Sie sind auf Seite 1von 4

TUGAS BASA JAWA

“Geguritan Gagrag Lawas”

Disusun Oleh :

Kelompok 5

Nama : Ananditya Damayanti (05)


Ari Ambarwati (06)
Devani Ragil Primawati (09)
Okta Viana Jionti Putri (26)

Kelas : XI – MIPA 4

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA


UPTD SMA NEGERI 2 NGANJUK
Jalan Anjuk Ladang Nomor 9 Telp. (0358) 322585 Nganjuk 64417
TAHUN PELAJARAN 2016/2017
GEGURITAN GAGRAG LAWAS
Geguritan gagrag lawas / kuno.
Geguritan gagrag lawas / kuno iku geguritan kang isih kaiket ing
weawaton (guru gatra, guru wilangan, guru lagu) kaendahane ana ing
tembunge/diksine, migunakake purwokanthi.

Geguritan gagrag lawas ( geguritan tradisional ) iku darbe


paugeran mangkene :
 Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana
patang gatra
 Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda
 Dhong – dhingeing swara ing saben pungkasaning gatra ngganggo
purwakanthi guru swara ( kaya syair ing Kasusrastran Indonesia )
 Lumrahe dipurwakani ngganggo tembung sun gegurit utawa sun
anggurit
 Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : umpamane bab
tatakrama
Tuladha geguritan gagrag lawas :

Sun Gegurit
Kahanan jaman saiki
Sipat pemudha – pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa Ngati – ati

Yen manut wasiteng kuna


Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa
Unsur Geguritan.

1) Struktur Fisik
a) Pamilihe tembung (diksi). Tembung ing geguritan asil saka pamilihe
tembung kanthi setiti. Tembung ing geguritan nduweni ateges entar
(kias).
→ Geguritan ing dhuwur ngagawe basa jawa kuno.
b) Tipograf
Wujud geguritan ing dhuwur yaiku barisana rata ing sandhing kiwa.
→ Bait 1 = Guru gatra ana 6 baris
Guru wilangan lan lagu ana 8i, 8i, 7i, 8i, 8i, 7i
Bait 2 = Guru gatra ana 6 baris
Guru wilangan lan lagu ana 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a
c) Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo
nyaritakake sawijing bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa
tembung liyane.
→ Tan kadi duk jaman nguni (Majas Perbandingan)
d) Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung,
kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara.
→Ing geguritan kasebut ing pungkasaning gatra/ baris nganggo wewaton
rumtute swara “i” lan “a” / purwakanthi guru sastra.
e) Citraan
→ Geguritan ing dhuwur nduweni citraan perasaan.

2) Struktur Batin. Struktur batin ing geguritan kaperang dadi papat, yaiku
(a) Bakuning gagasan/ tema → Sikap e pemudha - pemudhi sing gak karuan.
(b) Pangrasane penyair→ Prihatin.
(c) Nada utawa sikap penyair marang “pembaca”→ Lemah lembut,
menghayati.
(d) Amanat/ pesen → Kita sebagai pemudha – pemudhi ojo gawe rusak
bangsa, kudu bisa banggakake negara lan agama.

Das könnte Ihnen auch gefallen