Sie sind auf Seite 1von 40

BOJO LORO

Kroso sepet empinge mlinjo


Sirah mumet dik nduwe bojo loro
Mikir sing enom mikir sing tuwo
Ro karone podo le tresno
Cekut cekut mumet temenan
Ati bingung dik le mbagi katresnan
Butuhe akeh duwit pas pasan
Tanggal enom wis kebingungan
Mrono mrene saben ndino
Iki mrene sesuke mrono
Bojo enom mung sedelo
Bojo tuwo nggondeli clono
(kembali ke atas)
Mrono mrene saben ndino
Iki mrene sesuke mrono
Bojo enom mung sedelo
Bojo tuwo nggondeli clono

CIDRO
Wis sak mestine ati iki nelangsa
Wong sing tak tresnani mblenjani janji
Opo ora eling naliko semana
Kebak kembang wangi jroning dada
Kepiye maneh iki pancen nasibku
Kudu nandang lara kaya mengkene
Remok ati iki yen eling janjine
Ora ngiro jebulmu lamis wae
Gek opo salah awakku iki
Kowe nganti tego mblenjani janji
Opo mergo kahanan uripku iki
Mlerat banda seje karo uripmu
Aku nelongso mergo kebacut tresno
Ora ngiro saiki ne cidro
Kepiye maneh iki pancen nasibku
Kudu nandang lara kaya mengkene
Remok ati iki yen eling janjine
Ora ngiro jebulmu lamis wae
Gek opo salah awakku iki
Kowe nganti tego mblenjani janji
Opo mergo kahanan uripku iki
Mlerat banda seje karo uripmu
Aku nelongso mergo kebacut tresno
Ora ngiro saiki ne cidro

GETHUK
Sore-sore padang bulan
Ayo konco podo dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame-rame e..do gegojegan
Kae-kae rembulane
Yen disawang kok ngawe-awe
Koyo-koyo ngelingake
Konco kabeh ojo turu sore-sore
Gethuk, asale soko telo
Moto ngantuk, iku tambane opo?
Ach ach.. halah getuk asale soko telo
Yen ra petuk atine rodo gelo
Jo ngono mas
ojo-ojo ngono
kadung janji mas
aku mengko gelo

IKI WEKE SOPO


Wong yen lagi gandrung
Ra perduli mbledhose gunung
Wong yen lagi naksir
Ra perduli yen perang nuklir
Nadyan lagi bokek
Direwangi nretek nretek
Jarene wis jodoh
Opo opo duwe'e wong loro
Wong yen lagi kepiket
Ra perduli ndunyo kiamat
Wong yen lagi nyenengi
Ra perduli lagi inflasi
Nadyan ra duwe duwit
Direwangi kredat kredit
Jarene wis jodo
Opo opo kudu wong loro
Irung mbangir, weke sopo mas?
Irung mbangir yo duwekmu
Lambe tipis, weke sopo mas?
Lambe tipis yo duwemu
Janggut nyathis, weke sopo mas?
Janggut nyathis, yo duwekmu
Bangkekane, weke sopo mas?
Bangkekane, yo duwekmu
Iki piye iki piye mas, weke sopo mas?
Mestine ono sing duwe
Iki piye ike piye mas, weke sopo mas?
Mestine ono sing nduwe
Iki piye iki piye mas, weke sopo mas?
Mestine ono sing nduwe
Iki piye iki piye mas, weke sopo mas?
Mestine ono sing nduwe

KERE MUNGGA BALE


Nok Sri Mulyani
Sak iki urepmu soyo mukti
Nyandang nganggo ora ngucewani
Mergo saiki wis dadi penyanyi
Nok Sri Mulyani
Gayamu jan koyo selebriti
Mulo saiki kowe wis lali
Karo aku sing dadekke penyanyi
Eling-eling
Kowe biyen dodol sego kering
Bareng saiki dadi wong kondang
Kowe njur lali karo kahanan
Eling-eling
Kowe biyen dodol sego kucing
Bareng saiki dadi wong gede
Kowe koyo kere munggah bale
Nok Sri MUlyani
Senadyan saiki kowe wis lali
Nanging tetep tak dongak ake
Mugo mugo ra bali dadi kere
reff :
Nok Sri Mulyani
Biyen omahmu ora mbejaji
Setan wae mlebu ora wani
Ning saiki wis apik koyo loji
Nok Sri Mulyani
Kowe saiki cidro ing janji
Janjimu biyen ra bakal lali
Karo aku sing dadekke penyanyi

KETAMAN ASMARA
Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Nyesake atiku sansoyo nelongso
Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu
Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ke taman asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati

KUNCUNG
Cilikanku rambutku, dicukur kuncung
Katokku soko karung gandum
Klambiku warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek sego jagung
Kosokan watu ning kali, nyemplung ning kedhung, [blung]
Jaman ndisik durung usum sabun
Andukku mung cukup, anduk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung
[Bis holobis kuntul baris],
Rekasane saiki wis
[Bis holobis kuntul baris],
Gek gegere gek mbok ndang uwis
reff :
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder [serrr]
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter, [sing ngudang simbok]
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder [ser,ser]
Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter
[Ho no co ro ko, do to so wo lo]
[Iki cerito, jaman semono]
[Po do jo yo nyo, monggo bo to ngo]
[Iki cerito, soko wong tuwo]
reff :
Kosokan watu ning kali, nyemplung ning kedhung, [blung]
Jaman ndisik durung usum sabun
Andukku mung cukup, anduk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder [serrr]
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter, [sing ngudang simbok]
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder [ser,ser]
Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter
[Ho no co ro ko, do to so wo lo]
[Iki cerito, jaman semono]
[Po do jo yo nyo, monggo bo to ngo]
[Iki cerito, soko wong tuwo]

LINGSIR WENGI
Lingsir wengi
Sepi durung bisa nendra
Kagoda mring wewayang kan ngreridu ati
Kawitane mung sembrono njur kulina
Ra ngira yen bakal nuwuhke tresno
Nanging duh tibane
Aku dhewe kang newahi
Nandang bronto kadung lara
Sambat sambat sapa
Rina wengi sing tak puji aja lali
Janjine muga bisa tak ugemi

NANGGAP CAMPURSARI
Sasi ngarep ayo rabi yo dik yo
Konco konco diulemi
Nanggap orkes campursari
Sedino punjul sewengi
Tamune ben seneng ati
Mengko yen listrike mati yo dik yo
Nyewo disel opo aki
Joget terus sampe pagi
Jogetan karo penyanyi
Yen wis rampung disangoni
Sing nyanyi ayu-ayu
Yen aku mlirik kowe ojo cemburu
Sing mlirik mung mripatku
Ning atiku mung kanggo sliramu
Tresno ditambah tresno
Candakane mestine kuwi roso
Roso ditambah roso
Candakane mestine kuwi kerso
Kerso ditambah kerso
Candakane mestine kuwi nyoto
Nyoto ditambah nyoto
Nyoto-nyoto wong loro pancen tresno

NYIDAM SARI
Umpomo sliramu sekar melati,
aku kumbang nyidam sari.
Umpomo sliramu margi wong manis,
aku kang bakal ngliwati.
Seneksen lintange luku,
semono janji prasetyaning ati.
Tansah kumanthil ing netro rinoso,
kroso rasaning ndriyo.
Chorus:
Mibero sak jagad royo,
kalingono wukir lan samudro.
Ora ilang memanise,
aduuh, dadi ati sak lawase
Nalika niro ing wengi,
atiku lamlamen marang sliramu.
Nganti mati takkan biso lali,
lha kae lintange wluku

JAMBU ALAS
Kelingan manis eseme
trus kelingan ramah gemuyune
Tresno lan kasih, kasih sayange
karep atiku klakon dadi bojone
Sayange wes nduwe bojo
nanging aku, aku wes kadung tresno
Nelongso rasaneng ati
yen aku ra klakon melu nduweni
reff:
Jambu alas kulite ijo
sing digagas wes duwe bojo
Ada gula ada semut
durung rondho ojo direbut
Sumpah ning batin
yen kula tidak dikawin
Tekade ngati
ora bakal luruh ganti
Sumpah wis janji
arep sehidup semati
seneng lan sedih
bareng-bareng dilakoni
Jambu alas nduk
manis rasane
Snajan tilas
tak enteni rondhone

SEKETAN EWU
Duwit palsu mas, seketan ewu
Kanggo tuku, yo ora payu
Gampang luntur, yen keno banyu
Ora bedo, koyo tresnamu [mosoookk]
Sorry saja mas, aku tak mau
Aku emoh, nompo kayamu
Wani luwih, ngempet ngelihku
Timbang mumet, mikir tresnamu
[koor]
Limo enole papat, nyawang bondho aku ra sulap
Limo enole papat, pilih mlarat timbang kuwalat
Pinter
Duwit palsu mas, seketan ewu
Kanggo tuku, yo ora payu
Gampang luntur, yen keno banyu
Ora bedo, koyo tresnamu
reff :
Aku emoh [duwitmu], aku emoh [dompetmu]
Pek'en kabeh, ijolono ayumu
Aku emoh [bandamu], aku emoh [donyamu]
Pek'en kabeh yo nduk yo, manuto karo aku
Duwit palsu mas, seketan ewu
Kanggo tuku, yo ora payu
Gampang luntur, yen keno banyu
Ora bedo, koyo tresnamu
reff :
Aku emoh [duwitmu], aku emoh [dompetmu]
Pek'en kabeh, ijolono ayumu
Aku emoh [bandamu], aku emoh [donyamu]
Pek'en pek'en pek'en kabeh yo nduk yo, manuto karo aku
Duwit palsu mas, seketan ewu
Kanggo tuku, yo ora payu
Gampang luntur, yen keno banyu
Ora bedo, koyo tresnamu

SEKONYONG KONYONG KODER


Cintaku sekonyong koder
Karo kowe cah ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super resik tur anti laler
Yen ra pethuk sedino neng sirah nggliyer
Cintaku sekonyong koder
Paribasan durung demok wani panjer
Modal bensin seliter motorku tak stater
Tak ampiri ayo tak ajak muter-muter
Tiwas aku dandan mlithit
Rambutku lengane pomit
Kowe malah lunga plencing ora pamit
mit..mit...mit
Bir temu lawak sing tak pikir neng awak marahi rusak
Rusak njaba njero sing tak pikir jebule koyo ngono
Kembang jambu gogrok dipangan uler
Cintaku sekonying konyong koder
Uler keket mlakune klogat kloget
Walah jabang bayi juebul aku keno pelet

SEWU KUTO
Sewo kuto uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh
Podo rangerteni
Lungamu neng endi
Pirang tahun aku nggoleki
Seprene durung biso nemoni
Wis tak coba
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu
Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan sak kedeping moto
Kanggo tombo kangen jroning dodo
Wis tak coba
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu
Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan wektumu mung sedhela
Tak nggo tombo kangen jroning dodo
Senajan sak kedeping moto
Tak nggo tombo kangen jroning dodo

SRI MINGGAT
Sri, kapan kowe bali
Kowe lungo ora pamit aku
Jarene neng pasar, pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali
Sri, opo kowe lali
Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep lungo
Loro atiku, atiku loro
reff :
Ndang balio.. Sri..
Ndang balioo
Aku loro mikir kowe
Ono ning endi..
Ndang balio.. Sri..
Ndang balio.. o
Tego temen
Kowe minggat ninggal aku
Yen pancene Sri
Kowe eling aku
Ndang balio
Aku kangen setengah mati

STASIUN BALAPAN
Ning stasiun balapan
Kuto solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku
Naliko ngeterke lungamu
Ning stasiun balapan
Rasane koyo wong kelangan
Kowe ninggal aku
Ra kroso netes eluh ning pipiku
Da a... Dada sayang
Da... Slamat jalan
Reff:
Janji lungo mung sedelo
Jare sewulan ra ono
Pamitmu naliko semono
Ning stasiun balapan solo
Jare lungo mung sedelo
Malah tanpo kirim warto
Lali opo pancen nglali
Yen eling mbok enggal bali

TANJUNG MAS NINGGAL JANJI


Bebasan Koyo Ngenteni
Udan Ning Mongso Ketigo
Najan Mung Sedelo Ora Dadi Ngopo
Penting Iso Ngademke Ati
Semono Ugo Rasane Atiku
Mung Tansah Nunggu Tekamu
Ra Kroso Setaun Kowe Ninggal Aku
Kangen... Kangen'e Atiku
Aku Sik Kelingan Naliko Nang Pelabuhan
Kowe Janji Lungo Ra Ono Sewulan
Nanging Saiki
Wes Luwih Ing Janji
Nyatane Kowe Ora Bali-bali
Ning Pelabuhan Tanjung Mas Kene
Biyen Aku Ngeterke Kowe
Ning Pelabuhan Semarang Kene
Aku Tansah Ngenteni Kowe

TERMINAL TIRTONADI
Nalikane ing tirtonadi
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi
Kowe ngucap janji
Lungo mesti bali
Rasane ngitung nganti lali
Wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu
Neng kene tak tunggu
Nganti saelingmu
Moso rendeng wis ganti ketigo
Opo kowe ra kroso
Nek kowe esih eling lan tresno
Kudune kowe kroso
Nalikane ing tirtonadi
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi
Kowe ngucap janji
Lungo mesti bali
Wis suwe3x... Kangen sing tak rasakke
Rasane3x... Rasane koyo ngene
Neng kene3x... Aku ngenteni kowe
Aku kangen... Kangenku mung kanggo kowe
Rasane ngitung nganti lali
Wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu
Neng kene tak tunggu
Nganti saelingmu
Wis suwe3x... Kangen sing tak rasakke
Rasane3x... Rasane koyo ngene
Neng kene3x... Aku ngenteni kowe
Aku kangen... Kangenku mung kanggo kowe

KANGEN
Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati
Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tersnaku terusing ati
Kangen!... wong kangen ngene ngene rasane
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu
Kangen!... wong kangen opo opo tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu
Klopo mudo enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi

MBAH DUKUN
Permisi mBah, kulonuwun
nopo ngriki daleme mBah Mangun?
Sing kondhang dadhos dukun
tetombo mesthi mantun
gadah putri namine Atun
Kulo mriki mBah,
estu bade pados jampi
jampi wuyung
sanes jampi wudhun
Pripun mBah?
Pripun mBah Dukun?
Ampun terus ngalamun
Keng putra Atun, mBah,
kadhos kulo nggih purun
mesthi enggal mantun
Permisi mBah, Si mBah Dukun
Terimakasih alias maturnuwun
Sakit kulo pun mantun
diparingi Atun
Sak niki kersani kepripun
Kulo niki mBah
anake wong tani yutun
sugih beras, sugih pantun
Pripun mBah?
mBah Dukun ampun terus ngalamun
Duh aduh aduh, ampun mBah
niki tumbasanipun:
anduk kalih sabun

WUYUNG
Lorone loro ora koyo
wong kang nandang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan nang omah bingung
Mung kudu weruh
woting ati duh kangmas wong bagus
opo ora trenyuh
sawangen iki awakku sing kuru
Klopo mudho leganono
nggonku nandhang bronto
Witing pari dimen mari nggonku ngloro ati
Aduh nyowo...
Duh duh kusumo
ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur
Paring usodo nggonku nandang wuyung
reff :
Klopo mudho leganono
nggonku nandhang bronto
Witing pari dimen mari nggonku ngloro ati
Aduh nyowo...
Duh duh kusumo
ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur
Paring usodo nggonku nandang wuyung

TIMBANGONO
Rino kelawan wengi
Mung sliramu sayekti
Dadi pepujaning ati
Pancen manis esemmu gawe getering ati
Yo mung sliramu sawiji
*)
Angreujit atiku yen eling sliramu
Nalikane dhek jaman pisan ketemu
Manis esemmu binar netramu
Tansah dadi ati rino kelawan wengi
Sliramu kang tak anti
Nadyan adoh dunungmu
Nanging jroning atiku
Tansah cecaketan sliramu
Timbangono cah ayu
Tresno tulusing ati tan ono ewo sliramu
reff :
kembali ke *) angreujit atiku...

TAK ELING ELING


Tak eling eling,
Opo sliramu sing nate ketemu
Ing naliko iku,
Candik ayu sumunar netramu
Sore kang edi amung esemu,
Sing ora nguwati
Nadyan widodari,
Kalah endah anyengsemke ati
Semar sabrang,
Legog legog ning omah bingung
Jae wono sak upomo,
Wiwit iku atiku poyang payingan
Tak eling eling,
Pancen sliramu sing mara marai
Mbesok kapan aku,
biso nyanding lintang panjerino
reff :
Semar sabrang,
Legog legog ning omah bingung
Jae wono sak upomo,
Wiwit iku atiku poyang payingan
Tak eling eling,
Pancen sliramu sing mara marai
Mbesok kapan aku,
biso nyanding lintang panjerino

RONDO KEMPLING
Ndak pundi mbak ayu
Bade tindak pundi
Kadingaren tindak wae ora numpak taksi
Dewean opo ora wedi
Timbang nganggur kulo gelem ngancani
Kleresan mas alias kebetulan
Blanjane kathah rodo kabotan
Yen purun enggal-enggal ngrencangi
Tekan omah mangke kulo opahi
REFF:
Ee... Tobil wong legan golek momongan
Niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan
Ampun gelo mas
Sampean ampun kuciwo
Kulo rondo anyaran ditinggal lungo
Awan-awan lungo blonjo ning pasar pahing wing-wing...
Prawan rondo kanggoku ora patek penting wing-wing...
Ning Semarang Mas..
Tuku gelang karo anting-anting
Jo sumelang yo ben rondo dijamin kempling..

OJO LAMIS
Ojo sok gampang
janji wong manis
yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
ora agawe cuwo
Tansah ngugemi
tresnamu wingi
jebul amung lamis
koyo ngenteni thukuling jamur
ing mongso ketigo
Aku iki prasasat
loro tan antuk jampi
mbok ojo amung lamis
kang uwis dadine banjur didis
Akeh tulodo kang demen cidro
Uripe rekoso
milih sawiji ngendi kang suci
tanggung biso mukti

NGINANG KARO NGILO


Eh eh eh.. nginang karo ngilo
Kothak cilik mas nggo wadah mbako
Aku Emoh-aku emoh yen kowe ngono
Plonga-plongo anggepmu koyo wong bodo
Dituthuk nganggo pipo ledeng
Isi kapuk mas jenenge klentheng
Tiwas methuk- tiwas methuk sikile kemeng
Bareng pethuk jebule malah mentheleng
Eman eman di-eman-eman
Wong dolanan malah dadi tenanan
Eman-eman di-eman-eman
Eman-eman jebule ora keduman
Pilih gethuk opo pilih tape
Podo-podo mas.. soko telane
Mbiyen piye saiki katone piye
Yen ra mathuk mumpung podo butuhe
Eh eh eh.. nginang karo ngilo
Numpak jaran mas.. jarane belo
Mbiyen kae-mbiyen kae janji ra ngono
Bungah susah jare dinggo wong loro

PENTIL KECAKOT
Pr : Aku takon, ojo sirik ati
Lk : Gek takono, aku kang mangsuli
Pr : Opo ndiko, tresno karo aku iki
Lk : Wani sumpah, wis arep tak rabi
Pr : Takon maneh, ndiko ojo gelo
Lk : Tak jawabe, arep takon opo
Pr : Wani ngrabi, gaweanmu opo
LK : Pentil kecakot, gawean wis cetho
REFF
Lk : Tlah ku jawab, bagaimana dinda
Pr : Gawean seru, mbok jangan sembrana,
Pentil kecakot, apa artinya
Lk : Penjaga Tilpun Kecamatan Kota
Pr : Yen mengkono, ayo kapan kawin
Lk : Sesuk esuk, mangkat ning pak modin
Pentil kecakot, opo wis trimo
Pr : Aku trimo, ojo gawe loro
reff :
kembali ke atas..aku takon

MENDEM WEDOKAN
LK : mBokeAku njaluk dikawinke
PR : Karo sopo to le
LK : Sing penting ono nyawane
LK :
Simbok simbok wetengku luwe
Ono ketan aku tukokno
Simbok simbok aku wis gede
Ono prawan cobo takokno
PR :
Thole thole ketane abang
Dicampuri klopo parutan
Thole thole rabine gampang
Paling penting duwe gawean
LK :
Aduh simbok penting kawinan
Aku iki wis mendem wedokan
A~duh simbok ra biso turu
awan bengi pengin pengin peengiin ketemu
PR :
Ora gampang wong bebojoan
Kudu biso golek sandang pangan
Yen mung nuruti mendemmu
Opo bojo kok pakani watu
LK :
Yen mengkono mbok
aku tak nyambut gawe
golek duwit kanggo nikahan
PR :
Iyo thole, dongane mboke
Moga wae biso kaleksanan
Reff :
kembali ke *)

SLENCO
wanita : Mas kangmas namine sinten?
pria : Sakniki dintene Saptu
wanita : Masa kangmas kesah teng pundi?
pria : Sapi kulo pun manak pitu
wanita : Duh aduh jenengan pripun?
pria : Sakniki pun mboten ngalor
wanita : Dene menopo kok wangsung ngidul?
pria : Kulo niki namine sinten
reff :
wanita :
Aduuh.. kok njengkelke
Dijak ngendikan kok mrono mrene
Ndadi ora karuan
Estunipun menopo saliwang?
pria :
Kulo mboten udud
Rumiyin kulo teng Suroboyo
Kapan dino jemuah
Kulo mbenjang bade tindak pundi
wanita : Ping kuping walah opo jamur
pria : Ora mungkin mripatku lamur
wanita : Penak meneng ora caturan
pria : Memang aku ganteng tiada tandingan
reff :
kembali ke atas..
wanita : Penak meneng ora caturan
pria : Memang aku ganteng tiada tandingan
wanita : Penak meneng ora caturan
pria : Memang aku ganteng tiada tandingan

SIDO RONDO
lk :
Biyen mulo sliramu wis tak aturi
Golek bojo sing tresno welas sejati
Pungkasane sliramu digawe loro
Ora wurung saikine dadi rondo
pr :
Nanging piye kabeh iki wis kebacut
Ibarat bubur ra bakal dadi sego
Mulo getunku iki tanpo upomo
Ngerti ngono lamaranmu sing tak tompo
reff :
lk :
Kabeh iku ora perlu digetuni
Janjiku biyen aku saguh ngenteni
duet : Kowe lan aku mugo dadi jodone
lk : Ra keno prawane tak enteni randane
pr :
Ora nyono sampeyan sabar ngenteni
Ing nyatane tresnomu tulus lan suci
Sing tak suwun sing gede pangapurane
Andhum tresno bebojoan selawase
reff :
kembali ke atas
pr : Andhum tresno bebojoan selawase

TRAGEDI TALI KOTANG


Pria :
Dek biyen wis tak tukoke
Wujud tali sak kotange
Saikine lha kok ilang sak slirane
Lungo menyang endi
Tanpo pamit ra ngabari
Opo lali kowe karo aku iki
Nadyan regane nem ewu,
Kuwi wujud katresnanku
Jare kowe melu aku
Lha kok mlayu
Opo kurang larang,
Pungkasane kowe ilang
Neng endi aku nggoleki
Tali kutang
Wanita :
Iki mas taline tak kondurake
Mergo bapak ra ngeparengake
Aku dijodohke malah karo priyo seje
Wis cukup, mung semene wae
Duh kangmas andum basuki
Aku ora bakal lali
Yen Gusti ngeparengake
Mesti bali
Pria :
Tali kotang iki
Tak simpen tekane pati
Tali kotang saksi tresnaku kang suci
Reff :
Kembali ke atas .

CINTA TAK TERPISAHKAN


pria :
Duh Denok gandulani ati
Tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati
Amung ono ing lati
Rasa sayangmu sudah pergi
Tak menghiraukan aku lagi
Duh Denok gandOlani ati
Tegane nyulayani
wanita :
Duh kangmas jane aku tresno
Lilakno aku lungo
Ati ra kuat nandang roso
Roso keronto-ronto
Cintamu sudah nggak beneran
Aku cuma buat mainan
Duh kangmas jane aku tresno
Lilakno aku lungo
REFF
pria :
Tresno iki dudu mung dolanan
Kabeh mau amergo kahanan
Sing tak jaluk among kesabaran
Mugi Allah paring kasembadan
wanita :
Mung ngedem atiku, ben aku ra mlayu
Dan tanggung jawabmu, iku palsu
pria :
Denok aku cinta beneran
Pastikan ku buktikan
Bapak ibuku akan datang
Melamar dikau sayang
wanita :
Hatiku selalu mendoakan
Semoga Tuhan mengabulkan
duet :
Cinta kita tak terpisahkan
Walau di akhir jaman
reff :

MISTER MENDEM
PR :
Aku wis kondo, ciu marakke ciloko
Aku wis matur, mensen ning omongan nglantur
Wis tak kandani, yen vodka marakke lali
Bacut ngunjuk bir, sampeyan dadine kenthir
LK :
Ora tak gagas, penting sih so tuku beras
Ora tak anggep, penting anak bojo wareg
Ojo muna-muni, nuturi koyo kiai
Ditokke wae, yen klenger wis ndlosor dewe
Reff :
PR :
Ra keno tak kandani,
Yen ngono aku ra sudi,
Lilakno aku bali,
Wong tuwoku kuat ngingoni,
LK :
Ojo cekak atimu,
Wis tak cukupke lelakonku,
Pancene bener kandamu ,
Mergo mendem ngrusak awakku,
PR :
Yen wis mari,
Konco-konco dipamiti,
Sukur gage,
Mendem do ditinggalake
LK :
Selamat tinggal,
Koncoku lereno ndugal,
Dongakno kuat,
Mendemku wis ora kumat
Reff :
Kembali ke atas

ALUN-ALUN NGANJUK
lungo tak anti-anti kapan nggonmu bali
mecak'e endahing wengi kutha Nganjuk iki
(*)
sumilir angin Wates nggugah kangene ati
apa kowe ora ngerteni kowe tak kangeni
ning alun-alun tak goleki
terminal stasiun tak ubengi
senajan setaun tak enteni
tresnamu sing tak gondheli
lali tenan tho dek nggonmu janji-janji
disekseni lampu alun-alun iki
lali tenan tho dek karo aku iki
ning terminal stasiun nggonku nggoleki
kembali ke (*)

NGAMEN 5
tak sawang-sawang kowe ganteng tenan
rasane aku pengen kenalan
kenalan neng lesehan
wonge ganteng nganggo klambi abang
yen ra keliru aku tau ketemu
naliko kowe bareng ro kancamu
mlaku-mlaku karo ngguya-ngguyu
ombenane es jus melon karo susu
saiki aku nembe ngerasakno
pacaran karo wong kertosono
gantenge koyok arjuno
esemane koyok raden gatutkoco
senadyan awakku kebak tatoan rodo tenan
nanging aku isih nduwe roso sopan
senadyan kupingku kebak tindikan
nanging aku calon jutawan
cah ganteng ojo sumelang
melu aku tak jak ngamen nang prapatan
njaluk hape mesti keturutan
angger gelem ora mangan sangang wulan
kembali ke atas

OPLOSAN
Opo oran eman duite
gawe tuku banyu setan
Opo ora mikir yen mendem
iku biso ngrusak pikiran
Ojo diteruske mendeme
Mergo ora onok untunge
Yo cepet lerenono mendemmu
Ben dowo umurmu
Oplosan... Oplosan... Oplosan...
(*)
Coba Sawangen kae konco koncomu
akeh do podo gelempangan
Ugo akeh sing kelesetan
ditumpakake ambulan
Yo wes cukup anggonmu mendem
Yo wes cukup anggonmu gendeng
Do mari mario yo leren lereno
Ojo diterus terusno
REFF
Tutupen botolmu Tutupen oplosanmu
Emanen nyawamu ojo mbok terus teruske
mergane ora onok gunane... 2X

NGIDAM PENTOL
Lk:
Bojoku meteng telung wulan
Ben dino ngiler jarene ngidam
Sak njaluke kudu keturutan
Iki ngidam opo kesempatan
Pr:
Iki ngono perbuatanmu mas
Wetengku cilik mbok gawe lemu
Kowe seneng nggugahi wong turu
Ra diwehi mengko kowe nesu
ref
Lk:
Yowis cah ayu, bojoku sing ayu dewe
Dewe dewe dewe
Gek ndang omongo, opo sing mbok kepengini
Gek ndang tak turuti
Pr:
Sing tak pengini, sing gampang-gampang
Janji kudu keturutan
Aku pengin pentol sing enek endoke
Aku pengin pentol sing dobel endoke
Aku pengin pentol pentol pentol pentol endok
Sing okeh emine
Lk: Kowe pengin pentol
Pr: Sing enek endoke
Lk: Kowe pengin pentol
Pr: Sing dobel endoke
Lk: Kowe pengin pentol pentol pentol pentol
Pr: Endok, sing okeh emine

MENDEM KANGEN
Abot rasane nandang kangen ati
Mergo tresnoku sing gedi
Tansah kelingan awan bengi
Mung biso telfon marang sliramu
Gawe tombo kangen rinduku
Mergo adoh jarak sliramu
Mendem kangen njroning atiku
Soyo jeru mung telfon sliramu
Mendem kangen pengen ketemu
Nadyan sak kedep wes marem atiku
Mendem kangen njroning atiku
Nambah jeru mergo tresnoku
Mendem kangen pengen ketemu
Nadyan sedelo wes adem atiku
Kembali ke atas

MBLEBES
LK: Dik, sakjake kok ono perlu
Isih esuk wis nangeke aku
Ning tanganmu kok nggowo palu
Opo to sing rusak dipanku?
PR: Wis kowe ra usah suloyo
Dek bengi metu karo sopo?
Neng klambimu lipstike sopo?
Yen dudu bocah wadon liyo
LK: Dek bengi aku ora neng endi-endi Dik
Aku malah njaluk tulung mbok keroki Dik
Pirang-pirang dino ora mbok turuti
Wetengku rasane koyo disunduki
PR: Wong wadon ngendi sing bakal kuat ati Mas?!
Klumprak-klumpruk ben dino makani tinggi
Njolak-njaluk ning blanjane ora mesti
Opo aku arep mbok pakani wedhi?!
PR: Wis nyingkrih-nyingkrih gek ndang nyingkrih
LK: Emoh, Dik
PR: Yen ngono aku sing sumingkrih
LK: Ojo, Dik
PR: Aku masih cinta padamu
My Darling I Love You

LAYANG SWORO
Layangmu, lewat sms hp-mu
Raiso ngobati kangenku
Sworomu, lewat telepongratisan
Raiso ngalai yen sesandhingan
Janjimu semono tresnamu gede
Nyatane saiki kok tinggalake
Layang sworo, raiso ngobati
Roso kangen marang sliramu,
yayi
Layang sworo, raiso ngganteni
Kulino aku nyandhing sliramu,
yayi
(kembali ke atas..layangmu,lewat
sms)
reff :
Layang sworo, raiso ngobati
Roso kangen marang sliramu,...yayi
Layang sworo, raiso ngganteni
Kulino aku nyandhing sliramu,... yayi..
Layang sworo, raiso ngobati
Roso kangen marang sliramu,... yayi
Layang sworo, raiso ngganteni
Kulino aku nyandhing sliramu,... yayi..
Layang sworomu, mung nambai
kangene atiku
Layang sworomu, mung nambai
kangene atiku

Das könnte Ihnen auch gefallen