Sie sind auf Seite 1von 4

1.

Prmbukaan

Tinarbuka mbikak rantamaning adicoro panggih netepi adat widi widono ingkang lumampah in tlatah
Sampang Gondnagrejo. Lirih hamengku karya panjenangane bpk soem kelawan ibu kuriyah ingkang
rikolo semanten Katemben lampahi darmaning werdo anetepi jejering sudarmo. Mangkono wujud
kinawitan rantamane adicara kawijilanken pinanganten putri anenggih nimas roro ayu. Ingkang rikolo
semanten wus paripurna ngennya hanglulur sarira ngelus wadana miwah ngadi busana ing sasana ing
pepaesan rikolo semanten kawijilaken saking panti busana lengkeh-lengkeh ngenyo lumaksana lolonan.
Katitisaken deling panjenenganipun ibu iroh ingkang mejil sang king diva salon rikolo semanten gaweo
mulat-mulat indahing pasoryane pinanganten putri ingkang kawistolo hangimbo ngagem busana garwo
noto. Pating gelebyar panting pancurat lamun kasarwing pandam suryo. Lire mangke kadhereaken
tumaruno catut cacahe anenggih kan sinebat manggolo sobo yo sobo manggolo kelawan dimas kekalih
opoto wujudete nenggih joko paloron kelawan prawan sunti ingkang rikolo semanten kepareng dadi
titiane kembar ma yang kalpataru dewa ndaru kelawan joyo ndaru. Lon-lonan ngenyo lumaksono.
Sapecak mandek sapecak tumuleh mangkono mangkeh Nedyo lenghah ono ing damoar dento yo
damoar kencono yo sitinggil binaturoto ingkang kasdu hamastani yo dampare nenggo mangkono
sawusnyo paripurno ngennyo amijilaken sri atmojo pinanganten putri. Signs aeung sasmito mring
tumaruno catut cacahe sang duto pametuk dupi hanjengkaraken sriatmajo pinanganten kakung saking
panti paleremanipun rikolo semanten katon lenggah sriatmojo pinanganten putri katoto dening
panjenenganipun ibu iroh ingkang mijil saking diva salon angestreni endaing swasono binarung juru
sungging studio kelawan juru syuting ing mangkeh dupi wus paripurno menggah kawontenanipun
rantamaning adicoro mijil paripurno angadani adicoro panggih mbok bilih sampun samekto ubo rampe
panggih murih rahayuning see you kawijelaken kebo giro kangge hangiringi pangihing sriarmojo
pinanganten anut adat widi widono kang lumampah.

2.Adicoro panggih

Anenggih kawistoro pating calingkrang pating calingkring ngimbal gantilir mondorogo. Wujud ungeling
gongso ingkang hangrangin rikolo semanten tinabuh dening laras moyo obara sound system ing mangkih
sesarengan kelawan ungele gongso ingkang hangrangin lumaksono sri atmojo pinanganten kakung
nenggih bagus. . . . . . Karipih-ripih dening poro kadang- kadang wandowo kadhereaken kanjeng romo
kelawan ibu niro gumebyar busananing putro pinangaten kakung hangagem busana ingkang tinaretes
benang sutyo ha ngembo busananing noto lamun kadulu katon agung mrabu miwah mrabowo, agung
ateges kebak ing kaendahan kang syatoto adiluhung, mrabu ateges pindo jejering narendro kebak ing
kawibawan luhur ndene mrabowo ateges sinung prabowo adi endanh milangoni. Lon-lonan ngenyo
lumaksono pinangaten kakung arso mapak dateng rawuhing pinanganten kakung menggah sriatmojo
pinanganten putri gyo samyo apagud tinggal tempuing catur netro mahanani mastuti iloilo ujaring poro
kino manunggaling cipto roso budi kelawan karyanipun sangsoyo caket lampae pinanganten Kekalih
nulyo kumlawe astane hambalang gantalan kang sinebat gantalan gondang kasih kelawan gondang
tutur, Gantalan puniko kang temurose cinancang benang lawe. Ndene werdini manunggale karso
antawesipun jalu pawestri kadyo suruh lumah kurepe dinulu sejewarnane ginigit tinggal rasane .
Sansoyo caket lampae sri pinagganten Kekalih anyaketi kendogo kencono isine Kambang- kambang
tripus tirto sapto warno rikolo semanten pinanganten putri ngatoraken pakurmatan minonggko wujud
tondo bulu bekti marang panuntune agesang ing mangkih sigro amijik isamparane sang apekik menggah
sriatmojo pinanganten putri rikolo semanten sriatmojo pinanganten kakung Nedyo mecah hantigo kang
sumadyo. Sawusnyo pinaringan sasmito hanjejak bantolo sukuniro hamecah ponang hantigo brol pecan
saknaliko datan mawujuh malih mangka pralampitane mangkono kalamunto wus pecan marang nalare
gennyo ninggalake alam, jejoko kelawan alame kenyo agancik bebrayan agung. Anetepi mangko dadi
jalmaning gusti kang moho kawoso kang mapan ing salumae bawono rikolo. Semanten wus kepareng
winijian samparane sang binagus dening sang diah ayu inggokajumenengaken pinanganten putri
jumeneng jajar sinanding anetepi adicoro boyong yo adicoro sesinduran kawistoro kangdirendong
sindur sutro warni rekto lan seto pinanganten kekaleh dening panjenenganipun bpk Soim...... Lonlonan
ngennyo lumampah cinondro sangking mandowo kadyo ing ngareo sung tulodho ing madyo mangun
karso tutwuri handayani, ing ngarso sung tulodho meniko lampae panjenenganipun bpk Soim.... Ngenyo
mbebohong tumrap pinanganten Kekalih . ing madyo mangun karso inggih meniko lampae
panjenenganipun Kekalih ing sedyo kewolo anetepi jenibahan agung ewodene tutwuri handayani
menggah menikoto ibu kuriyah.... Ingkang tansah paring panyengkuyung kridane sriatmojo ngenyo
netepi wajib wusnyo paripurno ngenyo mbeboyong sriatmojo pinanganten rikolo semanten sigro
lenggah ono ing dampar kencono anetepi adicoro timing panggkon.

3. Timbangan

Timbang panggkon rinangkol kinempit kempit pinanganten Kekalih dening bpk Soim... Sineksen dateng
panjenenganipun ibu kuriyah.... Monggo kepareng jumeneng ibu sawusnyo ing mangkih dupi anyaketi
dateng garwanipun lajeng tetanyo dateng garwanipun bpk mu..... Pie ibu mu....? Pie sajak e bobot e
anak edewe sakloron opo kok wis kok timbang bune, miturut pangrasaku ora ono bedane Teresa polo
abote mongko werdine munudtake pepenget dumateng tiang sepuhipun temanten supados mboten
kadununga raos emban cinde emban siladan utawi mboten meda medaaken ing antawesipun putro lan
patrol mantu sedoyo karengkuh putro piyambak paripurno rantamane adicoro timbang pangkon anetepi
adicoro tanem

4. Tanem

jengkar soko palenggahane bpk soim.... Datan katah lupen kadberekaken pinanganten kekalih rikolo
semanten bpk soim..... Nyandak pamedyangane pinanganten kekalih inggih meniko to ingkang dipun
wastani adicoro tanem menggah paripurno rantamane adicoro tanem monggo dipun lenggahaken
temantenipun.

5.Papak Besan

Angadani adicoro papat besan anenggih rikolo semanten dupi anyuhur rawuhipun kadang besan
sutrisno ingkang wus jumeneng wonted saklebete sasono wiwoho. Jengkar waking palenggahane bpk
soim... Kelawan ibu kuriyah.... Amrepegi dateng rawuhipun kadang besan sutrisno rikolo semanten
katon gapyuk rangkan tetangkepanipun asto mratala kalamunto ngraketaken kakadangan antawesipun
bpk soim.... Kelawan bpk besan..... Rikolo semanten sami tetangkepan asto binabaran estu ingkang
sinungging ing lambeniro. Inggo kadhereaken kadang besan kekalih tumuju dampar dento yo dampar
kenconokencono. Gegandengan asto besan kekaleh minggah ono ing situnggil binaturoto katitisaken
dening ibu iroh ... Ingkang mijil saking diva salon rikolo semanten paripurno menggah rantamaning

6.Kacar-kucur

kawistoro ubo rampe ingkang dipun asto tumaruno minggah wonten situnggil binaturoto rantamane
adicoro kacar kucur ingkang dipun keparengake dening ibu juru pratitis temanten kakung nyuntak
kampil ingkang sampun kacawesaken inkang isinipun beras kuning empon2 arto receh ing
pangkonanipun pinanganten putri mawi dipun tadahi tilam lampus/kloso bongko mangkono werdine
mujutake cuwilane gegambaran ingkang jejeripun guru laki puniko kedah rumaos anggadahi wajib
masrahaken asil gunokoyo dumateng garwanipun. lan garwanipun kedah saget nyekapaken ing reh
sedoyo kabetahan baliwismo perang paripurno rantamane adicoro kacar kucur.

7.Dahar Kembul

Temanten kakung putri sami ngasto piring isinipun sekul punar inggih puniko sekul warnanipun jene
lajtemanten putri lan kakung tetepo satunggal raos ing lahir lan batine jumbuh ing sedoyo reh
gegayuhan.

8.Ngunjuk

Ngujuk banyu perwitosari mongko pralampitane nyiram tetuwuh saking gosti kang maha kawoso kang
awujud yokui calon wiji2 kang utomo besok yen tetuwuh dadi wini utomo upomo dadi putra putri
mbesok dadi putra putri ingkang sholeh lan sholehah mabrur lahir kelawan batine.

9.Sungkeman

Angadani adicoro sungkeman rikolo semanten pinaganten kekalih nedyo sowan wonten sudarmoniro
hananging inggo kasinangopo hanyoplok samparan ingkang kaagem soho hambedol duwung keris
ingkang sinengkelat wonten sang binagus sawusnyo hanyoplok hamparan soho hambedol duwung keris
binagus ingkang sinengkelat ingkag wus binedhol dening sang diah ayu gegandengan asto pinaganten
kekalih sowan wonten sudarmoniro ingkang ongko sepisan

Kucap kelawan kang kacarito rikolo semanten sriatmojo pinaganten kekalih sigro sowan wonten
sudarmoniro ingkang ongko sepisan..... Kawistoro nearest podho wonten ngarso romo lan ibu binalang
pujo montro dumateng kanjeng romo lan ibu lir gumanti ngenyo ngaturaken sembah sungkeman. Rikolo
semanten katon tumibo tumetesing waspo marang bantolo matur wonten ngarso romo lan ibu.: duh
kanjeng ibu miwah kanjeng romo kepareng sriatmojo ngaturake sembah sungkem mugi kunjuk
sehandapig pepodo yo nger ojo koho bocah cilik solah much nagis ono ngarso romo lan ibu ora liwat
romo lan ibu wis ngerti ono kang digayuh tembe nburi nger eling eling marang jeneng siro jroning
lelumban madhyaning bebrayan agung. Ojo kekilapan dugodugo digowo ngati ati ojo nganti keri nger,
njih pangestoaken dawuh romo dalah ibu

Das könnte Ihnen auch gefallen