Sie sind auf Seite 1von 1

Guruku

( Sutapa, W.R )

wingi nalika sikil iki

tumapak sandhuwure bumi

durung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka

alip, ba’, ta’, apa dene good morning teacher!

lumakuning srengenge wis ganti

panyawangku dadi padhang

terawangan

rasaku sangsaya …

ora bisa dakgambarake

sih tresnamu nabet njanget

sajroning atiku

lamun tanpa panjenengan

bisa apa aku nepaki bumi iki?

leladimu marang aku

ora timbang karo piwalesku

bu guru, pak guru

jangkahku isih adoh

uripku isih nyamut-nyamut

sethithik setetes bun esuk

iku wis cukup

tinimbang banyu sekendhi

marakake ati mati

lepasen lakuku

lilakna labuh labetmu

dak umbare gagasanku

sedyaku kasembadan

donga pangestumu

nuntun marganing sedyaku

Das könnte Ihnen auch gefallen