maneh, sabab kahananing
bale srasy, kursi, lochil-makful, kalam, taraju, wot siratal mustakim, swarga,
naraka, bumi, langit, saisen-isene kabeh iku, wis kawengku ana saroning
warana, sinamadan dening Dzat kita Kang Maha Agung, gumelar dadi
kaelokaning sifat kita kang esa, anartani ing wasaning afngal kita kang
sampurna, pratelane kaya ta, ing nalika Kang Amaha Suci karsa amujudake
sifate, ingaran Adam, asal saka anasir patang prakara, 1. Bumi, 2. Geni, 3.
Angin, 4. Banyu, iku kahanane kasebut ana ing daliling telu, saka
pangandikaning Pangeran Kang Amaha Suci, mangkene jarwane :
Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lang Ingsun iki rahsaning manungsa,
karana Ingsun anitahake Adam, asal saka ing anasir patang prakara, 1. Bumi,
2. Geni, 3. Angin, 4. Banyu, iku dadi kawujudaning sifatingsun, ing kono Ingsun
panjingi mudah limang prakara, 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi, iya
minangka warananing wajahingsun Kang Amaha Sudi.
Mungguh dununge mangkene :
Mudah iku Dzating kawula, wajah iku Dzating Gusti Kang Asifat Langgeng,
kacarita ing Hadis panjinging mudah limang prakara mau, wiwit saka ing embuembunan, leren ana ing utek, banjur tumurung marang netra, banjur tumurun
marang karna, banjur tumurun marang grana, banjur tumurun marang lesan,
banjur tumurun marang jaja (dada), banjur sumarambah ing jasad, sangkepe
jumeneng Insan Kamil, mangkono iku kawimbuhan saka karsane Kang Amaha
Suci enggone anjenengake maligening Dzat, katata ana ing Baitullah, dadi
telung kahanan, iku sajatine minangka kayektening kahanan sawiji-wiji,
anandakake kalarating Dzat Kang Agung, Kang Amaha Mulya, langgeng ora
kena owah gingsir saka kahanan jati, kasebut ana ing dalil kaping pat, saka
pangadikaning Pangeran Kang Amaha Suci, dadi telung ayat, kapratekake ing
ngisor iki :
Ayat kang kapisan, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al makmur,
mangkene jarwane :
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-makmur, iku omah
enggoning parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam, kang ana
sajroning sirah iku dimak, iya iku utek, kang ana antraning utek iku manik,
sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma,
sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran,
ananging Ingsun Dzat Kang anglimputi ing kahanan jati.
Ayat kang kapindo, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al muharram,
mangkene jarwane :
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

15

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-muharram, iku omah
enggoning lelaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning Adam, kang ana
ing sajroning dhadha iku ati, kang ana ing antaraning ati iku jantung, sajroning
jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, iya iku angen-angen, sajroning
angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku
Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan
jati.
Ayat kang kaping telu, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait al mukaddas,
mangkene jarwane :
Sajatine Ingsun nata malige sajroning Bait-al-mukkadas, iku omah enggoning
Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam, kang ana sajroning
konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku nutfah, iya iku mani
sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem,
sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran
angin Ingsun Dzat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat
gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam ahadiyat, alam
wahdat, alam wahidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil,
dadining manungsa sampurna yaiku sajtining sipat Ingsun.
Manawa wis anampani ing Dalin pangandikane Kang Amaha Suci mangkono
mau diwaskita ing galih, duwur dewe iku wahananing nugraha, kahananing
kanugrahan, nugraha iku Dzating Gusti, kanugrahan iku sifating kawula, tunggal
tanpa wangenan dumunung ana ing badan kita. Dene pratelane kayektening
kahanan kabeh mau kasebut ing ngisor iki pituduhane.
Kang dingin, anuduhake kang kasebut ing sajroning Bait al makmur, tegese
omah kang arane, mangkene dununge sawiji-wiji :
1. Sirah, iku wiyose kahananing Bait al makmur.
2. Utek, kahananing kanta, anarik wahananing cahya, dadi pambukaning nitya.
3. Manik, kahananing pramana, anarik wahananing warna, dadi pambukaning
paningal.
4. Budi, kahananing pranawa, anarik wahananing karsa, dadi pambukaning
pamicara.
5. Napsu, kahananing hawa, anarik wahananing swara, dadi pambukaning
pamiyarsa.
6. Sukma, kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dadi pambukaning
panggada.
7. Rahsa, kahananing atma, anarik wahananing wisesa, dadi pambukaning
pangrasa.
Wasiyate guru kang amedarake ngelmu Pambukaning Tata malige ing dalem
Bait al makmur, utamane anglakonana ora karsa dahar iwak utak, karo iwak
manik, sedenge aja nganti angarani polo karo manik, kabare pakolehe kang wis
kalakon asring katarima ngelmune.
Kang kapindo, anuduhake kang kasebut ing sajroning Bait al muharram,
tegese omah kang kalarangan, mangkene dununge sawiji-wiji :
1. Dada, iku wiyose kahananing Bait al muharram.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

16

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
2. Ati, kahananing pancadriya, anarik wahananing napsu, dadi wahyaning
napas.
3. Jantung, kahananing pancamaya, anarik wahananing birahi, dadi wahyaning
keketek.
4. Budi, kahananing pranawa, anarik wahananing karsa, dadi wahyaning
pamicara.
5. Jinem, kahananing pangraita, anarik wahananing swara, dadi wahyaning
pamiyarsa.
6. Suksma, kahananing nyawa, anarik wahananing cipta, dadi wahyaning
pangganda.
7. Rahsa, kahananing atma, anarik wahananing wisesa, dadi wahyaning
pangrasa.
Wasiyate guru kang amedarake ngelmu Pambukaning Tata malige ing dalem
Bait al muharram, utamane anglakonana ora karsa dahar iwak ati, karo iwak
jantung, sedengane aja nganti angarani angen-angen, kabar pakolehe kang wis
kalakon, asring katarima ngelmune.
Kang kaping telu, anuduhake kang kasebut sajroning Bait al mukaddas,
tegese omah kang sinucekake, mangkene dununge sawiji-wiji :
1. Kontol, iku wiyose Bait al mukaddas.
2. Pringsilan, kahananing purba, katumusan wahananing birahi, dadi
bebukaning asmaranala, iku sengseming ati.
3. Mani, kahananing kanta, katumusan wahananing hawa, dadi bebukaning
asmaratura, iya iku sengseming sapandulon.
4. Madi, kahananing warna, katumusan wahananing karsa, dadi bebukaning
asmaraturida, iya iku sengseming pangrungu.
5. Wadi, kahananing rupa, katumusan wahananing cipta, dadi bebukaning
asmaradana, iya iku sengseming sapocapan.
6. Manikem, kahananing suksma, katumusan wahananing pangrasa, dadi
bebukaning asmaratantra, iya iku sengseming pangrasan.
7. Rahsa, kahananing atma, katumusan wahananing wisesa, dadi bebukaning
asmaragama, iya iku sengseming salulut.
Wasiyate guru kang amedarake ngelmu Pambukaning Tata malige ing dalem
Bait al mukaddas, utamane anglakonana ora karsa dahar iwak pringsilan
sapanunggalane, sedengane aja nganti angarani mani, kabar pakolehe kang
wis kalakon, asring katarima ngelmune.
Ing ngisor iki ana wirayating guru, manawa amedarake rahsaning Bait al
mukaddas, ingatase mejang marang pawestri, wenang kiniyas mangkene.
Ing nalika Kang Amaha suci karsa anata malige ana sajroning Bait al
mukaddas, jumeneng ing bagane Siti Kawa, kang ana sajroning baga iku
puruna, kang ana ing antaraning puruna reta, iya iku mani, sajroning mani madi,
sajroning madi wadi, sajroning wadi manikem, sajroning manikem rahsa,
sajroning rahsa iku Dzating atma kang anglimputi ing kahanan jati. Dene
pituduhe mangkene, baga, timbangane kontol, puruna, timbanging pringsilan,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

17

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
ing sabanjure pada karo ingatase amejang marang kakung, enggone amardi
supaya pada amardiya ing waskitaning sangkan-paran.
Mawa wis waskita, prayoga anetepana kang dadi Santosaning Iman, iya iku
sahadat jati, kang kasebut ing dalem batin mangkene jarwane :
Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni
Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun.
Riwayating guru ana maneh, ingatase amejang marang pawestri, wenang
kawuwuhan mangkene jarwane :
Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni
Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun, Fatimah iku umatingsun.
Manawa wis sumurup surasaning sahadat jati mangkono mau, nuli asahida
marang wahananing sanak kita, iya iku kahananing dumadi kang gumelar ana
ing alam dunya, kaya ta bumi, langit, srengenge, rembulan, lintang, geni, angin,
banyu lan sapanunggalane kabeh, pada anaksenana yen kita mengko wis
angakoni jumenenge Dzating Gusti Kang Amaha Suci, dadi sifating Allah kang
sajati, kasebut ing dalem batin mangkene jarwane :
Ingsun anakseni ing Dzatingsun dewe, satuhune ora ana Pangeran, anging
Ingsun, lan anakseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusaningsun, iya
sajatine kang Allah iku badaningsun, Rasul iku rahsaningsun, Muhammad iku
cahyaningsun, iya Ingsun kang urip ora kena ing pati, iya Ingsun kang eling ora
kena lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir ing kahanan jati, iya
Ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun Kang Amurba
Amisesa Kang Kawasa Wicaksana ora kekurangan ing pangreti, byar sampurna
padang terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, mung Ingsun
kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kudratingsun.

RUPA-RUPA WEJANGAN SAKA PARA GURU


Ing mengko amratelakake wewejanganing guru sawiji-sawiji, iku ing pamedare
rahsaning ngelmu kang kawejangake awarna-warna, iya pada angestokake
urut-urutaning kekiyasan saka Dalil pangandikane Pangeran Kang Amaha Suci,
kang kadawuhaken marang Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah kasebut ing
ngisor iki.
1. Ana wewejanging guru kang amedarake rahsaning ngelmu Wisikan
Ananing Dzat, kekiyasan saka Dalil sapisan.
2. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu Wedaran
Wahananing Dzat, kekiyasan saka Dalil kapindo.
3. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu Gelaran
Kahananing Dzat, kekiyasan saka Dalil kaping telu.
4. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmukayektening
kahanan, kekiyasan saka Dalil kaping pat, ayat kang kapisan Pambukaning
Tata-malige ing dalem Bail al makmur, terkadang ayat kapindo Pambukaning
Tata-malige ing dalem Bait al muharram, terkadang ayat kaping telu
Pambukaning Tata-malige ing dalem Bait al mukaddas.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

18

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
5. Ana wewejanganing guru kang amedarake rahsaning ngelmu saka
Santosane Iman abebuka sahadat jati, utawa saka Sasahidan.
Mungguh surasane kabeh iku iya pada bae, mula pepangkataing ngelmu mau
katata dadi sawiji, kang supaya mupakat ing surasane, kajaba amung
pepangkataning ngelmu Talek, kara ngelmu Fatah, yen pangiwane ngelmu
panitisan, iku pada mawa empan sarta papan dewe, tegesing ngelmu Talek,
iku ngelmu ametokake kaelokan kehe pitung prakara :
1. Ngelmu Sepi.
2. Ngelmu Mungin.
3. Ngelmu Mubin.
4. Ngelmu Ahyan.
5. Ngelmu Barayan.
6. Ngelmu Mahbut.
7. Ngelmu Gaibulguyub.
Kabeh iku panganggone amung piranti amujudake pepangkataning kaelokan,
kang dadi tandaning tontonan ing lahiriyah bae, tegese ngelmu Fatah iku
ngelmu sorogan, kehe sangang prakara :
1. Ngelmu Makdum Sarpin.
2. Ngelmu Satariyah.
3. Ngelmu Sirasab.
4. Ngelmu Charajek.
5. Ngelmu Majalin.
6. Ngelmu Fatakurrahman.
7. Ngelmu Sufi.
8. Ngelmu Chak.
9. Ngelmu Nakisbandiyah, diarani Nakisbandiyatulchak.
Kabeh iku panganggone amung piranti amujudake malaekat kang dadi
tandaning badan alus ana ing dunya bae, ora mupakat karo rahsaning ngelmu
kasampurnan, upama katunggalake karo pepangkataning ngelmu kang sajati,
mangka salah surupe kang angrasakake, bokmanawa anekakake pamaido,
pamaido iku mundak dadi padu, para padon iku isih kekurangan, kekurangan
iku kang amarakake kepanasan, kepanasan iku amarakake para bantah karo
sesualan, para sesualan iku pakolehe amung rebut unggul ing pangawruh,
rebut unggul ing pangawruh iku ora wurung andadekake pasulayan, mulane
para sujana kang putus temenan iku ora sedya sesualan, amarga ora darbe ati
kepanasan, jatmika rehne wis amumpuni saliring pangawruh, dene manawa
ana kang sumedya amadoni muga dikalahana bae, aja nganti lumawan mundak
kabarabeyan, ing wekasan kalonglongan, manawa meksa kaburu asengadiya
isih kekurangan surup, mangkaono bae wis cukup.
PRATIKELE ANGETRAPAKE PARABOTING NGELMU KASAMPURNAN
KANG KINENGKER KALARANGAN DENING PARA WALI
Iki Pratikele Angetrapake Paraboting Ngelmu Kasampurnan kang kineker
kalarangan dening para Wali, ing mengko kawedarake kabeh.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

19

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Panengeraning Dina Kiyamat .
Bebukane amratelakake kang dadi Panengeraning dina Kiyamat, tegesing
Kiyamat, jumeneng, kasebut ing gisor iki.
1. Panengeran Kang Dingin.
Kang dingin, yen wis asring uninga kang ora katonton, tanda kurang satuan, ing
kono panggonane anyaketi tapa brata anyenyuda pakareman, anetepana
panggalih : trima, rila,, temen, utama, mungguh utama iku dumunung ana ing
sabar darana.
2. Panengeran Kang Kapindo
Kang kapindo, yen wis asring mireng kang kapiyarsa, kaya ta, mireng
rerasaning jin setan, sato kewan, tanda kurang setengah taun, ing kono
panggonaning kurmat sapanunggalane anglakoni panggaweyan becik,
kinantenan angati-ati marang uripe dewe.
3. Panengeran Kang Kaping Telu.
Kang kaping telu, yen wis salin ing paningale, kaya ta, ing sasi Muharram,
Shafar, andulu langit katon abang; Mulud, Rabiul Akhir, srengenge katon ireng;
Jumadilawal, Jumadilakhir, rembulan katon ireng; Rejeb, Ruwah, banyu katon
abang; Pasa Syawal, wewayangane dewe katon loro; Zulkaedah, Besar, geni
katon ireng; kabeh iku tanda kurang rong sasi, ing kono panggonaning wasiyat
karo riwayat, tegese amemeling karo wewarah, kinantenan taberi asesuci.
4. Panengeran Kang Kaping Pat.
Kang kaping pat, yen dariji panungguling asta dibekuk, kapetelake dalah epekepeke, dariji manis kaangkat, yen wis kaangkat anjunjung dariji manise mau,
tanda kurang patang puluh dina, ing kono panggonaning afiyat, tegese
pangapura. Iya iku anenuwun pangapura marang Pangerane, saha banjur
angapura marang kang pada kaluputan, utawa aminta pangapura marang kang
pada rumasa kalarakake atine.
5. Panengeran Kang Kaping Lima.
Kang kaping lima, yen asta kawawas ing netra loro darijine wis katon kalong,
ugel-ugele wis katon pedot, tanda kurang sasasi, ing kono panggonaning
amatrapake pikukuhing ngelmu kasampurnan kaya kang kasebut ing ngisor iki :
a. Iman, tegese angandel, kang diandel kudrate, tegesing kudrat : kuwasa.
b. Tauhid, tegese muhung sawiji, tegese pasrah marang iradate, tegesing
iradat : karsa.
c. Makrifat, tegese waskita, kang diwaskitani ngelmune iya iku anguningani
dununging Dzat, sifat, asma, afngal, tegesing Dzat : kanta, sifat : rupa, asma :
aran, afngal : pakreti.
d. Islam, tegese slamet, kang slamet iku chayate, tegesing khayat : urip,
dumunung ana ing sifat jalal, jamal, kahar, kamal, tegesing jalal : agung, kang
agung iku Dzate, dening anglimputi ing alam kabeh, tegesing jamal : elok, kang
elok iku sifate, dening dudu lanang dudu wadon, dudu wandu, sarta ora arah
ora enggon, tanpa warna tanpa rupa, tegesing kahar : wisesa, kang wisesa iku
asmane, dening ora nama sapa-sapa, tesegesing kamal : sampurna, kang

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

20

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
sampurna iku afngale, dening bisa gumelar pada sanalika pakretine, saka
kawasa tanpa sangsaya.
Mungguh dununge mangkene, iman dumunung ana ing eneng, tauhid,
dumunung ana ing ening, makrifat dumunung ana ing awas, islam dumunung
ana ing eling.
6. Panengeran kang Kaping Nem.
Kang kaping nem, yen wis asring katonton warnane dewe, tanda kurang
satengah sasi, ing kono panggonaning Pamuja, aneges karsane Kang Kawasa,
patrape ing saben apangkat arep sare, Pamujane kasebut ing ngisor iki :
"Ana pujaningsun sawiji, Dzat iya Dzatingsun, sifate iya sifatingsun,
asmane iya asmaningsun, afngale iya afngalingsun, Ingsun puja ing
patemon tunggal sakahananingsun, samprna kalawan kudratingsun".
Ing nalika iku ciniptaa kang pinuja tunggal, kaya ta Bapa, Biyung, Kaki, Nini,
Garwa, Putra, Wayah, sapadane kang dadi pelenging cipta bisaan anunggal ing
jaman kalanggengan.

7. Panengeran Kang Kaping Pitu.


Kang kaping pitu, yen wis rumasa larakasandang, tegese ora arep apa-apa,
tanda kurang pendak dina, ing kono panggonaning tobat, patrape manawa lagi
wungu sare, kasebut ing ngisor iki :
"Ingsun analangsa maring Dzatingsun dewe, regeting jisimingsun,
gorohing atiningsun, serenge ing napsuningsun, laline ing uripingsun
salawas-lawase, ing mangko Ingsun ruwat sampurna ing sadosaningsun
kabeh kalawan kudratingsun".
8. Panengeran Kang Kaping wolu.
Kang kaping wolu, yen wis karasa gerah uyang saranduning sarira ing jaba jero
kabeh, terkadang asring andadekana wetuning sesuker tinja taun, kara tinja
kalong, utawa cacing kalung karo cacing tembaga, ing wekasan pucuking parji
karasa anyep, andadekake teranging nutfah, iku tanda wis parek ing dina
Kiyamat, amung kurang ing saantara dina, ing kono waktuning Dajal laknat
katon arep agawe arubiru, marang kahanan kita, iya iku pangonaning katekan
rancana saka sadulur papat, kalima pancer dumunung ana ing badan kita
dewe, panangkise anapekena rahsaning jati wisesa, tegese angenirake angenangen, banjur karuwata kaya ing ngisor iki :
"Ingsun angruwat kadangingsun papat kalima pancer kang dumunung
ana ing badaningsun dewe. Mar marti Kakang Kawah Adi Ari-ari Getih
Puser, sakehing kadangingsun kang ora katon, lan kang ora karawatan,
utawa kadangingsun kang metu saka marga hina lan ora metu saka ing
marga hina, sarta kadangingsun kang metu bareng sadina kabeh pada
sampurna nirmala waluya ing kahanan jati, dening kudratingsun".

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

21

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Nuli asaksiya kalayan Dzat kita dewe, kaya asahid marang wahananing sanak
kita, iya iku kahananing dumadi kang gumelar ing alam dunya, wis kasebut ing
ngarep ana wekasaning wewejangan.
9. Panengeran Kang Kaping Sanga Utawa kang Wekasan.
Kang kaping sanga, yen ketek ana ugel-uegeling asta wis ora ana, andadekake
oncate pramananing kanaka, sarta pramananing tingal wis sepen, andadekake
rupeking pandulu rengating alis, utawa garebeging talingan wis meneng,
andadekake pengeng sanalika, ing wekasan garing-gingen kang sarira banjur
kambu gandaning sawa, iku tanda wis muncad ing dina Kiyamat, jumeneng
kalayan pribadine, ing kono panggonaning anucekake sakehing anasir,
tegesing anasir : bangsa, iya iku bangsaning khak kang dumunung ana ing
Dzat, sifat, asma, afngal, kaya ta : anasir badan asal saka ing bumi , geni,
angin, banyu, iku kaciptaa suci mulya mulih marang asale, saampurnaa
anunggal kalayan anasiring roh, kang sumende ana kahananing wujud, ngelmu,
nur, suhud; Tegese wujud : wahana, iya iku getih, amarga getih iku dadi
kanyatahaning roh, Tegese ngelmu : paningal, iya iku paningaling netra balaka,
amarga paningal iku dadi pamawasing roh, Tegese nur : cahya, iya iku cahya
kang anglimputi ing sarira, amarga cahya iku dadi pratandaning roh, Tegese
suhud : saksi, iya iku napas, amarga napas iku dadi saksining roh.
Dene enggone anucekake kasebut ing sajroning cipta mengkene :
"Ingsun anucekake sakalaliring anairingsun kang abangsa jasmani, suci
mulya sampurna anunggal kalawan sakaliring anasiringsun kang abangsa
rochani, nirmala waluya ing kahanan jati dening kudratingsun".
Yen wis mangkono, nuli Nur Muhammad tumimbul, gumilang-gilang ana ing
ana ing wadana, tanda bakal binuka kijabing Pangeran, meh katone sakehing
cahya, ing kono panggonaning ngawinake badan karo nyawa, kasebut ing
sajroning cipta mangkene :
"Allah kang kinawin, winalenan dening Rasul, pangulune Muhammad,
saksine malaekat papat, iya iku Ingsun kang angawin badaningsun,
winalenan dening Rahsaningsun, kaunggahake dening cahyaningsun,
sinaksenan
dening
malaekatingsun
papat,
Jabrail,
iya
iku
pangucapingsun, Mikali, pangambuningsun, Israfil, paningalingsun, Ijraril,
pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka ing kudratingsun".
Nuli anyiptaa sangkan paraning Tanazultarki, kasebut ing ngisor iki :
"Ingsun mancad saka alam Insan Kamil, tumeka maring alam Ajsam, nuli
tumeka maring alam Misal, nuli tumeka maring alam Arwah, nuli tumeka
maring alam Wachidiyat, nuli tumeka maring alam Wahdat, nuli tumeka
maring alam Achadiyat, nuli tumeka maring alam Insan Kamil maneh,
sampurna padang terawangan saka ing kudratingsun".
Nuli anyiptaa ing pambirat asaling cahya sawiji-wiji kasampurnakake saka
kudrat kita, supaya aja nganti kalimputan dening cahya kang andadekake
durgamaning sangkan paran, mangkana pambirate ing sajroning cipta :
"Cahya ireng kadadeyaning napsu Luwamah sumurup maring cahya
abang, cahya abang kadadeyaning napsu Amarah sumurup maring cahya
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

22

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
kang kuning, cahya kuning kadadeyaning napsu Sufiyah sumurup maring
cahya kang putih, cahya putih kadadeyaning napsu Mutmainah sumurup
maring
cahya
kang
amancawarna,
cahya
kang
amancawarnakadadeyaning
pramana sumurup maring Dzating
cahyaningsun
awening
mancur
mancarong
gumilang
tanpa
wewanyangan, byar sampurna padang terawangan, ora ana katon apaapa, kabeh-kabeh pada kalimputan dening Dzatingsun saka ing
kudratingsun".
Ing nalika iku upama ana karasa apa-apa ing badane, angusapa puser kaping
telu (3), upama angrasa liwung kaya mendem, angusapa dada kaping telu (3),
upama angrasa arip arep sare, angusapa batuk kaping telu (3), upama angrasa
arep lali, angusapa embun-embun kaping telu (3), banjur tata-tata dandan kaya
ing ngisor iki ptrape :
1. Wiwit asidakep suku tunggal anutupi babahan nawa sanga, dirijining asta
pada antuk ing selaning dariji kaya angapu-rancang, jempol diadu pada jempol,
banjur tumumpang ing dada, dibener sesipatane lawan tengahing dada,
salonjoring sikil awit jempol sikil katemokake pada jempol sikil dipapak, polok
ketemokake pada polok digatuk, dengkul katemokake pada dengkul dirapet,
palanangan sapalandungane sinipat karo jempol sikil aja nganti katindihan.
2. Nuli amawas pucuking grana, disipat ing dada tumeka ing puser, ing
palanangan, ing jempol sikil, banjur angeningake cipta.
3. Nuli angeremake netra kang alon, angingkemake lambe kang adamis, untu
gatuka pada untu kang rata, ilat katekuk manduwur kapadalake ing cetak,
banjur pasrah analangsa ing Dzate dewe.
4. Nuli amegeng napas ing sanalika banjur anyipta matrapake panjenenganing
Dzat, wiwit angumpulake kawula gusti mangkene :
"Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing kawulaningsun
tunggal dadi sakahanan, sampurna saka ing kudratingsun". Ing kono
pamegenging napas tinurunake metu ing grana kang alon aja nganti kasusu.
Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta maha
sucekake ing Dzat kita kaya mangkene :
"Ingsun Dzat Kang Maha Suci Kang Asifat Langgeng, kang amurba
amisesa kang kawasa, kang sampurna nirmala waluya ing jisimingsun
kalawan kudratingsu". Ing kono pamegengeng napas katurunake metu ing
grana maneh, kang alon aja nganti kasusu.
Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta angrakit
karatoning Dzat kita kang amaha mulya kaya mangkene :
"Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumeneng Ratu Agung, kang
amurba amisesa kang kawasa andadekake ing karatoningsun kang agung
kang maha mulya, Ingsun wengku sampurna sakapraboningsun, jangkep
saisen-isening karatoningsun, pepak sabalaningsun kabeh ora ana kang
kekurangan, byar gumelar dadi saciptaningsun, ana sasedyaningsun, teka
sakarsa-karsaningsun kabeh, saka ing kudratingsun". Ing kono pamegeng
napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

23

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta angracut ing
jisim kita kaya mangkene :
"Jisimingsun kang kari ana ing alam dunya, yen wis ana jaman karamat
kang amaha mulya, wulu kulit daging getih balung sungsum
sapanunggalane kabeh, asale saka ing cahya muliha maring cahya,
sampurna bali Ingsun maneh, saka ing kudratingsun". Ing kono pamegeng
napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.
Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta anarik
marang
para akrab sapanduwur sapangisor kang wis pada ngajal,
kasampurnakake kaya mangkene :
"Jaganingsun sapanduwur sapangisor kabeh, kang pada mulih ing jaman
karamating alame dewe-dewe pada suci mulya samprnaa kaya Ingsun
saka ing kudratingsun". Ing kono pamegeng napas tinurunake metu ing grana
maneh, kang alon aja kasusu.
Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta angukud
gumelaring alam dunya kasampurnakake kabeh kaya mangkene :
"Ingsun andadekake alam dunya saisen-isene kabeh iki, yen wis tutug ing
wewangene, Ingsun kukud mulih mulya samprna dadi sawiji kalawan
kahananingsun maneh saka ing kudratingsun". Ing kono pamegeng napas
tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.
Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta ambabar
marang tedak turune kang pada kari kaya mangkene :
"Tusasingsun kang maksih pada kari ana ing alam dunya kabeh, pada
nemuwa suka bungah sugih singgih aja ana kang kekurangan, rahayu
salameta sapanduwure sapangisore saka ing kudratingsun". Ing kono
pamegeng napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.
Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta amasang
pangasihan marang para tumitah kabeh kaya mangkene :
"Sakehing titahingsun kabeh, kang pada andulu kang pada karungu pada
asih welasa marang Ingsun saka ing kudratingsun". Ing kono pamegeng
napas tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.
Yen wis sareh, amegeng napas maneh ing sanalika banjur anyipta amasang
kamayan marang para mahkluk kang pada angarubiru, utawa ora angendahake
marang jisim kita kaya mangkene :
"Sakehing mahklukingsun kabeh, kang ora angendahake maringsun, pada
kaprabawa ing kamayan dening kudratingsun". Ing kono pamegeng napas
tinurunake metu ing grana maneh, kang alon aja kasusu.
Dene enggone amatrapake panjenenganing Dzat kabeh mau yen karingkes
dadi sawiji ana pratingkahe, wiwit pamegenging napas amung sapisan bae, ing
sanalika amatrapake kaya mangkene :
"Sakaliring cahya kabeh pada kalimputan dening Dzatingsun, iya Ingsun
Dzating Gusti Kang Asifat Esa, iya Ingsun Dzat Kang Maha Suci asifat
Langgeng, iya Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumeneng Ratu
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

24

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
agung, kang amurba amisesa kang kawasa angracud jisimingsun, anarik
jaganingsun, angukud jagadingsun, amababar turasingsun, amasang
pangasihan
marang
titahingsun,
amasang
kamayan
marang
mahklukingsun kabeh sampurna saka ing kudratingsun". Banjur kaciptaa
ing sasurasane, sarta pamegenging napas tinurunake metu ing grana kang alon
aja nganti kasusu.
Mungguh cancude ing sajroning amegeng napas mau uger enget ing cipta bae,
patrape kabeh iku iya wis kacakup, sabab yen sajroning jaman karamatullah ing
tembe waktuning makam ijabah, tegese panggonan katarima, apa saciptane
dadi, amarga sirnaning mudah kari wajah, mudah iku Dzating kawula, wajah iku
Dzating Gusti Kang Asifat Langgeng.
Yen wis mankono, maras kita tumangkep ing ati, andadekake seseke ing
napas, ing kono banjur anarika napas saka kiwa mubeng anengen, saka tengen
mubeng ngiwa, kakumpulake dadi sawiji ana ing lintang johar akhir, iya iku
puser, katarik manduwur bener kang sareh, leren tinata ana ing maligening Bait
al Muharram, iya iku dada, banjur anyipta cancuding amatrapake
panjenenganing, dienget aja nganti tumpang suh kumpuling napas, tanapas,
anpas, nupus, napas iku tetalining jisim, dumunung ana ing ati suweda, tegese
woting ati, wahanane dadi angin kang metu saka badan wae, tanapas, iku
tetalining ati, dumunung ana ing puser, wahanane dadi angin kang manjing
marang badan bae, anpas iku tetalining roh, dumunung ana ing jejantung,
wahanane angin kang tetep ana ing jero bae, nupus iku tetalining rahsa,
dumunung ana ing puat kang aputih, iya iku ana ing woding jejantung,
wahanane dadi angin kang metu angiwa anengen saka badan, pakartine
anglimputi sakaliring jasmani rochani.
Yen wus kumpul dadi sawiji, napas, tanapas, anpas, nupus, mau banjur katarik
manduwur kang alon, leren tinata ana ing maligening Bait al Makmur iya iku ing
sirah, ing kaciptaa licin dadi nukat gaib, tegese saliring jasmani kaciptaa luluh
dadi banyu, nuli kaciptaa luyut dadi nyawa, nuli kaciptaa lenyep dadi rahsa, nuli
kaciptaa layat dadi cahya gumilang tanpa wewayangan ing kahanan kita kang
sajati.
Yen wis mangkono, erah kita parad banjur karasa walikaten salir anggaotaning
sarira kabeh andadekake : netra bawur, talingan pengleh, grana mingkup, lidah
mangkeret, ing wekasan cahya surem, swara sirna, ora bisa aingali, miyarsa,
angganda, amirasa, amung kari cipta bae, amarga wis kinukud tataning
sarengat, tarekat, hakekat, makrifat : * Sarengat iku lakuning badan, dununge
ing lesan, * Tarekat lakuning ati, dununge ing grana, * Hakekat lakuning nyawa,
dununge ing talingan, * Makrifat lakuning rahsa, dununge ing netra, mula
sejatining sarengat iku lesan, tarekat : grana, hakekat : talingan, makrifat netra,
kaupamakake bawure kaca wirangi, utawa esating banyu zamzam, nuli
pamiyarsaning talingan, kaupamakake rentahing godong sajaratilmuntaha,
utawa kangsrahing hajar al aswad, nuli panggandaning grana, kaupamakake
guguring wukir ikrap, utawa rubuhing ardi tursina, nuli pamirasaning lesan,
kaupamakake bubrahing wot siratalmustakim, utawa rusaking kabatullah, ing
kono banjur karasa nikmat saliring anggaotaning sarira kabeh, angluwihi
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

25

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
nikmating sanggama ing nalika metokake rahsa, amarga awit binuka kijabing
Pangeran, waktuning sirnaning warana banjur katoning jaman karamatullah,
tegese jaman kamulyaning Allah, pangrasane ing dalem adam kukumi tekane
sakehing cahya kang pada anglimputi ing Dzating karaton, ing nalika iku amung
amustiya pepuntoning tekad kang santosa, kaya ngibarating aksara Alif kang
ajabar jer apes, unine : A, I, U, tegese : Aku Iki Urip, banjuranyipta brangta ing
Dzat, supaya aja kengetan marang kang keri kabeh.
WANGSITE KANJENG SUSUHANAN KALIJAGA
APA KANG BAKAL KALEKSANAN ING JAMAN KARAMATULLAH
Iki wangsite Kanjeng Susuhunan Kalijaga, amratelakake kang bakal kaleksanan
ing sajroning jaman Karamatullah, kaya mangkene.
Ing atasing aral basariyah kabeh, yekti pada anandang jawaliyah, tegese
pepalanganing manungsa iku pada kena owah gingsir, iya iku dadi pratandane
apesing kawula, kayektenan ing dalem adam kukmi, katon saka pangrasa kaya
ing ngisor iki :
1. Alam Rochiyah.
Kang dingin, awit katon alam Rochiyah, tegese alaming nyawa, apadang dudu
padanging rahina, tanpa keblat wetan lor kulon kidul ing tengah ing ngisor ing
duwur, ing kono aningali sagara tanpa tepi, iku wahananing ati kawimbuhan
cahyaning utek, satengahing sagara katon ana duryat pancamaya warna kaya
teja gumawangcahyane, iku wahananing jantung kawimbuhan cahyaning johar
awal, iya iku manik, kang pancamaya anglimputi jatining ati, dadi pangrasaning
sarira, empane dumunung ana ing cipta papane ana ing paningal pamiyarsa
pangganda pangrasa pamirasa, diarani muka sifat, kawasane amung anuntun
sakaliring sifat kabeh, ing nalika iku aja nganti kasamaran marang
panengeraning rupa kang sajati, iya iku rupa kita pribadi.
2. Alam Siriyah.
Kang kaindo, sasirnaning alam Rochiyah, katon alam Siriyah, tegese alaming
rahsa, padange angluwihi padanging alam Rochiyah, ing kono tekaning cahya
patang warna ireng abang kuning putih, iku wahananing budi, ametokake
kahananing napsu patang prakara, kang pada dadi durgamaning ati, katone
tumurun siji-siji, kang wiwit katon dingin, cahya ireng, iku kahananing napsu
Luwamah, hawane ing nalika urip amarakake dahaga arip luwe
sapanunggalane, wahanane ing waduk, wahyane saka lesan, kadadiyane ing
sajroning cahya ireng katon sakaliring sato kewan miwah gegremet, pada
angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane bumi ganjing, alaming
napsu diarani alam Nasut, tegese lali, ing nalika iku panggonaning lali, poma
dienget, sarta santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya ireng, bokmanawa
anitis marang sato kewan miwah gegremetan.
Ora antara suwe cahya ireng sirna, nuli katon cahya abang, iku kahananing
napsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake angkara, panaten deduka
sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna, kadadiyane ing
sajroning cahya abang katon sakaliring budi srani brekasakan, iya pada
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

26

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
ngragada kaya anganggep Pangeran, prabawane geni murub gede angaladalad, alaming napsu diarani alam Jabarut, tegese asreng, ing nalika iku
panggonaning rekasa, poma disareh sarta santosa, aja nganti korup sajroning
cahya abang, bokmanawa anitis marang brakasakan.
Ora anatara suwe cahya abang sirna, nuli katon cahya kuning, iku kahananing
nafsu Sufiyah, wahanane ing nalika urip amarakake murka, pepinginan
pakareman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane
saka netra, kadadiyane ing sajroning cahya kuning katon sakaliring manuk
miwah bangsa iber-iberan, iya pada angragada kaya anganggep Pangeran,
prabawane angin pancawara gede, alaming napsu diarani alam Lahut, tegese
gingsir, ing nalika iku panggonaning renggang saliring anggaota, poma ditetep,
sarta, santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya kuning, bokmanawa anitis
marang manuk miwah bangsa iber-iberan.
Ora suwe cahya kuning sirna, nuli katon cahya putih, iku kahananing napsu
Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman
sapanunggalane, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur, ora
mawa watara, kahanane ing balung, wahyane saka ing grana, kadadiyane ing
sajroning cahya putih katon sakaliring iwak loh, miwah bangsaning beburon
banyu, ana ing sagara rahmat, iya pada angragada kaya anganggep Pangeran,
prabawane banyu wening tanpa sangkan, alaming napsu diarani alam Malakut,
tegese karaton, ing nalika iku panggonane uninga ing karaton kang rinakit
Maha Mulya, aja nganti korup ana sajroning cahya putih, bokmanawa anitis
marang iwak loh miwah bangsaning beburon banyu.
3. Alam Nuriyah.
Kang kaping telu, sasirnaning alam Sariyah, katon alam Nuriyah, tegese
alaming cahya, padange angluwihi padanging alam Sariyah, ing kono tekaning
cahya amancawarna, ireng abang kuning putih, ijo gumelar bareng pada katon
karaton sarwa raras kabeh, iku wahanane pancadriya, kawimbuhan cahyaning
pramana, alaming pancadriya diarani alam Hidayat, tegese pituduh, dening
anuduhake panggonane ing nalika gumelaring karaton, anaging dudu sejatine
karaton kang rinakit Maha Mulya, iya iku karatoning panasaran, kaya ta,
karaton kang katon ana sajroning cahya ireng, iku dzating sato kewan miwah
gegeremetan, kang katon ana sajroning cahya abang, iku karaton dzating
brekasakan, kang katon ana sajroning cahya kuning, iku karaton dzating manuk
miwah bangsa iber-iberan, kang katon ana sajroning cahya putih, iku karaton
dzating iwak loh miwah bangsaning beburon banyu, kang katong ana sajroning
cahya ijo, iku karatong dzating tetuwuhan, ing nalika kapiyarsa swara kaya
anuduhake karatong kang agung kang Amaha Mulya, poma dijinem sarta
santosa, aja nganti anyipta milih salah sawiji, bokmanawa kalebu ing karaton
panasaran.
4. Alam Nuriyah Luhur.
Kang kaping pat, isih ana sajroning alam Nuriyah, ing kono katon cahya
wening, sajroning cahya ana murub sawiji angadeg sasada lanang gedene,
darbe sorot wolung warna, ireng abang kuning putih ijo biru wungu dadu,
gumelar pada katon swarga asri kabeh, iku wahanane warnaning pramana,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

27

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
kawimbuhan dening sukma, alaming pramana diarani alam Iskat, tegese birahi,
dening panggonane rumasa brangta marang gumelaring swarga, ananging
dudu sajatining swarga kang amaha suci, dudu panggonan kang nikmat
manpangat rahmat, iya iku kahyanganing jin kabeh, amung panggonan
kamukten bae, kaya ta :
a. Kang katon swarga sarwa ireng meles meleng-meleng mimba mustikaning
bumi, iku kadadiyan saka kanistaning cipta, yen jumeneng ana ing kono,
bokmanawa dadi ratuning jin ireng.
b. Kang katon swarga sarwa abang abra marakata mimba sesotya geniyara, iku
kadadiyan saka dustaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi
ratuning jin abang.
c. Kang katon swarga sarwa kuning sumunar mimba retna dumilah, iku
kadadiyan saka doraning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi
ratuning jin kuning.
d. Kang katon swarga sarwa putih maya-mayawenes mimba manikmaya, iku
kadadiyan saka setyaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi
ratuning jin putih.
e. Kang katon swarga sarwa ijo angenguwung mimba manik tejamaya, iku
kadadiyan saka santosaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa
dadi ratuning jin ijo.
f. Kang katon swarga sarwa miru muyek mimba manik nilapakaja, iku
kadadiyan saka sambawaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa
dadi ratuning jin biru.
g. Kang katon swarga sarwa dadu muncar mirah pusparaga, iku kadadiyan
saka sambadaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi
ratuning jin wungu.
h. Kang katon swarga sarwa dadu muncar mimba mirah dalima, iku kadadiyan
saka owah gingsiring cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi
ratuning jin dadu, ing nalika iku kambu gandane sakehing kahyangan mau
amrik arum angambar kaya anarik rahsa, poma aja nganti karasakake,
bokmanawa kalebu ing swarga panasaran.
5. Alam Uluhiyah.
Kaping lima, sasirnaning alam Nuriyah, katon alam Uluhiyah, iya iku alam
Ilahiyah, tegese alaming Pangeran, padange angluwihi padanging alam
Nuriyah, ing kono katon cahya mancur, sajroning cahya ana sifating rerupan
kaya tawon gumana, jumeneng ing makam pana, iku warnaning sukma kang
amimbuhi ing saliring warna kabeh, anglimputi saubenging jagad cilik jagad
gede ing saisen-isene, ananging uripe saka pramananing rahsa, ing nalika iku
tekaning malaekat awarna bapa kaki, sapanunggalane leluhur lanang, angaku
utusaning Dzat Kang Amaha Suci, kinen angirid marang chalaratullah, poma
disantosa aja nganti angimanake, sabab iku afngaling suksma kita pribadi.
6. Alam Uluhiyah Luhur.
Kang kaping nem, isih sajroning alam Uluhiyah, sangsaya wuwuh padange, ing
kono katon cahya mancorong, sajroning cahya ana sifating rerupan kaya golek
gading asawang peputran mutyara, dudu lanang dudu wadon, dudu wandu,
jumeneng ing makam baka, iku pramananing rahsa, kang amurba amisesa ing
alam kabeh, ananging uripe saka dzating atma, ing nalika iku tekaning widadari
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

28

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
awarna biyung nini, sapanunggalane leluhur wadon, angaku utusaning Dzat
Kang Amaha Suci, kinen angirid marang chalaratullah, poma disantosa aja
nganti angimanake, sabab iku afngaling rahsa kita pribadi.
7. Alam Uluhiyah Luhur Dewe.
Kang kaping pitu, isih sajroning alam Uluhiyah, tanpa kira-kira padange, ing
kono ora katon apa-apa, amung cahya gumilang tanpa wewayangan, iku
Dzating atma, anunggal sajatining Dzat Kang Asifat Esa, ora jaman, ora arah,
ora enggon, tanpa warna, tanpa rupa, kadim azali abadi, kang amurba amisesa,
kang kawasa anitahake sakaliring alam, anglimputi ing alam kabeh, apranawa
mengku saliring makam sampurna, urip dewe ora ana kang nguripi, dibasakake
: chayun bila rochin, tegese urip tanpa nyawa, iya iku Tajalining Gusti Kang
Amaha Suci Sajati, kang Agung Dzate, kang elok sifate, kang wisesa asmane,
kang samprna afngale, dumunung ing urip kita pribadi, ing kono tanpa antara
pamoring kawula gusti, iya iku urip kita mulih dadi Sajatining Dzat mutlak kang
kadim azali abadi, dibasakake : chayun pitdareni, tegese urip ing kahanan
loro, ana ing alam Sahir kita urip, ana ing alam Kabir iya urip, pada sanalika
banjur enget ing wentehan saniskaraning purwa madya wasana kabeh. Aja
uwas sumelang maneh, ing wekasan sumelang maneh, ing wekasan
sumangga, anggon-anggon ana ing karsa, katarima ing sarira, aku mung drema
angimpun sakaliring ngelmu saka wewejanganing guru sawiji-wiji, pangrasaning
ati wis genep, kuranga kaya ora akeh, anjaba amung wejangane Kyai Ageng
Liman, iku pakewuh enggonku matrapake, sabab unine kaya ngelmu
Kabuddan, mangkene pamejange.
"Hyang-hyang jawata yoganing ngulun, kawidekna kapiya karep, gunung lawu
sap pitu iku kabeh". Saka pamikirku iya prayoga ing surasane, kaya amemuji
aja nganti mati ing saenggon-enggon, bisaa mati kaulesan lawon lapis pitu,
ananging pakewuhing patrap dening unine kang andadekake ora pakoleh.
Ing wusana aku matur ambodoni, ana kang durung pati terang ing
sesurupanku, iya iku pambirating ganda ala bisaa angganda becik, menawa ing
buri ana kang wis oleh katerangane ing sesurupan, anyumanggakake patrape
pangganggone.
Dene pemutku Wirid iki ora kena kapariksa marang kang durung tunggal
ngelmu, bokmanawa kawancenan mundak apa pakolehe, destun amung
bebantahan bae, mulane banget-banget ing welingku, aja nganti para
bantahan, muga kagaliha ing sayektine.
WUWUHAN
BAB PAMBIRATING GANDA ALA
BISAA ANGGANDA ARUM
Bab pambirating ganda ala, bisaa anganda becik, saiki aku wis oleh
sesurupane, saka pamejange sawijining guruku, samengko ngelmu mau
kagelarake ing kene, katambahake nunggal ana sajroning Wirid iki, manggon
ing pungkasan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

29

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Dene asale ngelmu mau, kacarita ing kuna saka wasiyate Kanjeng Susuhunan
Kalijaga, kang kawasiyatake marang putra wayah kabeh.
Saka pituduhe Kyai Guru, mungguh kang katembungake Kanjeng Susuhunan
Lepen, tumrap surasane ngelmu iki, sajatine iya Banyu Urip, iya ananing urip
kita pribadi.
Wondene patraping pangonane, surasane ngelmu ikikaesti ing dalem cipta, ing
nalika anyipta cancuding amatrapake psnjenenganing Dzat, utawa kawisikake
marang wong kang wis ngangkat sakarat.
Para kang pada nganggo ngelmu iki, kang wis katatan (kalakon), jisime banjur
bisa anggando arum, dadi kang pada ngupakara pada rahab kabeh, resep
enggone ngrukti.
Iki Ngelmune Kang Kaesti :
Bismillahi-rrahmani-rrahim, Sabda angin, tansah murba wisesa, sah
ganda kari rasa, badanku arum, selehku arum, rak-lap tan ana karsa, dong
ginendong saking karsane Gusti Sunan Lepen, radia Allahu anhu alaihi
salam. (R.Tanoyo)
HIDAYAT JATI
WARAHING HIDAYAT JATI
Iki Warahing Hidayat Jati, anuduhake dununge pangkating ngelmu makrifat
wewejangan saka para Wali ing Tanah Jawa, sasedane Kanjeng Susuhunan
ing Ngampeldenta, pada karsa ambuka wiridan kang dadi wijining wewejangan
surasaning ngelmu kasampurnan dewe-dewe, wiyose iya uga asal saka Dalil
Hadis Ijmak Kiyas, kaya kang wis kasebut ana sajroning Wirid kabeh, mungguh
pepangkatane sawiji-wiji kapratelakake ing ngisor iki :
Kang dingin, saankatan nalika jaman awale nagara ing Demak, para Wali kang
karsa amejang amung wolu.
1. Kanjeng Susuhunan ing Giri Kadaton, wewejangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kanjeng Susuhunan ing Tandes, wewejangane, Wedaran Wahananing
Dzat.
3. Kanjeng Susuhunan ing Majagung, wejangane, Gelaran Kahananing Dzat.
4. Kanjeng Susuhunan ing Benang, wewejangane, Pambukaning Tata malige
ing dalem Bait-al-makmur.
5. Kanjeng Susuhunan ing Muryapada, wewejangane, Pambukaning Tata
malige ing dalem Bait-al-muharram.
6. Kanjeng Susuhan ing Kalinyamat, wewejangane, Pambukaning Tata malige
ing dalem Bait-al-mukaddas.
7. Kanjeng Susuhunan ing Gunungjati, wewejangane, Santosaning Iman.
8. Kanjeng Susuhunan Kajenar, wewejangane, Sasahidan.
Kang kapindo, ing saangkatan maneh nalika jaman akhire nagara ing Demak,
para Wali karsa amejang iya amung wolu.
1. Kanjeng Susuhunan ing Giri Parapen, wewejangane, Wisikan Ananing Dzat.
2. Kanjeng Susuhunan ing Darajat, wewejangane, Wedaran Wahananing Dzat.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

30

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
3. Kanjeng Susuhunan ing Atasangin, wewejangane, Gelaran Kahananing
Dzat.
4. Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga, wewejangane, Pambukaning Tata malige
ing dalem Bait-al-makmur, banjur ambabar sagung kang dadi parabote
amatrapake panjenenganing Dzat kabeh, nanging durung urut patrap
panggonane ing sawiji-wiji.
5. Kanjeng Susuhunan ing Tembayat, kalilan dening guru Kanjeng Susuhunan
Kalijaga, ambabarake wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem
Bait-al-muharram.
6. Kanjeng Susuhunan ing Padusan, wewejangane, Pambukaning Tata malige
ing dalem Bait-al-mukaddas.
7. Kanjeng Susuhunan ing Kudus, wewejangane, Panetep Santosaning Iman.
8. Kanjeng Susuhunan Geseng, wewejangane, Sasahidan.
Dene wewejangane kang wis kasebut ing duwur iku, surasane iya anunggal
bae, amarga pada wewiridan saka pamejange Kanjeng Susuhunan
Ngampeldenta kabeh, mula ing mangko kaimpun dadi sawiji, supaya gampanga
enggonku angrasakake riwayating Dalil Hadis Ijmak Kiyas, sarehne hakekate
Dzating Pangeran Kang Amaha Suci iku binasakake luwih dening gaib, tanpa
warna tanpa rupa, asifat dudu lanang, dudu wadon, dudu wandu, sarta ora
mawa jaman, ora arah ora enggon, amung cipta-sasmita dumunung ana
waskita, wewisikane ora ana apa-apa, sakehe kang kasebut iku dudu sajatining
Dzat kabeh, ananging kang wajib kaimanake amung Ingsun.
Mungguh wewisikane kang wis waskita iku, manawa durung bisa anampani ing
panggalih, prayoga amarsudi ing surasane pangimpuning para wewejangan
kabeh, kaya kang kasebut ana Warahing Hidayat Jati mangkene.
Sajatining Dzat Kang Amaha Suci iku asifat Esa, dibasakake Dzat mutlak kadim
azali abadi, tegese asifat sawiji, kang amasti dingin dewe nalika isih
awang0uwung salawase ing kahanan kita, iya iku jueneng pribadi, ana
sajroning nukat gaib kang keluwih langgeng, ing kono amedarake kurat iradate
dadi pitung kahanan, minangka warnaning Dzat, dadi wahananing sifat, asma
afngal kabeh, ing ngisor iki babare sawiji-wiji.
1. Chayu, tegese urip, dumunung sajabaning Dzat.
2. Nur, tegese, cahya, dumunung sajabaning Dzat.
3. Sir, tegese rahsa, dumunung sajabaning cahya.
4. Roh, tegese nyawa, diarani sukma, dumunung sajabaning rahsa.
5. Napsu, tegese angkara, dumunung sajabaning sukma.
6. Akal, tegese budi, dumuning sajabaning napsu.
7. Jasad, tegese badan, dumunung sajabaning budi.
Denen Chayu, iku kang kapasrahan pangawasaning Dzat, kinarsakake anguripi
kahananing cahya, rahsa, sukma, napsu, budi, badan kabeh, sumarambah
saka ing wiwitan tumeka ing wekasan, mungguh wewijangane kaya ing ngisor
iki.
1. Ing nalika kayu anguripi kahananing cahya, sumarambah ing netra ing netra,
wahanane dadi bisa aningali iya iku paningaling Dzat angagem ing netra kita.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

31

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
2. Ing nalika kayu anguripi kahananing rahsa, sumarambah ing grana,
wahanane dadi bisa angganda, iya iku panggandaning Dzat angagem ing grana
kita.
3. Ing nalika kayu anguripi kahananing suksma, sumarambah ing lidah,
wahanane dadi bisa angandika, iya iku pangandukaning Dzat angagem lesan
kita.
4. Ing nalika kayu anguripi kahananing napsu, sumarambah ing talingan,
wahanane dadi bisa amiyarsa, iya iku pamiyarsaning Dzat angagem ing karna
kita.
5. Ing nalika kayu anguripi kahananing budi, sumarambah ing ati, wahanane
dadi bisa birahi anduweni karsa, iya iku karsaning Dzat angagem ing ati kita.
6. Ing nalika kayu anguripi kahananing jasad, sumarambah ing getih,
wahanane dadi bisa ambekan, banjur anuwuhake wulu kuku sapadene, iya iku
afngaling Dzat angagem ing saulah kita, saestu ora beda ing nalika
amratandani agngal sajroning alam, banjur bisa amolahake srengenge
rembulan angin sapanunggalane, saisen-isening alam kabeh , pada dumunung
ana ing purba wisesaning Dzat kaya kang kasebut ing ngisor iki :
a. Dzat amurba Kayu, tegese Dzat iku witing urip.
b. Kayu amisesa Nur, tegese urip iku amengku wahyaning cahya.
c. Nur kang misesa Sir, tegese cahya iku amengku uriping suksma.
d. Sir amisesa Roh, tegese rahsa iku amengku uriping suksma.
e. Roh amisesa Napsu, tegese suksma iku amengku uriping napsu.
f. Napsu amisesa Akal, tegese napsu iku amengku uriping budi.
g. Akal amisesa jasad, tegese budi iku amengku uriping jasad. Mungguh baline
mangkene.
Jasad kawisesa dening budi, budi kawisesa dening napsu, napsu kawisesa
dening suksma, suksma kawisesa dening rahsa, rahsa kaisesa dening cahya,
cahya kaiwisesa dening urip, urip kapurba Dzat, mulane wahananing urip iku
tanpa wangenan karo ananing Dzat, iya urip kita iku Dzating Gusti Kang Amaha
Suci Sajati, aja uwas sumelang ing galih.
PATRAPE MANEKUNG (SEMADI)
PATRAPE MANEKUNG SAKA WASIYAT DALEM
KANJENG PANEMBAHAN SENAPATI INGALAGA
Dene santosaning pangesti kayektekake kang dadi tandane, iku Manawa
pinesu ing sajroning manekung anungka semadi aneges karsa, amrsudi
kawasa, adapt kang wis kalakon, ana mangunah teka kagawa ing utusan metu
saka sarira kita kang amaha mulya, amawa tanda katon saka pramana karasa
ing dalem rahsa, ing kono Manawa katarima kang cinipta dadi, kang sinedya
ana, kang kinarsan teka saka parmaning Kang Kawasa, mungguh pratikele
Manawa arep manekung saka wsiyate Kanjeng Panembahan Senapati
Ingalaga Mataram, kaya ing ngisor iki.
Wiwit angurangi dahar sare, anyegah sahwat ambirat napsu hawa ing sawatara
dina, banjur pasa anglowong sarta ambisu ing dalem telung dina telung bengi,
ora kena angemu sak serik duka cipta, Manawa pasane wis kari sawengi ora
kena sare, bareng ing wayah tengah wengi adus banjur manganggo kang
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

32

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
sarwa suci, sarta akekonyoh (damel) ganda wida jebab wangi (minyak wangi),
adedupa madep mangetan utawa mangulon angarepake keblate dewe, tumeka
ing wayah bangun esuk iku wiwit tafakur mati raga nutupi babahan nawasanga,
patrape pitekur, jempol sikil ketemokake pada jempol sikil dipapak, polok
katemukake pada polok di gatuk, jengku katemokake pada jengku dirapet,
palanangan sapalandungane sinipat karo jempol sikil dibener aja nganti
katindihan, nuli asta karo angrangkul jengku patrap sidakep suku tunggal,
darijining asta pada antuk ing selaning dariji kaya angapu rancang, jempol asta
banjur winawas karo pucuking grana, nuli anata wetuning napas tanapas anpas
nupus, aja nganti tumpang suh kumpule dadi siwiji, ing kono tinarik saka kiwa
tumeka ing puser leren saantara suwene banjur katurunake anengen metu ing
leng grana tengen kang alon aja nganti kasusu. Manawa wis sareh anarik
napas maneh saka tengen tumeka ing puser leren saantara suwene banjur
katurunake angiwa metu ing leng grana kiwa kang alon aja nganti kasusu,
ambal kaping telu kaya mangkono panariking napas, wekasane manawa sareh
anarik napas maneh saka kiwa mubeng anengen, saka tengen mubeng angiwa,
kakumpulake dadi sawiji ana ing puser, banjur katarik manduwur bener kang
sareh, leren tinata ana ing dada, banjur katarik manduwur maneh kang alonalon, leren tinata ana ing sirah, ing kono angenengake cipta sarwi osik
matrapake panjenenganing Dzat kaya mangkene :
"Ingsung Tajalining Dzat Kang Amaha Suci, Kang Amurba Amisesa kang
Kawasa angandika kun fayakun, dadi saciptaningsun, ana sasedyaningsun,
teka sakarsaningsun, .................. anung.............. metu saka ing kudratingsun".
Manawa wis mangkono, adat pada sanalika bae kayektenan kang dadi
tandane, nuli panariking napas katurunake metu ing leng grana karo pisan kang
alon aja nganti kasusu, ing wekasan pasrah analangsa marang Dzat kita dewe.
Mungguh patraping panekungan iku prayogane bisaa kalakon ing saben sasi
sapisan, arane amung saben ing dina ijabah bae aja nganti katowangan
(kelalen), sabab ing kono waktuning katarima saliring panuwun, kaya kang
kasebut kapratelakake ing ngisor iki.
1. Sasi Muharram, ijabahe tanggal kaping 9, karo tanggal kaping 10.
2. Sasi Mulud, ijabahe tanggal kaping 12.
3. Sasi Rejeb, ijabahe tanggal kaping 27.
4. Sasi Ruwah ijabahe tanggal kaping 15.
5. Sasi Pasa, ijabahe tanggal kaping 21, 23, 25, 27 utawa tanggal kaping 29.
6. Sasi Besar, ijabahe tanggal kaping 8 utawa tanggal kaping 9.
Liyane dina-dina ing duwur iku pada sepen tanpa dina ijabah.
URUT-URUTING ARANE WAHANANING DZAT
Ing mengko amratelakake urut-urutaning namane Wahananing Dzat kang wis
kasebut ing ngarep kabeh mau kaya ing ngisor iki.
CHAYU
Kang dinging Chayu tegese urip, diarani Chayun tegese panguripan, diarani
maneh Chayat tegese anguripi, diarani maneh Chayu Daim tegese urip kang
tetep, ananging sejatine iya among sawiji Chayu iku.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

33

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

NUR
Kang kapindo Nur tegese Cahya, iku sejatine iya amung sawiji, ananging
dinamani dadi limang pasebutan.
1. Nur Riyat tegese cahya samar, warnane ireng.
2. Nur Rani tegese cahyo loro, iya iku cahya kapindo, warnane abang.
3. Nur Mahdi tegese cahya sumirat, warnane kuning.
4. Nur Nubuwat tegese cahya kang santosa, warnane ijo.
5. Nur Muhammad tegese cahya kang pinuji, warnane putih
Mungguh grebane kabeh iku, kasebut Nurullah tegese cahyaning Allah.
SIR
Kang kaping telu Sir tegese rahsa, iku sejatine iya amung siwiji, ananging
dinamani dadi nem pasebutan.
1. Sir Ibtadi tegese rahsa purba, iya iku dadi wahyaning asmaranala.
2. Sir Kahiri tegese rahsa wisesa, iya iku dadi wahyaning asmaratura.
3. Sir Kamali tegese rahsa sampurna, iya iku dadi wahyaning asmaraturida.
4. Sir Ngaji tegese rahsa mulya, iya iku dadi wahyaning asmaradana.
5. Sir Hakiki tegese rahsa sajati, iya iku dadi wahyaning asmaratantra.
6. Sir Wahdi tegese rahsa tunggal, dinamani Sir Gaibi tegese rahsa gaib, iya
iku dadi wahyaning asmaragama.
Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Sirullah tegese rahsaning Allah.
ROH
Kang kaping pat Roh tegese nyawa utama suksma, iku sajatine iya amung
sawiji, ananging dinamani dadi pitung pasebutan.
1. Roh Jasmani tegese nyawaning jasad, iya iku wewayanganing nyawa kang
anguripake anggaotaning badan, dingibaratake roh kewani tegese
kaupamakake nyawa kang anguripi sato kewa.
2. Roh Nabati tegese nyawaning tumuwuh, iya iku wewanyanganing nyawa
kang anuwuhake wulu kuku sapanunggalane, tumanem dadi uriping budi.
3. Roh Napsani tegese nyawaning napsu, iya iku wewayanganing nyawa kang
anguripake hawananing napsu.
4. Roh Rochani tegese nyawaning suksma, iya iku wewayangananing nyawa
kang anguripake warananing suksma.
5. Roh Rahmani tegese nyawaning kang sifat murah diarani Roh Rabani
tegese nyawaning Pangeran, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake
kahananing rahsa.
6. Roh Nurani tegese nyawaning cahya, iya iku wewayanganing nyawa kang
anguripake wahananing cahya.
7. Roh Idlafi tegese nyawa kang wening diarani Roh Kudus tegese nyawa
kang suci, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake ananing atma.
Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Rachullah tegese nyawaning Allah.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

34

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Dene terange wewejanganing Roh iku manawa karujukake karo wsiyate
Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung, nalika musawaratan ngelmu
kadawuhake marang Kyai Pangulu Ahmad Kategan, mangkene pangandika
dalem.
Sejatine Roh iku sawiji minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa utawa
jiwa kasebut aran suksma, prabedane pada amawa tanda sowang-sowang.
1. Tandaning Roh iku anganakake getih.
2. Tandaning Nyawa anganakake keketek.
3. Tandaning Jiwa anganakake napas.
4. Tandaning Suksma anganakake rasaning jasad.
Ananging Suksma iku ana pepangkatane dadi pitung warna, iki sawiji-wijine.
1. Patemone jasad lan napas iku den arani Suksma Wahya tegese suksma
lair.
2. Patemoning napas lan budi iku den arani Suksma Dyatmika tegese suksma
batin.
3. Patemoning budi lan napsu iku den arani Suksma Lana tegese suksma
tetep.
4. Patemoning napsu lan nyawa iku den arani Suksma Mulya tegese suksma
mulus.
5. Patemoning nyawa lan rahsa iku den arani Suksma Jati tegese suksma
nyata, den arani maneh Suksma Rasa tegese suksma rahsa.
6. Patemoning rahsa lan cahya iku den arani Suksma Wisesa tegese suksma
wenang.
7. Patemoning cahya lan urip iku den arani Suksma Kawekas tegese suksma
pungkasan.
Dene patemoning Suksma kabeh iku dadi Suksma Adi Luwih tegese suksma
utama, yen kumpul dadi Retna Inten Jumanten, iku ngibarating martabat
Wachidiyat, campur dadi Sasraludira, iku ngibarating martabat Wahdat,
sampurna dadi Sotyaludira, iku ngibarating martabat Achadiyat, waluya dadi
Manik Maya gumilang tanpa wewayangan tegese bali dadi Dzating nukat gaib,
mulih marang azali abadi.
NAPSU
Kang kaping lima Napsu tegese angkara, iku sajatine iya mung sawiji, ananging
dinamani dadi patang pasebutan.
1. Napsu Luwamah tegese angangsa, darbe hawa amarakake dahaga arip
luwe sapanunggalane, hawane ing waduk, wahyane saka lesan kasebut
dadi ngibarat kahananing ati kang asorot ireng, sampurnane anarik leburing
wulu kuku.
2. Napsu Amarah tegese sereng, darbe hawa amarakake angkara, panasten
deduka sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna
(kuping) kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot abang,
sampurnane anarik leburing kulit getih.
3. Napsu Sufiyah tegese meles, dinamani napsu Suwiyah tegese adreng,
darbe hawa amarakake murka, pepinginan pakareman kabungahan
sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane saka netra kasebut dadi
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

35

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
ngibarat kahananing ati kang asorot kuning, sampurnane anarik leburing
daging otot.
4. Napsu Mutmainah tegese jinem, darbe hawa amarakake loba, iya iku loba
marang kautaman, kaya ta anglakoni puja brata tapa brata kang kalantur-lantur
ora mawa watara, wahanane ing bebalung wahyane saka grana (irung) kasebut
dadi ngibarat kahananing ati kang asorot putih, sampurnane anarik leburing
balung sungsum.
Dene manawa kapatitisake witing napsu iku saka utek, dumunung ing ati dadi
cipta, dumunung ing jantung dadi birahi, wetune saka jantung banjur dadi
nupus, katampan ing ati maneh banjur dadi anpas, anunggal lakunimng getih
banjur dadi tanapas, agambah marang maras banjur dadi napas, sumarambah
ing jasad banjur ametokake swara saka lesan, mula sangkaning cipta birahi,
nupus, anpas, tanapas, napas, swara, iku pada metu saka hawaning napsu
kabeh.
AKAL
Kang kaping nem Akal tegese budi, iku sajatine iya amung sawiji, ananging
dinamani dadi limang pasebutan, manawa kaetung dalah kang arangkep nama
dadi pitung pasebutan, pada anartani marang ngibarat namaning ati,
kadadiyane anunggal pasebutan.
1. Budi Maknawi, iya ati manakwi tegese wahyaning budi.
2. Budi Sanubari, iya ati sanubari tegese wahananing budi.
3. Budi Suweda, iya ati suweda tegese woding ati, dadi ngibarat kahananing
budi.
4. Budi Pu-at, iya ati pu-at tegese woting jajantung, dinamani budi jaki utawa
ati jaki tegese ati suci dadi ngibarat pramananing budi.
5. Budi Siri, iya ati siri tegese rahsaning ati, dinamani budi safi utawa ati safi
tegese ati wening dadi ngibarat pangrasaning budi.
Dene manawa kapatitisake pakartining budi iku diarani pancadriya, tegese ati
lima, iya iku pangawasa kang metu saka rahsaning budi, peperangane dadi
telung pangkat pada anglimang pakarti.
1. Diarani Karmendriya tegese purbaning budi, kayata : paningal, pamiyarsa,
pangganda, pamirasa, pangrasa.
2. Diarani Antarendriya tegese antaraning budi kayata : keketek, napas,
kedeping netra, rasaning lidah, kenyaming lambe.
3. Diarani Jayanendriya tegese wisesaning budi, kayata : karasaning kulit,
parji, dubur, asta, sikil.
JASAD
Kang kaping pitu Jasad tegese badan, iku sajatine iya mung sawiji, ananging
dinamani dadi rong pasebutan.
1. Jasad Turab tegese badan kadadiyan saka lebu, dibasakake badan jasmani
iya iku badan wadag.
2. Jasad Latip tegese badan alus, dibasakake badan rochani iya iku badan
suksma.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

36

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Mungguh janjine badan wadag karo badan alus iku ora kena pisah, sangkan
parane anunggal kahanan sajati, upama satu munggwing rimbagan, ananging
wewangsulan ing tembe badan wadag iku luluh sampurna ana sajroning badan
alus, kalimputan dening Chayu Daim tegese urip kang tetep dumunung ing
kahanan kita pribadi, mula dipralambangi : warangka manjing curiga tegese
badan wadag dumunung sajroning badan alus, nalika badan wadag isih dadi
emban, lambange : curiga manjing warangka tegese badan alus isih dumunung
sajroning badan wadag.
PRATIKELE ANGLULUH ING BADAN WADAG
Dene pratikele angluluh badan wadag mau, saka wsiyat dalem Ingkang
Sinuhun Kanjeng Susunan Pakubuwana I, kena kalanteh anglakoni tapa brata
kaya ing ngisor iki.
1. Asesuci tegese taberi adus esuk.
2. Angengurangi dahar tegese dahara manawa banget luwe.
3. Angengurangi ngunjuk tegese angunjuka manawa banget kasatan.
4. Angengurangi sare tegese sareya manawa banget karipan.
5. Angarang-arangi pangandika tegese angandika manawa nganggo masa
kala.
6. Anguda-uda sahwat tegese asahwata karo garwa manawa banget kangen.
7. Ambirat napsu tegese aja nganti angumbar hawa, angagema budi trima, lila,
temen, utama.
Manawa wis bisa kalakon mangkono, angger ora kawistara, sarta dumunung
ing asepen iya wallahu alam katarimane.
Dene manawa arep waskita dununging asepen, iku, sakaliring rupa kita
kapasrahena marang kang adarbe rupa sakaliring swara kita kaulihena marang
kang adarbe swara, paninggal kita, pamiyarsa kita, panganda kita pangrasa
kita, pamirasa kita, pada kabalekena marang sangkane dewe-dewe.
Mungguh patrape anyidakake eninging rahsa, angawasake enenging
pancadriya, tegese anglerenake saniskaraning ngaurip kabeh, manawa wis
bisa mangkono, iya iku bebasan lungguh sarwa lumaku, lumaku karo andeprok,
lumayu sarwa alinggih, ambisu karo carita, lunga sarwa aturu, turu karo amelek
kaya mangkono ngibarate.
URUT-URUTING ARANE WAHANANING DZAT
Ing mengko amratelakake urut-urutaning namane Wahananing Dzat kang wis
kasebut ing ngarep kabeh mau kaya ing ngisor iki.
CHAYU
Kang dinging Chayu tegese urip, diarani Chayun tegese panguripan, diarani
maneh Chayat tegese anguripi, diarani maneh Chayu Daim tegese urip kang
tetep, ananging sejatine iya among sawiji Chayu iku.
NUR
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

37

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

Kang kapindo Nur tegese Cahya, iku sejatine iya amung sawiji, ananging
dinamani dadi limang pasebutan.
1. Nur Riyat tegese cahya samar, warnane ireng.
2. Nur Rani tegese cahyo loro, iya iku cahya kapindo, warnane abang.
3. Nur Mahdi tegese cahya sumirat, warnane kuning.
4. Nur Nubuwat tegese cahya kang santosa, warnane ijo.
5. Nur Muhammad tegese cahya kang pinuji, warnane putih
Mungguh grebane kabeh iku, kasebut Nurullah tegese cahyaning Allah.
SIR
Kang kaping telu Sir tegese rahsa, iku sejatine iya amung siwiji, ananging
dinamani dadi nem pasebutan.
1. Sir Ibtadi tegese rahsa purba, iya iku dadi wahyaning asmaranala.
2. Sir Kahiri tegese rahsa wisesa, iya iku dadi wahyaning asmaratura.
3. Sir Kamali tegese rahsa sampurna, iya iku dadi wahyaning asmaraturida.
4. Sir Ngaji tegese rahsa mulya, iya iku dadi wahyaning asmaradana.
5. Sir Hakiki tegese rahsa sajati, iya iku dadi wahyaning asmaratantra.
6. Sir Wahdi tegese rahsa tunggal, dinamani Sir Gaibi tegese rahsa gaib, iya
iku dadi wahyaning asmaragama.
Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Sirullah tegese rahsaning Allah.
ROH
Kang kaping pat Roh tegese nyawa utama suksma, iku sajatine iya amung
sawiji, ananging dinamani dadi pitung pasebutan.
1. Roh Jasmani tegese nyawaning jasad, iya iku wewayanganing nyawa kang
anguripake anggaotaning badan, dingibaratake roh kewani tegese
kaupamakake nyawa kang anguripi sato kewa.
2. Roh Nabati tegese nyawaning tumuwuh, iya iku wewanyanganing nyawa
kang anuwuhake wulu kuku sapanunggalane, tumanem dadi uriping budi.
3. Roh Napsani tegese nyawaning napsu, iya iku wewayanganing nyawa kang
anguripake hawananing napsu.
4. Roh Rochani tegese nyawaning suksma, iya iku wewayangananing nyawa
kang anguripake warananing suksma.
5. Roh Rahmani tegese nyawaning kang sifat murah diarani Roh Rabani
tegese nyawaning Pangeran, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake
kahananing rahsa.
6. Roh Nurani tegese nyawaning cahya, iya iku wewayanganing nyawa kang
anguripake wahananing cahya.
7. Roh Idlafi tegese nyawa kang wening diarani Roh Kudus tegese nyawa
kang suci, iya iku wewayanganing nyawa kang anguripake ananing atma.
Mungguh grebone kabeh iku kasebut nama Rachullah tegese nyawaning Allah.
Dene terange wewejanganing Roh iku manawa karujukake karo wsiyate
Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung, nalika musawaratan ngelmu

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

38

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
kadawuhake marang Kyai Pangulu Ahmad Kategan, mangkene pangandika
dalem.
Sejatine Roh iku sawiji minangka kahananing rahsa, binasakake nyawa utawa
jiwa kasebut aran suksma, prabedane pada amawa tanda sowang-sowang.
1. Tandaning Roh iku anganakake getih.
2. Tandaning Nyawa anganakake keketek.
3. Tandaning Jiwa anganakake napas.
4. Tandaning Suksma anganakake rasaning jasad.
Ananging Suksma iku ana pepangkatane dadi pitung warna, iki sawiji-wijine.
1. Patemone jasad lan napas iku den arani Suksma Wahya tegese suksma
lair.
2. Patemoning napas lan budi iku den arani Suksma Dyatmika tegese suksma
batin.
3. Patemoning budi lan napsu iku den arani Suksma Lana tegese suksma
tetep.
4. Patemoning napsu lan nyawa iku den arani Suksma Mulya tegese suksma
mulus.
5. Patemoning nyawa lan rahsa iku den arani Suksma Jati tegese suksma
nyata, den arani maneh Suksma Rasa tegese suksma rahsa.
6. Patemoning rahsa lan cahya iku den arani Suksma Wisesa tegese suksma
wenang.
7. Patemoning cahya lan urip iku den arani Suksma Kawekas tegese suksma
pungkasan.
Dene patemoning Suksma kabeh iku dadi Suksma Adi Luwih tegese suksma
utama, yen kumpul dadi Retna Inten Jumanten, iku ngibarating martabat
Wachidiyat, campur dadi Sasraludira, iku ngibarating martabat Wahdat,
sampurna dadi Sotyaludira, iku ngibarating martabat Achadiyat, waluya dadi
Manik Maya gumilang tanpa wewayangan tegese bali dadi Dzating nukat gaib,
mulih marang azali abadi.

NAPSU
Kang kaping lima Napsu tegese angkara, iku sajatine iya mung sawiji, ananging
dinamani dadi patang pasebutan.
1. Napsu Luwamah tegese angangsa, darbe hawa amarakake dahaga arip
luwe sapanunggalane, hawane ing waduk, wahyane saka lesan kasebut
dadi ngibarat kahananing ati kang asorot ireng, sampurnane anarik leburing
wulu kuku.
2. Napsu Amarah tegese sereng, darbe hawa amarakake angkara, panasten
deduka sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna
(kuping) kasebut dadi ngibarat kahananing ati kang asorot abang,
sampurnane anarik leburing kulit getih.
3. Napsu Sufiyah tegese meles, dinamani napsu Suwiyah tegese adreng,
darbe hawa amarakake murka, pepinginan pakareman kabungahan
sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane saka netra kasebut dadi
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

39

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
ngibarat kahananing ati kang asorot kuning, sampurnane anarik leburing
daging otot.
4. Napsu Mutmainah tegese jinem, darbe hawa amarakake loba, iya iku loba
marang kautaman, kaya ta anglakoni puja brata tapa brata kang kalantur-lantur
ora mawa watara, wahanane ing bebalung wahyane saka grana (irung) kasebut
dadi ngibarat kahananing ati kang asorot putih, sampurnane anarik leburing
balung sungsum.
Dene manawa kapatitisake witing napsu iku saka utek, dumunung ing ati dadi
cipta, dumunung ing jantung dadi birahi, wetune saka jantung banjur dadi
nupus, katampan ing ati maneh banjur dadi anpas, anunggal lakunimng getih
banjur dadi tanapas, agambah marang maras banjur dadi napas, sumarambah
ing jasad banjur ametokake swara saka lesan, mula sangkaning cipta birahi,
nupus, anpas, tanapas, napas, swara, iku pada metu saka hawaning napsu
kabeh.
AKAL
Kang kaping nem Akal tegese budi, iku sajatine iya amung sawiji, ananging
dinamani dadi limang pasebutan, manawa kaetung dalah kang arangkep nama
dadi pitung pasebutan, pada anartani marang ngibarat namaning ati,
kadadiyane anunggal pasebutan.
1. Budi Maknawi, iya ati manakwi tegese wahyaning budi.
2. Budi Sanubari, iya ati sanubari tegese wahananing budi.
3. Budi Suweda, iya ati suweda tegese woding ati, dadi ngibarat kahananing
budi.
4. Budi Pu-at, iya ati pu-at tegese woting jajantung, dinamani budi jaki utawa
ati jaki tegese ati suci dadi ngibarat pramananing budi.
5. Budi Siri, iya ati siri tegese rahsaning ati, dinamani budi safi utawa ati safi
tegese ati wening dadi ngibarat pangrasaning budi.
Dene manawa kapatitisake pakartining budi iku diarani pancadriya, tegese ati
lima, iya iku pangawasa kang metu saka rahsaning budi, peperangane dadi
telung pangkat pada anglimang pakarti.
1. Diarani Karmendriya tegese purbaning budi, kayata : paningal, pamiyarsa,
pangganda, pamirasa, pangrasa.
2. Diarani Antarendriya tegese antaraning budi kayata : keketek, napas,
kedeping netra, rasaning lidah, kenyaming lambe.
3. Diarani Jayanendriya tegese wisesaning budi, kayata : karasaning kulit,
parji, dubur, asta, sikil.
JASAD
Kang kaping pitu Jasad tegese badan, iku sajatine iya mung sawiji, ananging
dinamani dadi rong pasebutan.
1. Jasad Turab tegese badan kadadiyan saka lebu, dibasakake badan jasmani
iya iku badan wadag.
2. Jasad Latip tegese badan alus, dibasakake badan rochani iya iku badan
suksma.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

40

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Mungguh janjine badan wadag karo badan alus iku ora kena pisah, sangkan
parane anunggal kahanan sajati, upama satu munggwing rimbagan, ananging
wewangsulan ing tembe badan wadag iku luluh sampurna ana sajroning badan
alus, kalimputan dening Chayu Daim tegese urip kang tetep dumunung ing
kahanan kita pribadi, mula dipralambangi : warangka manjing curiga tegese
badan wadag dumunung sajroning badan alus, nalika badan wadag isih dadi
emban, lambange : curiga manjing warangka tegese badan alus isih dumunung
sajroning badan wadag.
PRATIKELE ANGLULUH ING BADAN WADAG
Dene pratikele angluluh badan wadag mau, saka wsiyat dalem Ingkang
Sinuhun Kanjeng Susunan Pakubuwana I, kena kalanteh anglakoni tapa brata
kaya ing ngisor iki.
1. Asesuci tegese taberi adus esuk.
2. Angengurangi dahar tegese dahara manawa banget luwe.
3. Angengurangi ngunjuk tegese angunjuka manawa banget kasatan.
4. Angengurangi sare tegese sareya manawa banget karipan.
5. Angarang-arangi pangandika tegese angandika manawa nganggo masa
kala.
6. Anguda-uda sahwat tegese asahwata karo garwa manawa banget kangen.
7. Ambirat napsu tegese aja nganti angumbar hawa, angagema budi trima, lila,
temen, utama.
Manawa wis bisa kalakon mangkono, angger ora kawistara, sarta dumunung
ing asepen iya wallahu alam katarimane.
Dene manawa arep waskita dununging asepen, iku, sakaliring rupa kita
kapasrahena marang kang adarbe rupa sakaliring swara kita kaulihena marang
kang adarbe swara, paninggal kita, pamiyarsa kita, panganda kita pangrasa
kita, pamirasa kita, pada kabalekena marang sangkane dewe-dewe.
Mungguh patrape anyidakake eninging rahsa, angawasake enenging
pancadriya, tegese anglerenake saniskaraning ngaurip kabeh, manawa wis
bisa mangkono, iya iku bebasan lungguh sarwa lumaku, lumaku karo andeprok,
lumayu sarwa alinggih, ambisu karo carita, lunga sarwa aturu, turu karo amelek
kaya mangkono ngibarate.
DERAH WAHANANING DZAT
Ing ngisor iki amratelakake urut-urutane Wahananing Dzat kabeh.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

41
1

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

Dzat mutlak kang kadim azali abadi.


1. Chayu, tegese urip, kasebut atma.
2. Nur, tegese cahya, kasebut pranawa.
3. Sir, tegese rahsa, kasebut pramana.
4. Roh, tegese nyawa, kasebut sukma.
5. Napsu, tegese angkara.
6. Akal, tegese budi.
7. Jasad, tegese badan.
Dene Dzat iku tanpa tuduhan, amung dumunung ana rambahi ana sajroning
urip kita, ananging akeh kang pada katambuhan, awit dening binasakake ora
mawa jaman makam, tegese ora arah ora enggon, akanta tanpa warna tanpa
rupa , asifat elok dudu lanang dudu wadon dudu wandu, dipralambangi :
Kombang angajap ing tawang, tegese : kombang angleng ana ing awangawang, mula ing dalem martabat kasebut : la takyun, saka durung sanyata ing
kahanan.
Dene Cahyu iku minangka tajalining Dzat, awit kasorotan saka purbaning Dzat
sejati, dipralambangi : Kusuma anjarah ing tawang, tegese : kembang tuwuh
ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : takyun awal, dening
wiwit sanyata ing kahanane.
Dene Nur iku minangka tajalining Chayu, iya iku dadi sesandaning urip, awit
kasorotan saka wisesaning atma sajati, dipralambangi : Tunjung tanpa
talaga, tegese : kembang terate urip ora mawa banyu, mula ing dalem
martabat kasebut : takyun sani, dening wis sanyata kahanane.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

42

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Dene Sir iku minangka tajalining Nur, awit kasorotan saka wisesaning pramana
sajati, dipralambangi : Isining wuluh wungwang, tegese : ora kawistara isenisening wuluh wungwang iku,mula ing dalem martabat kasebut : akyan
sabitah, dening sanyata tetep ing kahanane.
Dene Roh iku minangka tajalining Sir, awit kasorotan saka wisesaning pramana
sajati, dipralambangi : Tapaking Kuntul anglayang, tegese : ora mawa labet
tapaking manuk kuntul anglayang iku, mula ing dalem martabat kasebut :
akyan kajariyah, dening sanyata metu ing kahanane.
Dene Napsu iku minangka tajalining Roh, awit kasorotan saka wisesaning
sukma sajati, dipralambangi : Geni murub ing teleng samudra, tegese :
kaelokan urubing geni ana sajroning banyu iku, mula ing dalem martabat
kasebut : akyan mukawiyah, dening sanyata urip ing kahanane.
Dene Budi iku minangka tajalining Napsu, awit kasorotan saka wisesaning
angkara sajati, dipralambangi : Kuda ngerap ing pandengan, tegese : jaran
anyander isih kinarung ana sajroning jajaran dadi upacara, surasane pada karo
pralambang : lumpuh angideri jagad, mula ing dalem martabat kasebut : akyan
maknawiyah, dening sanyata kawedar ing kahanane.
Dene Jasad iku minangka tajaline Wahananing sifat, dadi embane para mudah
kang wis kasebut ing ngarep mau, awit kalimputan dening pakumpulaning
sorot, pada sumarambah amaratani salir anggaotaning badan jasmani kabeh,
mula manawa isih jamaning sifat, dipralambangi : Kodok kinemulan ing
leng, tegese : kodok iku ngibarating mudah kang ana sajroning jasad, eleng
ing ngibarating jasad sajabaning mudah, iya iku kahaning Dzating Gusti isih
kalimputan dening sifating kawula, dene manawajamaning Dzat ing delahan,
dipralambangi : Kodok angemuli ing leng, tegese : jasad genti dumunung
ana ing jero, iya iku kahanane sifating kawula wis kalimputan dening Dzating
Gusti, dadi pada tarik-tinarik, tetep-tinetepan, kaya ing ngisor iki dasare.

DERAH KAHANANING DZAT ING DUNYA


LAN ING DELAHAN (ACHIRAT)

Kodok kinemulan ing Leng

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

Kodok angemuli ing Leng

43

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

Kahanane ing Dunya

Kahanane ing Achirat

DZATING GUSTI KANG NGUWASANI


ING ATASE TURU TANGI LAN PATINING JSAD KITA
Balik mungguh Dzating Gusti iku kaceke karo kawula dening adarbeni
pangawasa, wenang ambabar prabawa sarta anarik wedaring gelar kukudan.
Kaya upamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi,
pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening
wisesaning suksma, rerem sajroning Bait al makmur, banjur amuntu ing
wiwaraning pramana, anglerep saniskaraning pancadriya, mangka kaprabawa
dening pangawasaning suksma anggelar pangrasa, wahanane dadi turu
kahananing jasad kita, ing kono saka pangrasa katonton alaming ngimpi,
kalaksanan saliring saloh bawa kabeh.
Manawa pangawasaning suksma wis ambabar pancadriya sarta ambabar
wiwaraning pramana, banjur angredakake hawaning napsu, anuwuhake
pangrasaning budi nganti sumarambah ing jasad kabeh, ing kono wahanane
dadi tangi kahananing jasad kita, banjur weruh maneh marang saniskara kang
katon ing alam dunya, mula dipralambangi : anenun senteg pisan anigasi
tegese : lagi sadela ing paningaling alam ngimpi banjur bisa weruh kang
katonton ing alam dunya maneh.
Kaya mangkono uga umpamane manawa karkating jasad katarik ing
pangrasaning budi, pangrasaning bbudi kairup ing hawaning napsu, hawaning
napsu kasirep dening wisesaning suksma, wisesaning suksma kakukud marang
pangawasaning rahsa, banjur luluh manjing ing dalem pranawaning cahya,
anunggal karo purbaning atma, mulih dadi sajatining Dzat mutlak kang kadin
azali abadi, ing kono wahanane diarani matri kahananing jasad kita, ananging
satemene ora mati, amung ngalih panggonan bae, malah waluya uripe
langgeng ana ing kahanan kang maha mulya, mula dipralambangi : tanggal

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

44

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
pisan kapurnaman tegese : durung suwe tumitah ana ing alam dunya, banjur
bisa bali maneh dadi manungsa kang sampurna sarta waskita ing saniskara.
DZATING GUSTI KANG NGUWASANI
ING ATASE TURU TANGI LANG PATINING JASAD KITA.
Balik mungguh Dzating Gusti ku laceke karo kawula dening anderbeni
panguwasa wenang ambabar prabawa sarta anarik wedaring gelar kukudan.
Kaya umpamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi,
pangarsaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening
wisesaning sukma rerem sajroning Bait al mukmur, banjur amuntu, ing
wiwaraning pramana, angelerep saniskaraning pancadriya, mangka kaprabawa
dening pangawasaning sukma anggelar pangrasa, wahanane dadi turu
kahananing jasad kita, ing kono saka pangrasa katonton alaming ngimpi,
kalaksanan saliring solah bawa-kabeh.
Manawa pangawasaning sukma wis amababar pancadriya sarta amababar
wiwaraning pramana, banjur angrebdakake hawaning napsu, anuwuhake
pangrasaning budi nganti sumarambah ing jasad kabeh, ing kono wahanane
dadi tangi kahananing jasad kita, banjur weruh maneh marang saniskara kang
katon ing alam dunya, mula dipralambangi : anenun senteg pisan anigasi,
tegese : lagi sadela ing paningaling alam ngimpi banjur bisa weruh kang katon
ing alam dunya maneh.
Kaya mangkono uga upamane manawa karkating jasad katarik ing
pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning
napsu kasirep dening wisesaning sukma, wisesaning sukma kakukud marang
pangawasaning rahsa, banjur luluh maning ing dalem pranawaning cahya,
anunggal karo purbaning atma, mulih dadi sajatining Dzar mutlak kang kadim
azali abadi, ing kono wahanane diarani mati kahananing jasad kita, ananging
satemene ora mati, amung ngalih panggonan bae, malah waluya uripe
langgeng ana ing kahanan kang maha mulya, mula dipralambangi : tanggal
pisan kapurnaman, tegese : durung suwe tumitah ana ing alam dunya, banjur
bisa bali dadi manungsa kang sampurna sarta waskita ing saniskara.

PRALAMBANG PRALAMBANGING NGELMU


Ing mangke anutugake urut-urute pralambnag kabeh, ananging tegese,
sakehing para amarsudi ngelmu pada darbe panemu dewe-dewe, bener luput
amborangake ing deduga prayogane , kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.
1. Gigiring Panglu : tegese gigiring mimis, iku ibarat kaelokaning Dzat,
dening ora arah ora enggon, ing endi saestuning panggonane, sayekti
among dumunung ana Dzating urip kita.
2. Tambining Pucang : tegese ibarat kaelokane sifating Dzat, dene
binasakake dudu lanang dudu woado dudu wandu, kaya apa satemening
sifate, sayekti amung dumunung ana sifating urip kita. Ana kang angarani

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

45

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.

11.

12.

13.

14.

15.

16.

17.

18.

19.

Tambining Pucang iku leng-ing grono loro, saka pangira wau bokmanawa
kaliru ing sesurupan.
Wekasaning Langit : tegese iku ibarat wangenane soroting cahya,
sumarambah tumeka ing sifat kita.
Wekasaning Samudra Tanpa Tepi : tegese iku ibarat wangenane
pangawasing rahsa, sumarambah tumeka ing sifat kita.
Galihing Kangkung : tegese iku ibarat wahananing sukma, dumunung ing
kahananing sifat kita.
Geni Sakonang Angasatake Samudra : tegese iku ibarat hawaning
nafsu, wimbuh sajroning pancadriya kita.
Manuk Miber Angungkuli Langit : tegese iku ibarat rasaning budi, winbuh
sajroning afal kita.
Prau Amot Samudra : tegese, prau iku ibarating jasad, samudra iku
ibarating ati sapanunggalane.
Angin Katarik Ing Prau : tegese iku ibarat lakuning napas metu saka ing
jasad.
Susuhing Angin : tegese iku ibarat paleremaning napas, dumunung ing
jantung. Ana kang angarani Susuhing Anging iku rambut, saka pangira
bokmanawa kajupuk saka pamrayoga bae.
Bumi Kapetak Sajroning Lemah : tegese iku ibarating wujud kita, asal
saka ing lemah, ing tembe kapendem ing lemah, iya iku wahanane dadi
daging.
Amek Geni Adedamar : pada karo : Geni ana Sajroning Geni, utawa :
Geni Binasmi ing Geni : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing
geni tansah andadekake geni, iya iku wahanane dadi napsu.
Barat Katiyub ing Angin, pada karo : Angin Anginte Prahara : tegese
iku ibarating wujud kita, asal saka ing angin, anggung angingsep anging
ametokake angin, iya iku wahanane dadi napas.
Angangsu Pikulan Banyu, pada karo : Banyu ana Sajroning Banyu,
utawa : Banyu Kinum Ing Banyu : tegese iku ibarating wujud kita, asal
saka banyu tansah kailenan banyu, iya iku wahanane dadi getih, mula ana
kang ngarani, banyu sajroning banyu iku getih.
Srengenge Pine, surasane pada karo : Kaca Angemu Srengenge :
tegese iku ibarat cahya kasorotan ing, utawa srengenge ana sajroning
cahya, iya iku wahanane dadi pramananing netra.
Wiji Ana Sajroning Uwit, Uwit Ana Sajroning Wiji : tegese iku ibarating
kawula dumunung ana ing Gusti, Gusti dumunung ana ing kawula,
dibasakake pangleburan papan tulis.
Kakanganing Pambarep, Adining Wuragil : tegese iku ibarating
martabat Insan-Kamil, ing nalika tanajul, tiba ana wekasan dewe, bareng
tekane ing tembe dadi wiwitan, mungguh Insan-Kamil iku wahananing urip
kitapribadi.
Busana Kancana Retna ora Amboseni, sairib pada karo : Busana
Wastra Tanpa Seret : tegese iku ibarating jasad, busana kancana retna
wahanane dadi jasad ing jero, busana wastra wahanane dadi kulit.
Tugu Manik Ing Samudra : tegese iku ibarat pantenging cipta terus
marang pelenging paningal. Ana kang angarani, tugu manik iku kalam,
bokmanawa saka pangira bae.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

46

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
20. Sawanganing Samudra Retna : dadi ibarataing babularbab, tegese,
korining Pangeran, iya iku hakekate palawanganing Dzat, dumunung ana
ing babahan nawasanga sajroning jasad. Mungguh ing Kabudane,
sawanganing samudra retna, iku diarani : kori sela matangkep, dadi ibarat
melar mingkusing maras, utawa menga mingkeming lambe.
21. Samudra Winaton Kilat : dadi ibarating wot siratalmustakim, tegese dalan
kang bener, iya iku hakekate pesating atma tumeka ing chalarating Dzat.
Ana kang ngarani wot siratalmustakim iku hakekate wetuning pamicara,
iku pada pakolehe.
22. Bale Tawang Gantungan : dadi ibarating arasy kursi, tegesing arasy :
padaupan, iya iku hakekate pasewakaning Dzat, dumunung ana ing sirah
utawa jaja, tegese kursi : palenggahan, iya iku hakekate palenggahaning
Dzat, dumunung ana ing utek utawa jantung.
23. Wiji Tuwuh Ing Watu : dadi ibarating loch kalam, tegesing loch : papan,
kasebut, lochilmakful, tegese papankang rineksa, iya iku hakekate sifating
Dzat, dumunung ana ing jasad, rineksa ing malaekat Kiraman, tegesing
kalam : panyeratan, iya iku hakekate wewayanganing Dzat, dumunung
ana ing budi, tumuwuh ing angen-angen, rineksa ing malaekat Katibin.
24. Tengahing Arah : dadi ibarataing mijan, tegesing mijan : taraju, iya iku
hakekating panimbanging Dzat, dumunung ana ing paningal, pamiyarsa,
pangganda, pangrasa miwah pamiarsa.
Ing saiki amung kajujag samono bae urut-urute panunggalaning pralambang
kabeh, manawa kapratelakake ing satutuge tanpa wekasan, tur ora pati
andadekake perlu ing surasane, dene manawa ana pralambang elok kang
kagawe cangkriman, pradikane diwawasa saka ing deduga prayoga kaya ing
ngisor iki.
1.

Sawarnane kang binasakake : gede, amba, dawa, duwur, luwih,


sapanunggalane iku dadi ibarate Ananing Dzat.
2. Sawarnane kang binasakake : cilik, ciyut, cendak, endek, kurang
sapanunggalane iku dai ngibarate wahananing sifat.
Upama unen-unen : Botok Banteng winungkus ing godong asem, kabitingan ing
alu bengkong, iku pradikane : botok banteng dadi ibarat Ananing Dzat, godong
asem dadi ibarat Wahananing Sifat, alu bengkong dadi ibarat Kahananing Afal
kabeh, mungguh dununge mangkene : Ananing Dzat kita awarana Wahananing
Sifat kita, tanda ing solah bawa kita, nanging wardine kang sejati iku ora
prayoga manawa kagawe rerasanan ing akeh, kenane kawicarakake kalayan
kang wis pada tunggal ngelmu, sarta kang wis kalumuhan deduga, tegese wis
liwat tengah tuwuh, manawa kawicarakake marang kang durung darbe deduga
mundak kadinginan tuwuh, amarga durung dumunung wahananing tumuwuh,
lire kaya wirayating para sepuh, ingatase wong urip iku awit saka lair tumeka
ing sabanjure, awiyos katuwuhan iradating Dzat kaping rolas, ing dalem
satuwuhan, antara nem taun, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki. oke

TUWUHE IRADATING DZAT

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

47

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
1.

Awit saka lair tumeka 6 tahun, katuwuhan lali, tegese durung enget
(durung eling).
2. Awit umur 7 tahun tumeka 12 tahun, katuwuhan enget.
3. Awit umur 13 tumeka 18 tahun, katuwuhan budi.
4. Awit umur 19 tumeka 24 tahun, katuwuhan birahi.
5. Awit umur 25 tumeka 30 tahun, katuwuhan murka.
6. Awit umur 31 tumeka 36 tahun, katuwuhan wiweka.
7. Awit umur 37 tumeka 42 tahun, katuwuhan deduga.
8. Awit umur 43 tumeka 48 tahun, katuwuhan santosa.
9. Awit umur 49 tumeka 54 tahun, katuwuhan rumangsa.
10. Awit umur 55 tumeka 60 tahun, katuwuhan wirangi.
11. Awit umur 61 tumeka 66 tahun, katuwuhan jatmika.
12. Awit umur 67 tumeka 72 tahun, katuwuhan pepeka.
Dene luwihe saka iku adat katuwuhan lali maneh, tegese asring-asring kalalen,
mungguh pratikele supaya aja nganti katuwuhan lali maneh, iku amung
anyegaha napsu hawa, sabab sajatine kang dadi laranganing ulah ngelmu
kasampurnan iku amung napsu, adat kadunungan ati awas emut, manawa
tansah awas emut, tamtu nemu kamulyan ing sangkan paran, iku aku
anyumanggakake ing panggalih, sarehne aku durung bisa anglakoni dewe dadi
amung atur pepuji bisane kalakon oleh kamulyan. oke

TANDA BAKAL KATEKAN BANGAS (PATI)


SAWISE CEDAK DINA KIYAMAT
Ing wasanane amratelakake riwayating Hadis, manawa wis parek ing dina
Kiyamat, ing kono ana kang dadi tanda bakal katekan Bangas, tegese
utusaning Pangeran Kang Amaha Suci, andawuhake janji marang alam dunya,
awiyos warna malaekat Jabrail (Jibril) kinen amundut sepuluh pangkat, kaya
kang kasebut ing ngisor iki.
1. Amundut Barkating Bumi, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat
sudaning rupa warna.
2. Amundut Adiling Ratu, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat
owahing paningal, pamiyarsa, pamirasa.
3. Amundut Lomaning Sugih Arta, iku manawa isbating wujud kita, dadi
ibarat larading getih, mani, sapanunggalane.
4. Amundut Wiraganing Pandita, iku manawa isbating wujud kita, dadi
ibarat gingsiring budi.
5. Amundut Nastapaning Awerda, iku manawa isbating wujud kita, dadi
ibarat wimbuhing dahaganing napsu Luwamah tanda bakal lerep.
6. Amundut Sabaring Sudra, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat
wimbuh angkaraning napsu Amarah tanda bakal sirep.
7. Amundut Sihing Kadang Warga, iku manawa isbating wujud kita, dadi
ibarat wimbuh murkaning napsu Supiyah tanda bakal rerem.
8. Amundut Wiranging Pawestri, iku manawa isbating wujud kita, dadi
ibarat wimbuh lobaning napsu Mutmainah tanda bakal sidem pramanem.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

48

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
9.

Amundut Imaning Mukmin, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat
gingganging sukma.
10. Amundut Sastraning Kuran, iku manawa isbating wujud kita, dadi ibarat
sunyaning rahsa.
Manawa wis sunya rahsane, iku tanda wis kawistara ing panengeran, mungguh
dununging panengeran rong pangkate, kang sapangkat anuduhake panengeran
saka paningal kita pribadi, kaya kang wis kasebut ana sajroning Wirid kabeh,
rong pangkate, anuduhake panengeran kang kawistara ing paningal marang
liyan, pamawas kita kapratelakake ing ngisor iki.
1. Manawa kawawas wis darbe lageyan kang owah saka adate, utawa bali
kaya lageyane nalika isih bocah, iku tanda bakal alihan, tegese wis meh
katekan Bangas.
2. Manawa wis kawawas wis sunya matine, utawa ulate wis pucet,
wewayangan sajroning netra wis oncat, kedepe wis leren. Alise wis
tepung, keteke wis sepen, badan anyep wis kambu gandaning sawa, iku
kang kawawas mau tanda wis tumeka ing janji angalih marang panggonan
kang maha mulya, anunggal karo kahananing Dzat kita Kang Amaha Suci,
iku sumangga ing panampaneamung atur pamujiku kang muga-muga
bisaa anampani ing surasaning ngemu kabeh, sabab Daliling ngelmu
mangkene jarwane.
Gede-gedening doso iku wong kang ulah ngelmu makrifat, tegese , menawa
wong ulah ngelmu makrifat iku katanggungan, awit saka durung kabuka ing
pambudi, tamtu dadi dosa gede, amarga ora sumurup ing surasane.
Dene manawa kang wis terang bisa anampani kabeh iku, tamtu dai
kamulyaning sangkan paran, tegese ing awal akir ora ana sansayaning jiwa
raga, sabab kang kasebut ing Hadis, mangkene jarwane.
Sapa kang sumurup ing Pangerane, tamtu iya sumurup marang badane. Sapa
kang uninga marang badane, tamtu iya uninga ing Pangerane. Tegese kang
sumurup ing Pangerane iku, iya kang wis sumurup ing surasaning ngelmu
makrifat kabeh, tegese kang uninga marang badane iku, iya kang bisa
anguningani marang jiwa ragane dewe, aja nganti kalabetan kang dadi
bekaning ngaurip, kaya riwayating Hadis, mangkene jarwane.

BEKANING NGAURIP LAN TAPANING NGAURIP


Mungguh bekaning ngaurip iku wiyose dadi rong pangkat, kang sapangkat,
diarani bekaning jiwa, kehe limang warna.
1. Angumbar napsu hawa,
2. Ambabar suka renaning karsa,
3. Anggelar ambek angkara murka,
4. Amedar watak dora paracidra,
5. Anuruti budi pitnahpanganiaya.
Kang sapangkat maneh diarani bekaning raga, kehe iya limang warna.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

49

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
1. Ulah caroba,
2. Laku nista,
3. Tingkah degsura,
4. Sarwa kesed sungkanan,
5.
Lumah nastapa puja brata.
Wiyose riwayating Hadis iku, manawa kalebetan beka kaya kang sebut ing
duwur mau, sadat luwange asring andadekake ora widada ing uripe, mula
menawa bisa suminggah saka sakehing beka iku tamtu andadekake prayoga
lulus raharja ing uripe, luwih utama menawa bisa anglakoni kang dadi
kawajibane tapaning ngaurip sarta zakate pisan, kaya ing ngisor iki pratelane.
1. Badan, tapane patrap anor anuraga, zakate taberi ulah pengaweyan
becik.
2. Ati utawa Budi, tapane anarima, zakate sepen saka pangira ala.
3. Napsu, tapane rila, zakate sabar ing coba bilahi sarta angapura ing
kaluputan.
4. Nyawa, tapane temen, zakate ora dahwen munasika.
5. Rahsa, tapane utama, zakate meneng analangsa.
6. Cahya, tapane suci, zakate ening.
7. Atma, tapane awas, zakate emut.
Kajaba saka iku ana maneh kang wenang ditapani utawa kazakatan, kaya ing
ngisor iki pratelane.
1. Netra, tapane anyegah sare, zakate lumuh aningali ing kamelikan.
2. Karna, tapane anyegah napsu hawa, zakate lumuh amiyarsa para padu.
3. Grana, tapane anyegah ngunjuk, zakate lumuh angisep alaning liyan.
4. Lesan, tapane anyegah dahar, zakate lumuh angrasani liyan (wong).
5. Parji (Kelamin), tapane anyegah sahwat, zakate lumuh panggawe zina
bebandrekan.
6. Asta, tapane anyegah colong calimut, zakate lumuh amaratangan.
7. Suku, tapane anyegah lumaku pangawe ala, zakate ataberi lelaku
istirakatan.
Manawa kalakon mangkono tamtu kasebut janma utama, mula ana bebasan
saka wasiyate Kanjeng Susuhunan ing Ngampekdenta, kang kadawuhake
marang para putra wayah kaya ing ngisor iki.
1. Turuwa yen arep napsu : tegese, menawa rumangsa arep metu napsune
kasamura turu.
2. Napsuwa yen arep perang : tegese, menawa arep perang karo mungsuh
diwanek-wanekna wetuning napsu.
3. Peranga yen arep mangan : tegese, menawa karasa luwe banget arep
mangan, kasayutana kaya mangsah prang sabil.
4. Mangana yen arep lukaku : tegese, menawa arep lelungan adoh,
asarapana dahar ing sawatara.
5. Lumakuwa yen arep turu : tegese, menawa karasa arip arep sare,
sinamura kanggo mlaku-mlaku.
Menawa dek isih jaman Budha ana bebasan mangkena.
1. Sabecikane turu becik amelek.
2. Sabecikane melek becik tangi.
3. Sabecikane tangi becik alungguh.
4. Sabecikane lungguh becik angadeg.
5. Sabecikane angadeg becik lumaku-lumaku.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

50

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library
Ora susah mawa kategesan, tamtu wis pada sumurup liding bebasan iki,
sumangga enggone angrasakake.
Dene pakolehe tapa iki amung laku kang ora kawistara iya iku tansah prayitna
ing uripe, kaya ta, obahing badan kudu angarah-arah, kedaling lesan kudu
angirih-irih, empane mawa papan, ptrape kanti deduga prayoga, tumanduk
panimbang sawatara, tumindak kalayan reringga, tegese angon wahyaning
mangsa kala, kang pantes tiba ing sambawa kalayan sambada.
Manawa bisa anglakoni mangkono, tamtu lulus ing solah bawane, kayumanan
ing sakarsane, sabab ana bebasan kaya ing ngisor iki.
PANUTUP MAWA SANDI ASMA
Rangkot-rungkiding badan, kalingan dening solah susila; Garap-gangsuling
lesan, kalingan dening gelem angalah wicara; Warna ala, kalingan dening ati
sareh; Sifat kuciwa, kalingan dening nitya sumeh; Taliti sudra, kalingan dening
ber-budi bawa-leksana; Mungguh kang binasakake rongkot-rungkuding badan
iku mawa carobo demen anganggo sandangan kusut, garap-gangsuling lesan
iku manwa kasaluru ing ujar saru, warna ala iku kang ora sambada, sifat kuciwa
iku kang darbe cacat, taliti sudra iku tedaking wong cilik, samona iku masa
borong ing pangganggo, aku drema amedarake bae, sarehne durmh bisa
anglakoni dewe, dadi amung atur pepuji marang kang kasdu amarsudi, mugamuga pada bisaa anglakoni saka oleh parmaning Pangeran kang asifat murah
ing dunya asih ing achirat. Allahumma istajib dua ana bil chirati, amin amin
amin amin ya rabbal alamin.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

51

Das könnte Ihnen auch gefallen