Sie sind auf Seite 1von 3

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD) PERTEMUAN KEDUA

Nama :Ali Irawan


Kelas
:XII MIPA 6
No. Absen : 2

Judul : Menelaah teks geguritan.


Mapel : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XII/Gasal
Alokasi Waktu : 60 menit
KD : 3.2 Menelaah teks geguritan.
IPK : 3.2.1 Mengidentifikasi struktur teks geguritan.
3.2.2 Menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam teks
geguritan. Tujuan Pembelajaran : 1. Peserta didik dapat mengidentifikasi struktur teks
geguritan.
2. Peserta didik dapat menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam teks
geguritan.

Tugas Mandiri
1. Wacanen teks geguritan “Dakkudange Anakku” iki!

Dakkudange Anakku
Dening: Arih Numbara

dakkudange anakku sing lanang dhewe


dadia satriya lelananging jagad lancuring bawana
dadia wong prawira punjul ing apapak mrojol ing akerep

kowe pengin kaya Janaka


wong wadon awujud priya
wani wirang wedi pralaya?

kowe pengin kaya Karna


karoban budi
nyimpang tumindak adi?

kowe pengin kaya Kresna


kanthi amping-amping kersane Widhi
ing paprangan laku cidra?

apa pengin kaya Sengkuni


amarga ambisi
laku culika adol ajining dhiri?

aja kaya sapa-sapa, Ngger


dadia dhiri pribadi
wedi wirang wani mati

dakkudange anakku sing lanang dhewe


dadia satriya lelananging jagad lancuring bawana
dadia wong prawira punjul ing apapak mrojol ing akerep

2. Isine teks geguritan miturut struktur fisike!


No. Struktur Fisik Katrangan
1. Pamilihane Tembung - wirang (isin)
(Diksi) - Pralaya(mati)
- Widhi (tunggal)
- punjul ing apapak mrojol ing akerep (jalma sing pinunjul saka kanca-kancané
bisa mrantasi sakèhing prakara lan tansah ucul saka bebaya lan rubéda.)
2. Pengimajinasian a. Dakkudange anakku sing lanang dewe ( uwong sing maca ngarasakake
kejadian kayata di kudang simboke pas zaman cilik)
b. Kowe pingin kaya Kresna
Kanthi amping - amping kersane widhi
Ing paparangan laku cidra ? (Uwong sing maca iki ngrasakake ning kahanan
paparangan ,ningali kresna cidra ing paparangan )
3. Majas dadia satriya lelananging jagad lancuring bawana
(artine : ora mung saka fisike sing ganteng lan sakti nanging saka sifat lan
keikhlasane yen ngemban amanat ,kalebu majas simile ,yaiku mbandingke
kegiatan gunakake ungkapan makna sing pada lan disampekke luwih lugas)
4. Purwakanthi - lelananging jagad lancuring buwana
- punjul ing apapak mrojol ing akerep
- amping-amping kersane widhi
- wedi wirang wani mati
3. Isine teks geguritan miturut struktur batine!
No. Struktur Batin Katrangan
1. Tema Kasih sayang wong tuwa kanggo anak
(Bakuning Gagasan)

2. Nada lan Swasana Nada : Menehi pitutur marang anake


Swasana : percaya diri

3. Amanat (Pitutur) Dadiya awakmu dhewe kang wedi wirang wanimati

Das könnte Ihnen auch gefallen