Sie sind auf Seite 1von 1

LKPD 1 Nama :…………………. kls……..

Basa Rinengga

Widagda iku bocah sing andhap asor tur becik budi pekertine. Dhasar bocahe bagus
jatmika, rembuge alus kaya Abimanyu. Enom tuwa, lanang wadon akeh sing seneng marang
dheweke. Sebabe ora liya Widagda iku seneng nandur kabecikan marang sapa bae. Widagda uga
kondhang bocah sing jembar dhadhane. Ora nate nggadho ati wong tuwane. Dheweke ora seneng
yen mung nggegem tangan, ngagul-agulake bandha donyane wong tuwa. Senajan wong tuwane
biyen uripe adus eluh, nanging ora nate ngersula. Jare Bapake Widagda, wong urip kudu amba
jangkahe, kudu terus maju lan ngupaya.
Bapake Widagda tansah ngugemi unen-unene para sepuh, sapa sing jujur bakal luhur, sapa
sing temen bakal tinemu. Keluwargane Widagda saiki uripe mubra-mubru blabur madu, nanging
ora ngowahi sipat lan suba sitane marang wong liya. Ibarate kacang ora ninggal lanjaran, mangkono
ujare wong-wong ndeleng Widagda lan wong tuwane.

1. Golekana lan tulisen tembung/basa rinengga ragam apa bae kang ana sajroning wacan ing
dhuwur iku banjur tegesana! (Cari dan tulislah kata basa rinengga yang ada dalam teks bacaan di
atas dan tulis artinya minimal 10 tembung)
a. ………. tegese …….
b. ……….. tegese …….
c. …….. tegese…….
d. …….. tegese…..
lsp/dst
2.

Jenis basa rinengga Tuladha lan tegese

1.
Sanepa
2.

1.
Pepindhan
2

1.
Paribasan
2.

1.
Tembung Entar
2.

1.
Tembung Saroja
2.

Das könnte Ihnen auch gefallen