Sie sind auf Seite 1von 8

WULANGAN 3

UNEN-UNEN JAWA
Basa Jawa
JINISE UNEN-UNEN JAWA

Paribasan yaiku unen-unen kang


ajeg panganngone, mawa teges
PARIBASAN
entar (kiasan) lan ora ngemu surasa
pepindhan.

Yaiku unen-unen kang ajeg


UNEN-UNEN JAWA BEBASAN panganggone mawa teges entar lan
ngemu surasa pepindhan

Yaiku unen-unen kang ajeg


panganggone lan ngemu surasa
SALOKA pepindhan, dene sing ngemu anggo
pepindhan iku wonge, lan iso anggo
pepindhan kewan utawa barang
TULADHANE PARIBASAN
1. Adigang, adigung, adiguna
– Tegese ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kapinterane
2. Ana catur mungkur
– Ora gelem ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga
3. Angon mangsa
– Golek wektu kang prayoga utawa golek wektu kang becik
4. Anak polah bapa kepradah
– Tegese wong tuwo nemu pakewuh amarga saka tumindake
anak kang kurang prayoga
5. Angon ulat ngumbar tangan
– Tegese ngulat-ulati limpene wong, tujuane arep njupuk
barang sing dilimpe mau
6. Becik ketitik, ala ketara
– Tegese tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe
mburine
TULADHA PARIBASAN
7. Njajah desa milangkori
– Tegese Mideri panggonan nganti tekan ngendi-endi
8. Abang-abang lambe
– Tegese guneme mung lamis
9. Wani ngalah luhur wekasane
– Wong kang ngalah bakal nemu kabegjan ing tembe
burine
10.Kenes ora ethes
– Tegese wong sing sugih nanging ora disenengi
11.Durung becus kaselak besus
– Seneng umuk nanging ora mrantasi kaya (sembada)
12.Sebaya pati sebaya mukti
– Bungah lan susah bakan dilakoni bebarengan
TULADHA PARIBASAN
13. jer basuki mawa bea
– Tegese samubarang gegayuhan utawa kabeh gegayuhan
mbutuhake ragat utawa biaya
14. nabok nyilih tangan
– Tumindak mulasara wong utawa gawe sengsarane wong
sarana kongkonan
15. rawe-rawe rantas, malang-malang putung
– Samubarang kang ngalang-alangi kekarepane bakal
disingkirake utawa dibrastha
16. sepi ing pamrih rame ing gawe
– Mbantu nyambut gawe mempeng utawa sregep tanpa
duwe pamrih
17. nulung menthung
– Wong katone mitulungi, nanging sejatine gawe rekasa
wong sing ditulungi.
TULADHA BEBASAN
1. Lambe satumang kari samerang
– Dituturi bola-bali meksa ora digugu
2. Mikul dhuwur mendem jeru
– Bisa njunjung drajate wong tuwo
3. Sedawa-dawa lurung isih dawa gurung
– Kabar iku mesti sumebar adoh lan adoh karo
kanyatane
4. Sepi ing pamriih rame ing gawe
– Nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan
apa-apa
TULADHA BEBASAN
1. Ungak-ungak pager arang
– Duwe milik (pengin marang) bandhane liyan.
2. Yitna yuwana, lena kena
– Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
3. Udan tangis
– Akeh wong sing kesusahan amarga ketaman
bencana
4. Cincing-cincing meksa klebus
– Karepe ngirit nanging malah entek akeh
TULADHA SALOKA
1. Kuntul diunekake ndhandhang
– Wong becik dianggep wong ala
2. Kutuk nggendhong kemiri
– Wong kang kanggo sarwa aji (apik) liwat dalan sing
mbebayani
3. Kodhok nguntal gajah
– Wong duwe kekarepan sing mokal kalakone
4. Kebo kabotan sungu
– Wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan
anak
5. Kebo nusu gudel
– Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
6. Jamur tuwuh ing sela
– Wong kang uripe memelas

Das könnte Ihnen auch gefallen