Sie sind auf Seite 1von 3

Mlaku – mlaku nyawang pedah klasik

aku rama saka sendratasik


Urip ojo kakean mengusik
Luih penak digawe asik

Perubahan zaman wes maju tenan

Kuliah saiki jamane onlen-onlenan


Ngalor ngidul perkoro paketan

Yowes pie maneh lur


Saiki kuliah kudu ndue paketan
Ngenteni bantuan pemerintah yo angel tenan
Makane awakdewe kudu iso menyesuaikan kahanan
Lak yo ngunu to lur

Ngrasakno dulur
Nggarap tugas terus dilembur
Dudu ngerjakne malah kabur
Senangane tambah ngluyur

Nek ngluyur ojo lali maskeran


Saiki Corona mlaku-mlaku nang ratan
Gak peduli wedok opo lanangan
Nek wes keno loro tenan

Nek wes lara tenan


Mengko angel ngenyam pendidikan
Kuliah rasane wes koyo wong edan
Ojo mbok gawe dolanan

Nek wes dolanan


Ojo harap iso sinau mulyo
Kuliah mlebu gawe bondo
Opo gak mesakne wong tuwo

Mangkane dulurku
Ayo podo sregep sinau
Sekolah sing dhuwur
Ben iso mbanggakne bapak lan ibu

Yen wes bangga


Awak rasane tambah bungah
Iso nggawe wong tuwo sumringah
Bakale urip tambah berkah

Cekap semanten dulur kidungan kulo,


Monggo pinarak ingkang sekeco
Matur suwun sampun pirso
Wonten lepat nyuwun pangapuro

Das könnte Ihnen auch gefallen