Sie sind auf Seite 1von 3

Pada 7

Lire sarengat iku,

kena uga ingaranan laku,

dihin ajeg kapindhone ataberi,

pakolehe putraningsun,

nyenyeger badan mwih kaot.

Gancaran :

saktemen e sariat kui,

isoh di sebut olah,

kang sifat e ajeg lan tekun,

putraku hasil sariat yaiku,

isoh nyegerake awak supaya luwih apik.

Wos :

Sariat iku ajeg lan tekun sing bisa nyegerake awak supaya luwih apik

Amanat :

Kita kudu ajeg lan tertib supaya awak dadi sehat

Pada 8
Wong seger badanipun,

otot daging kulit balung sungsum,

tumrah ing rah memarah antenging ati,

antenging ati nunungku,

angruwat ruweting batos.

Gancaran :

Awak seger buger

otot daging kulit lan balung sumsum e dadi seger,

ngaruhake geteh, ngawe tentrem ing ati.

Ketrentremen ati mbantu,

ngresikake kusut e batin.

Wos :

Katentreman ati mbantu ngresiki kusut e batin

Amanat :

Awak sing sehat iku marai tentrem ati

Pada 9

Mangkono mungguh ingsun,

ananging ta sarehne asnafun,

beda-beda panduk panduming dumadi,


sayektine nora jumbuh,

tekad kang padha linakon.

Gancaran :

Ngonokui miturut ku ,

nggere aarga wong kui beda beda,

beda pula garis nasib seko kang maha kuasa.

Saktemene ora cocok,

tekad kang pada dilakoni kui.

Wos :

Wong kuwi beda, uga beda yaiku garis nasib saka Gusti Allah.

Amanat :

Kita kudu nerima nasib elek utawa apik saka Gusti

Das könnte Ihnen auch gefallen