Sie sind auf Seite 1von 2

KALUNG WAKTU

Aku Shifa umurku saiki 16 taun, 2 dina ngarep tanggal 15 Januari tepate aku ulang taun
sing ke 17. Ulang taun iku dina sing paling tak enteni amarga mung sekali sak taun, lan amarga
kanca-kanca lan keluargaku sing ngekei kejutan. Kado-kado sing diwehi kanca-kanca beragam
macem, ana sing klambi, tas, minyak wangi lan sek akeh liyane. Lek saka bapak ibu taun wingi
iku sepeda sing sampek saiki tak gawe budhal menyang sekolah.
Ibu : “fa…..shifa… ana Dinda nyusul”.
Shifa : “nggih buk…kula mudun”
Dina iku Dinda nyusul aku kaya biasane. Dinda iku sahabatku kaet aku SD nganti saiki
wes pada-pada SMA. Ing sekolah kegiatanku kaya biasane raono seng special budal, sinau,
istirahat, guyon, terus moleh maneh. Saben dina kaya ngunu nganti seng tak nanti-nantina tiba.
Jam 00.00 WIB alarm ku muni pas tanggal 15 Januari aku mbuka hp lan ngenteni ucapan saka
kanca-kancaku nanging raono seng nge-whatsApp utawa nge dm batinku masa wong-wong lali
karo hari bersejarahku iku. Amarga raono seng ngucapno aku turu maneh ngarep mene isuk ing
sekolah aku di kejutake. Nyatane ing sekolah kanca-kancaku raono seng iling akhire bel sekolah
muni aku langsung metu kelas ora bareng Dinda. Ing dalan mulih cedak tekan omah aku ketemu
simbah ngedol aksesoris lan ora piker suwi langsung tak parani simbah e.
Simbah : “mangga nduk…ditingali kalung, gelang e”.
Shifa : “nggih mbah, niki pintenan mbah kalunge?”
Ana siji kalung sing narik perhatianku yaiku kalung sing ana gambar jam e, bentuke klasik lan
antik. Nanging duid sing tak gawa kurang gae tuku kalung iku.
Shifa : “ngapunten mbah kula nggadah sepuluh ewu mawon, mboten saget tumbas rumiyen”
Simbah : “gaopo nduk gowoen ae sepuluh ewu”
Shifa : “tenanan napa mbah?”
Simbah : “iyo anggep ae iki hadiah ulang taunmu”.
Aku kaget lan heran koiso simbah iku ngerti lek aku dina iki ulang taun, tapi ora tak pikir jeru-
jeru. Sampek nde omah tibak e kanca-kancaku lan kabeh keluargaku wes ngumpul gae ngekeki
kejutan, rasane campur aduk seneng, sedih dadi siji amarga pikirku kabeh lali karo ulang taunku.
Dinda, Ratna, Dewi lan kabeh ana ing omah.
Dinda : “Dowo umurmu, sehat selalu yo fa, sepurane maeng aku ambek arek-arek sengojo
mbijuk ga iling ulang taun mu hahaha”
Ratna : “HAHAHAHA, wes rausa sedih shif seneng-seneng wae iki dina mu”
Shifa : “oo…ancene yo aku mikire raono seng iling, tapi suwun yo rek ws nyepakno kabeh
gawe aku”.
Singkate acara e wes mari lan bengine aku bukai kabeh kadoan seng ono, aku iling lek
kalung saka simbah mang sore durung tak coba. Langsung tak jupuk kalunge ing tas sekolah,
nanging ono seng aneh kalunge muncul sinar biru lan ana pitekan ing sebelah gantungane.
Amarga penasaran akhire pitekan e tak teken.
Shifa : “haa aku kok ing sekolah?kan aku mang ndek omah”
Aku bingung, nanging muncul suara simbah sing mau dodolan kalung.
Simbah : “rausah wedi nduk, iki kalung sing mok cekel isa nggawa awakmu nang masa depan
lan masa lalu. Gunakno kalung iki kang becik ya nduk, tapi kalung iki mek isa digawe pen telu”.
Shifa : “aku isih bingung mbah, iki ngimpi napa?”
Simbah : “ora nduk…kowe ora ngimpi aja sampe kalung iki ilang utowo ana sing gawe
sembarangan amarga isa nyebabake cilaka”.
Shifa : “nggih mbah kula bakal nyimpen kalung iki”.
Suarane simbah wis ora krungu maneh, tapi aku isih kejebak ing sekolah aku ora ngerti
saiki aku ana nang masa lalu opo masa depan. Dinda lan uwong kaya aku liwat nang ngarepku
tapi aneh e mereka ora isa ndelok aku, mereka wong loro ngarah mlebu nang gerbang sekolah
kejadian iku mirip karo winginane berarti saiki aku ana ing masa lalu. Batinku opo sing kudu tak
lakokno ing masa Iki, terus piye carane aku isa mbalik ng masa saiki. Aku nyoba ngutek ngutek
kalung iku, kabeh sing isa tak penek tak peneki. Angin nggebes lan aku moro-moro pindah
panggon, panggonane ora tak kenali lan wong sing lalu lalang asing. Aku nyoba muter muter
nyusuri dalanan tapi tetep aku ora ngerti aku ing ngendi. Sing tak pingini mung balik ing masa
saiki aku ora pingin ndelok masa lalu utowo masa depan jarno dadi rahasia sing nduwur mawon.
Aku pingin ngejalani urip sing normal.
Amarga nangis lan pegel aku keturon ing pinggir dalan,
Ibu : “Shif..tangii wis surup kok yo jek turu ae ayo tangi-tangi”
Shifa : “Allahuakbar(aku kaget amarga bengokane ibu), inggih buk kula sampun tangi".
Aku kaget lan bingung sing tak alami iku mung ngimpi opo asli, tapi ing tanganku isih ana
kalung sing saka Simbah. Aku pengen nge cek iku temenan ngimpi opo ora akhire pinekan iku
mau tak coba nanging ora ono seng berubah, aku tetep an

Das könnte Ihnen auch gefallen