Sie sind auf Seite 1von 2

Nama: Muhammad Irfan

No absen:22
Kelas:9d

Kerja bakti

Desa Kutoharjo RT 06 RW 08 Kelurahan PATI LOR ,bocah- bocahipun diutus Pak RT


nindakkaken kerja bakti supados ngulintenake saking cilik lserta njaga reresikkan
lingkungan RT nipun.
BOCAH-BOCAH PADHA NGLUMPUK
Sari : “Heh tan dek wingi pak RT ngendika apa?”
Intan : “Salahe kuwe ora mangkat!”
Sari : “Ya ampun ndek wingi aku keturon!”
Arumy : “Hih, kok malah bahas iku!”
Danang : “Iko lho ndek wingi iku Pak RT ndawuhi kene kerja bakti.”
Evin : “Kene diutus kerja bakti Pak RT ngresikki ngarep omahhe dewe-dewe.”
Intan : “Kene ya diutus Pak RT ngelumpukke bocah bocah sing liyane.”
Sari : “Aku mengko ngundang tonggoku ya?”
Arumy : “Lha bener iku , Wonge soyo okeh soyo resik.”
Danang : “Tapi kapan ya ditindakake?”
Evin : “Ndek wingi aku ape takok kok lali.”
Sari : “Apa mengko sore kene bareng-bareng dateng dalemipun pak RT.”
Arumy : “Hee,Engko sore tak enteni ning POS RONDA ya?”
Sari + Intan+ Evin : “Siap BOOS!”
+Danang

NGELUMPUK NING POS RONDA


Arumy : “Ayo,gage ning Pak RT.”
Evin : “Kosek go,sabar tho ngenteni Danang!”
Sari : “Lha iku bocahhe.”
Danang : “Wah bejo aku ra mbok tinggal!”
Intan : “ Wes nglumpuk kabeh tho! Ayo mangkat.”
Sari + Arumy + Evin : “Yo .Ayo!”
+ Danang
NING DALEMMIPUN PAK RT
Intan : “Assalamualaikum,Sugeng Sonten Pak.”
Pak RT : “Yo sore,Kene mlebu ora usah isin.”
Sari+ Arumy+Evin : “Ngih Pak.”
+ Danang
Pak RT : “Ana apa iki,Kok bebarengen do mrene?”
Sari : “Kula kaliyan rencang-rencang badhe tanglet menawi kerja bakti.”
Pak RT : “O, ndik ingi sik tak bahas nik ana kerja bakti?”
Evin : “Ngih pak.”
Arumy : “Niku kapan ngih pak?”
Pak RT : “Yo apikke sak cepette.”
Danang : “Menapa dinten minggu mawon pak?”
Pak RT : “Yo ,terserah kuwe,aturen dewe,Pokoke klumpukkake bocah-bocah supaya kerja
bakti.”
Intan : “Ngih pak mengke kula rembugan kalih kanca kanca ingkang sekeco- nipun
pripun.”
Pak RT : “ Yo wes sepakat dino minggu tho?kandani sing liyane!
Danang + Sari+ Intan : “Ngih Pak.”
+Arumy
Evin : “Ngih sampun kula kaliyan rencang rencah badhe wangsul.”
Pak RT : “Yo ngati ati !”
NGLUMPUKAKEN BOCAH-BOCAH LIYANIPUN
Danang : “Heh ,bocah bocah sesuk minggu kudu kerja bakti!”
Sari : “Jam 6 kudu wes ngumpul!”
Evin : “Kabeh ngawa piranti kanggo kerja bakti dewe-dewe.”
Kanca Liyane : “Yo !”
DINA MINGGU( KERJA BAKTI )
Pak RT : “Ayo Bocah-bocah,bebarengan nglaksanakake kerja bakti,ben lingkungane
resik.”
Intan : “Ayo konco konco ewangi aku nyapu !”
Arumy : “Iyo.”
Evin : “Aku tak sing nandur kembang yo?”
Sari : “ Yo ,tak ewangine aku tak njipuk pot sik.”
Pak RT : “Heh nang danang kuwe ngewangi Pak RT,njabuti suket.”
Danang : “Ngih Pak.”
Pak RT : “Kanca cah wadon laine kon ning pawon nyepakake panganan karo ngombe!
Arumy : “Ngih pak.”
BIBAR KERJA BAKTI
Pak RT : “Ngene yo,lingkunganne dadi resik tho,suk kapan kapan kerja bakti maneh
yo!
Danang : “Ngih pak.”
Sari : “Ngene iki nik ditindakake trus nyiptaake suasana kang endah resik lan
sehat.
Evin : “Saikki aku seneng nyawange.”
Intan : “Hee ,tambah resik kabeh.”
Arumy : “Yo nik wes rampung ,aku balik sik yo soale genten ngresikki omahku!”
Intan : “Wah Aku yo barang,aku ape ngewangi Ibu ngumbah-umbah.”
Sari : “Yo wes a,ayo balik!”
Evin + Catur : “Yo,Da Da”
Arumy+Intan + sari : “da.............”

Das könnte Ihnen auch gefallen