Sie sind auf Seite 1von 7

A.

BAHAN BACAAN
1. Pangertene geguritan
Geguritan yaiku uran-uran utawa karangan kang kaya tembang, nanging guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagunipun ora ajeg. Geguritan uga duweni pangerten yaiku
Reriptan minangka wujud saka wedharan gagasan utawa rasa pangrasane pangripta.
Geguritan uga duweni pangerten yaiku karya sastra kang awujud saka rarasing ati kang
diungkapake dening penyair ngagem basa kang endah.

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Tegese
ukarane ora nggladrah,tembunge duwe makna kang jero, lan nggunakake tembung-
tembung rinengga (purwakanthi swara, basa, lan sastra). Geguritan iku kalebu puisi
Jawa modheren, amarga ora kawengku dening pathokan tinamtu kaya dene tembang
macapat.

Geguritan kang migunakake basa Jawa kuna dkenal wujud geguritan kang di arani
kakawin. Wujud prosane sinebut parwa. Ing Jawa tengahan utawa jaman Majapahit,
geguritan katelah kidung. Ing jaman Mataram tekan jaman Surakartanan geguritan katelah
tembang, wujude tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik utawa macapat.

Ana bab-bab kang kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku bab teknis lan bab
non teknis.
Kang kalebu bab teknis yaiku:

 sadurunge maca kudu mangerteni surasa geguritan. Carane kanthi maca batin
mrih magerteni surasane.
 Goleki tembung-tembung sing digunakake kanggo ngemot surasane geguritan.
 Maca kanthi tembun-tembung kang cetha (lafal) lan jeda kang trep adhedhasar
surasane tembung, kang ngemot teges.
Kang kalebu bab non teknis yaiku:

 Gatekake panggonan pamaca.


 Nyetitekake para pamirsa nalika maca.
2. Perangan geguritan
Perangan geguritan ing antarane yaiku :
Geguritan kabagi dadi 2 jenis
a. Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional)
Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) yaiku susastra Jawa kang awujud
tembang.
Tembang tradisional kaperang dadi 3 :
Tembang cilik (macapat) : maskumambang, mijil, sinom, asmaradana, gambuh,
kinanthi, dandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung.
Tembang tengahan : girisa, jurudemung, balabak,
wirangrong. Tembang gedhe : kusumastuti, pamularsih,
retnamulya.

Paugeran Geguritan Gagrag Lawas :


a. Nggatekake wirama sajroning maca yaiku kanthi cara ditembanagke.
b. Paham laras, titilaras, cengkok, gregel, lan luk.
c. Pangucapane kudu cetha supaya pamireng bisa mahami isi tembang.
d. Bisa dibedhakake purba andhegan ing tengah gatra, pungkasane gatra, lan
pungkasane pada.
e. Kaiket dening paugeran yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu. Tembung kawiwitan “sun gegurit”
b. Geguritan gagrag anyar (geguritan moderen)
Geguritan gagrag anyar (moderen) yaiku geguritan kang nggunakake basa Jawa
jaman saiki lan ditulis nganggo aksara latin, lan wis nggunakake kertas.

Paugeran Geguritan gagrag Anyar :


Sipate bebas lan mardika.
Ora kaiket dening
paugeran.
Mujudake ekspresi jiwa panyerat sajrone nanggepi prastawa kang dialami, diweruhi,
kahanan sakwa tengene, panguneg uneg, gegayuhan, wawasan, lan liya liyane.
3. Unsur-unsur pembangun geguritan
Unsur Intrinsik (ing jero) :
a. Tema
Yaiku inti prakara kang diangkat ing geguritan.
Tema iku maneka warna manut daya pikire pangripta.
Tuladhane kaya ta katresnan, lingkungan, agama, kasusahan,
lsp.
b. Gambaran pangindran
Gambaran pangindran bisa digunakake kanggo nemokake isine geguritan dening
pamaca.
Gambaran pangindran kaperang dadi 4 :
1. Pangindran pangrasa : gegayutan karo ati.
2. Pangindran pandeleng : gegayutan karo mripat.
3. Pangindran pangrungu : gegayutan karo kuping.
4. Pangindran pangambu : gegayutan karo irung.
c. Dhiksi
Yaiku pilihan tembung kanggo ngasilake geguritan kang trep lan
endah. Dhiksi bisa nggunakake :
1. Basa rinengga
2. Plutan
3. Wancahan
4. Dasanama
5. Majas
d. Rima
Unen – unen kanthi dibolan baleni kang dadekake geguritan katon endah jalaran
duweni wirama.
Tuladha :
Eling mitraku...eling...
Anakku...sun kekudang bisoa nggayuh
lintang anakku...
e. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku tetembungan kang runtut karo tembung mburine ngenani swara,
sastra, utawa tembunge.
f. Amanat
Yaiku pesen kang diandharake pangripta marang pamaca liwat sajroning geguritan.

Unsur Ekstrinsik (ing njaba) :


a. Piwulang
b. Sosial
c. Biografi
4. Tuladha teks geguritan
Sega kenduri

Ngger, anakku aku dak


kandha Coba di rungu lan
di rasa Delengen sega
kenduri iki Biyen dadi
pangajab kang siji Nalika
bapak isih bocah
Sega iki tansah di
rayah Merga jaman
larang upa Ora saben
dina muluk sega Beda
karo saiki
Sega kenduri ra di ajeni
Mangka sega iki
mberkahi Di wenehi
kanti iklasing ati Mula
ya ngger ….
Sega iki ojo di enggo dolanan
Yen pancen gelem ayo di
pangan dene yen mamang
pasrahna liyan Kareben sega
iki di pangan

5. Trap-trapane nulis geguritan


a. Nemtokake ide/tema, ditindakake kanthi nglumpukake utawa golek informasi
lumantar maca, nonton, lan ngrasakake marang prastawa lan pengalaman pribadi,
sosial masyarakat, utawa universal (kamanungsan lan kketuhanan)
b. Nyaring, milih utawa nyaring informasi (prastawa,tema,ide,gagasan) kang narik
kawigaten saka tema kang dienggo.
c. Ngripta geguritan, minangka proses kang kudu ditindakake kanthi teliti, awit panulise
mbutuhake kreatifitas,intuisi,lan imajinasi,sarta pangalaman lan kaprigelan.

- GLOSARIUM
Geguritan yaiku uran-uran utawa karangan kang kaya tembang, nanging guru
gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun ora ajeg. Geguritan uga duweni pangerten yaiku
Reriptan minangka wujud saka wedharan gagasan utawa rasa pangrasane pangripta.
Geguritan uga duweni pangerten yaiku karya sastra kang awujud saka rarasing ati kang
diungkapake dening penyair ngagem basa kang endah.

B. DAFTAR PUSTAKA
- Gandung Widaryatmo, dkk. 2016. Prigel basa jawa SMA/MA SMK/MAK KelasX.
Jakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.
- Setiawan Heri. 2014. Mumpuni Basa Jawa 3 Kangge
SMA/MA/SMALB/SMK/MAK. Surakarta. Tiga Serangkai
- https://www.pintarnesia.com/geguritan/

C. LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD)

LKPD 1

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK

Kelas :
Hari/Tanggal :
Nama Kelompok :
Anggota Kelompok :
1.
2.
3.
4.

TUJUAN

Melalui LKPD 1 ini secara berkelompok kalian akan melakukan aktivitas untuk mampu:
1. Mengamati video geguritan di youtube !
2. mengobservasi geguritan tersebut dan mencatat masalah-masalah yang ditemukan.
Bila diperlukan peserta didik dapat mengajukan pertanyaan berkenaan masalah yang
ditemukan.
3. mengidentifikasi struktur dan kaidah geguritan.

Petunjuk Kerja

Setiap kelompok memperoleh permasalahan yang harus diselesaikan bersama-sama. Cermati


setiap pertanyaan/instruksi yang diberikan pada LKPD ini. Berdiskusilah secara aktif dalam
kelompok, kemudian isikan jawaban pada tempat yang disediakan. Dipersilakan memanfaatkan
berbagai referensi yang sesuai untuk menyerlesaikan masalah, termasuk dari internet.
KEGIATAN 1

1. Pangertene geguritan :
2. Surasa Geguritan kasebut yaiku
3. Unsur-unsur intrinsic kang kaandhut ana ing geguritan kasebut:
a. Tema :
b. Tokoh :
c. Penokohan :
d. Alur :
e. Setting :
f. Amanat :
4. Pokok-pokok isi geguritan ............
KEGIATAN 2.

- Gawenen teks geguritan geguritan adhedhasar tema kang ana ing sakupengmu!
Tuladha :
Sega kenduri

Ngger, anakku aku dak kandha


Coba di rungu lan di rasa
Delengen sega kenduri iki
Biyen dadi pangajab kang siji

Nalika bapak isih bocah


Sega iki tansah di rayah
Merga jaman larang upa
Ora saben dina muluk sega

Beda karo saiki


Sega kenduri ra di ajeni
Mangka sega iki mberkahi
Di wenehi kanti iklasing ati

Mula ya ngger ….
Sega iki ojo di enggo dolanan
Yen pancen gelem ayo di pangan dene yen mamang pasrahna liyan
Kareben sega iki di pangan

Das könnte Ihnen auch gefallen