Sie sind auf Seite 1von 7

Kelas X

Basa krama lugu ingaranan uga basa Krama Madya


yaiku basa sing tembung-tembunge ing sajrone
ukara migunakake tembung krama kabeh, tanpa
kacampuran krama inggil. Titikan/ ciri-ciri basa
krama lugu (madya):
1. Tembung
 Tembung-tembunge krama ora kecampuran
krama inggil
 Ater-ater lan panambang dikramakake
 Tembung ku owah dadi kula
 Tembung kowe owah dadi sampeyan
2. Kanggone
 Guneme kanca padha kanca sing durung kulina,
Tuladha: Pak adi, kula mangke badhe ningali
bal-balan, sampeyan napa tumut?
 Guneme wong tuwa marang wong enom sing
durung kulina, Tuladha: nak, sampeyan sampun
kesah sakmenika!
 Guneme wong marang tepungan anyar (ing
pasar, terminal, lsp) tuladha : mas, mangga
tumut colt kula, enggal bidhal kok!
 Guneme tenaga kasar marang juragane, tuladha:
bos, lare-lare sampeyan tumbasaken rokok,
supados boten angop mawon!
 Guneme batur marang juragane, tuladha: bu,
niki sampun jam sanga, sampeyan siyos kesah
jam pinten?
Basa krama alus ingaranan uga basa Krama Inggil
yaiku basa sing tembung-tembunge ing sajrone
ukara migunakake tembung krama lan
kacampuran krama inggil. Titikan /ciri-cirine
basa krama alus (inggil):
1. Tembung
 Tembung-tembunge krama kecampur krama
inggil
 Ater-ater lan panambang dikramakake
 Tembung ku owah dadi kula
 Tembung kowe owah dadi panjenengan
 Kang dikramakake inggil: perangane awak,
sandhangan, lan kriyane wong sing diajak
guneman lan wong sing digunem
2. Kanggone:
 Gunemane anak marang wong tuwane,
tuladha: pak, panjenengan mangke punapa
siyos tindak kaliyan pakdhe?
 Gunemane abdi/rewang marang bendarane/
juragane, tuladha: bu, kalawau wonten tamu
madosi panjenengan.
 Gunemane ngisoran/ andhahan marang
dhedhuwurane, tuladha: pak, panjenengan
kemawon ingkang paring dhawuh pangandika!
 Gunemane wong kaprenah enom marang
kaprenah tuwa, tuladha: mangga dhe,
panjenengan pinarak rumiyin!
a. Ukara-ukara ngisor iki owahana supaya dadi
basa krama lugu (madya)!
1. Aku melok ibu menyang pasar
2. Aku dikongkon tuku jeruk manis rong kilo
3. Jeruke dakgawa mulih kanthi ngati-ati
4. Jeruke diwadhahi tas kresek warna putih
5. Aku mulih numpak becak karo ibuku
b. Ukara-ukara ngisor iki owahana supaya dadi
basa krama alus (inggil)
1. Ibu menyang pasar karo adhiku
2. Adhik dikongkon ibu tuku jeruk manis rong
kilo
3. Jeruke wis digawa mulih ibu kanthi ngati-ati
4. Jeruke arep digawa ibu menyang omahe
embah putri
5. Ibu mulih saka pasar numpak becak motor
aliyas bentor

Das könnte Ihnen auch gefallen