Sie sind auf Seite 1von 1

SIFAT-SIFAT MANUNGSO

Siro metuô saking sifat irô # Sifat manungso ingkang ka-wôdô


Supoyo kuât nglakonî sébô # Ugô pârêk Pengéran irô (2x)
Sifat basyariyâh loro wernané # Sifat madzmumah nomer si-jîné
Sifat mahmudâh nomer lôrôné # Murîd thoriqôh jo ngânti supé (2x)
Sifat-Sifat Madzmumah 
Sifat madzmumâh loro wernané # Sifat dhohiroh nomer si-jîné
Sifat bathinâh nomer lôrôné # Sirô kâbéh jo ngânti supé (2x)
Sifat Madzmumah Dhohiroh
Sifat dhohirôh iku maksudé # Penggawé doso nganggo lâhîré
Kang akèh bangêt mungguh côntôné # Koyô ngrasanî nomêr sijîné (2x)
Seneng adû-adû nomer loroné # Nglakoni zino nomer te-lûné
Nglakoni nyolông nomer pa-pâté # Ngombé a-râk nomêr limané (2x)
Gelem korupsî nomer nenemé # Gelem main judi nomer pi-tûné
Ngrampok lan bégâl nomer wo-lûné # Lan i-séh akèh contô liyané (2x)
Sifat Madzmumah Bathinah
Sifat bathinâh iku maksudé # Nglakoni doso nganggo a-tîné
Kang akèh bangêt mungguh côntôé # Koyô gumedé nomêr sijiné (2x)
Penggawé riyâ' nomer loroné # Penggawé 'ujub nomer te-lûné
Penggawé hasûd nomer pa-pâté # Penggâwé ḍenḍam nomêr limané (2x)
Ḍemen ing pangkât nomer nenemé # Ḍemen ing bondo nomer pi-tûné
Kepéngén konḍâng nomer wo-lûné # Lan i-séh akèh conto liyané (2x)
Sifat-Sifat Mahmudah
Sifat mahmudâh loro wernané # Sifat dhohiroh nomer si-jîné
Sifat bathinâh nomer lo-rôné # Sirô kâbéh jo ngânti supé (2x)
Sifat Mahmudah Dhohiroh
Sifat dhohirôh iku maksudé # Amal ibadah nganggo ba-dâné
Kang akèh bangêt mungguh côntôné # Koyô pôsô nomêr sijiné (2x)
Nglakoni sholât nomer loroné # Ngetoaké zakat nomer te-lûné
Perang sabilillâh nomer pa-pâté # Mulangaké ilmû nomêr limané (2x)
Awéh shodaqôh nomer nenemé # Bekti wong tuo nomer pi-tûné
Seneng pitulûng nomer wo-lûné # Lan i-séh akèh contô liyané (2x)
Sifat Mahmudah Bathinah
Sifat bathinâh iku maksudé # Amal ibadah nganggo a-tîné
Kang akèh bangêt mungguh côntôné # Koyo déné imân nomêr sijiné (2x)
Mahabbah Allôh nomer loroné # Tawakkal Allôh nomer te-lûné
Bronto ing Allôh nomer pa-pâté # Ayem klawan Allôh nomêr limané (2x)
Ikhlasé niât nomer nenemé # Nrimo ing pandum nomer pi-tûné
Zuhud ing dunyô nomer wo-lûné # Adâb tawadlû' ugô liyané (2x)

Das könnte Ihnen auch gefallen