Sie sind auf Seite 1von 7

I.

Pilihen wangsulan kang bener kanthi menehi tandha ping (x) ana aksara A, B, C, utawa D ing lembar
wangsulan!
Wacanen teks narasi ing ngisor iki kanthi premati, banjur garapen soal nomer 1-2!
Swasana dhusun Kedungbrubus, Desa Bulu, Kecamatan Pilangken, Kabupaten Madiun, saya panas.Ewon
petani, Kemis (17/4) kepungkur nggrudug Wadhuk Kedungbrubus ing Desa Bulu. Karo nggawa poster, para
petani iki nuntut supaya wadhuk Kedungbrubus enggal difungsekake.
Rombongan petani teka ing lokasi bendungan watara jam 09.30, dimot trek cacah pitu. Poster lan spanduk
kang isine supaya Pemkab Madiun enggal nutup pintu bendungan. Sing padha demo iki uga ngancem menawa
sasuwene seminggu pintu air durung ditutup, dhemo bakal ditindakake maneh. Malah bakal mbongkari omah
warga sing durung gelem pindhah amarga kalebu dhaerah genangan.
( Kapethik ing Modul Pengayaan Basa Jawa Kelas VII)
1. Poster lan spanduk kang isine supaya Pemkab Madiun enggal nutup pintu bendungan.
Tembung enggal nduweni teges ….
A. anyar C. banjur
B. cepet-cepet D. padha
2. Pranyatan ing ngisor iki kang jumbuh karo isine teks ing dhuwur yaiku ….
A. Warga dhusun Kedungbrubus padha dhemo lan nuntut supaya wadhuk Kedungbrubus enggal
difungsekake.
B. Warga dhusun Kedungbrubus ngancem menawa sasuwene telung minggu pintu air durung ditutup, dhemo
bakal ditindakake maneh.
C. Dhemo kang dilaksanakake ing dhusun Kedungbrubus dimot patang trek.
D. Warga dhusun Kedungbrubus padha dhemo lan nuntut supaya wadhuk Kedungbrubus enggal dibongkari
amarga kalebu dhaerah genangan.
3. Wacanen teks deskripsi ing ngisor iki kanthi premati!
Indonesia yaiku negara kang kaperang dadi pirang-pirang suku bangsa. Salah sijine suku sing sugih
kabudayan yaiku suku Jawa. Maneka werna jinise kabudayan kang kakandhut ing suku Jawa. Ing antarane
klambi adat, tarian, omah, piranti gendhing, lan liya-liyane. Salah siji jinis kabudayan kang iseh ngrembaka
lan akeh peminate yaiku prastawa budaya. Prastawa budaya bab kang dipitadosi bisa nggawa berkah kanggo
masyarakat.
Prastawa budaya ing tlatah Jawa biyasane ditindakake miturut petungan Jawa lan migunakake cara
kang turun-temurun saka leluhur. Budaya Jawa kuwi ana upacara adate.Upacara adat kuwi andhedhasar
wujud tumindake manungsa kang nudhuhake kesadarane tumprap masa kapengkar.Upacara ditujokake
kanggo kaslametan uga supaya entuk pitulungan saka Gusti kang Mahakuwasa.
Manut teks ing dhuwur, prastawa budaya iseh ngrembaka lan akeh peminate amarga ….
A. prastawa budaya kakandhut ing suku Jawa
B. prastawa budaya ora bisa uwal saka klambi adat, tarian, omah, piranti gendhing, lan liya-liyane.
C. prastawa budaya ditindakake miturut petungan Jawa lan migunakkae kanthi cara kang turun-temurun saka
leluhur.
D. prastawa budaya dipitadosi bisa nggawa berkah kanggo masyarakat.
Wacanen teks pawarta ing ngisor iki kanthi premati, banjur garapen soal nomer 4-5!
Lemah Jugrug ing Jalur Puncak
Polres Cianjur ngira kadadeyan tanah jugrug ing Desa Cijedil, Cugenang, Kabupaten Cianjur sonten mau
amarga anane megungan banyu sing banjur mbludak, dadine marakake lemah ing dhusun tebing lonsor ing
pundhak lan dalan.
“Jugrug kuwi akibat saka mbludake banyu,” Ujar Kapolres Cianjur AKBP Asep Guntur Rahayu ing lokasi
jugrug, dina Rebu tanggal 13 Januari 2016. Akibat lemah jugrug sing nutupi dalan ing jalur Puncak Kecamatan
Cugenang, Kabupaten Cianjur nganti bengi iki isih durung bisa dilewati kendaraan. Petugas gabungan saka
Pemkab Cianjur lagi ngupadi ngevakuasi lemah jugrugan lan wewatunan sing nutupi dalan. Jugrugan lemah
sadawa 10 meter nggawe jalur Puncak saka arah Bogor menyang Cianjur lan sawalike ditutup total.
4. Manut wacan ing dhuwur, lemah jugrug kadadeyan amarga ….
A. udan angin lan wewatuan kang nutupi dalan C. megungan banyu sing banjur mbludhak
B. mbludake lemah kang ana ing puncak tebing D. jugrugan lemah kang dawane 10 meter
5. Unsur pawarta (when) kang ana ing pawarta dhuwur yaiku ….
A. Lemah jugrug kadadeyan ing dina Rebu tanggal 13 Januari 2016.
B. Jugrugan lemah sadawa 10 meter nggawe jalur Puncak saka arah Bogor menyang Cianjur lan sawalike
ditutup total.
C. Jugrug kuwi akibat saka mbludake banyu,” Ujar Kapolres Cianjur AKBP Asep Guntur Rahayu.

UM MTs/Bahasa Jawa/UTAMA/2020 1
D. Akibat lemah jugrug sing nutupi dalan ing jalur Puncak Kecamatan Cugenang, Kabupaten Cianjur nganti
bengi iki isih durung bisa dilewati kendaraan.
6. Wacanen teks pesan ing ngisor iki kanthi premati!
Nuwun sewu Bapak, kula sowan wonten mriki minangka utusan saking Bapak Yusuf ingkang badhe
kagungan kersa, bilih Bapak Andi sakaluwarga kasuwun rawuh benjang dinten Setu, surya/tanggal 29
Februari 2020 wanci jam 19.00 dalu saprerlu kenduren/ slametan. Mekaten atur kula, menawi wonten kirang
trapsila anggen kula matur, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.
Isi saka teks pesan ing dhuwur yaiku ….
A. Pak Andi arep nganakake slametan dina Setu, tanggal 29 Februari 2020.
B. Pak Yusuf yaiku kang diaturi rawuh ing acara kenduren/slametan.
C. Acara kenduren dianakake ing dina Setu, tanggal 29 Februari 2020 jam 19.00 esuk.
D. Pak Andi yaiku kang diaturi rawuh pak Yusuf ing upacara kenduren/ slametan.
7. Wacanen tembang macapat pangkur ing ngisor iki kanthi premati!
Alaning liyan den andhar,
ing becike liyan dipunsimpen,
becike dhewe ginunggung,
kinarya pasamuan,
nora ngrasa alane dhewe ngendhukur,
wong mangkono wategnya,
nora kena dencedhaki.
Manut tembang macapat pangkur ing dhuwur, isine yaiku….
A. Eleke wong ditutupi, apike dhewe dicrita-critake. Rumangsa yen eleke dhewe iku matumpuk-tumpuk.
Wong kaya mangkono patut dicedhaki.
B. Alane wong liya dicrita-critake marang wong akeh, apike wong liya disimpen. Apike dhewe disombong-
sombongke, ora rumangsa yen eleke dhewe matumpuk-tumpuk. Wong kaya mangkono ora patut
dicedhaki.
C. Apik elek meneng bae. Ngrumangsani yen eleke dhewe matumpuk-tumpuk. Wong kaya mangkono patut
dicedhaki.
D. Apike wong liya dicrita-critakake. Apike dhewe ditutupi. Ora nyombongke awake dhewe. Ngrumangsani
yen eleke dhewe matumpuk-tumpuk. Wong kaya mangkono patut dicedhaki.
8. Wacanen tembang macapat gambuh ing ngisor iki kanthi premati!
Tutur bener iki,
sayektine apantes tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik wurukipun,
iku pantes sira anggo.
Isi tembang macapat ing dhuwur, piwulang kang apik iku pantes ditiru, sanajan ajaran iku asale saka wong
…, nanging yen piwulang iku mau becik patut ditiru. Tembung kang trep kanggo ngganepi isi tembang
gambuh ing dhuwur yaiku ….
A. wicaksana C. sugih
B. apik D. mlarat (pangkate cilik)
9. Wacanen tembang macapat kinanthi ing ngisor iki kanthi premati!
Mulane wong anom iku,
becik ingkang ataberi,
jejagongan lan wong tuwa,
ingkang sugih kojah ugi,
kojah iku warna-warna,
ana ala lan becik.
Piwulang saka tembang macapat kinanthi ing dhuwur yaiku….
A. Dadi wong anom iku kudu tanggung jawab marang wong tuwa, seneng ngrungokake crita kang apik.
B. Kelakuan becik iku kudu ditiru dening bocah nom, supaya bisa dadi kojah kang apik.
C. Dadi wong anom kuwi kudu gelem srawung marang wong tuwa, gelem ngrungokake crita saka wong
tuwa. Crita kang apik lan kang elek.
D. Cah nom kuwi kudu bisa crita, crita kang apik utawa crita kang elek. Kabeh iku bisa kocritakake marang
wong tuwa.

UM MTs/Bahasa Jawa/UTAMA/2020 2
10. Watak saben tembang macapat beda, ana kang nduweni watak nelangsa, prihatin, luwes, ngresepake, lsp. Ing
ngisor iki kang kalebu watake tembang macapat dhandhanggula yaiku ….
A. luwes, ngresepake C. muntab, murka
B. nelangsa, prihatin D. lucu, angkara murka
11. Wacanen teks crita wayang Ramayana “Kidang Kencana” ing ngisor iki kanthi premati!
Ing sawijining dina Rama, Sinta, lan Lesmana ana ing wana. Lagi bubar nglampahi paukuman limalas
taun.Lesmana punika rayinipun Rama.Dene wana kuwi anggege tirta sah saking wasana. Nalika wong telu
kuwi ngaso ana wana, dumadakan ana kidang elok banget. Sungune dawa tur rupa wulune kuwi rada emas.
Kidang kuwi playon ana ing sangarepe wong telu kuwi. Sinta kapincut atine, karepe pengen nduweni kidang
kuwi.
Saka crita ing dhuwur, suwene Rama nglakoni paukuran yaiku ....
A. telulas taun C. limalas taun
B. patbelas taun D. nembelas taun
12. Wacanen teks crita wayang Ramayana “Peksi Jathayu” ing ngisor iki kanthi premati!
Angin mlaku saya banter.Langit peteng kebak mendhung. Kala-kala langite pating cleret disusul swara
bledeg sing nggegirisi. “Dhuwar…! Dwuhar …!” Swiwine Jatayu disamber aji-ajine Dasamuka.Jatayu
kalah banjur cublok mengisor.Sinta among bisa nangis. Manuk gagak sung kowak-kowak pancen menehi
pratandha anane kacilakan. Sinta kadhusta Dasamuka kang durjana.Ning jero alas Rama lagi menggalih
menawa Sinta nemoni bebaya.Tanpa menggalih dawa-dawa, Rama mlayu menyang panggone Dewi Sinta.
Saka crita ing dhuwur, watake Rahwana yaiku ….
A. seneng tetulung C. setya marang garwa
B. nggegirisi D. durjana
13. Wacanen teks crita wayang purwa ing ngisor iki kanthi premati!
Nalika Rama lan Lesmana bingung nggoleki Sinta, dumadakan Rama lan Lesmana manggihi Jatayu
kang swiwine ilang siji. Rama lan Lesmana enggal nulung Jatayu. Jatayu sing ambegane kabotan crita
menawa bar nulungi Sinta nanging ora kasil. “Gar… wamu Sin… ta … digawa mlayu … dening Da…
samu… ka ratu… Nga… lengka.” Kandhane Jatayu sinambi ngempet lara. Jatayu mati. Kanggo ngurmati
lelabetane Jatayu, Rama lan Lesmana ngobong jasade banjur dikubur awune.
Pitutur luhur kang ana ing pratelan mau yaiku ....
A. Kita kudu ngurmati pahlawan sanajan ora kasil apa kang kokarepake
B. Sinta seneng digawa mlayu dening Dasamuka
C. Yen nggoleki apa wae aja kanthi ati kang bingung
D. Yen lagi bingung lerena ndisik supaya oleh solusi
14. Sapa sing nduwe sepedha abang iki?
Ukara abasa ngoko lugu ing dhuwur yen diowahi dadi basa krama alus yaiku ....
A. Sepedhah abrit punika kagungan kula C. Sinten ingkang kagungan sepedha abrit niki?
B. Sinten ingkang kagungan sepedha abrit punika? D. Sinten ingkang mundhut sepedha abrit niki?
15. Bapak menawi ... kantor ... sepedha motor, dene kula menawi ... sekolah cekap mlampah kemawon.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kang gothang nggunakake basa krama alus yaiku ....
A. kesah, numpak, mangkat C. tindak, nitih, mangkat
B. kesah, nitih, tindak D. tindak, nitih, bidhal
16. Wujude basa ngoko alus yaiku kacampuran antarane basa ngoko lan krama inggil. Ing ngiosr iki ukara kang
migunakake basa ngoko alus yaiku ….
A. Simbah nembe ngunjuk kopi C. Ibu midhangetaken radio kang isine gendhing Jawa
B. Sesuk sore aku kerja bakti nggawa arit D. Sekedhap malih kula badhe kesah dhateng sabin
17. Wacanen teks crita wayang Ramayana “Anoman Duta” ing ngisor iki kanthi premati!
Anoman lajeng dipunsowanaken dhumateng Dewi Sinta.Ing mriku, Anoman lajeng maringaken
sesotyakagunganipun Prabu Ramawijaya. Menawi sesotya punika dipunagem Dewi Sinta saged “Pas,”
tegesipun boten sesak utawi lobok pratanda yen Dewi Sinta dereng nate karasuk dening Prabu Dasamuka.
Anoman lajeng maringaken sesotyakagunganipun Prabu Ramawijaya.. Tembung sesotya tegese padha karo....
A. ali-ali C. gelang
B. kalung D. anting-anting
18. Wacanen teks crita wayang Ramayana “Anoman Duta” ing ngisor iki kanthi premati!
Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika diobong Anoman
mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing
diencloki Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni
sing mbulat-mbulat amarga polahe Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya
nyekel Anoman. Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.

UM MTs/Bahasa Jawa/UTAMA/2020 3
Gagasan baku teks ing dhuwur yaiku ....
A. Wewangunan lan wit-witan sing diencloki Anoman kabeh kobong.
B. Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong.
C. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni.
D. Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
19. Wacanen teks legenda ing ngisor iki kanthi premati!
Sawijining dina nalika arep mangkat Jabalkat, garwane ndhelikake mas-masan lan inten ana njero
tekensing arep digawa. Esuk bubar subuh wong telu mangkat lakune mangidul. Tekan sawijining papan ing
tengah alas garwane ki Pandhan Arang krasa kesel banjur leren ana ngisor uwit.Tekene dikekep kenceng
wedi yen ilang. Ora let suwe ana wong telu njaluk bandhane klebu tekene garwane ki Pandhan Arang ora
bisa bingah kabeh sing dijaluke diwenehake. Bubar kuwi bengok kang mas … kang mas… tuluuuung…!
Tulung, wonten tiyang salah! Tiga!” Nalika ki Pandhan Arang ndangu apa wae sing dibegal.
Pitutur luhur saka pethikan crita legendha ing nduwur yaiku ....
A. Bandha kuwi mung titipan, mung sarana ana donya, mula yen ilang kudu dieklasake.
B. Dadi manungsa kudu seneng tetulung marang sapadha-padha.
C. Yen bandhamu dijaluk wong aja nganti diwenehake.
D. Yen ndhelikake bandha kudu ing panggonan kang aman.
20. Wacanen teks sandiwara ing ngisor iki kanthi premati!
Mbok Randha: Le ...Jaka Tawang ...diundang mboke kok meneng wae ta ... Le ... Jaka Tawang. Jaka
Tawang kok meneng wae ta ...Jaka tawang diundang mboke kok meneng wae kaya reca
ngono ta Le... Jaka Tawang ... kowe budheg apa piye ta ? Jaka Tawang ...
Sanajan diundang mbok rondho bola-bali, ananging jaka tawang ora mangsuli babar pisan. banjur
mbok rondho nyedaki Jaka Tawang.
Mbok Randha :Le diundang mboke kok ora mangsuli blas iki piye ta? (karo nyekel awake Jaka Tawang,
sanalika Mbok Randha kaget banjur nangis) Hoalah Le ... Le... kowe kok dadi reca kaya
ngene ta Le... Le ...Amarga omonganku sing sembrana, kowe dadi reca kaya ngene Le...
Le ... Hoalah Jaka Tawang... Jaka Tawang...mboke njaluk sepura ya Le ... kanggo
pangeling-eling mbesuk yen ana reja-rejaning jaman, papan panggonan kene bakal
dakjenengake Gunung Budheg....
Amanat (pesen) kang bisa dijupuk saka sandiwara ing dhuwur yaiku ....
A. Dadi manungsa aja duweni watak dumeh.
B. Yen diundang kudu gelem mangsuli kanthi bener.
C. Wong tua yen omongan kudu sing ati-ati mundak tumus marang putrane.
D. Yen diundang kuwi aja meneng bae, mundak diarani budeg.
21. Wacanen perangan sesorah ing ngisor iki kanthi premati!
Bapak Darsono sekaliyan, kula naming saged memuji mugi-mugi sedaya kesaenan panjenengan
pikatuk lelintu ganjaran saking Allah SWT ingkang matikel-tikel. Amin
Saka pratelan sesorah ing dhuwur, nuduhake perangan sesorah kang diarani ….
A. panyaruwe (pangajeng-ajeng) C. surasa
B. dudutan D. atur nyuwun pangapura
22. Ukara ing ngisor iki kang nuduhake perangan sesorah kang diarani atur puji syukur yaiku ….
A. Para sesepuh, pinisepuh ingkang kawula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat
kinurmatan.
B. Kaping sepisan kula ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi dene tansah
maringi karahoyan lan karaharjan dhumateng kita sedaya.
C. Cekap mekaten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, kula nyuwun agunging samudra
pangaksami.
D. Sugeng siyang.
23. Adat istiadat mitoni dianakake nalika calon ibu ngandut pitung sasi. Pranyatan ing ngisor iki kang jumbuh
karo adat istiadat mitoni yaiku ….
A. Upacara mitoni kawiwitan upacara brojolan.
B. Upacara mitoni nduweni pralambang supaya calon ibu lan calon bapak uripe tentrem.
C. Mitoni katindakake dening calon ibu kang ngandut anak pisanan.
D. Mitoni ditindakake dening calon ibu kang ngandhut anak kapindho , supaya anggone lairan cepet lan
slamet.
24. Ing adicara mitoni ana kang diarani ngethok lawe/ kain putih utawa janur. Adicara kasebut nduweni
pralambang….
A. supaya yen bayine lair lanang bagus lan yen lair wadon ayu.

UM MTs/Bahasa Jawa/UTAMA/2020 4
B. supaya bayi kang dikandhut lan dilairake kanthi gampang kaya dene disurung.
C. yen mengko si jabang bayi lair gawa rejeki kang akeh lan diamalake marang sapadha-padha kanthi ikhlas.
D. yen bayi lair lancar ora ana alangan apa-apa.
Wacanen geguritan ing ngisor iki, banjur garapen soal nomer 25-26 kanthi premati!
Semut kang baris golek pangan
ing tengahing kahanan sing ora mesthi
padha jerit lan nangis
ndeleng polah lakune manungsa
kang gawe congkrahing ati
semut, geneya lakumu ora mandheg
ngadhepi kahanan mangkono?!
Kapethik saka : Tunas Semi, 1999
25. Geguritan ing dhuwur isine nyritakake babagan ….
A. polah lakune mangungsa sansaya ora rukun
B. gaweyane semut kang saben dina golek pangan
C. tangise semut amarga ndeleng polah lakune manungsa
D. jerite manungsa amarga golek pangan
26. “ Kang gawe congkrahing ati”. Tembung congkrah tegese ….
A. ngrampungi C. sanajan
B. lenane ati D. crah (ora rukun)
27. “Karo kanca kudu padha rukun”. Ukara kasebut yen diowahi nganggo aksara Jawa yaiku ….
A. C.

B.

C.

D.

28. … Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ….

A.

B.

C.

D.

29. .. Ukara kasebut pamacane yaiku.…

A. Kidang kencana dipanah dening Ramawijaya. C. Kidang Kencana kapanah dening Raden
Ramawijaya.
B. Kidang kencana kapanah dening Ramawijaya. D. Kidang kencana dipanah dening Raden
Ramawijaya.
30. Saben bengi Nurjanah disinaoni dening bapak lan ibune, mulane dheweke kalebu bocah kang pinter.
Tembung disinaoni yen dirimbag yaiku ….
A. di + sinao+ni C. di + sinau + o + i
B. di + sinau + an + i D. di + sinaon + i
31. “Roni nunggoni sapine mangan suket.”
Yen diudhal manut jinising tembung, ukara kasebut yen diurutke saka kiwa kalebu tembung ….
A. sesulih, kriya, sesulih, kriya, sesulih C. aran, wilangan, kriya, aran, kriya
B. sesulih, aran, kriya, sesulih, kriya D. aran, kriya, aran, kriya, aran

UM MTs/Bahasa Jawa/UTAMA/2020 5
32. Mejanewisditata rapi kanggo tamu undangan, menawa arep digeser ya kudu ditata maneh. Tembung ditata
lan digeser kalebu tembung….
A. kaanan C. aran
B. kriya D. wilangan
33. Wacanen ukara ing ngisor iki!
a. Simbah gerah wajanipun.
b. Ibu mundhut wajan waja kanggo nggoreng kopi.
Tembung waja ing ukara b tegese ....
A. untu C. tembaga
B. kayu D. lemah
34. Ukara ing ngisor iki kang nganggo tembung homograf yaiku ….
A. Bapak nembe dandan gendheng ing dhuwur omah malah di ganggu wong gendheng.
B. Bang Maman dhuwite akeh ning ora ketara amarga dhuwite disimpen ning Bank.
C. Jambuku angger bengi dipangan kalong, jambuku kalong akeh banget.
D. Bungah lan susahe awake dewe aja kok critake marang wong liya.
Jaman geger aku ngungsi kethewer-thewer,
ndhelik sor ngemper ngerti-ngerti ketiban genter.
35. Gatra ing dhuwur migunakake purwakanthi ….
A. lumaksita C. guru sastra
B. guru basa D. guru swara
36. Ukara ing ngisor iki kang kalebu tuladhane purwakanthi guru basa/lumaksita yaiku …
A. Desa mawa cara Negara mawa tata.
B. Nandhang lara, larane wong lara lapa.
C. Taberi ngastiti lan ati- ati mesti bakal dadi.
D. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa.
37. Njanur gunung, …esuk-esuk tekan kene, ana wigati apa?
Tembung kang trep kanggo ngganepi wangsalan kang gothang ing ndhuwur yaiku ….
A. kadingaren C. sendare
B. Jenangaren D. Aren
38. Wacanen ukara ing ngisor iki!
a. Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang kaling.
b. Lamun lagi sinau ning kelas aja ngembang duren.
c. Pantes bae kowe timbilen, amarga senengane mangan sega geseng.
d. Dheweke tetep kukuh panemune, sanajan ora dicocogi karo wong akeh.
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu tuladha wangsalan yaiku ….
A. a, b C. b, c
B. a, c D. c, d
39. “Wong kang nganggo klambi abang kae numpak sepedha.”
Ukara ing dhuwur kalebu tuladhane .…
A. camboran raketan jejer C. camboran raketan lesan
B. camboran tundha D. camboran sadrajat
40. Ukara ing ngisor iki kang nuduhake tuladhane ukara camboran raketan lesan yaiku ….
A. Aku kudu sregep anggone sekolah lan sinau supaya aku bisa munggah kelas.
B. Dheweke tetep kukuh panemune, sanajan ora dicocogi karo wong akeh.
C. Mbakyuku tumbas telo, aku sing ngoceki, lan adhiku sing nggodog.
D. Aku tangi turu, sholat, adus, sarapan banjur mangkat sekolah.

II. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!


41. Wacanen crita wayang Ramayana “Resi Jatayu” kanthi premati!
Miturut Palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhusta dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negari
Alengka. Narpati Sugriwa kagungan atur becike nglurug perang ngrebut Dewi Sinta. Raden Lesmana darbe
panemu becike ditakyinake ndisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka. Prabu Ramawijaya
nyarujuki apa kang dadi ature Raden Lesmana.
Tulisen piweling (pesen) kang tinemu ing paragrap kuwi!
42. Wacanen tembang Durma ing ngisor iki kanthi premati!
Durma

UM MTs/Bahasa Jawa/UTAMA/2020 6
Ingkang eling iku padha angilangna,
marang sanak kanca kang lali,
den nedya raharja,
mangkono tindakira,
yen tan nggugu liya uwis,
teka menenga,
mung aja sok ngrasani.
Isi serat wulangreh ing dhuwur yaiku ….
43. Wacanen ukara ing ngisor iki!
a. Gegere lara kabeh bubar njunjung karung 30 kg.
Kelas awit mau kok gegerbae kenapa?
b. Seminggu sepisan aku nabung ning bank.
Bang Joko kuwi bakul bakso ing daerahku.
Analisisen, ukara a lan b ing dhuwur kalebu homonim, homograf, utawa homofon banjur golekana tegese!
44. Matura marang Ibumu nganggo unggah-ungguh basa kang trep menawa kowe arep njaluk dhuwit kanggo
tuku kamus basa Jawa amarga Minggu ngarep ana materi bab unggah-ungguh basa!
45. Ukara Latin ing ngisor iki owahana dadi aksara Jawa!
“Fatimah lan Abdullah diparingi pak guru buku 7 lan bolpoin 13.”

***SUGENG MAKARYA***

UM MTs/Bahasa Jawa/UTAMA/2020 7

Das könnte Ihnen auch gefallen