Beruflich Dokumente
Kultur Dokumente
WULANGAN 5
HALAMAN 24
Pesisir Watu Ulo
Liburan semesteran wingi aku diajak Bapak lan Ibuku dolan menyang pesisir Watu
Ulo ing tlatah Kabupaten Jember. Pesisir Watu Ulo memper karo pesisir Sanur utawa
pesisir Kuta ing Bali. Kahanan alame kang jembar tanpa aling-alingan. Ing wayah esuk
bisa ndeleng jumedhule srengenge saka dhasare bumi. Ing wayah sore bisa nonton
lakune srengenge kang pindha ‘bal emas raseksa’ sethithik mbaka sathithik ambles ing
dhasare bumi.
Alune ombak kang anteng sesandhingan karo rungkute alas sakupenge. Kahanan mau
nambahi eloke kawasan pesisir ing Kecamatan Ambulu iki. Para tamu sing kepengin
nginep uga bisa, jalaran wis disedhiani hotel kang jarake ora adoh karo segara. Mula
swarane ombak keprungu pating jlegur saka papan panginepan.
Ing kiwa-tengene pesisir Watu Ulo isih akeh tinemu kewan kayadene kethek lan
maneka warna jinis manuk. Kethek-kethek mau bisa diajak gegojegan ing wayah sore.
Nanging aja coba-coba ngganggu gawe yen ora kepengin padha ngamuk. Kewan-kewan
mau bakal kesenengen yen diwenehi kacang utawa gedhang.
Ana maneh kang dadi tontonan, yaiku lawa kang cacahe ewon. Adate kewan
iki mbrudhul metu saka lambene guwa ing wayah sore lang ing parak esuk
grombolan lawa teko mlebu menyang njero guwa. Telek lawa bisa dipanen lan
diedol minangka rabuk guano.
Ing sakupenge Watu Ulo isih akeh tinemu guwa-guwa tinggalane Jepang
utawa bunker. Sing kang liyane, ana gunung loro kang dhuwur ing lawangane
Watu Ulo. Gunung kekarone katon ngrembuyung subur. Akeh tetuwuhan,
gegrumbulan, lan pasuketan kang njalari pesisir Watu Ulo seje karo pesisir
liyane. Ombak kang bakal ngantem pesisir ditamengi mula keprungu luwih
lembut lan ora ngganggu wisatawan kang lagi adus.
Tegese tembung HALAMAN 25
1. pesisir = pantai
2. jembar = luas
3. aling-alingan = halangan
4. pindha = seperti
5. sethithik mbaka sethitik = sedikit demi sedikit
6. rungkute = lebat
7. eloke = keindahan
8. gegojegan = bercengkrama
9. ngganggo gawe =menggoda, mengganggu
10.rabuk = pupuk
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi becik!
1. Apa irah-irahe wacan ing ndhuwur?
Pesisir Watu Ulo.
2. Kapan bapak lan ibu ngajak dolan ing pesisir Watu Ulo?
Liburan semesteran wingi.
Bu Rini : Dhek wingi kowe tak utus fotokopi buku, apa wis rampung Tut?
Tutik : Sampun bu.
Pak Jono: Jarene arep ana lomba maca puisi. Apa kowe arep melu lomba , ta
Sus?
Susi : Nggih, ajeng tumut lomba.
Basa Alus (Krama Inggil)
1. mangan = dhahar
2. ngombe = ngunjuk
3. turu = sare
4. lungo = tindak
5. nonton = mirsani
6. duwe = kagungan
7. tuku = mundhut
8. adus = siram
9. teka = rawuh
10.mulih = kundur
11.nggawa = ngasta
A. Tembung Camboran
Tembung camboran yaiku:
tembung loro utawa luwih sing dienggo bebarengan lan nduweni teges siji
Tembung camboran kaperang dadi 2, yaiku tembung camboran wutuh lan tembung camboran
wancahan.
1. Tembung camboran wutuh tegese tembung sing dicambor arupa tembung wutuh.
Tuladha:
- nagasari
- pamong praja
- madu mangsa
- semar mendem
- sawo mateng
- tanggung jawab
- raja kaya
2. Tembung camboran wancahan tegese:
Tembung sing disuda wandane (suku kata-ne) salah siji utawa kabeh (loro
karone).
Tuladha:
- bangjo = abang ijo
- dubang = idu abang
- lunglit = balung kulit
- paklik = bapak cilik
- dhewur = gedhe dhuwur
- pakdhe = bapak gedhe
B. Ukara Andharan (Kalimat Berita)
Ukara andharan yaiku ukara sing isine ngandhakake utawa nyritakake sawijining bab
marang wong liya.
Tuladha:
1. Dina Minggu aku arep menyang pasar.
2. Daleme bulik ana ing Jakarta.
3. Bapak tindak kantor esuk mau .