Sie sind auf Seite 1von 12

Endahing geguritan dumunung ing :

1. Pilihane tetembungan sing


mentes, trep, lan mantesi, mula
akeh
migunakake
tembungtembung kang ngemu surasa ora
salugune (tembung entar/basa
kias).
2. Nggunakake wirama utawa
lagu.

Kanggo bisa nulis geguritan


bab-bab kang kudu digatekake:
1. Temtokake sawijine objek kang
banget narik kawigaten.
2. wiwitana nyritakake objek mau
kanthi basa kang lugu sing
kokkuwasani.
3. Tansah eling manawa geguritan
iku irit ing babagan tembung
mula aja ngobral tembung.
Gunakna tembung-tembung kang

4. Wacanen bola-bali tembung-tembung kang wis


kokrakit, yen ana sing kurang trep bisa diganti utawa
ditambahi.
5. kanggo miwiti nulis, panulis kudu duwe kuwanen
kanggo nulis, aja wedi-wedi. Nulis ora kudu
adhedhasar inspirasi kang teka/ana. Yen wis biyasa
nulis, weruh apa wae kang narik kawigaten otomatis
bisa kawedharake ing geguritan.
6. Kudu duwe krenteg terus nulis. Prekara apik lan
orane tulisan aja dipikir dhisik. Gunakna prinsip sing
penting nulis. Keterampilan nulis iku sawijine
proses saya asring dilakoni saya apik asile.
7. Tansah tuwuhna rasa seneng/minat kanggo nulis
geguritan, jalaran gedhene minat ndadekake saya
pekane rasa pengrasane yen meruhi sawijine
kahanan.

Unsur-unsure Intrinsik :

1.Nemokake isine guritan


2.Tema guritan
3.Amanat guritan
4.Nyritakake isine guritan

Isine guritan : (Salam Kangen)


Kaya guritan kasebut, isine bisa dicethakake kaya

mangkene:
Salah sijine warga negara protes marang
kahanan, geneya kahanane negara saiki dadi ora tata.
Akeh korupsi, kemerosotan moral, rusak tatanan
ekonomine. Warga negara mau cita-citane nata nagara
wis diwakilake marang wakil rakyat sing ana gedhong
DPR senayan. Nanging wakil rakyat mau wis ora kena
dipercaya, amarga mung mikirake awake dhewe karo
partaine, dudu bangsa lan negara. Warga negara mau
protes, kepingin nagarane tata ayem tentrem cukup
kang sarwa sinandhang cukup kang sarwa dipangan.

Tema guritan
Tema guritan iku bab-bab kang
ndadekake guritan iku lair. Kaya
guritan kasebut ana dhuwur iku,
cetha yen ngandhakake bab moral.
Amarga pengarange guritan mau
meruhi kahanan politik sarta nagara
kang ora tata, banjur nulis guritan
kang mangkono iku. Dadi, ing guritan
mawa
irahan
Salam
Kangen
kasebut mawa tema moral Budi

Amanat guritan
Nulis guritan, mesthi duwe karep menehi
pitutur, piwulang utawa ngandharake pesen
saka pangriptane guritan mau marang kang
maca. Amanat ing guritan kadhang cetha
ngegla ing guritan (wis cetha wujud ukara)
nanging kadhang uga ana kang sinandi
(tersirat).
Ing guritan Salam Kangen kasebut manawa
kita tarik amanate yaiku: Para wakil rakyat
kudu mikirake butuhe bangsa lan negara
kanggo saya moncering negara.

Nyritakake isine guritan


Sawijining pawongan, bangsa Indonesia, kangen banget karo
kahanane negara kang ayem tentrem lan subur makmur tanpa
ana gangguan keamanan. Pawongan mau kepingin nagara
indonesia kahanane bali kaya dhek jaman Mataram utawa
Majapahit kang kondhang kaloka tansah sinuyudan dening
bangsane apadene nagara liya. Pepenginane pawongan
kasebut dititipake marang para wakil rakyat ana gedhung DPR
senayan. Nanging pawongan mau malah cuwa atine bareng
ngerti yen para wakil rakyat mung tansah gegeran lan ngopeni
butuhe dhewe sarta butuhe partaine kanthi cara-cara korupsi
lan cara-cara liyane sing nerak angger-angger. Pawongan iku
nyaruwe wakil rakyat supaya ngopeni bangsane supaya
bangsa lan nagara iki bali kuncara, apik, luhur kaya dhek
jaman biyen nalikane jaman Mataram sarta Majapahit.

Geguritan gagrag lawas


gagrag anyar

Struktur Teks Geguritan


1. Struktur Fisik

Tipografi (bentuke geguritan)


Diksi
(pilihane tembung)
imaji (pengungkapan pengalaman indrawi)
tembung konkret
Busananing basa (gaya bahasa)
wirama (Rima)

2. Struktur Batin
Tema/makna (sense)
rasa (feeling)
nada (tone)
amanat

Matur Nuwun

Das könnte Ihnen auch gefallen