Sie sind auf Seite 1von 3

KODE SOAL

PEMERINTAH KOTA SALATIGA


DINAS PENDIDIKAN
SMP NEGERI 1 SALATIGA
06
Alamat: Jl. Kartini No. 24 Telp. (0298) 325160 Salatiga – 50711

PENILAIAN HARIAN II SEMESTER SATU


TAHUN PELAJARAN 2021/2022

MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA


KELAS : VII (TUJUH)
HARI/ TANGGAL : RABU/ 10 NOVEMBER 2021
WAKTU : 10.00 - 11.30

PETUNJUK UMUM:
1. Isikan identitas (nama, kelas, kode soal) Anda pada lembar jawaban yang disediakan.
2. Tersedia waktu 90 menit untuk mengerjakan soal tes tersebut.
3. Jumlah soal sebanyak 10 butir ESSAY.

Wangsulana kanthi patitis !


1. Apa sing diarani cerita rakyat iku ? jelasna!
2. Sebutna 3 ciri-ciri crita rakyat
3. Sebutna 3 jinise crita rakyat
Keong Mas
Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa Dhadapan. Krana kuwi uripe warga katula-
tula, akeh lelara lan dadi larang pangan.

Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing lola tanpa dulur, yaiku mbok Randha. Kanggo
nyambung uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas kewan sabendinane. Kewan kali
kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Sanajan kahanan kaya mangono nanging dheweke
ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti. “Duh Gusthi paringana pepajar ing
desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”

Sawijining esuk, mbok Randha golek panganan ing alas. Nalika lagi milang-miling weruh
cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang asat. “Kok cumlorot kaya emas, cahya apa
kuwi ?”, ing atine tuwuh pitakon, banjur mbok Randha nyedaki sumber cahya mau. Bareng
dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong
banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Mbok Randha menyang alas kaya biyasane, nanging nasibe lagi apes, durung entuk
krowodan nganti meh surup, dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk apa-apa. Sawise
leyeh-leyeh ing emperan dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan kang bisa
ganjel weteng kang luwe. Mbok Randha kamitenggengen amrgi ngerti panganan kang ana
ing pawone. Sapa sing ngeteri panganan kuwi, ing batine kebak pitakon. Sebab mulih saka
alas, pawone mbok Randha wis cumepak panganan, mengkono iku kedadeyan ing saben
dina. Sawijining dina kanthi sesideman, mbok Randha ndedepi sapa wong kang mlebu ing
pawone.

Keong Mas mau metu saka genthong lan malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha kaget
ora kinara. Saben ditinggal lunga mbok Randha, Keong Mas mau malih wujud. Mbok
Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu kuwi.
Putri ayu malihan saka keong mas mau pranyata Dewi Candrakirana banjur njlentrehake
menawa dheweke dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora
gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur
diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane
Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu
jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti meh tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok
Randha Dhadapan.

4. Sebutna 3 pitutur/amanat saka crita Keong Mas kasebut!


5. Ringkesen crita Keong Mas kasebut dadi saparagraf !

Wacanen dhisik crita pengalaman ing ngisor iki !


Dikira Ketempelan
Wis dadi agenda rutin saben taun ing sekolahku dianakake kemah besar. Taun iki
dianakake ing sasi Agustus lan ngepasi wayah udan dadi sadina-dina uga udan. Mula digolekake
panggonan sing bisa nampung siswa menawa pas udan. Esuk watara jam wolu rombongan
budhal. Tekan panggonan kira-kira jam 8.30 lan wiwit mendhung. Bocah-bocah banjur ibut
ngedegake tendha lan sedhela wae wis rampung. Watara jam 11.00 udan wiwit tiba nanging ora
deres lan ora suwe. Kagyatan bisa lumaku lancar.
Ngarepake magrib udan tiba maneh malah deres ora terang-terang. Bocah-bocah padha
ngumpul ing aula. Kahanan dadi semrawut lan rame. Mula wayahe mangan bengi akeh sing ora
gelem njupuk jatah mangan amarga panggonane misah saka aula. Kanthi alesan waneka warna
ana sing males merga udan, ana sing wegah teles, ana sing wis nggawa sega lan jajan dhewe.
Salah siji saka siswa yaiku Y, dheweke wegah mlaku mula mangan sing ana wae.
Kira-kira jam 23.00 si Y ngrasa ngelu, lemes kaya kentekan daya. Mula karo kanca-kancan
diterake ing ruang pembina sing ana sacedhake aula. Ing ruang pembina uga padha kaged
nyawang kahanane si Y sing lemes lan rada nganeh-anehi. Mula padha nakoni mula bukane
marang si Y. Si Y mung meneng wae. Karo nyawang pembina. Salah siji pembina sing asmane
Pak Lf rada sujana mula nakoni,”piye Le, apa sing kok rasakake?”
Si Y meneng wae karo nyawang pak Lf tanpa kedhep
“Piye rasane awakmu !” Pak Lf ngambali maneh kathi suara sora amarga kahanan rame.
Si Y kaya-kaya bingung lan nyawang pak Lf karo mendelik
Pak Lf dadi penasaran iki bocah ditakoni kok malah mung nyawang tanpa kedhep. Aja-aja
ketempelan. Mula pitakone diganti, “Mpun Mbah, njenengan mang medal mawon saking ragane
lare menika mesakaken”.
Nanging si Y malah plonga-plongo. Lan namatake pak Lf karo mendelik.
“Ampun mendelik Mbah, mang eklasna mawon njenengan medal saking lare menika” Pak
Lf ngambali maneh.
Lagi serius-seriuse nangani bocah kasebut, pak S minangka wali kelas mara lan kanthi bisik-
bisik ngandhani para pembina menawa si Y iku pancen rada suda rungu salah siji kupinge ana
sing rada ‘bermasalah’. Mula yen omong kudu jelas lan cedhak. Apamaneh ing kahanan rame
kaya ngene kudu jelas olehe ngomong.
“O…asem ki…tiwas tak kira ketempelan” ngendikane pak Lf karo ngalih.
Wusana karo pembina putri dicedhaki lan diajak omongan wusana si Y bisa njentrehake
kahanane. Karo pembina banjur diwenehi sega lan teh anget. Sawise maem wareg pranyata si Y
dadi bregas maneh lan bisa nggabung karo kanca-kancane.
“O…ngeleh ta iki critane” cluluke pak Lf disambung guyune para pembina.
6. Miturut crita kasebut, sapa paraga utama sing dicritakake ing crita kasebut ?
7. Kepriye kahanane paraga utama nalika diterake ing ruang pembina ?
8. Kepriye watake paraga utama kasebut ?
9. Kepriye kahanane paraga utama sawise diwenehi sega lan teh anget?
10. Tulisna kakecrita pengalamanmu sing ora bisa kok lalekake ! (2-3 paragraf)

***

Das könnte Ihnen auch gefallen