Beruflich Dokumente
Kultur Dokumente
A. PATHET NEM
Bedhol kayon, Dasamuka tancab tengah, iringan ketawang sinom laras pelog. Tokoh
widowati keluar dari tengah Dasamuka. Dasamuka terbangun sabet gerak. Sinom
telas, masuk sampak seseg. Togog mbilung datang, suwuk. Ada-ada lanjut dialog.
Ada-ada Girisa
Yaksa gora rupa ri sedheng narendra,
Yaksa lelaku, kang mawalya ingkang,
Gambira marangah, O, hangisis siyung mijil prabawa,
Lesus lir prakempa
Gora mawalikan, O.
DASAMUKA : Reca manik jatinjng alam, ya bandhaku ya donyaku, sektine wong sak
jagad, digdayaning wong sakjagad ora ana liya mung Dasamuka. Gog.
TOGOG : Kula wonten dhawuh sinuwun, wonten wigatos menapa dene kula
wawas sajak rongeh penggalihipun.
DASAMUKA : Bangsat elek, lekas wae aku nyupena bab widowati sing samengko
dikondhangake dening jagad wus manitis ing alam bumi iki. Nut ujare
mbok bakul sing sinambiwara, padha ngondhangake jarene atmaja putri
ing Manthili kuwi ayune tanpa tandhing, jenenge Shinta Gog. Mula
gupuhing rasaku, gita-gita sedyaku kepingin ngupadi lan mboyong
titising widowati kuwi mau gog.
TOGOG : waduh bab menika sakpangertosan kula leres wontenipun, nanging....
DASAMUKA : nanging apa gog?
TOGOG : sampun ginarwa dening putra nata Ngayodya kekasih Raden Rama.
DASAMUKA : wahahahaha mbuh ora idhep. Bah wis digarwa apa urung kuwi keri,
bakune tumrap Dasamuka, gagah-gagahe wong lanang kuwi yen wis
bisa mboyong bojone kancane. Yen cara tembunge sing mentereng
Bojomu Semangatku.... kuwi Dasamuka gog.
TOGOG : wooolhaaaa.... Sampun mekaten, mbok enget sinuwun. Sedaya menika
menawi kladuk anggenipun tumindhak sisip sembire kurang-kurang
begjane, bakal ngundhuh wohing pakarti lhoo..
DASAMUKA : Druhun.... Ora gagas undhuh"ane, sing tak arah mengkone widowati
nedya tak mulyakake ing negara Ngalengka. Kinarya rerenggan Taman
Sokalengka.
TOGOG : Nanging sinuwun.
DASAMUKA : Kowe ora udah crewet gog..... Yen isih pingin urip ning ngalengko
mbisuo aja kakean cecamah. Dina iki uga, Dasamuka nedya ngupadi
dununging titis widowati. Wanti wanti pitungkasku, biyawarakna
wong sak ngalengka. Lamun nata Lengka Prabu Dasamuka, golek srana
kamulyaning wong Ngalengka. (Sampak, dog dog dog).
TOGOG : wadhuh nggihmpun, menawi mekaten kula namung sendhika
ngestokaken dhawuh.
Dasamuka, budhal, sampak. Suwuk tamban dados ketawang pocung wuyung.
Adegan Dhandhaka, tampil Rama roman dengan Shinta. sirep, dialog.
RAMA : Wong manis garwane pun kakang, Shinta. Rina pantaraning ratri,
Bebasan wong angrungrum, saluluta lawan sira, satemah ngremukake
jagad brangtaku yayi.
SHINTA : Pangeran Rama, nadyan remuk jagading kasunyatan, ketang
tresnanipun Shinta, lestari ngrengga papan wiyar telenging sih paduka
dhuh pangeran.
RAMA : Yayi, langgenga dadi sisihane pun kakang, lestaria ngrengga welas lan
asihku, cumondhoka ana imba tepunging rasaku. Yayi.... Yayi Shinta.
SHINTA : Kula wonten dhawuh dhuh pangeran Rama.
RAMA : Sapurnane wisudan ana ing Ngayodya, banjur jeneng sira dak boyong
lelaku ing madyaning wana, lamun pun kakang nyuwun pirsa, apa ora
ana geseh lingsem rasane si adhi, mangka tumrap Rama, nilar drajating
kaprajan mono padha karo nglincati kautaman, nerak watesing
kabegjan.
SHINTA : Sanes lincat ing reh kautaman, nanging luru laku gayuh puruging
panemu. Kapitayaning pun Shinta, kanthi srana menika, kaluhuran
myang kamukten ing benjang jagad ingkang nyamektakaken.
Ada-ada Jugag.
Masuk Srepeg, sirep, ginem. Rama tancab berbalik arah dari Shinta.
RAMA : Shinta, apa kang nglandhesi sira ucap kang kaya mangkono? Ing ngarep
wus prasetya gathik-gathik, pagenea isih ngandhut sumelang marang
Rama ya garwamu dewe. Apa wis emoh urip sengsara mangkene?
SHINTA : Dhuh pangeran, ampun salah panampi.
RAMA : CUKUP!!!!.
Pocapan :
Wauta, kocap dupi kogel manahe sang Reghawa nyingkur mring unggyaning sang Shinta.
rumaos katapuk kang talingan satemah nandhukaken dhuka mring kang garwa. Mulat
meganing akasa, kledhang-kledhang Sang Dasamuka gya anyaket sarwi ngrerepa.
DASAMUKA : Wahaaaa iki, sing tak arah, jebul tenan apa kang dadi kandhane Logak
Togog. Yen pancen iki sing dadi titising widowati sg jeneng Shinta,
samengko bakal tak mulyakake ing bumi Ngalengka.
Iringan tabrak sampak seseg. Dasamuka nyolong Shinta terbang, iringan suwuk.
Rama malik memanggil Shinta.. Jatayu tampil mengejar Dasamuka
Ambruk, tabrak sampak tlutur pelog ngombangi 6, ganti adegan tokoh dientas,
Jatayu nyaut Dasamuka perang iringan dados palaran. Sampak Jatayu mati.
Dikejar Rama dan Lesmana, Jatayu tancab tengah, masuk Rama dan Lesmana tancab
kanan kiri. Iringan suwuk, ada-ada tlutur,
RAMA : Sang sudibya Jatayu, kagawa saka bangeting setyanira marang mitra,
sira tresna marang kanjeng rama lan marang ingsun. Sira lumawan
perang Dasamuka mbelani yayi Dewi Janoki, nganti nandhang tatu
temah njalari palastranira. Samengko manjinga ing taman kaswargan,
sun rukti minangka kurmatku kang pungkasan.
Iringan udhar. Jatayu diangkat, seseg. Suwuk. Rama malik menghadap kayon. Iringan
Buka celuk Ketawang Margiyuh Durma laras pelog, sirep, dialog. (Ketawang Margiyuh
sak rambahan masuk Srepeg tltutur Banyumasan).
Lincat karenaning driya, kalimput kingkin ing pepuntone. Miyarsa ature sang Jatayu kaya
den lolosi otot bebayune ngalumpruk kucem guwayane. Kadhuwung jangkah saklakune,
tatas reroncening upakara. Temah nyalemong tanpa teges.
RAMA : Jagad dewa bathara, yayi Shinta, mentas wae sapejagong klawan pun
kakang, pagenea sakedhepan wus ilang saka pandulu, aja mbembidhung
rasane pun kakang yayi, sekawit pun kakang nora teges nguciwakne si
adhi, nanging pangudine pun kakang kumudu nyandhung lelakon kang
mangkene iki, lamun si adhi nora kersa urip madyaning wana, ayo dak
pondhong bali ing Ayodya yayi, bakune dak suwun bali yayi, aja
negagake lawan pun kakang yayi.
LESMANA : Dhuh kakang mas, ampun keladhuk nandukaken raos kingkin.
RAMA : Janji katon manah kula rujit. Nimas yayi Dewi, mesema sakcleretan dak
kandhut poncoting sondher kinarya usada brantaning rasaku, lung
gadhung bang kecubung, lara ngedani kembang soka, sapa kang dadi
leng-lenging atiku, kajaba sira yayi Dewi Shinta. Ohh,, yayi shinta
shinta, baliaaaa yayi.
Seseg semua tokoh dientas, dari srepeg tlutur banyumasan masuk sampak lasem
pelog, ngombangi 3. Keluar Dirgabahu, kridha, irama seseg. Papagan dengan
Lesmana. Suluk dialog.
DEWA : Panuwun banget marang Sira kulup Rama lan Lesmana dene wus bisa
natas sukertaningsun. Mangertiya, ulun iki Bathara Kangka. Ulun
nyandhang dosa awit nalika semana ulun kumawani cangkrama ana ing
suwarga ulun tumindak degsura, nglangkahi sawijining mahamuni,
ulun disotake dadi raseksa kang aran Dirgabahu kang katemben wae sira
tumpes tapisi. Awit saka pitulunganmu kang mangkono ulun wus bisa
bali wujud kaya ing uni.
RAMA : Lepat diagung pangaksama dhuh pukulun.
DEWA : ulun kang kudu ngaturake panuwun marang sira kulup. Samengko
wruhanana, sedyanira ngupaya garwanira kang tinawan dening
Rahwana ing taman Sokalengka bakal tinemu marga rahayu. Wondene
kaleksanane paripaksa mawa sarana, yaiku lumakua menyang gunung
Reksamuka, pinanggya lawan wanara raja Sugriwa kang nedheng
ketaman papa kunjana tan prabeda kaya lelakonira kulup. Menawa sira
kulup sih tresna marang Sugriwa, wangsuling budi Sugriwa uga
tresna, setya bekti, lan mituhu apa kang dadi dhawuhira. Ing kana
sedyanira bakal katekan, lan samengko sira bisa sentosa mbangun
luhuring kaprajan.
RAMA : Nuwun inggih sendhika ngestokaken dhawuh pukulun.
DEWA : Samengko ulun nedya paring jimating gesang marang sira yaiku pusaka
Tripurantaka agemane Bathara Wisnu. Awujud cahya 3 ginambar
gapura cinipta saka rukma, swasa lan waja. Cahya 3 iku cihna
tridarmaning satria titis Wisnu. Rukma negesi marang kautaman,
swasa negesi marang kawruh, dene waja yaiku kadigdayanira. Rahayua
saklakumu kulup.
Iringan sampak. Semua tokoh dientas. Suasana kayon, suluk Ada-Ada Kebumen.
Kekitrang Sang Dasamuka dupi wus natas korining katresnan. Mboyong Shinta kinarya
rerenggan Sokalengka. Candhaking carita, Wusnya mungkur ing reh kadonyan kinocapan
madheg pandhita ing pertapan Sonyapringga, pertapan wiyar sorot perbawa agung nelahi.
Lekasing pandulu nenggih menika Sang Resi Subali ingkang sampun den kondhangake
dening jagad mengker cinandhi ngawiyat, parandene maksih gesang kewarasan. Tan
kawengku kogeling manah myang cuwaning galih, apilih mardika nut kadiwasaning diri
ugu datan keguh ing pokaling Ingkang rayi Sugriwa. Samangke sang resi kagyat miyarsa
soraning sang Dasamuka.
Iringan sampak lasem pelog. Subali dientas, Dasamuka ngungak dari atas, monolog.
Iringan udhar. Dasamuka dientas. Suasana kayon dados ayak-ayak nem, Tampil tokoh
Sugriwa dan Anoman dialog. sirep. Janturan.
Guwa kiskendha prajaning para wanara nenggih Risang Narpati Sugriwa ingkang mbawahi
satataning praja. Kaadhep wanara seta pulunanipun nenggih Anjani putra ya Sang
Anoman. Ing galih nedya anganam anam raos, awit sungkawaning driya kapanduking
mangsa lalu, genira maspaosaken konduring sang raka Nenggih Resi Subali.
SUGRIWA : Anoman.
ANOMAN : Kula wonten dhawuh paman Prabu.
SUGRIWA : Kepungkur aku kelingan marang kakangku Subali kang samengko wus
surud agesang. Aku rumangsa kepotangan budi yen kaya ngene
caritane, cekake aku utang rasa, mondhong dosa lawan kakang subali.
ANOMAN : Liripun kados pundhi?
SUGRIWA : Kiskendha iki kena ingaranan papan Kamardikan tumrap sugriwa. Dene
kakang Subali kang minangka kobar dumadining Kiskendha kene.
Upama ora saka budining Kakang Subali kasunyatan kaya mangkene iki
selawase nora bakal ana.
ANOMAN : Waduh lajeng kersa paduka kados pundhi?
SUGRIWA : Aku ngrumangsani ing labuhe kakang Subali marang aku gedhe banget.
Mula saka kuwi, tuwuh kangenku kepingin lumaku menyang
Sonyapringga udhon rasa marang Kakang Subali. Anoman, samengko
kanthinen lakuku.
ANOMAN : Nuwun inggih namung sendhika.
Praptane Resi Subali. teka langsung ngantem Subali. Bres bres bres bres.
Sirep. Pocapan.
Wauta rame denira andhon yuda Resi Subali lumawan Narpati Sugriwa. Subali ingkang
wus kebrongot genining kanepson awit pokale Dasamuka satemah ngetog karosanipun arsa
merjaya kang Rayi Narpati Sugriwa. Sang Subali wus ilang sipating kamanungsan wekasan
ngamuk punggung suratantaha. Ing katebihan, Atmaja putra ngayodya nenggih Rama
Reghawa, maspaosaken bilih wonten kridhaning wanara ingkang andhon yudha. Dhasar
sipating dewa asesamak jalma, mila wigih mulat wontening daredah, sigra amrepegi natas
dumadinining pasulayan.
Iringan tetap sampak, Sugriwa menyusul Subali. Rama dipukul oleh Subali, dihabisi
oleh Subali. Rama terpental. Iringan sampak, Rama menthang gandhewa, pocapan.
Pocapan....
Panah dilepaskan terkena Subali, iringan dados Sampak Kebumen. Suwuk. Sugriwa
mendekat,
Iringan sampak tlutur ngombangi 6. Seseg. Sugriwa dari kiri ngrungkebi Subali, Rama
dari kanan tancab atas bersama Lesmana di bawah. Suwuk buka celuk Ktw. Megatruh
Nyamat. Sirep. Dialog.
SUGRIWA : Dhuh kakang Subali, Sing gedhe pangapuramu dene aku adhimu
kamitegan nyangklak wewenang satemah pun kakang tumekeng
palastra, kakang. Iba loking jagad, lamun weruh kahanan kang kaya
mangkene iki, kakang, aku njaluk sepura kakang, uripa meneh kakang,
ana rembug gagae dirembug, aja gedhekake bramantyaning rasamu
kakang. Oh kakang-kakang. pendah lingseme Bapa Resi Gotama lan Ibu
Windradi lamun wuningani dredahing pasulayan iki kakang, adhuh
jagad dewa bathara.
SUBALI : Sugriwa, adhuh Sugriwa.
SUGRIWA : Kakang mas.
RAMA : Dhuh kisanak, iki sapa?
SUGRIWA : Menika kakang kula Subali, dene kula pun Sugriwa putra Agrastina
Resi Gotama myang Ibu Windradi.
SUBALI : Sapa sing nglepasake jemparing iki mau Sugriwa?
RAMA : Ramawijaya ya Sang Reghawa. Subali, lamun kena ingsun miyarsakake
marang jeneng sira, sejatine kabeh tuwuh saka ubaling pakartimu kang
nora teguh madheg sipating kapandhitan. Pandhita kuwi suci, nadyan
ana suara kang mbabar mubaling rasa srei myang drengki nora kengguh
kepara nengenake urubing damar darma. Pakartimu wus owah saka
uger-ugering pandhita, mula sejatine dudu aku sing merjaya, nanging
songahing pakartimu kang nggiring ing juranging karma.
SUGRIWA : Kakang Subali... Oh kakang....
RAMA : Nadyan mangkonoa dak jaluk gedhene pangapura. samengko Aja
ndadak kesuwen, nyeyadhonga welas asihe jagad, becik layone Sang
Subali kudu enggal rinukti murih antuk waluyaning kaswargan.
SUBALI : Yayi Sugriwa, lan sira sang Reghusuta, sing gedhe pangapurane,
kladuking tumindaku awit kebrongot ature Dasamuka satemah lirwa
ing kawaskithan. Menawa kudu mangkene lelakone sipaya jagad iki ora
kebak pawongan kang degsura lan adigang adigung adiguna kaya
patrape Subali. Mung Pungkasing welingku, aku titip dewasaning Jaya
Anggada myang Dewi Tara, Aku minta pangaksama.
Iringan Sampak tlutur, Subali dientas. Iringan tabrak sampak seseg. suasana kayon. seseg.
Semua tokoh dientas. Suwuk. Ada-ada.
Pocapan.
Nahenta ingkang kawuwusa, Sakonduring Resi Subali mahanani para wanara samya mulat
kasektene Sang Regawa dadya sumuyud sujud mring Sang Ramabadra. Datan kantun
nenggih Sang Narpati Sugriwa asok bekti mring Sang Regawa myang Lesmana. Awit
agenging panuwun sang Subali dupi ing mangke Sang Regawa sinengkake aluhur
kawisudhan nata ing bumi praja Pancawati kekasih Prabu Ramawijaya.
Iringan wisudan, ladrang sumirat kedu pelog nem. Suasana kayon. Tampil Rama
ratu, Lesmana, Sugriwa, Anoman. Sirep.