Beruflich Dokumente
Kultur Dokumente
JEMAAT BABATAN
WARTA JEMAAT
Minggu, 17 Maret 2024
Edisi : 11/III/2024
I. RENUNGAN
MINGGU PRA PASKAH 5
Tema Liturgis : Tema Kotbah :
“Ketaatan kepada Allah Membuahkan “Ketaatan Kristus Membuahkan
Perdamaian dan Keadilan Sosial” Perdamaian”
(Yokanan 12 : 20 - 33 )
“Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: ”Wus tekan wektune
Putrane Manungsa kaluhurake.” (Ayat 23)
Wonten ing jagad punika wonten nami-nami tiyang ingkang misuwur awit gadhahi wibawa,
kharisma saha talenta ingkang pinunjul, mila kathah tiyang ingkang kepingin pinanggih
priyantun kalawau. Asmanipun Gusti Yesus ugi mekaten, rupinipun asmanipun Gusti Yesus
sampun kawentar dumugi ing sakjawinipun Israel ngantos tiyang-tiyang Yunani kepingin
pinanggih Panjenenganipun. Kenging punapa tiyang-tiyang Yunani kalawau kepingin pinanggih
Gusti Yesus? Tamtu kathah sebab-musababipun, antawisipun tiyang-tiyang Yunani punika mireng
bilih Gusti Yesus kawentar saged nyarasaken tiyang sakit, kados tiyang lumpuh, tiyang wuta,
tiyang bisu, ugi saged nangekaken tiyang pejah.
Menawi kita tliti kanthi lebet wangsulanipun Gusti Yesus dhateng Filipus lan Andreas ingkang
dados pantara pinanggihipun tiyang-tiyang Yunani kalawau tinemu janggal. Janggal awit Gusti
Yesus paring wangsulan bab wekdal lan kamulyan (Ay. 23). Gusti Yesus ngendikakaken bab
Sariranipun ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah kedah seda kangge milujengaken umat
manungsa. Gusti Yesus ngendikakaken bab kamulyan ingkang badhe dipun tampi saking Gusti
Allah ananging Panjenenganipun kedah nandhang kasangsaran, seda lan wungu ing tigang
dintenipun malih. Margi punika kedah katempuh dening Gusti Yesus supados manungsa mboten
nampi kasangsaran langgeng. Prastawa punika ingkang dados puncak rancanganipun Gusti Allah.
Sarana pangorbananipun Gusti Yesus punika, kita sedaya mboten nampi awrating bebendu
dosa inggih punika pati, ananging kita sami kaparingan gesang langgeng. Ing salebeting gesang
kita punika, kita kedah kiyat mikul salib awit saking kaleresan, kaadilan, kajujuran gesang kita.
Kita pikul kanthi tanggel jawab karana Gusti Yesus sampun prajanji maringi gesang langgeng ing
swarga kangge kita ingkang setya mikul salib. Dinten-dinten punika dados dinten wekasan ing
mangsa Pra Paskah, sumangga kita sami nyawisaken manah kangge methuk rawuhipun Gusti
Yesus ingkang kaping kalih. Pancen gesang ing dinten wekasan punika mboten gampil, kita
kedah nyuwun kakiyatan dhumateng Gusti supados kita mboten ajrih ngadepi kawontenan
donya punika. Kita tansah tatag lan saged nuladhani margi ingkang katempuh dening Gusti Yesus.
Amin. [Djian].
KETERANGAN:
Di BRI 43.868.555
Di BCA 4.582.871 Total dana cadangan th 2018-2023 58.321.384
Di Bank Jatim 1.744.000 Saldo 16 Maret 2024 (2.933.994)
Tunai 5.191.964 Total saldo per 16 Maret 2024 55.387.390
Total saldo per 16 Maret 2024 55.387.390
6
VII.2. WARGA HADIR : MINGGU, 10 MARET 2024
Tempat/ Hadir Jumlah Pers X' Per
Pukul Jumlah Jenis Pers Total
Kebaktian Lk Pr Pagi Sore Kapita
Di Gereja 07.00 52 72 124 Amplop Putih 1.366.000 283.000 1.649.000 13.298
Di rumah warga 07.00 0 Persepuluhan 1.870.000 1.000.000 2.870.000
Di Gereja 17.00 14 19 33 Syukur amplop merah 50.000 15.000 65.000
Pembangunan 466.000 65.000 531.000
Amplop Sidang MD 452.000 130.000 582.000
Jumlah 65.000
0 -
7
VII.6 PERSEMBAHAN SYUKUR / PERPULUHAN DAN PELAYANAN DUKA
Tanggal Kelompok Nomor Pelayanan Keterangan S y u k u r Keterangan Jumlah
Anggota D u k a Perpuluhan
10 Mar 24 Babatan timur 38 300.000 Jan-Des 2024 600.000 Jan-Mar 2024 900.000
10 Mar 24 Babatan timur 38 800.000 Sep-Des 2023 800.000
10 Mar 24 Babatan timur 185 240.000 Jan-Des 2024 100.000 Maret 2024 340.000
10 Mar 24 Babatan timur 308 20.000 Maret 2024 20.000
10 Mar 24 Babatan timur 358 350.000 Maret 2024 350.000
14 Mar 24 Babatan timur 25 240.000 Jan-Des 2024 240.000
14 Mar 24 Babatan timur 17 240.000 Jan-Des 2024 1.000.000 Maret 2024 1.240.000
10 Mar 24 Lidah Kulon 110 60.000 Jan-Mar 2024 60.000
14 Mar 24 Lidah Kulon 219 100.000 Febr-Jun 2024 100.000
-
-
-