Sie sind auf Seite 1von 7

NULIS TEKS LAN MAIN

DRAMA
Kelas/ Semester : IX / 2
Kompetensi Dasar :
4.4 Melakukan kegiatan bermain Peran
drama Modern.

Tujuan Pembelajaran :
1.Mampu menulis Skenario Drama
modern.
2.Mampu bermain peran Drama
Modern.

Kelas/ Semester : IX / 2
1. Nulis Teks Drama
Drama yaiku crita panguripan sing dipindhah lan
diwujudake ana ing panggung, kanthi kreativitase
panulis teks/naskah,disengkuyung karo paraga-
paraga liyane, rupa pacelathon/ dhialog, lan tingkah
laku.
Lakone teks drama sumbere saka lelakon ing
kasunyatan uripe manungsa, nanging bisa saka
lelakon sing wis rupa crita (cerkak, novel) utawa
saka liya-liyane.
Carane Nulis Teks Drama :

a. Milih tema sing bisa dadi inspirasi, tema sing


dipilih sing dianggep paling dramatik/ ana
konflik (pertentangan).
b. Saka tema, nemtokake plot.
c. Nemtokake tokoh lan penokohan (sifat,
watak, perilaku, ciri fisik, lsp).
d. Nulis crita jangkep.
2. Main Drama :
Pamilahe pacelathon ing pentas drama yaiku :
1. Dialog : pacelathon antara rong paraga/ luwih.
2. Monolog : pacelathon dhewean.
3. Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing
wiwitan pentas drama.
4.  Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing
pungkasan pentas drama.

Paraga / pemeran bisa maragakake lan nguripake


tokoh sing ana ing teks drama kudu paham lan
nguwasani dhasar-dhasare main drama.
Dhasar-dhasar main drama sing paling
penting kudu dikuwasani, yaiku:

a. Interpretasi : paraga/pemeran kudu bisa nginterprestasekake


teks/ naskah drama salaras karo tokoh sing diparagakake.
b. Ekspresi : sesambungan karo owah-owahan praen/wajah sing
bisa nggambarake lan nguripake tokoh ing drama.
c. Olah tubuh : obahing awak wiwit saka pucuk rambut ngantos
pucuk sikil sing bisa nuwuhake greget lan nguripake tokoh ing
drama.
d. Olah swara : kajelasan, katepatan vokal, artikulasi, lan
intonasi.
Matur Nuwun.....

Das könnte Ihnen auch gefallen