Sie sind auf Seite 1von 2

PEMERINTAH KABUPATEN KENDAL

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SDN 2 PEGULON
Jl. Stadion No. 2 Kendal  51313 (0294) 384862
Email : sd2pegulon@gmail.com

PENILAIAN HARIAN TEMA 2

MATA PELAJARAN : Bahasa Jawa.


TEMA : Kepahlawanan
SUB TEMA : -
KELAS/SEMESTER : III / I
WAKTU :
PELAKSANAAN TANGGAL : Jum’at, 18 September 2019
I. Wenehana tanda pingng (X) aksara a, b, c utawa d ing sangarepe pratelan kang paling bener !

Wacanen kanthi setiti !


Ki Hajar Dewantara

Donyaning pendidikan ing Indonesia kuwi ora bisa pisah karo jeneng Ki Hajar Dewantara. Merga
labuh labete Ki Hajar Dewantara ing babagan Pendidikan, mula Pamarentah Indonesia netepake tanggal 2
Mei minangka Hari Pendidikan Nasional sing kerep dicekak dadi Hardiknas.
Tanggal 2 Mei kuwi dipilih amarga tanggal kuwi tanggal wiyose Ki Hajar Dewantara..
Nalika isih timur, Ki Hajar Dewantara kuwi asmane R.M. Suwardi Suryaningrat.
Nalika Tanggal 3 Juli 1922 piyambake ngedekake sekolah sing banjur kesuwur nganti seprene,
yaiku Sekolah Taman Siswa.
1. Donyaning penddidikan ing Indonesia kuwi ora bisa pisah karo jeneng Ki Hajar Dewantara, amarga ...
a. labuh labete Ki Hajar Dewantara ing babagan pendidikan.
b. labuh labete Ki Hajar Dewantara ing babagan seni budaya.
c. labuh labete Ki Hajar Dewantara ing babagan makarya
2. Pamarentah Indonesia netepake minangka Hari Pendidikan Nasional yaiku saben tanggal ....
a. 28 Oktober
b. 2 Mei
c. 20 Mei
3. Nalika isih timur Ki Hajar Dewantara iku asmane ....
a. R.M. Surya Diningrat.
b. R.M. Suryo Diputro.
c. R.M. Suwardi Suryaningrat.
4. Ki Hajar Dewantara ngedekake sekolah sing kesuwur nganti seprene yaiku ....
a. Sekolah Taman Siswa.
b. Sekolah Taman Kanak-kanak .
c. Sekolah Siswa.
5. Tanggal 2 Mei dipilih amarga tanggal kuwi tanggal wiyose Ki Hajar Dewantara. Wiyose tegese ....
a. kondure
b. lahire
c. sedane
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki ngangngo tembung kang mathuk !

Wacanen kanthi setiti !


Pangeran Diponegoro

Pangeran Diponegoro kuwi putra sulung Hamengkubuwono III, raja Mataram ing Yogyakarta.
Minangka tanggal wiyosane , yaiku 11 November 1785. Nalika isih timur asmane Raden Mas Antawirya.
Pangeran Diponegoro satemene digadhang dadi raja, ananging ora kersa. Malah pilih cedhak marang
kawula alit. Pangeran Diponegoro luwih seneng nyinau babagan agama, mula piyambake banjur manggon
ana ing Tegalrejo, panggonane eyang buyute, yaiku Ratu Ageng Tegalreja.
Perang diponegoro kawiwitan nalika Walanda masang pathok ing tanahe Diponegoro ing Desa
Tegalrejo.Sikape Diponegoro kang nentang Walanda secara terang-terangan kuwi entuk simpati lan
dukungan saka rakyat. Kanthi saran Pangeran Mangkubumi, Diponegoro nyingkir saka Tegalrejo, banjur
gawe markas ing sawijining guwa kang aran Guwa Selarong.
Jroning perjuangan, Pangeran Diponegoro dibantu dening putrane kang asma Bagus Singlon utawa
Ki Sadewo.Pangeran Diponegoro uga entuk panyengkuyung dening Kyai Maja, yaiku salah sawijining tokoh
agama saka Surakarta.
Perang Diponegara kawiwitan tahun 1825 nganti 1830. Perang Diponegoro kuwi minangka perang
sing paling gedhe diadhepi Walanda. Perang iki murub sakindening tanah Jawa.Mula perang iki uga diarani
Perang Tanah Jawa. Perang iki gawe kapitunan gedhe tumrap Walanda.

6. Ramane Pangeran Diponegoro, yaiku ....


7. Pangeran Diponegoro nalika isih timur asmane .......
8. Pangeran Diponegoro ora kersa ana ing kraton banjur manggon ana ing ....
9. Perang Diponegoro kawiwitan nalika Walanda masang pathok ana ing ....
10. Kanthi saran Pangeran Mangkubumi, Diponegoro nyingkir saka Tegalrejo, banjur gawe markas ana ing
....
11. Jroning perjuangan, Pangeran Diponegoro dibantu dening putrane kang asma ....
12. Pangeran Diponegoro uga entuk panyengkuyung dening tokoh agama ing Surakarta yaiku ....
13. Perang iki gawe kapitunan gedhe tumrap Walanda. Kapitunan tegese ....
14. Perang Diponegoro kawiwitan tahun ............ nganti ............
15. Nalika isih timur Ki Hajar Dewantara iku asmane Suwardi Suryaningrat. Tembung asmane tegese ......
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi ringkes lan bener !
16. Apa jalarane Pemerintah Indonesia netepake saben tanggal 2 Mei minangka Hari Pendidikan Nasional ?
17. Kapan Ki Hajar Dewantara ngedekake Sekolah Taman Siswa ?
18 Apa sebabe Pangeran Diponegoro ora kersa dadi raja ?
19. Apa jalarane Perang Diponegoro diarani Perang Tanah Jawa ?
20. Sapa asmane eyang buyute Pangeran Diponegoro ?

&&&sya&&&

Das könnte Ihnen auch gefallen