Sie sind auf Seite 1von 2

A.

Purwakanthi swara
Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal) Tuladha:

Gemi setiti ngati-ati

Bungah susah iku lumrah

Desa mawa cara negara mawa tata

Aku lara paling para

B.Purwakanthi sastra
Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan) Tuladha :

Tata titi Tatas titis

Cecer cicir cewet

Kala kula kelas kalih kula kulak kalo

C.Purwakanthi basa/lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane
gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :

Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani

Bayem arda, ardane ngrusak busana

Kolik priya, priyagung anjani putra

4. Purwakanthi lumaksita
Urip iki ora angel,
angele sok ginawe dhewe,
dheweke tan ngrasa bisa,
bisane mung nyadhong dhawuh,
dhawuhe Kang Murba Amasesa.
Ngelmu iku luwih pangaji,
ajine datanpa tandhing,
tandhingna bandha lan arta,
arta iku gampang sirna,
sirnane tan petung wektu,
wektune ilang saben mangsa,
mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu.
5. Kajaba iku uga bisa migunakake istilah: purwakanthi purwawanda, purwakanthi madyawanda,
wasanawanda, purwagatra, wasanagatra, lan sapanunggalane.

CONTO GEGURITAN

PETENGING WENGI
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

Das könnte Ihnen auch gefallen