Sie sind auf Seite 1von 10

Standar Kompetensi

Memahami berbagai wacana lisan tentang


bahasa dan sastra dalam kerangka budaya
Jawa melalui menyimak cerita atau informasi
dari berbagai media
Kompetensi Dasar
Memahami geguritan yang dibacakan atau
melalui media.
Saka tembung gurit sing tegese kidung,
tembang utawa tulisan sing wujude ukiran
utawa tatahan.
Geguritan/gurita: puisi jawa.
Geguritan ora ditembangake nanging diwaca
nganggo wicara, wirama, wirasa lan wiraga
manut surasane.
Mengku teges kang ora mlaha lan ora
sakmesthine (konotatif)

1. Geguritan tradisional
2. Geguritan modern.
Geguritan nganggo paugeran-paugeran
tartamtu, kayata cacahing larik saben pada
(bait), cacahing wanda saben larik uga
dhongdhinge swara (persajakan).
Golongane :
Parikan
Wangsalan
Tembang macapat
Tembang tengahan
Tembang gedhe
Ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran
kaya kang ana ing geguritan tradisional.
Tegese saben pada (bait) ora ditemtokake
cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake
cacahe wanda lan dhongdhinge swara
(persajakan).
Pangripta mardika (bebas) anggone medharake
karep.
Mula geguritan modern uga diarani geguritan
bebas utawa kang saiki lumrah diarani
geguritan.
1. Temtokna luwih dhisik underaning gagasan (tema)
kang arep
dirembug.
2. Yen undheraning gagasan wis ditemtokake banjur
dimligekake
(spesifikasi).
3. Tema kang wis dimligi mau gawea cengkorongane
(kerangka).
4. Saben cengkorongan mau udhalen mawa
tembung-tembung lan tatanen ing larik-larik.
5. Kanggo nambahi endahe, gunakna purwakanthi,
baliswara, pepindhan utawa tembung kawi kanthi
cara golek ing kamus.

Tuladha parikan:
Wedang bubuk, gula Jawa.
Ateges: Yen kepethuk, ati lega.
Sepet-sapet, sawone mentah.
Ateges: Diempet-empet, selak ra betah.
Manuk emprit, menclok godhong tebu.
Ateges: Dadi murit, sing sregep sinau.
Tuladha wangsalan:
Jenang gula, kowe aja lali (jenang gula=glali)
Mbalung janur, gelema paring usada. (balung
janur=sada)

Das könnte Ihnen auch gefallen